Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 PELAJARAN 16

Ayub Kuwi Sapa?

Ayub Kuwi Sapa?

Ing Uz, ana wong lanang sing nyembah Yéhuwah. Wong lanang kuwi jenengé Ayub. Ayub kuwi sugih banget lan nduwé anak akèh. Ayub ya wong sing apikan. Dhèwèké seneng nulungi wong miskin, wong wédok sing ditinggal mati bojoné, lan bocah-bocah sing ora nduwé wong tuwa. Senajan dadi wong sing apikan, apa Ayub ora tau nduwé masalah?

Sétan terus ngamati Ayub. Tapi, Ayub ora ngerti. Yéhuwah ngomong karo Sétan, ’Apa kowé ngerti Ayub? Ayub manut karo aku. Ora ana sing kaya dhèwèké ing bumi iki.’ Sétan njawab, ’Ya mesthi. Ayub kan mbok lindhungi lan mbok berkahi terus. Ayub ya mbok wènèhi tanah lan ternak. Jupuken kuwi kabèh. Mengko Ayub mesthi dadi ora manut.’ Yéhuwah ngomong, ’Ayub éntuk mbok apak-apakké. Tapi, aja mbok patèni.’ Kenapa Yéhuwah ngomong ngono? Yéhuwah percaya nèk Ayub bakal tetep manut.

Sétan mulai mènèhi Ayub akèh musibah. Pertama, Sétan nggunakké wong Syéba kanggo nyolong sapi lan keledainé Ayub. Terus, domba-dombané Ayub mati merga ana geni saka langit. Wong Khaldéa ya nyolong unta-untané Ayub. Para gembalané Ayub ya dipatèni. Tapi, ana sing luwih parah. Kabèh anaké Ayub mati kambrukan omah wektu lagi mangan bareng. Ayub mesthi sedhih banget. Tapi, Ayub tetep manut Yéhuwah.

Sétan péngin nggawé Ayub luwih susah manèh. Sétan nggawé Ayub kena bisul sak awaké. Ayub mesthi susah banget. Ayub ora ngerti  kenapa kok dhèwèké ngalami kuwi kabèh. Tapi, Ayub tetep manut Yéhuwah. Yéhuwah ndelok kuwi kabèh. Yéhuwah mesthi seneng banget karo Ayub.

Bar kuwi, Sétan ya ngirim wong telu kanggo nudhuh Ayub. Wong-wong kuwi ngomong, ’Kowé mesthi wis nggawé dosa, tapi ora ngaku. Saiki Gusti Allah lagi ngukum kowé.’ Ayub ngomong, ’Aku ora salah apa-apa.’ Tapi, Ayub mulai mikir nèk Yéhuwah sing nyebabké dhèwèké ngalami kuwi kabèh. Ayub ngomong nèk Yéhuwah ora adil.

Ana cah enom sing ngrungokké omong-omongané wong-wong kuwi. Cah enom kuwi jenengé Élihu. Akhiré, Élihu ngomong, ’Kabèh sing mbok omongké kuwi salah. Yéhuwah ora kaya ngono. Yéhuwah ora bakal nindakké sing jahat. Yéhuwah nggatèkké manungsa lan gelem mbantu.’

Terus, Yéhuwah ngomong karo Ayub, ’Wektu aku nggawé swarga lan bumi, kowé ana ing ngendi? Kenapa kowé ngomong aku ora adil? Kowé ora ngerti alesané kabèh iki kelakon.’ Ayub ngakoni kesalahané. Ayub ngomong, ’Aku salah. Aku wis krungu soal Njenengan. Tapi, saiki aku luwih kenal Njenengan. Ora ana sing mustahil kanggo Njenengan. Aku nyuwun ngapura.’

Akhiré, Yéhuwah nggawé Ayub séhat manèh. Ayub ya diwènèhi luwih akèh saka sing mauné dhèwèké duwèni. Ayub isa urip suwé lan bahagia. Yéhuwah mberkahi Ayub merga dhèwèké tetep manut senajan ora gampang. Apa kowé péngin niru Ayub?

”Kowé wis krungu bab ketekunané Ayub lan kowé ndelok berkah sing diparingké Yéhuwah.”​—Yakobus 5:11