Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 11

Apa Gunané Pathokan-Pathokané Alkitab kanggo Manungsa?

Apa Gunané Pathokan-Pathokané Alkitab kanggo Manungsa?

1. Kena apa manungsa perlu tuntunané Gusti Allah?

Kepriyé carané pathokané Alkitab bisa mbantu awaké dhéwé ngati-ati supaya ora cilaka?​—MASMUR 36:9.

Gusti Allah iku luwih pinter ketimbang manungsa. Kaya bapak sing nresnani anaké, Gusti Allah kepéngin manungsa kepénak uripé. Manungsa digawé karo Gusti Allah dudu kanggo urip sakarepé dhéwé. (Yérémia 10:23) Kaya bocah sing butuh dituntun wong tuwané, awaké dhéwé uga butuh dituntun Gusti Allah. (Yésaya 48:17, 18) Pathokan-pathokané Alkitab asalé saka Gusti Allah sing gunané kanggo nuntun uripé manungsa.​—Wacanen 2 Timotius 3:16.

Yèn gelem manut karo hukum lan pathokané Yéhuwah, awaké dhéwé bisa urip kepénak saiki lan mbésuk bisa urip salawasé. Awaké dhéwé mesthi seneng yèn dituntun Gusti Allah sing nggawé urip.​—Wacanen Jabur 19:8, 12; Wahyu 4:11.

2. Pathokan-pathokané Alkitab iku apa?

Pathokan iku ora padha karo hukum. Pathokan-pathokané Alkitab iku kersané Gusti Allah sing baku lan ora bisa diowahi, nanging hukum iku bisa diowahi gumantung kahanané. (Andharaning Torèt [Pangandharing Torèt] 22:8) Yèn arep tumindak, awaké dhéwé kudu mikiraké dhisik pathokané Alkitab. (Wulang Bebasan 2:10-12) Contoné, Alkitab kandha yèn urip iku saka Gusti Allah. Mula, awaké dhéwe kudu ngati-ati wektu nyambut gawé, wektu ing omah, utawa ing dalan supaya ora cilaka.​—Wacanen Para Rasul 17:28.

3. Pathokané Alkitab sing penting iku ana loro. Apa waé?

Yésus ngendika yèn pathokan sing penting iku ana loro. Sing sepisanan, manungsa kudu kenal, nresnani, lan ngabdi karo Yéhuwah. Pathokan iki kudu diéling-éling saben arep nggawé putusan. (Wulang Bebasan 3:6) Kabèh wong sing gelem manut karo pathokan iki bisa dadi kancané Gusti Allah, urip seneng, lan urip salawasé.​—Wacanen Matius 22:36-38.

Pathokan sing kapindho nuntun manungsa supaya bisa urip rukun karo liyané. (1 Korintus [1 Korinta] 13:4-7) Kanggo ngetrapaké pathokan iku, awaké dhéwé kudu niru carané Gusti Allah nresnani manungsa.​—Wacanen Matius 7:12; 22:39, 40.

4. Apa gunané pathokan-pathokané Alkitab kanggo awaké dhéwé?

Yèn ngetrapaké pathokan-pathokané Alkitab, akèh kulawarga bisa urip rukun lan tresna siji lan sijiné. (Kolosé 3:12-14) Ana pathokan liyané saka Alkitab sing bisa ngayomi kulawarga, yaiku urip bebojoan kudu kanggo salawasé.​—Wacanen Purwaning Dumadi 2:24.

Pathokan-pathokané Alkitab uga bisa mbantu awaké dhéwé nyukupi kabutuhan urip lan nggawé ati ayem tentrem. Contoné, yèn manut karo pathokané Alkitab, awaké dhéwé bakal nyambut gawé sregep lan jujur. Kuwi sing disenengi para juragan. (Wulang Bebasan 10:4, 26; Ibrani 13:18) Alkitab mulang yèn wis ana sandhang lan pangan, kuwi wis cukup. Nanging, dadi kancané Gusti Allah iku luwih penting saka sandhang lan pangan.​—Wacanen Matius 6:24, 25, 33; 1 Timotius 6:8-10.

Ngetrapaké pathokané Alkitab uga bisa nggawé urip luwih séhat. (Wulang Bebasan 14:30; 22:24, 25) Contoné, yèn ora seneng ngombé-ngombé nganti mendem, mesthi bakal séhat lan ora cilaka. (Wulang Bebasan 23:20) Anggur éntuk diombé sethithik waé, nanging aja nganti mendem. (Masmur 104:15; 1 Korintus 6:10) Pathokan-pathokané Alkitab bisa njaga pikiran lan tumindaké manungsa supaya cocog karo kersané Gusti Allah. (Masmur 119:97-100) Sing luwih penting, awaké dhéwé manut karo pathokané Alkitab ora mung merga ana gunané kanggo urip, nanging kanggo kamulyané Gusti Allah.​—Wacanen Matius 5:14-16.