Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB LIMALAS

Dhèwèké Mbéla Umaté Allah

Dhèwèké Mbéla Umaté Allah

1-3. (a) Apa waé sing mungkin nyebabké Èster ngrasa wedi wektu arep nemoni bojoné? (b) Pitakonan apa waé sing arep dirembug bab Èster?

ÈSTER ngupaya bèn tenang wektu nyedhaki lataré kraton ing Susan. Iki ora gampang. Kabèh sing ana ing kraton kuwi dirancang bèn wong dadi nggumun. Contoné, ana ukiran sing bentuké sapi sing nduwé swiwi, wong manah, lan singa, kuwi digawé ing témbok bata werna-werni lan dikèki lapisan sing nggilap, ana pilar-pilar sing bentuké apik, uga ana patung-patung raksasa. Malah, panggonané ana ing dataran sing amba cedhak Pegunungan Zagros sing pucuké ditutupi salju, lan ngisoré ana Kali Khoaspes sing banyuné bening. Kabèh kuwi tujuané kanggo ngélingké saben wong sing teka, nèk wong sing arep ditemoni Èster iki kuwasané gedhé banget, wong lanang iki nyebut dhèwèké ”raja agung”. Wong lanang kuwi uga bojoné.

2 Wong wadon Yahudi sing setya iki ora tau mbayangké bakal nduwé bojo kaya Ahasywéros. * Ahasywéros béda karo para abdiné Allah jaman mbiyèn, contoné Abraham, yaiku wong lanang sing andhap asor manut karo tuntunané Gusti Allah kanggo ngrungokké Sara, bojoné. (Pd. 21:12) Raja kuwi ora kenal Yéhuwah, Gusti Allah sing disembah Èster, lan ora ngerti bab Hukumé Yéhuwah. Ahasywéros mung paham hukum Pèrsia. Kuwi klebu hukum sing arep dilanggar karo Èster. Apa kuwi? Miturut hukum kuwi, sapa waé sing ngadhep raja tanpa diundang isa diukum mati. Èster ora diundang, nanging dhèwèké arep tetep nemoni raja. Saka latar sisih njero kratoné, raja isa ndelok wong teka. Mula, pas Èster nyedhaki panggonan kuwi, Èster mungkin ngrasa mlaku ing kono kaya arep setor nyawa.​—Wacanen Èster 4:11; 5:1.

3 Apa sebabé Èster gelem tumindak kaya ngono? Lan, apa sing isa awaké dhéwé sinaoni saka imané wong wadon sing nggumunké  iki? Sing kapisan, ayo awaké dhéwé gatèkké piyé Èster isa éntuk pakurmatan sing gedhé yaiku dadi ratu Pèrsia.

Riwayat Uripé Èster

4. Piyé riwayat uripé Èster, lan piyé dhèwèké nganti diemong karo Mordekhai?

4 Èster kuwi yatim piatu. Ora ana katrangan bab wong tuwané sing njenengi dhèwèké Hadasa. Hadasa kuwi tembung Ibrani kanggo ”mirtel”, yaiku tanduran semak sing kembangé putih lan éndah banget. Wektu wong tuwané Èster mati, salah siji keluargané sing jenengé Mordekhai ngrasa welas asih karo bocah kuwi. Mordekhai kuwi sepupuné Èster, nanging umuré luwih tuwa. Dhèwèké nggawa Èster mulih lan diemong kaya anak wadoné dhéwé.—Ès. 2:5-7, 15.

Mordekhai mesthi bangga karo anak angkaté

5, 6. (a) Terangna piyé Mordekhai nggedhèkké Èster. (b) Piyé uripé Mordekhai lan Èster ing Susan?

5 Mordekhai lan Èster kuwi wong Yahudi buwangan sing manggon ing ibukota Pèrsia. Ing kana, wong loro kuwi mungkin kerep diécé merga agama lan Hukumé wong Yahudi. Nanging, Èster mesthi njaga hubungané bèn terus akrab karo Mordekhai. Mordekhai mulang Èster bab Yéhuwah, Gusti Allah sing welas asih sing kerep nylametké umaté saka kahanan angèl jaman mbiyèn, lan bakal nindakké kuwi manèh. (Km. 26:44, 45) Wis mesthi, katresnan lan kasetyané Èster lan Mordekhai saya suwé saya gedhé.

6 Mordekhai kétoké nyambut gawé dadi pejabat kraton ing Susan. Dhèwèké kerep lungguh ing gapurané kraton bareng karo abdi liyané. (Ès. 2:19, 21; 3:3) Ora ana sing isa mastèkké piyé Èster wektu isih enom, nanging kétoké dhèwèké ngopèni sepupuné sing luwih tuwa kuwi lan ngurus omahé. Kétoké, omahé ana ing dhaérah sing luwih sedherhana ing sebrangé kali lan kraton. Isa waé, Èster uga seneng lunga menyang pasar ing Susan kanggo ndelok-ndelok barang sing dipajang tukang emas, tukang pérak, lan pedagang liyané. Èster ora tau nyangka nèk sukmbèn barang-barang sing aji kaya ngono dadi barang sing biyasa kanggo dhèwèké. Èster babar blas ora ngerti nèk uripé bakal malih.

