Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 10

Dibaptis Merga Sayang karo Yéhuwah

Dibaptis Merga Sayang karo Yéhuwah

”Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?”​—KIS. 8:36.

LAGU 37 Ngabdi saka Ati

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Kaya sing dicritakké ing Kisah Para Rasul 8:27-31, 35-38, apa sebabé pejabat Étiopia kuwi akhiré njaluk dibaptis?

APA njenengan péngin dibaptis? Akèh wong akhiré gelem dibaptis merga sayang karo Yéhuwah lan nganggep hubungané karo Yéhuwah kuwi penting. Coba gatèkna pengalamané salah siji pejabat ing Étiopia.

2 Pejabat Étiopia kuwi langsung njaluk dibaptis sakwisé sinau saka Kitab Suci lan ngerti apa sing kudu dhèwèké tindakké. (Wacanen Kisah Para Rasul 8:27-31, 35-38.) Apa sebabé pejabat kuwi gelem dibaptis? Dhèwèké bener-bener nganggep nèk Kitab Suci kuwi penting. Buktiné, pejabat kuwi lagi maca tulisané Nabi Yésaya pas ing perjalanan. Terus, sakwisé Filipus njelaské tulisané Nabi Yésaya, pejabat kuwi dadi ngajèni apa sing wis Yésus tindakké kanggo dhèwèké. Pejabat Étiopia kuwi ya sayang karo Yéhuwah. Buktiné, dhèwèké gelem ninggalké agamané sing mbiyèn lan ngibadah marang Yéhuwah ing Yérusalèm bareng karo wong-wong Israèl. Merga sayang karo Yéhuwah, akhiré pejabat kuwi mutuské kanggo dibaptis lan dadi muridé Yésus.​—Mat. 28:19.

3. Apa sing mungkin ngalang-ngalangi awaké dhéwé kanggo dibaptis? (Deloken kothak ” Atiku Kaya Jenis Tanah sing Endi?”)

3 Nèk sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthiné péngin dibaptis. Ning, mungkin ana sing ngalang-alangi awaké dhéwé kanggo nindakké kuwi. Misalé, awaké dhéwé isa waé ngrasa wedi nèk bakal disengiti karo kanca utawa keluarga sing ora sinau Alkitab. (Mat. 10:37) Utawa, awaké dhéwé mungkin durung isa ninggalké kebiasaan-kebiasaan sing ora cocog karo pathokané Alkitab. (Ms. 97:10) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé mungkin isih mèlu ngrayakké hari raya sing ana hubungané karo agama palsu. Mungkin, kuwi wis dadi kebiasaan lan awaké dhéwé ya ngrasa seneng wektu mèlu acara kuwi. (1 Kor. 10:20, 21) Dadi, awaké dhéwé kudu milih arep sayang karo Yéhuwah utawa perkara-perkara sing isa ngalang-alangi awaké dhéwé kanggo dibaptis.

KUDU BENER-BENER SAYANG KARO YÉHUWAH

4. Apa sing kuduné dadi alesan utamané awaké dhéwé kanggo dibaptis?

4 Sakdurungé sinau Alkitab, mungkin awaké dhéwé wis ngerti soal Yésus lan nganggep nèk Alkitab kuwi penting. Sakwisé sinau karo Seksi Yéhuwah, awaké dhéwé mungkin ya seneng bergaul karo para sedulur. Apa kuwi kabèh sing nggawé awaké dhéwé dadi péngin dibaptis? Nèk ngono, isa waé awaké dhéwé dadi gampang nyerah wektu ana sing ngalang-alangi kanggo dibaptis. Mula, awaké dhéwé kudu luwih sayang karo Yéhuwah ketimbang perkara-perkara liyané. Nèk kuwi sing dadi alesan utamané awaké dhéwé kanggo dibaptis, ora bakal ana sing isa ngalang-alangi awaké dhéwé. Terus, awaké dhéwé ya isa tetep setya sakwisé dibaptis.

