Pengantar Bagian 2
Kenapa mbiyèn Yéhuwah ngukum manungsa nganggo banjir? Kèt mbiyèn, Sétan ngojok-ojoki manungsa bèn ora manut karo Yéhuwah. Ana sing milih manut Sétan, kaya Adam, Hawa, lan anaké sing jenengé Kain. Tapi ya ana sing milih manut Yéhuwah, kaya Habèl lan Nuh. Saya suwé wong jahat dadi saya akèh, mula Yéhuwah mutuské kanggo ngukum wong-wong kuwi. Ing bagian iki, awaké dhéwé bakal sinau nèk Yéhuwah ngerti sapa waé sing manut karo Dhèwèké, lan Dhèwèké bakal ngukum wong-wong sing ora manut.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 3
Adam lan Hawa Ora Manut Gusti Allah
Apa bédané wit sing ana ing tengah-tengahé taman kuwi karo wit-wit liyané ing Taman Èden? Kenapa Hawa mangan buah saka wit kuwi?
PELAJARAN 4
Seneng Nesu Kuwi Ora Apik
Yéhuwah seneng karo persembahané Habèl, tapi ora seneng karo persembahané Kain. Kain dadi nesu banget lan matèni Habèl.
PELAJARAN 5
Kapalé Nuh
Ana malaékat-malaékat sing teka ing bumi, terus nikah karo manungsa lan nduwé anak-anak sing jahat. Akèh wong dadi jahat. Tapi, Nuh tetep manut Yéhuwah.
PELAJARAN 6
Ana Wong Wolu sing Slamet
Ana Banjir Gedhé merga udan 40 dina lan 40 wengi. Nuh lan keluargané ing njero kapal setaun luwih. Akhiré, Yéhuwah ngongkon wong-wong kuwi metu saka kapal.

