Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pambuka Bagéan 11

Pambuka Bagéan 11

Bagéan iki nyritakké kisah-kisah sing ana ing buku-buku pertama saka Kitab-Kitab Yunani Kristen. Yésus dilairké ing keluarga sederhana sing manggon ing kutha cilik. Dhèwèké kerja karo bapaké sing dadi tukang kayu. Yéhuwah milih Yésus kanggo nylametké manungsa lan dadi Raja Kraton swarga. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk Yéhuwah ngatur bèn Yésus digedhèkké karo keluarga sing rukun lan manut Yéhuwah. Jelasna carané Yéhuwah nglindhungi Yésus bèn ora dipatèni Hérodès, lan duduhna nèk ora ana sing isa nggagalké tujuané Yéhuwah. Jelasna carané Yéhuwah nyiapké dalan kanggo Yésus liwat Yohanes. Duduhna nèk kèt cilik Yésus manut Yéhuwah.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 68

Élisabèt Nduwé Anak

Kenapa bojoné Élisabèt ora bakal isa ngomong nganti anaké lair?

PELAJARAN 69

Gabrièl Nemoni Maria

Gabrièl nyampèkké kabar sing ana pengaruhé kanggo uripé Maria.

PELAJARAN 70

Para Malaékat Ngumumké Lairé Yésus

Para gembala langsung cepet-cepet lunga sakwisé krungu para malaékat nyampèkké berita soal lairé Yésus.

PELAJARAN 71

Yéhuwah Nglindhungi Yésus

Raja sing jahat péngin matèni Yésus.

PELAJARAN 72

Wektu Yésus Umur 12 Taun

Kenapa para guru agama ing bait kagum karo Yésus?

PELAJARAN 73

Yohanes Nyiapké Tekané Mésias

Wektu wis gedhé, Yohanes dadi nabi. Yohanes ngandhani wong-wong nèk Mésias bakal teka. Piyé tanggepané wong-wong?