Pengantar Bagian 14
Wong Kristen ing jamané para rasul nginjil nganti dhaérah sing paling adoh ing bumi. Yésus mènèhi petunjuk kanggo wong-wong kuwi soal ing endi kudu nginjil. Yésus ya mbantu wong-wong kuwi mulang nganggo akèh basa. Yéhuwah nggawé wong-wong kuwi tetep kendel senajan dianiaya.
Yésus mènèhi Rasul Yohanes wahyu soal kemuliaané Yéhuwah. Yohanes ya diwènèhi wahyu soal Kerajaan ing swarga sing ngalahké Sétan lan nyingkirké kabèh pengaruhé. Yohanes ya ndelok Yésus lan 144.000 wong dadi raja. Penglihatan liyané yaiku bumi diubah dadi firdaus. Wong-wong sing manggon ing kono padha nyembah Yéhuwah, ngrasa damai, lan rukun.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 95
Ora Ana sing Isa Ngalangi Para Rasul
Para pemimpin agama sing mauné matèni Yésus mulai ngalang-alangi murid-murid kanggo nginjil. Tapi, kuwi ora berhasil.
PELAJARAN 97
Kornélius Éntuk Roh Suci
Kenapa Yéhuwah ngongkon Pétrus lunga ing omahé wong sing dudu Yahudi?
PELAJARAN 98
Wong-Wong saka Bangsa Liya Dadi Wong Kristen
Rasul Paulus lan kanca-kancané nginjil ing dhaérah-dhaérah sing adoh.
PELAJARAN 99
Penjaga Penjara Dadi Wong Kristen
Kenapa Paulus lan Silas dipenjara? Piyé critané penjaga penjara isa dadi wong Kristen?
PELAJARAN 100
Paulus lan Timotius
Wong loro kuwi dadi sahabat lan terus kerjasama nganti pirang-pirang taun.
PELAJARAN 101
Paulus Digawa ing Roma
Ing perjalanan ana akèh bahaya, tapi ora ana sing isa ngendhegké Paulus.
PELAJARAN 103
”Muga-Muga Kerajaan-Mu Teka”
Yohanes éntuk wahyu sing nduduhké perubahan apa waé sing bakal digawé Kerajaané Gusti Allah.

