Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

Kena Apa Gusti Allah Ngumpulaké lan Ngatur Umaté?

Kena Apa Gusti Allah Ngumpulaké lan Ngatur Umaté?

1. Kena apa Gusti Allah ngatur bangsa Israèl jaman biyèn?

Gusti Allah ngumpulaké anak putuné Abraham dadi bangsa sing nduwèni hukum. Bangsa iku dijenengi bangsa ”Israèl”. Yéhuwah nggunakaké bangsa iku kanggo njaga ibadah lan pangandikané supaya tetep ana. (Masmur [Jabur] 147:19, 20) Dadi, wong-wong saka kabèh bangsa bisa éntuk berkah saka bangsa Israèl.​—Wacanen Purwaning Dumadi 22:18.

Gusti Allah milih bangsa Israèl dadi seksi-seksiné. Lelakoné bangsa Israèl mbuktèkaké yèn manut karo hukum-hukumé Gusti Allah mesthi éntuk berkah. (Andharaning Torèt [Pangandharing Torèt] 4:6) Mula, bangsa-bangsa liyané bisa kenal karo Yéhuwah saka bangsa Israèl.​—Wacanen Yésaya 43:10, 12.

2. Kena apa wong Kristen sing asli kudu dikumpulaké lan diatur?

Bangsa Israèl wis ora ditampa manèh dadi umaté Yéhuwah, mula saiki Yéhuwah milih jemaat Kristen dadi umaté. (Matius 21:42-44; 23:37, 38) Wong Kristen sing asli jaman saiki dadi seksi-seksiné Yéhuwah, nggantèni bangsa Israèl.​—Wacanen Para Rasul 15:14, 17.

Yésus ngumpulaké lan ngatur para muridé kanggo mulang lan ndhidik wong-wong sadonya supaya dadi muridé. (Matius 10:7, 11; 24:14; 28:19, 20) Ing jaman pungkasan iki, upaya mulang wong-wong lagi mempeng-mempengé. Lagi sepisan iki Yéhuwah ngumpulaké wong-wong saka bangsa-bangsa kanggo ngibadah karo Yéhuwah. (Wahyu 7:9, 10) Wong-wong Kristen sing asli dikumpulaké lan diatur supaya bisa padha nulung lan padha nggedhèkaké ati siji lan sijiné. Ing pakumpulan ibadah, wong-wong kuwi sinau saka Alkitab. Sing disinaoni padha kabèh sadonya.​—Wacanen Ibrani 10:24, 25.

3. Kapan jemaat Seksi-Seksi Yéhuwah mulai diatur ing jaman saiki?

Ing taun 1870-an, ana sing mulai sinau katrangan sing bener saka Alkitab sing durung dingertèni wong-wong liyané. Wong-wong sing wis sinau iki ngerti yèn Yésus ngumpulaké lan ngatur murid-muridé kanggo mulang lan ndhidhik bab Kratoné Gusti Allah. Mulai wektu kuwi, wong-wong iki mempeng nindakaké préntahé Yésus kanggo mulang saka Alkitab. Ing tahun 1931, wong-wong iku dijenengi Seksi-Seksi Yéhuwah.​—Wacanen Para Rasul 1:8; 2:1, 4, 11; 5:42.

4. Kepriyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah dikumpulaké lan diatur?

Ing jamané para rasulé Yésus, jemaat Kristen ing kabèh panggonan dituntun karo pengurus pusat sing ngakoni Yésus dadi pimpinané. (Para Rasul 16:4, 5) Ing jaman saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah uga éntuk tuntunan saka Pengurus Pusat. Para pinituwa sing wis akèh pengalamané dadi anggotané. Pengurus iki sing ngawasi kantor-kantor Seksi-Seksi Yéhuwah ing negara-negara liyané. Kantor-kantor iki sing nggawé lan ngirim buku ing luwih saka 600 basa kanggo sinau Alkitab. Mula, luwih saka 100.000 jemaat sadonya bisa éntuk panglipur lan tuntunan saka Alkitab. Ing saben jemaat ana wong-wong lanang sing dipilih dadi pinituwa kanggo nggatèkaké lan ndhidhik umaté Gusti Allah.​—Wacanen 1 Pétrus 5:2, 3.

Kaya rasul-rasulé Yésus jaman biyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah dikumpulaké lan diatur kanggo marani wong-wong ing omah-omah supaya bisa diwulang lan didhidhik dadi muridé Yésus. (Para Rasul 20:20) Seksi-Seksi Yéhuwah uga nawani sinau Alkitab kanggo sing kepéngin ngerti katrangan sing bener saka Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah ora mung dadi kumpulan wong-wong sing nindakaké ibadah, nanging bisa dadi sedulur sing padha nggatèkaké siji lan sijiné, merga Bapaké mung siji, yaiku Yéhuwah. (2 Tésalonika 1:3) Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi dadi kulawarga sing paling ayem tentrem ing donya iki, merga bisa nyenengaké Gusti Allah lan nresnani wong liya.​—Wacanen Masmur 33:12; Para Rasul 20:35.