Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 12

Yakub Éntuk Warisan

Yakub Éntuk Warisan

Ishak umuré 40 taun pas nikah karo Ribka. Ishak sayang banget karo Ribka. Akhiré, Ishak lan Ribka nduwé anak lanang loro sing kembar.

Anak sing pertama jenengé Ésau, lan adhiné jenengé Yakub. Ésau seneng dolan ing njaba. Dhèwèké ya pinter berburu. Tapi, Yakub seneng ing omah.

Ing jaman kuwi, anak lanang pertama bakal éntuk bagéan tanah lan dhuwit sing paling akèh nèk bapaké wis mati. Kuwi disebut warisan. Ing keluargané Ishak, dadi bagéan saka janjiné Yéhuwah karo Abraham kuwi termasuk warisan. Ésau ora perduli karo janjiné Yéhuwah. Tapi, Yakub nganggep kuwi penting.

Wektu mulih saka berburu, Ésau kesel banget. Ésau ngerti nèk Yakub lagi masak. Ésau ngomong, ’Aku péngin mangan! Aku njaluk buburmu sing abang-abang kuwi!’ Yakub njawab, ’Ya, tapi warisanmu kanggo aku, lho.’ Terus, Ésau njawab, ’Ya wis kanggo kowé waé. Aku ya ora butuh warisan kuwi. Aku mung péngin mangan.’ Nurutmu, sing ditindakké Ésau kuwi bener apa ora? Jelas ora. Merga péngin mangan bubur, Ésau ngijolké warisané sing berharga.

Ishak wis tuwa banget. Saiki wis wektuné Ishak mènèhi berkah kanggo anaké sing pertama. Tapi, Ribka mbantu Yakub bèn éntuk berkah kuwi, padahal Yakub kuwi anak  sing nomer loro. Wektu ngerti soal kuwi, Ésau nesu banget lan péngin matèni adhiné. Ishak lan Ribka péngin nglindhungi Yakub. Mula, wong loro kuwi ngomong, ’Lungaa ing omahé Laban, kakangé ibumu. Manggona ing kana nganti Ésau ora nesu manèh.’ Yakub ngrungokké naséhaté wong tuwané. Dhèwèké lunga ing omahé Laban.

”Apa gunané wong éntuk kabèh sing ana ing donya iki nanging kélangan nyawané? Lan, saktenané, apa sing bakal dikèkké wong kanggo ngijoli nyawané?”​—Markus 8:36, 37