Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 9

Akhiré Nduwé Anak

Akhiré Nduwé Anak

Abraham lan Sara wis suwé nikah. Wong loro kuwi wis ninggalké omahé sing nyaman ing kutha Ur. Saiki, wong loro kuwi manggon ing téndha. Tapi, Sara ora protès. Sara ngerti nèk manut karo Yéhuwah kuwi mesthi ana manfaaté.

Sara péngin banget nduwé anak. Sara ngomong karo Abraham, ’Nèk njenengan nduwé anak karo pelayanku sing jenengé Hagar, anak kuwi bakal tak anggep dadi anakku dhéwé.’ Akhiré, Hagar nduwé anak lanang. Bocah kuwi dijenengi Ismaèl.

Pirang-pirang taun sakwisé kuwi, ana tamu sing teka. Tamuné kuwi ana telu. Wektu kuwi umuré Abraham 99 taun lan umuré Sara 89 taun. Tamuné kuwi dikon istirahat ing ngisor wit karo disuguhi panganan. Kowé ngerti ora sapa tamuné? Tamuné kuwi malaékat. Para malaékat kuwi ngomong, ’Taun ngarep kowé lan bojomu bakal nduwé anak lanang.’ Sara ngrungokké saka njero téndha. Dhèwèké ngguyu merga mikir, ’Aku kan wis tuwa, mosok isa nduwé anak?’

Kaya janjiné malaékaté Yéhuwah, taun ngarepé Sara nglairké anak lanang. Bocah kuwi dijenengi karo Abraham. Jenengé yaiku Ishak, sing artiné ”Ngguyu”.

 Wektu umuré Ishak limang taun, Sara nggatèkké nèk Ishak terus-terusan diécé Ismaèl. Kanggo nglindhungi anaké, Sara njaluk Abraham ngusir Hagar lan Ismaèl. Awalé, Abraham ora gelem. Tapi, Yéhuwah ya péngin nglindhungi Ishak. Mula, Yéhuwah ngomong, ’Rungokna omongané Sara merga janjiku bakal kelakon liwat Ishak. Mengko Ismaèl ya bakal tetep tak opèni.’

”Merga nduwé iman, Sara mbobot . . . merga dhèwèké yakin nèk Gusti Allah sing maringi janji kuwi setya.”​—Ibrani 11:11