5. Apa sing bakal awaké dhéwé rembug?

5 Yésus kandha nèk awaké dhéwé kudu sayang karo Yéhuwah sakwutuhé ati, jiwa, pikiran, lan kekuwatané awaké dhéwé. (Mrk. 12:30) Piyé carané? Awaké dhéwé kudu ngrenungké kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo nduduhké nèk Dhèwèké sayang karo awaké dhéwé. Hasilé, awaké dhéwé ya isa sayang karo Yéhuwah. (1 Yoh. 4:19) Terus, apa manèh sing isa awaké dhéwé tindakké bèn isa sayang karo Yéhuwah sakwutuhé ati, jiwa, pikiran, lan kekuwatané awaké dhéwé? * Ayo dirembug pitakonan kuwi.

6. Nurut Roma 1:20, piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngerti sipat-sipaté Yéhuwah?

6 Sinau sipat-sipaté Yéhuwah saka ciptaané. (Wacanen Roma 1:20; Why. 4:11) Awaké dhéwé isa ngerti soal kawicaksanané Yéhuwah saka carané Yéhuwah ngrancang tanduran, kéwan-kéwan, lan manungsa. (Ms. 139:14) Yéhuwah ya nyiptakké akèh bintang, termasuk matahari. Kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah nduwé kuwasa sing gedhé. * (Yé. 40:26) Nèk ngrenungké kuwi kabèh, awaké dhéwé isa luwih ngajèni Yéhuwah. Pancèn ngerti soal kawicaksanan lan kuwasané Yéhuwah kuwi penting banget. Ning, ana manèh sing kudu ditindakké bèn awaké dhéwé isa bener-bener sayang karo Yéhuwah.

7. Bèn isa bener-bener sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu yakin soal apa?

7 Awaké dhéwé kudu yakin nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé. Mungkin, ana sing nggawé awaké dhéwé ragu-ragu nèk Yéhuwah perduli karo awaké dhéwé. Nèk ngono, awaké dhéwé isa éling nèk ”Gusti Allah ora adoh saka kita”. (Kis. 17:26-28) Yéhuwah ngerti isi atiné awaké dhéwé, lan Yéhuwah ya janji nèk ”Panjenengané kokgolèki, kowé bakal ketemu karo Panjenengané”. (1 Bb. 28:9, Basa Jawi Padintenan) Malah, Yéhuwah wis ”narik” awaké dhéwé bèn awaké dhéwé isa sinau Alkitab. (Yoh. 6:44) Nèk mikirké kabèh sing wis Yéhuwah tindakké kanggo awaké dhéwé, awaké dhéwé isa saya sayang karo Dhèwèké.

8. Apa sing isa awaké dhéwé tindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ya sayang karo Yéhuwah?

8 Awaké dhéwé isa ndonga kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé ya sayang karo Yéhuwah. Ndonga isa mbantu awaké dhéwé bèn saya akrab karo Yéhuwah. Apa sebabé? Wektu donga, awaké dhéwé isa nyritakké kabèh sing dipikirké lan ngucap syukur kanggo kabèh sing wis Yéhuwah tindakké. Terus, wektu ngrasakké nèk Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé, awaké dhéwé ya dadi luwih yakin nèk Yéhuwah perduli karo awaké dhéwé. (Ms. 116:1) Kuwi nggawé awaké dhéwé dadi luwih sayang karo Dhèwèké. Ning, bèn isa terus cedhak karo Yéhuwah, awaké dhéwé kudu ngerti kepénginan lan cara mikiré Yéhuwah. Mula, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab.

Awaké dhéwé kudu sinau Alkitab bèn isa ngerti kepénginané Yéhuwah lan cedhak karo Dhèwèké (Deloken paragraf 9) *

9. Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep Alkitab kuwi penting?

9 Nganggep Alkitab penting. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti wulangan sing bener soal Yéhuwah lan kepénginané kanggo awaké dhéwé. Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep Alkitab kuwi penting? Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina, nggawé persiapan sakdurungé sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, lan ngetrapké apa sing wis disinaoni. (Ms. 119:97, 99; Yoh. 17:17) Awaké dhéwé isa mikirké, ’Apa aku nduwé jadwal kanggo maca Alkitab? Apa aku maca Alkitab saben dina?’

