Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Saran ing Alkitab Bèn Ora Kecanduan Narkoba

Saran ing Alkitab Bèn Ora Kecanduan Narkoba

 Saben taun jutaan wong mati merga nganggo narkoba. Selama pandemi COVID-19 korbané tambah akèh. Tapi merga ngetrapké naséhat ing Alkitab, akèh sing ora kecanduan narkoba manèh. Ing Alkitab ana saran-saran bèn ora kecanduan manèh. a

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Apa ing Alkitab ana saran bèn ora kecanduan narkoba?

 Menurut peneliti, wong-wong biasané kecanduan narkoba merga ngrasa kesepian, strès, kuwatir, utawa déprèsi. Ing Alkitab ana saran-saran bèn awaké dhéwé isa ngatasi perasaan kaya ngono. Terus ya ana carané bèn isa akrab karo Gusti Allah. (Mazmur 25:14) Gusti Allah isa mbantu njenengan ngatasi masalah sing abot banget.​—Markus 11:22-24.

 Papat saran ing Alkitab bèn ora kecanduan

  1.  1. Kudu kenal karo Yéhuwah. b (Yohanes 17:3) Dhèwèké kuwi Pencipta sing Mahakuwasa lan Bapak sing sayang karo awaké dhéwé. Yéhuwah péngin akrab lan mbantu awaké dhéwé. (Yésaya 40:29-31; Yakobus 4:8) Nèk manut karo Yéhuwah, awaké dhéwé bakal éntuk berkah sing luar biasa ing masa depan.​—Yérémia 29:11; Yohanes 3:16.

  2.  2. Njaluk bantuané Yéhuwah. Njenengan isa ndonga njaluk bantuan bèn ora kecanduan manèh. Hasilé njenengan isa ’suci lan pantes ditampa Gusti Allah’. (Roma 12:1) Gusti Allah bakal mènèhi ”kekuwatan sing luar biasa” liwat roh suciné. (2 Korintus 4:7; Lukas 11:13) Roh suciné isa mbantu bèn njenengan ora kecanduan manèh lan nduwé ”kepribadian sing anyar” kaya sing dikarepké Gusti Allah.​—Kolose 3:9, 10.

  3.  3. Niru pikirané Yéhuwah. (Yésaya 55:9) Yéhuwah bakal mbantu njenengan ’berubah bèn pikirané dadi anyar’. Hasilé njenengan ora kecanduan manèh. (Éfésus 4:23) Pikirané Gusti Allah ana ing Alkitab, mulané kudu maca Alkitab saben dina. (Mazmur 1:1-3) Bèn isa ngerti isiné Alkitab, kudu ana sing mbantu. (Kisah 8:30, 31) Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu wong-wong sinau Alkitab gratis. Njenengan ya isa mèlu pertemuan ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah bèn isa ngerti isiné Alkitab lan piyé carané ngetrapké.

  4.  4. Kudu milih kanca sing apik. Nèk kancané njenengan nduwé kebiasaan sing salah, njenengan isa dadi mèlu-mèlu. (Wulang Bebasan 13:20) Yéhuwah péngin njenengan bergaul karo wong-wong sing nyembah Dhèwèké. (Mazmur 119:63; Roma 1:12) Terus kudu ngati-ati milih hiburan. Aja nganti milih hiburan sing marahi njenengan péngin nglakoni sing salah manèh.​—Mazmur 101:3; Amos 5:14.

 Ayat-ayat sing nyemangati

 Mazmur 27:10: ”Senajan bapakku lan ibuku ninggalké aku, Yéhuwah bakal ngopèni aku.”

 ”Aku ora ngerti bapakku sapa, dadi aku ngrasa aku ora nduwé sapa-sapa. Mulané aku kecanduan narkoba. Tapi pas kenal karo Yéhuwah, aku ngrasakké Yéhuwah sayang karo aku. Aku dadi ora kecanduan narkoba manèh.”​—Wilby, saka Haiti.

 Mazmur 50:15: ”Kowé kudu njaluk tulung marang Aku pas lagi susah. Aku bakal nylametké kowé.”

 ”Nèk pas kambuh, aku njaluk tulung karo Yéhuwah. Dhèwèké mesthi mbantu aku bèn aku isa berjuang manèh.”​—Serhiy, saka Ukraina.

