Pengantar Bagian 12
Yésus mulang soal Kerajaané Allah. Yésus ya mulang wong-wong ndongakké bèn jenengé Gusti Allah disucèkké, Kerajaané Allah teka, lan karepé Gusti Allah kelakon ing bumi. Nèk nduwé anak, bantunen anaké njenengan ngerti nèk donga kuwi penting kanggo awaké dhéwé. Yésus nolak godhaané Sétan lan tetep setya. Yésus milih rasul-rasul sing akhiré bakal éntuk tugas penting ing Kerajaané Allah. Jelasna nèk Yésus semangat ndhukung ibadah sing bener. Yésus seneng mbantu wong liya. Mula, dhèwèké marèkké wong lara, mènèhi mangan wong akèh, lan nguripké wong mati. Liwat mukjijat-mukjijat kuwi, Yésus nduduhké apa sing bakal ditindakké Kerajaané Allah kanggo manungsa.
ING BAGÉAN IKI
PELAJARAN 74
Yésus Dadi Mésias
Apa maksudé Yohanes wektu ngomong Yésus kuwi Anak Dombané Gusti Allah?
PELAJARAN 75
Sétan Nggodha Yésus
Sétan nggodha Yésus nganti ping telu. Yésus dikon ngapa waé? Apa jawabané Yésus?
PELAJARAN 76
Yésus Ngusir Para Pedagang ing Bait
Kenapa Yésus ngusir kéwan-kéwan saka bait nganggo pecut lan njungkirké méja-méjané tukang ngijoli dhuwit?
PELAJARAN 77
Wong Wédok ing Sumur
Wektu dijak omong karo Yésus ing sumuré Yakub, wong wédok Samaria kuwi kagèt. Kenapa? Apa sing diomongké Yésus?
PELAJARAN 78
Yésus Nyampèkké Berita soal Kerajaané Gusti Allah
Yésus ngundang murid-muridé kanggo dadi ”tukang njala manungsa”. Yésus ya nglatih 70 muridé kanggo nginjil.
PELAJARAN 79
Yésus Nggawé Akèh Mukjijat
Ing ngendi waé Yésus lunga, akèh wong sing lara marani dhèwèké bèn dimarèkké. Yésus ya nguripké manèh bocah wédok sing wis mati.
PELAJARAN 83
Yésus Mènèhi Mangan Wong Akèh
Saka mukjijat iki, apa sing isa dipelajari soal Yéhuwah lan Yésus?
PELAJARAN 84
Yésus Mlaku ing Ndhuwur Laut
Apa kowé isa mbayangké perasaané para rasul wektu ndelok mukjijat kuwi?
PELAJARAN 85
Yésus Marèkké Wong ing Dina Sabat
Kenapa ora kabèh wong seneng karo apa sing ditindakké Yésus?
PELAJARAN 86
Yésus Nguripké Lazarus
Wektu ndelok Maria nangis, Yésus ya mèlu nangis. Tapi bar kuwi, ana peristiwa sing nggawé wong-wong mau bahagia.