10. Apa sebabé Alkitab kuwi buku sing béda saka buku-buku liyané?

10 Alkitab kuwi buku sing béda saka buku-buku liyané. Salah siji alesané, merga mung Alkitab sing mènèhi katrangan sing bener soal Yésus. Katrangan-katrangan kuwi asalé saka wong-wong sing ndelok dhéwé apa sing Yésus tindakké. Wektu ngrenungké kabèh omongan lan tumindaké Yésus, awaké dhéwé dadi péngin cedhak karo Yésus.

11. Apa sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé isa luwih sayang karo Yéhuwah?

11 Sayang karo Yésus bèn isa sayang karo Yéhuwah. Apa sing Yésus tindakké nduduhké nèk dhèwèké nduwé sipat-sipat sing persis kaya Yéhuwah. (Yoh. 14:9) Misalé, Yésus perduli karo wong-wong sing miskin, lara, lan wong-wong sing dianggep ora berguna. Yésus ya mènèhi naséhat sing isa mbantu awaké dhéwé kanggo ngatasi masalah bèn awaké dhéwé isa bahagia. (Mat. 5:1-11; 7:24-27) Dadi, nèk awaké dhéwé sinau soal Yésus, awaké dhéwé ya isa luwih sayang karo Yéhuwah.

12. Merga Yésus gelem ngorbanké uripé, awaké dhéwé dadi kepéngin nindakké apa?

12 Awaké dhéwé isa saya sayang karo Yésus nèk ngrenungké apa sing wis dhèwèké tindakké kanggo awaké dhéwé. Yésus dadi tebusan bèn dosa-dosané awaké dhéwé isa diapurani. (Mat. 20:28) Merga Yésus gelem ngorbanké uripé, awaké dhéwé dadi kepéngin mertobat lan njaluk ngapura marang Yéhuwah. (Kis. 3:19, 20; 1 Yoh. 1:9) Nèk awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah lan Yésus, awaké dhéwé ya bakal sayang karo sedulur seiman.

13. Piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé?

13 Sayang karo sedulur-sedulur seiman. Keluarga lan kanca-kancané awaké dhéwé sing ora sinau Alkitab mungkin ora setuju wektu awaké dhéwé mutuské kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Malah, wong-wong kuwi isa waé nentang awaké dhéwé. Ning, Yéhuwah isa mbantu awaké dhéwé liwat para sedulur ing jemaat. Para sedulur kuwi isa dadi kaya keluarga sing bakal ndhukung lan sayang karo awaké dhéwé. (Mrk. 10:29, 30; Ibr. 10:24, 25) Mungkin keluargané awaké dhéwé sing saiki durung sinau Alkitab, akhiré sukmbèn gelem mèlu ngabdi marang Yéhuwah.​—1 Ptr. 2:12.

14. Nurut 1 Yohanes 5:3, apa sing awaké dhéwé ngertèni soal pathokané Yéhuwah?

14 Ngetrapké pathokané Yéhuwah. Mbiyèn, awaké dhéwé mungkin nduwé pathokan dhéwé soal apa sing bener lan sing salah. Ning, sakwisé sinau Alkitab awaké dhéwé dadi ngerti nèk pathokané Yéhuwah kuwi sing paling bener. (Ms. 1:1-3; wacanen 1 Yohanes 5:3.) Misalé, Yéhuwah mènèhi naséhat kanggo suami, istri, wong tuwa, lan bocah-bocah. (Éf. 5:22–6:4) Merga ngetrapké naséhaté Yéhuwah kuwi, keluargané awaké dhéwé mesthi dadi luwih bahagia, ta? Yéhuwah ya mènèhi naséhat soal milih kanca. Apa awaké dhéwé isa ngrasakké manfaaté nèk manut karo naséhat kuwi? Awaké dhéwé mesthi dadi wong sing luwih apik lan luwih bahagia, ta?​—WB. 13:20; 1 Kor. 15:33.

