Pambuka Bagéan 13
Yésus teka ing bumi kanggo nebus manungsa. Senajan mati, Yésus wis ngalahké donya. Yéhuwah setya karo Yésus. Mula, Yéhuwah nguripké Yésus manèh. Yésus rendah hati. Buktiné, dhèwèké gelem nglayani wong liya lan ngapura wong-wong sing nindakké kesalahan. Sakwisé diuripké manèh, Yésus nemoni murid-muridé. Dhèwèké mènèhi gawéan sing penting kanggo murid-muridé lan ngajari carané nindakké gawéan kuwi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk awaké dhéwé kudu nindakké gawéan sing padha.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 87
Paskah Terakhiré Yésus
Yésus mènèhi préntah sing penting kanggo para rasulé ing perjamuan sing terakhir.
PELAJARAN 88
Yésus Ditangkep
Yudas Iskariot nggawa grombolan wong sing nggawa pedhang lan penthung kanggo nangkep Yésus.
PELAJARAN 89
Pétrus Ora Ngakoni Yésus
Peristiwa apa sing kelakon ing halaman omahé Kayafas? Apa sing dialami Yésus?
PELAJARAN 92
Yésus Nemoni Murid-Muridé Manèh
Mukjizat apa sing ditindakké Yésus kanggo murid-muridé?
PELAJARAN 93
Yésus Bali ing Swarga
Sakdurungé munggah swarga, Yésus mènèhi para rasul préntah sing penting banget.