Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 98

Wong-Wong saka Bangsa Liya Dadi Wong Kristen

Wong-Wong saka Bangsa Liya Dadi Wong Kristen

Para rasul manut préntahé Yésus kanggo nginjil nganti sakdonya. Ing taun 47 M, wong Kristen ing Antiokhia ngongkon Paulus lan Barnabas lunga kanggo perjalanan utusan injil. Wong loro sing semangat kuwi lunga ing kabèh dhaérah ing Asia Kecil (saiki Turki), misalé ing kutha Dèrbé, Listra, lan Ikonium.

Paulus lan Barnabas nyampèkké kabar apik karo kabèh wong, ora masalah wongé sugih apa miskin, enom apa tuwa. Akèh wong akhiré percaya karo Kristus. Wektu Gubernur Siprus sing jenengé Sèrgius Paulus lagi diwènèhi kesaksian karo Paulus lan Barnabas, ana tukang sihir sing nyoba ngendhegké Paulus lan Barnabas. Paulus ngomong karo tukang sihir kuwi, ’Yéhuwah bakal ngukum kowé.’ Tukang sihir kuwi langsung dadi wuta. Bar ndelok peristiwa kuwi, Gubernur Paulus dadi percaya.

Paulus lan Barnabas nginjil ing omah-omah, ing pasar, ing dalan, lan ing sinagogé. Bar marèkké wong sing lumpuh ing Listra, wong-wong ngira nèk Paulus lan Barnabas kuwi déwa. Wong-wong kuwi péngin nyembah Paulus lan Barnabas. Tapi, Paulus lan Barnabas ngomong, ’Mung Gusti Allah sing kudu mbok sembah. Aku iki mung manungsa.’ Terus, ana wong-wong Yahudi sing teka lan mengaruhi wong-wong ing kono bèn nentang Paulus lan Barnabas. Paulus dibalangi watu karo wong-wong kuwi, terus disèrèd metu saka kutha. Tapi, Paulus isih urip. Sedulur-sedulur langsung nylametké Paulus. Paulus digawa mlebu manèh ing kutha. Ora suwé bar kuwi, Paulus bali manèh ing Antiokhia.

Ing taun 49 M, Paulus lunga manèh kanggo perjalanan utusan  injilé. Paulus nemoni sedulur-sedulur ing Asia Kecil manèh. Terus, dhèwèké nginjil ing dhaérah sing luwih adoh yaiku ing Eropa. Dhèwèké lunga ing kutha Athéna, Éfésus, Filipi, Tésalonika, lan panggonan liyané. Paulus lunga bareng Silas, Lukas, lan cah enom sing jenengé Timotius. Wong-wong kuwi kerjasama mbentuk jemaat lan nguwatké para sedulur. Paulus manggon ing Korintus nganti siji setengah taun lan nguwatké wong Kristen ing kono. Paulus nginjil, mulang, lan nulis surat kanggo jemaat-jemaat. Dhèwèké ya kerja nggawé téndha. Terus, Paulus bali manèh ing Antiokhia.

Ing taun 52 M, Paulus lunga manèh kanggo perjalanan utusan injilé sing ketelu. Pertama, dhèwèké lunga ing Asia Kecil. Terus, dhèwèké lunga ing kutha Filipi lan Korintus. Bar kuwi, Paulus lunga ing kutha Éfésus lan manggon ing kono rada suwé. Ing kono, dhèwèké mulang, marèkké wong, lan mbantu jemaat ing kono. Saben dina Paulus ya ceramah ing ruang pertemuan sekolahan. Akèh wong sing ngrungokké, terus mertobat. Akhiré, sakwisé nginjil ing akèh dhaérah, Paulus lunga ing Yérusalèm.

”Mula, padha lungaa lan dadèkna wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridku.”—Matius 28:19