15. Apa sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé ngerti piyé carané ngetrapké pathokané Alkitab?

15 Apa sing isa ditindakké bèn awaké dhéwé ngerti piyé carané ngetrapké pathokané Alkitab? Yéhuwah nggunakké organisasiné kanggo nyedhiakké katrangan-katrangan sing dhasaré saka Alkitab. Katrangan-katrangan kuwi gampang dingertèni lan isa mbantu awaké dhéwé ngetrapké pathokané Alkitab. Mula, katrangan-katrangan kuwi kudu diwaca lan disinaoni. Hasilé, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener. (Ibr. 5:13, 14) Terus, awaké dhéwé mesthi ya péngin dadi bagéan saka organisasiné Yéhuwah.

16. Piyé carané Yéhuwah ngatur umaté?

16 Ndhukung organisasiné Yéhuwah. Yéhuwah ngumpulké umaté ing jemaat Kristen sing dipimpin karo Yésus. (Éf. 1:22; 5:23) Terus, ana wong-wong Kristen terurap sing dipilih Yésus kanggo dadi ”budhak sing setya lan wicaksana”. Wong-wong kuwi nduwé tanggung jawab kanggo mimpin gawéan nginjil, mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah, lan nyedhiakké tuntunan sing dhasaré saka Alkitab. (Mat. 24:45-47) Budhak sing setya lan wicaksana ya nglantik para pinituwa kanggo mulang lan nggatèkké kabèh sing ana ing jemaat. (Yé. 32:1, 2; Ibr. 13:17; 1 Ptr. 5:2, 3) Para pinituwa bakal ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep cedhak karo Yéhuwah. Sakliyané kuwi, para pinituwa ya bakal ngandhani carané bèn awaké dhéwé isa mbantu wong liya sinau soal Yéhuwah.—Éf. 4:11-13.

17. Nurut Roma 10:10, 13, 14, apa sebabé awaké dhéwé gelem mbantu wong liya sinau soal Yéhuwah?

17 Mbantu wong liya sinau soal Yéhuwah. Yésus ngandhani murid-muridé bèn mulang wong liya soal Yéhuwah. (Mat. 28:19, 20) Mungkin, awaké dhéwé nganggep nèk gawéan nginjil kuwi mung dadi kewajiban kanggo awaké dhéwé. Ning, nèk awaké dhéwé sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa nduwé perasaan sing padha karo rasul Pétrus lan Yohanes sing kandha, ”Aku ora isa mandheg ngomongké bab perkara-perkara sing wis tak delok lan tak rungokké.” (Kis 4:20) Awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa mbantu wong liya dadi cedhak karo Yéhuwah. Filipus mesthi seneng banget wektu pejabat Étiopia kuwi isa ngerti isiné Kitab Suci lan akhiré njaluk dibaptis. Nèk awaké dhéwé gelem mbantu wong liya sinau soal Yéhuwah, kuwi dadi bukti nèk awaké dhéwé péngin dadi Seksi Yéhuwah. (Wacanen Roma 10:10, 13, 14.) Terus, awaké dhéwé mesthi péngin nggawé keputusan sing padha kaya pejabat Étiopia lan kandha, ”Apa sing ngalangi aku kanggo dibaptis?”​—Kis. 8:36.

18. Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

18 Dibaptis kuwi keputusan sing penting banget kanggo awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé kudu mikirké tenanan soal kuwi. Apa waé sing perlu awaké dhéwé ngertèni soal dibaptis? Apa sing kudu ditindakké sakdurungé lan sakwisé dibaptis? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel sakbanjuré.

LAGU 2 Yéhuwah Asma-Mu

^ par. 5 Ana wong-wong sing wis sayang karo Yéhuwah, ning ngrasa ragu-ragu kanggo dibaptis lan dadi Seksi Yéhuwah. Apa kuwi sing lagi njenengan rasakké? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug saran-saran sing isa mbantu awaké dhéwé bèn isa luwih yakin kanggo dibaptis.

^ par. 5 Merga keadaané saben wong béda-béda, dadi carané ngetrapké saran-saran sing ana ing paragraf-paragraf sakbanjuré ora kudu urut.

^ par. 6 Conto-conto liyané isa didelok ing brosur Benarkah Kehidupan Diciptakan? lan Asal Mula Kehidupan—Lima Pertanyaan yang Patut Direnungkan.

^ par. 61 GAMBAR: Sedulur wédok sing mènèhi selebaran wektu dhèwèké lagi blanja.