AYO SINAU SAKA CRITA ALKITAB

Pengantar Bagian 1

Jawa
Pengantar Bagian 1
https://cms-imgp.jw-cdn.org/img/p/1102016131/univ/art/1102016131_univ_sqr_xl.jpg
lfb hlm. 6-7

Pengantar Bagian 1

Pengantar Bagian 1

Buku pertama ing Alkitab nyritakké soal ciptaané Yéhuwah ing swarga lan bumi. Awaké dhéwé dadi isa mbayangké ciptaané Yéhuwah. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk ciptaané Yéhuwah kuwi akèh jenisé. Gusti Allah nyiptakké manungsa nduwé kemampuan sing ora diduwèni kéwan. Manungsa isa ngomong, mikir, nggawé barang, nyanyi, lan ndonga. Bantunen anaké njenengan ngerti nèk Yéhuwah kuwi pinter, nduwé kuwasa sing gedhé banget, lan sayang karo kabèh ciptaané, termasuk awaké dhéwé.

ING BAGÉAN IKI

PELAJARAN 1

Yéhuwah Nyiptakké Langit lan Bumi

Alkitab ngomong nèk Yéhuwah nyiptakké langit lan bumi. Kenapa Yéhuwah nggawé malaékat siji sakdurungé nggawé liya-liyané?

PELAJARAN 2

Wong Lanang lan Wong Wédok sing Pertama

Yéhuwah nggawé wong lanang lan wong wédok sing pertama. Wong loro kuwi dadi keluarga lan manggon ing Taman Èden. Wong loro kuwi tugasé nggawé bumi dadi firdaus.