 Ayu Banget Rupané

7. Apa sebabé Wasti dipecat saka jabatané dadi ratu, lan bar kuwi apa sing ditindakké raja?

7 Ing sawijiné dina, kutha Susan gègèr merga padha ngomongké kisruh ing keluargané raja. Ing pèsta gedhèn, Ahasywéros ngundang mangan para panggedhéné lan ngombé ombènan anggur méwah. Ratu Wasti uga nganakké pèsta dhéwé karo para wong wadon ing kraton. Raja ngundang ratuné sing ayu banget kuwi, nanging Wasti ora gelem mara. Merga ngrasa diisin-isinké lan nesu banget, raja takon karo para penaséhaté, hukuman apa sing pantes ditampa Wasti. Hasilé, Wasti dipecat saka jabatané dadi ratu. Para abdiné raja mulai njlajah negara kuwi kanggo nggolèk wong wadon prawan sing isih enom lan ayu, lan raja bakal milih salah sijiné kanggo didadèkké ratu sing anyar.—Ès. 1:1–2:4.

8. (a) Apa sebabé Mordekhai mungkin kuwatir bab Èster sing saya gedhé? (b) Miturut panjenengan, piyé ngetrapké pandhangan sing seimbang bab pawakan lan rupa sing bagus lan ayu? (Deloken uga Wulang Bebasan 31:30.)

8 Bayangna Mordekhai sing sok-sok nyawang Èster, kaya bapak marang anaké. Mordekhai seneng banget, nanging uga kuwatir. Merga sepupuné kuwi saiki wis dadi wong wadon sing ayu banget. Alkitab kandha, ”Bocah iku pawakané éndah lan sulistya [utawa, ayu banget].” (Ès. 2:7) Alkitab nduwé pandhangan seimbang bab pawakan lan rupa sing bagus lan ayu. Senajan kuwi pancèn apik, nanging uga kudu nduwé kawicaksanan lan sipat andhap asor. Nèk ora, isa nggawé wong dadi sombong, angkuh, lan nduwé sipat èlèk liyané. (Wacanen Wulang Bebasan 11:22.) Apa panjenengan setuju bab kuwi? Nèk Èster piyé, apa rupané sing ayu nggawé Èster dadi wong sing luwih apik utawa malah luwih èlèk? Ayo digatèkké critané.

9. (a) Apa sing ditindakké para abdiné raja wektu ndelok Èster, lan apa sebabé pisah karo Mordekhai kuwi angèl? (b) Apa sebabé Mordekhai akiré ngejarké Èster nikah karo wong sing ora nyembah Yéhuwah? (Deloken uga kothak.)

9 Para abdiné raja ndelok nèk Èster ayu. Mula, wong-wong kuwi nggawa Èster lan dipisahké karo Mordekhai, terus Èster digawa menyang kraton sing méwah ing sebrangé kali. (Ès. 2:8) Èster lan Mordekhai mesthi angèl pisah, merga hubungané wis kaya bapak karo anak. Mordekhai mesthi ora péngin Èster nikah karo wong sing ora nyembah Yéhuwah, senajan kuwi raja. Nanging, Mordekhai ora isa ngapa-ngapa. * Èster mesthi nggatèkké naséhaté Mordekhai sakdurungé digawa lunga. Pas lagi ing ndalan arep menyang kraton ing Susan, Èster mesthi bingung lan akèh pikiran. Piyé uripé mengko?

 Dhèwèké ”Ndadèkaké Reseping Atiné Angger Wong kang Nyawang”

10, 11. (a) Kahanan uripé Èster sing anyar isa gampang mènèhi pengaruh apa marang dhèwèké? (b) Piyé Mordekhai nduduhké nèk dhèwèké kuwatir marang Èster?

10 Uripé Èster bener-bener malih. Dhèwèké ana ing antarané ”akèh bocah wadon” sing wis diklumpukké saka kabèh wilayah ing Pèrsia. Dadi, mesthi kebiyasaan, basa, lan tumindaké béda-béda. Kabèh wong wadon kuwi diawasi karo pejabat jenengé Hégai, lan bakal éntuk perawatan kecantikan sing lengkap suwéné setaun, klebu dipijet nganggo lenga sing wangi. (Ès. 2:8, 12) Kahanan lan cara urip kaya ngono gampang banget nggawé wong-wong wadon mau mung mikirké penampilan lan dadi sombong uga seneng saingan. Nèk Èster piyé?

 11 Ora ana sing luwih kuwatir karo Èster sakliyané Mordekhai. Awaké dhéwé maca ing Alkitab, nèk saben dina Mordekhai mlaku-mlaku ing cedhaké omah kanggo para wong wadon kuwi lan ngupaya nggolèk katrangan piyé kabaré Èster. (Ès. 2:11) Mordekhai mesthi bangga wektu éntuk katrangan bab Èster, mbokmenawa saka para pembantu ing kraton sing ngandhani tumindaké Èster sing apik. Apa sebabé?

