Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 77

Wong Wédok ing Sumur

Wong Wédok ing Sumur

Sakwisé Paskah, Yésus lan murid-muridé bali ing Galiléa liwat Samaria. Ing cedhak kutha Sikhar, Yésus mandheg ing sumuré Yakub. Dhèwèké istirahat ing kono, lan murid-muridé tuku panganan ing kutha.

Ana wong wédok sing teka ing sumur kuwi arep njupuk banyu. Yésus ngomong, ”Tulung, wènèhana aku ngombé.” Wong wédok kuwi ngomong, ’Kenapa njenengan ngomong karo aku? Aku iki wong Samaria. Wong Yahudi kan ora gelem omongan karo wong Samaria.’ Yésus ngomong, ’Nèk ngerti aku iki sapa, kowé mesthi bakal njaluk ombé saka aku. Terus, aku bakal mènèhi kowé banyu sing isa nggawé kowé urip.’ Wong wédok kuwi takon, ’Maksudé njenengan apa? Njenengan kan ora nduwé timba.’ Yésus njawab, ’Wong sing ngombé banyu sing tak wènèhké ora bakal ngelak manèh.’ Wong wédok kuwi ngomong, ”Pak, wènèhana aku banyu kuwi.”

Terus, Yésus ngomong, ’Ajaken bojomu mréné.’ Dhèwèké njawab, ’Aku ora nduwé bojo.’ Yésus ngomong, ’Kowé bener. Kowé wis nikah ping lima. Saiki kowé manggon karo wong lanang sing dudu bojomu.’ Wong wédok kuwi ngomong, ’Njenengan mesthi nabi. Wong Samaria percaya nèk kabèh wong isa ngibadah ing gunung iki. Tapi, wong Yahudi ngomong nèk wong-wong kudu ngibadah ing Yérusalèm. Aku yakin nèk pas Mésias teka, dhèwèké bakal mulang carané ngibadah.’ Terus, Yésus ngomong, ’Aku iki Mésias.’ Yésus durung tau ngomong kaya ngono karo wong liya.

Wong wédok kuwi cepet-cepet mulih ing kuthané.  Dhèwèké ngandhani wong Samaria, ’Kétoké aku wis ketemu karo Mésias. Dhèwèké ngerti banget soal aku. Ayo mrana!’ Wong-wong kuwi ngetutké wong wédok mau ing sumur, terus ngrungokké apa sing diwulangké Yésus.

Wong-wong Samaria mau ngejak Yésus ing kuthané. Dhèwèké mulang ing kono nganti rong dina. Akhiré, akèh wong percaya karo Yésus. Wong-wong kuwi ngomong karo wong wédok Samaria mau, ’Sakwisé ngrungokké wong iki, aku yakin nèk dhèwèké kuwi wong sing nylametké donya.’

”’Mrénéa!’ Sapa waé sing ngelak éntuk teka. Sapa waé sing gelem, éntuk njupuk banyu kauripan tanpa mbayar.”​—Wahyu 22:17