Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 101

Paulus Digawa ing Roma

Paulus Digawa ing Roma

Kutha terakhir sing dikunjungi Paulus pas perjalanan utusan injilé sing ketelu yaiku Yérusalèm. Ing kono, dhèwèké ditangkep, terus dipenjara. Pas bengi, Yésus ngandhani Paulus liwat penglihatan, ’Kowé bakal lunga ing Roma lan nginjil ing kana.’ Paulus digawa saka Yérusalèm ing Kaisaréa, terus dipenjara nganti rong taun. Wektu diadili Gubernur Fèstus, Paulus ngomong, ’Aku péngin diadili Kaisar ing Roma.’ Fèstus ngomong, ’Merga kowé njaluk diadili Kaisar, kowé bakal diadili karo Kaisar.’ Paulus digawa ing Roma numpak kapal bareng sedulur loro yaiku Lukas lan Aristarkhus.

Pas perjalanan, ana badai sing gedhé banget nganti pirang-pirang dina. Kabèh wong sing ana ing kapal kuwi mikir nèk bakal mati. Tapi, Paulus ngomong, ’Kanca-kanca, ana malaékat sing ngandhani aku liwat mimpi, ”Aja wedi, Paulus. Kowé bakal tekan ing Roma, lan kabèh wong ing kapal iki bakal slamet.” Mula, aja wedi! Awaké dhéwé bakal slamet.’

Badainé terus ana nganti 14 dina. Akhiré, wong-wong kuwi ndelok ana daratan yaiku Pulau Malta. Kapalé kandhas, terus remuk. Tapi, 276 wong sing ana ing kapal kuwi slamet. Ana sing renang, lan ana sing cekelan pecahané kapal tekan daratan. Wong-wong ing Malta ngopèni wong-wong kuwi lan nggawé api unggun bèn ora padha kadhemen.

Telung sasi bar kuwi, para prajurit nggawa Paulus lunga ing Roma nganggo kapal liyané. Pas wis tekan, para sedulur ing kono nemoni Paulus. Wektu ndelok para sedulur, Paulus maturnuwun karo Yéhuwah lan ngrasa dikuwatké. Senajan dadi tahanan, Paulus éntuk manggon ing omah sing diséwa, tapi tetep dijaga prajurit siji. Paulus manggon ing omah kuwi nganti rong taun. Ana wong-wong sing teka nemoni Paulus. Paulus nginjil soal Kratoné Allah lan mulang wong-wong kuwi soal Yésus. Paulus ya nulis surat kanggo jemaat ing Asia Kecil lan Yudéa. Yéhuwah bener-bener nggunakké Paulus bèn kabèh bangsa isa krungu kabar apik.

”Ing kabèh bab, aku kabèh nduduhké nèk aku kabèh iki abdiné Gusti Allah: Aku kabèh tekun ngadhepi akèh pacoban, kasangsaran, kekurangan, lan kahanan sing angèl.”—2 Korintus 6:4