Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 36

Janjiné Yéfta

Janjiné Yéfta

Bangsa Israèl ora manut Yéhuwah manèh lan mulai nyembah allah-allah palsu. Tapi, allah-allah palsu kuwi ora isa nylametké bangsa Israèl wektu bangsa kuwi diserang bangsa Ammon. Bangsa Israèl dadi susah nganti pirang-pirang taun. Bangsa kuwi akhiré ngomong karo Yéhuwah, ’Aku kabèh wis dosa. Tulung slametké aku saka mungsuh-mungsuhku.’ Bar kuwi, bangsa Israèl ngancurké brahala-brahalané lan nyembah Yéhuwah manèh. Yéhuwah ora gelem bangsa Israèl dadi susah terus.

Ana pejuang sing jenengé Yéfta. Dhèwèké dipilih kanggo mimpin bangsa Israèl perang nglawan bangsa Ammon. Yéfta ngomong karo Yéhuwah, ’Nèk Njenengan mbantu aku bèn isa menang, aku janji bakal mènèhké wong sing pertama metu saka  omahku pas aku bali saka perang.’ Yéhuwah ngrungokké dongané Yéfta lan nggawé dhèwèké menang perang.

Pas Yéfta mulih, wong sing pertama nyambut Yéfta kuwi anaké wédok siji-sijiné. Anaké Yéfta njogèd karo main rebana. Piyé tanggepané Yéfta? Yéfta kèlingan karo janjiné. Dhèwèké ngomong, ’Ya ampun, Ndhuk. Bapak dadi sedhih banget. Bapak wis janji karo Yéhuwah. Kanggo nepati janji kuwi, kowé kudu nglayani ing tabernakel ing Syilo.’ Anaké Yéfta njawab, ’Pak, nèk bapak wis janji karo Yéhuwah, ya kudu ditepati. Tapi, ijinké aku ngumpul dhisik karo kanca-kancaku ing gunung nganti rong sasi. Bar kuwi, aku bakal mangkat ing Syilo.’ Anaké Yéfta terus manggon lan nglayani ing tabernakel. Saben taun, kanca-kancané teka ing Syilo kanggo nemoni dhèwèké.

”Sapa waé sing luwih nresnani anaké lanang utawa wadon ketimbang aku, wong kuwi ora pantes dadi muridku.”​—Matius 10:37