Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 KWASANÉ ALKITAB

Aku Sinau Ngajèni Urip lan Wong Wédok

Aku Sinau Ngajèni Urip lan Wong Wédok
  • LAIR TAUN: 1960

  • NEGARA ASAL: PRANCIS

  • MBIYÈNÉ: NGANGGO NARKOBA, SENENG GELUT, ORA NGAJÈNI WONG WÉDOK

MBIYÈN:

Aku lair ing Mulhouse, kutha ing Prancis. Aku manggon ing dhaérah buruh pinggiran kutha, sing terkenal merga wong-wongé kasar lan seneng gelut. Akèh keluarga sing padu ing kono. Ing keluargaku, wong wédok dirèmèhké lan ora dianggep karo wong lanang. Aku diajari nèk wong wédok kuwi kudu ing pawon, ngladèni bojo lan anak.

Cilikanku susah banget. Pas umurku 10, bapakku mati merga seneng ngombé-ngombé. Limang taun sakwisé, masku bunuh diri. Ing taun iku, aku uga weruh keluarga sing patèn-patènan. Kuwi ngagètké tenan kanggo aku. Aku diajari keluargaku kon nganggo pisau lan pistol, lan gelut nèk perlu. Bèn diwedèni, awakku tak tato lan aku ngombé-ngombé.

Wektu umurku 16, aku ngombé bir 10 nganti 15 botol sedina, lan mulai nganggo narkoba. Kanggo tuku narkoba lan ombèn-ombèn, aku adol rongsokan lan dadi maling. Pas umurku 17, aku dipenjara. Dadi, aku wis tau dipenjara ping 18 merga nyolong lan gelut.

Pas umurku 20an, tumindakku saya bejat. Aku ngrokok ganja 20 linting sedina, nganggo héroin lan narkoba liyané. Ping bola-bali aku mèh mati merga kakèhan nganggo narkoba. Merga urusan karo narkoba, aku terus nggawa pisau lan pistol. Wis tau aku némbak wong lanang, ning untungé peluruné ngenani gèsper sabuké. Wektu umurku 24, ibuku mati lan aku dadi luwih brangasan. Wong sing mlaku ing dalan wedi kepethuk aku, nganti nyebrang dalan. Merga seneng gelut, saben dina setu-minggu aku mesthi ana ing kantor polisi utawa rumah sakit kanggo njahit laraku.

Wektu umurku 28, aku nduwé bojo. Ning, aku ora ngajèni bojoku. Dhèwèké tak kasari lan tak antemi. Aku ora tau dadi bojo sing apik. Aku mikir nèk dhèwèké tak kèki perhiasan colongan, kuwi wis cukup. Ning, ana kedadéan sing ora disangka-sangka. Bojoku mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Bar pisanan sinau, bojoku mandheg ngrokok, ora gelem nampa dhuwit colongan, lan perhiasan colongan mau dibalèkké aku. Aku nesu tenan. Dhèwèké tak alang-alangi sinau Alkitab.  Nèk aku ngrokok, kebulé tak sebulké ing rainé. Dhèwèké uga tak écé ing ngarepé tangga teparo.

Wektu mabuk, apartemenku tak obong. Bojoku nylametké aku lan anakku wédok sing umuré limang taun. Wektu sadhar, aku rumangsa salah banget. Aku rumangsa nèk Gusti Allah ora bakal ngapura aku. Aku kèlingan kandhané pemimpin agama nèk wong jahat mlebu neraka. Psikiaterku ya ngomong, ”Wis cukup, kowé wis angèl didandani.”

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU:

Bar kobongan, aku lan keluargaku pindhah ing omahé maratuwaku. Wektu Seksi Yéhuwah nekani bojoku, aku takon, ”Apa Gusti Allah gelem ngapura kabèh dosaku?” Seksi Yéhuwah mau nduduhké 1 Korinta 6:​9-​11 saka Alkitab. Ayat kuwi nerangké bab tumindak sing disengiti Gusti Allah, ning ana ukara sing kandha, ”Panunggalanmu biyèn iya kaya mangkono iku.” Saka ukara kuwi, aku ngerti nèk aku isih isa didandani. Seksi Yéhuwah mau uga nduduhké 1 Yokanan 4:8, sing kandha nèk Gusti Allah nresnani aku. Merga atiku digedhèkké, aku njaluk sinau Alkitab seminggu ping pindho, lan mulai teka ing pakumpulan ibadahé Seksi Yéhuwah. Aku ajeg ndonga marang Yéhuwah.

Aku mutuské ora nganggo narkoba lan ngombé-ngombé manèh, sakwisé sesasi sinau Alkitab. Ning, awakku dadi ora karu-karuan. Aku ngimpi sing èlèk-èlèk, mumet, kejang, lan lara liyané. Ning, wektu kuwi aku krasa nèk Yéhuwah kaya nggandhèng tanganku lan nguwatké aku. Aku ngerti perasaané rasul Paulus wektu ditulungi Gusti Allah. Paulus kandha, ”Sakèhing prakara bisa daksangga ana ing Panjenengané kang paring kakuwatan marang aku.” (Filipi 4:​13) Wektu kuwi, aku uga isa mandheg ngrokok.​—2 Korinta 7:1.

Sakliyané ndandani uripku, Alkitab uga mbantu ndandani hubunganku karo anak bojoku. Kelakuanku marang bojoku tak owahi. Dhèwèké luwih tak ajèni, lan aku isa ngomong ”tulung” lan ”maturnuwun”. Aku mulai ngupaya dadi bapak sing apik kanggo anakku wédok. Sakwisé setaun sinau Alkitab, aku janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis, niru contoné bojoku.

PAÉDAHÉ KANGGOKU:

Aku yakin nèk pathokané Alkitab nylametké uripku. Keluargaku sing dudu Seksi Yéhuwah ngerti nèk mbiyèn aku mèh mati merga narkoba utawa dipatèni.

Keluargaku dadi luwih apik merga wulangané Alkitab sing nduduhké tanggung jawabku dadi bojo lan bapak. (Éfesus 5:​25; 6:4) Aku mulai nindakké kagiyatan bareng-bareng sak keluarga. Saiki, aku ora ngongkon bojoku ing pawon, ning aku malah seneng banget ndhukung dhèwèké dadi perintis. Dhèwèké uga ndhukung aku dadi pinituwa ing jemaat.

Rasa tresna lan welas asihé Yéhuwah nggawé trenyuh atiku. Aku péngin banget ngandhani bab sipat-sipaté iki marang wong-wong sing uripé kaya aku mbiyèn. Aku ngerti nèk Alkitab nduwé kwasa kanggo mbantu sapa waé bèn isa urip nggenah. Alkitab ora mung mulang aku nresnani lan ngajèni wong liya, lanang lan wédok, ning uga ngajèni uripku dhéwé.