Pengantar Bagian 4
Bagian iki nyritakké soal Yusuf, Ayub, Musa, lan bangsa Israèl. Sétan nggawé wong-wong kuwi susah. Tapi, meréka isa tetep setya. Ana sing dijahati, dipenjara, dadi budhak, lan ditinggal mati wong sing disayangi. Tapi, Yéhuwah terus nglindhungi wong-wong kuwi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti piyé carané wong-wong kuwi isa tetep setya senajan uripé susah.
Yéhuwah nggunakké Sepuluh Bencana kanggo mbuktèkké nèk Yéhuwah luwih kuwat ketimbang allah-allahé wong Mesir. Jelasna piyé carané Yéhuwah nglindhungi umaté jaman mbiyèn, lan piyé carané Yéhuwah nglindhungi awaké dhéwé saiki.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 20
Ana Enem Bencana Manèh
Apa bédané bencana-bencana iki karo telung bencana sing sakdurungé?
PELAJARAN 21
Bencana sing Kesepuluh
Bencana iki akhiré isa nggawé Firaun sing sombong gelem mbébaské bangsa Israèl.
PELAJARAN 22
Mukjijat ing Laut Merah
Firaun slamet pas ana sepuluh bencana. Tapi, apa dhèwèké slamet pas Gusti Allah nggawé mukjijat iki?