 Wulang Bebasan 3:5, 6: ”Kowé kudu percaya karo Yéhuwah saktulusé atimu, lan aja ngendelké pengetahuanmu dhéwé. Kowé kudu éling karo Dhèwèké ing saben tumindakmu, lan Dhèwèké bakal nggawé kowé berhasil.”

 ”Merga maca ayat iki, aku dadi luwih percaya karo Yéhuwah. Dhèwèké isa mbantu aku ora kecanduan manèh.”—Michele, saka Italia.

 Yésaya 41:10: ”Aja wedi merga Aku ndhukung kowé. Aja kuwatir merga Aku Gusti Allahmu. Aku bakal nyemangati kowé. Aku bakal nulungi kowé. Kowé bakal Tak cekel kenceng nganggo tangan-Ku tengen.”

 ”Mbiyèn pas ora ana narkoba, aku gelisah banget. Tapi saka ayat iki aku ngerti nèk Gusti Allah isa mbantu aku ngatasi kuwi.”​—Andy, saka Afrika Selatan.

 1 Korintus 15:33: ”Aja gelem diapusi wong liya. Bergaul karo wong sing ora apik bakal ngrusak kebiasaan sing apik.”

 ”Kanca-kancaku ora apik, dadi aku kecanduan narkoba. Tapi merga saiki aku milih kanca sing apik, aku ora kecanduan manèh.”​—Isaac, saka Kenya.

 2 Korintus 7:1: ”Ayo ngresiki uripé awaké dhéwé saka apa waé sing nggawé badan lan pikirané awaké dhéwé dadi najis.”

 ”Ayat iki sing marahi aku péngin terus berjuang bèn ora kecanduan manèh.”​—Rosa, saka Kolombia.

 Filipi 4:13: ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”

 ”Aku ngerti nèk aku ora isa berjuang dhèwèkan, makané aku ndonga bèn Yéhuwah mbantu aku.”​—Patrizia, saka Italia.

 Pengalamané wong-wong sing wis ngetrapké saran-saran ing Alkitab

 Joseph Ehrenbogen seneng ngrokok, kecanduan alkohol, ganja, lan heroin. Dhèwèké beberapa kali mèh mati merga overdosis. Tapi ana siji ayat sing nyemangati dhèwèké bèn ora kecanduan manèh. Wacanen pengalamané ing artikel ”Aku Sinau Ngajèni Urip lan Wong Wédok”.

 Dmitry Korshunov berusaha bèn ora kecanduan alkohol, tapi beberapa kali gagal. Nah apa sing nggawé dhèwèké ora kecanduan manèh? Tontonen vidéo ’Aku Gething karo Uripku’.

 Bèn ora kecanduan isa njaluk bantuané dokter

 Ing Alkitab ditulis, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.” (Matius 9:12) Menurut Institut Nasional Bidang Penyalahgunaan Narkoba AS, ”Mandheg saka kecanduan narkoba kuwi ora gampang. Nèk mung péngin thok ya ora isa. Ana sing kudu diupayakké.” Akèh sing ora kecanduan manèh merga ngetrapké saran-saran ing Alkitab, tapi meréka ya tetep butuh bantuané dokter. c Wong lanang sing jenengé Allen ngomong, ”Awakku lara kabèh wektu aku mandheg ngombé alkohol. Aku wis ndonga, tapi aku ya tetep butuh bantuané dokter.”

 Apa ing Alkitab ana larangan nggunakké obat kanggo keséhatan?

 Ora. Ing Alkitab ditulis nèk alkohol isa bermanfaat kanggo wong-wong sing lara. (Wulang Bebasan 31:6; 1 Timotius 5:23) Tapi kaya alkohol, obat-obat sing dienggo pereda nyeri ya isa marahi kecanduan. Mulané kudu ngati-ati.​—Wulang Bebasan 22:3.

a Artikel iki mbahas soal carané bèn ora kecanduan narkoba. Tapi saran-saran ing artikel iki ya isa mbantu bèn ora kecanduan alkohol, rokok, panganan, judhi, pornografi, lan média sosial.

b Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Wacanen artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?

c Akèh rumah sakit lan pusat réhabilitasi narkoba sing isa mbantu bèn ora kecanduan manèh. Njenengan isa milih dhéwé endi sing paling cocog.​—Wulang Bebasan 14:15.