12, 13. (a) Piyé anggepané wong-wong ing sakcedhaké Èster bab dhèwèké? (b) Èster ora ngomong nèk dhèwèké wong Yahudi, apa sebabé kuwi nggawé Mordekhai seneng?

12 Hégai seneng lan apikan banget karo Èster, terus ngongkon bocah wadon pitu dadi pembantuné Èster. Èster malah éntuk panggonan sing paling apik ing omah kanggo para wong wadon kuwi. Alkitab kandha, ”Déné Èster ndadèkaké reseping atiné angger wong  kang nyawang.” (Ès. 2:9, 15) Apa penampilan lan rupa sing ayu isa nggawé saben wong dadi kesengsem? Ora, Èster ora mung ayu.

Èster ngerti nèk sipat andhap asor lan kawicaksanan luwih penting ketimbang penampilan

13 Contoné, awaké dhéwé maca, ”Èster ora nglairaké [utawa, kandha] mungguh bangsa lan asalé, amarga dipenging Mordekhai.” (Ès. 2:10) Mordekhai ngongkon Èster aja ngomong nèk Èster kuwi wong Yahudi, merga Mordekhai ngerti nèk para pejabat Pèrsia nduwé pandhangan sing èlèk karo wong Yahudi. Mordekhai seneng banget, merga senajan Èster wis ora karo dhèwèké, nanging Èster tetep wicaksana lan manut.

14. Piyé cah enom saiki isa niru tuladhané Èster?

14 Cah enom saiki ya isa nggawé seneng atiné wong tuwa utawa wong liya sing nggedhèkké dhèwèké. Pas adoh saka wong tuwa, lan ana ing antarané wong-wong sing tumindaké saru, jahat, lan ora mikir dawa sakdurungé tumindak, cah-cah enom kuwi tetep isa nindakké pathokan sing bener. Nèk nindakké kuwi, kaya Èster, cah-cah enom isa nggawé seneng atiné Bapak ing swarga.​—Wacanen Wulang Bebasan 27:11.

15, 16. (a) Apa sing nggawé raja kesengsem karo Èster? (b) Apa sebabé owah-owahan ing uripé Èster kuwi ora gampang?

15 Pas wis gilirané Èster kanggo ngadhep raja, dhèwèké diijinké milih apa waé sing dibutuhké, mbokmenawa bèn tambah ayu. Nanging, kanthi andhap asor Èster ora njaluk ngluwihi saka apa sing disebutké Hégai. (Ès. 2:15) Merga ing kraton kuwi akèh-akèhé wong ora andhap asor, Èster mungkin ngerti nèk rupa sing ayu waé ora bakal nggawé raja kesengsem. Mula isa waé Èster mikir, bèn raja kesengsem, kudu nduwé sipat andhap asor. Apa kuwi bener?

16 Alkitab ngandhani jawabané, ”Anadéné Èster iku dikasihi déning Sang Prabu, kinacèk karo sakèhing para wanita liyané, sarta olèh sihwilasa tuwin kadarman ana ing ngarsané ngluwihi sarupaning kenya liyané, satemah banjur kaanggonan makuthaning kaprabon, kajunjung dadi pramèswari nggentèni Sang Pramèswari Wasti.” (Ès. 2:17) Merga Èster kuwi prawan Yahudi sing andhap asor, nggawé owah-owahan dadi ratu lan dadi bojoné raja sing paling kuwasa ing bumi wektu kuwi mesthi ora gampang. Apa jabatan kuwi nggawé Èster dadi sombong? Ora babar blas.

17. (a) Apa buktiné nèk Èster tetep manut karo bapak angkaté? (b) Apa sebabé tuladhané Èster penting banget saiki?

17 Èster tetep manut karo bapak angkaté yaiku Mordekhai. Èster tetep njaga rahasia nèk dhèwèké wong Yahudi. Wektu Mordekhai ngerti nèk ana rencana kanggo matèni Ahasywéros, Èster manut wektu dikongkon Mordekhai ngandhani raja, lan rencana jahat kuwi akiré gagal. (Ès. 2:20-23) Èster tetep nduduhké iman marang Yéhuwah carané yaiku tetep andhap asor lan manut. Saiki, penting banget kanggo niru tuladhané Èster, merga akèh wong ora gelem  manut lan seneng mbrontak, malah nganggep nèk manut kuwi kelemahan. Nanging, wong sing bener-bener nduwé iman mesthi seneng manut, kaya Èster.

Imané Èster Diuji

18. (a) Apa sebabé Mordekhai nolak sujud marang Haman? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Piyé carané wong lanang lan wadon sing nduwé iman saiki niru tuladhané Mordekhai?

18 Wong sing jenengé Haman nduwé jabatan penting ing kratoné Ahasywéros. Raja ndadèkké Haman perdana menteri, Haman uga dadi penaséhat utama lan wong sing paling penting sakwisé raja ing wilayah kuwi. Raja uga netepké nèk kabèh wong sing ketemu Haman kudu sujud. (Ès. 3:1-4) Aturan iki mesthi dadi masalah kanggo Mordekhai. Dhèwèké ngerti kudu manut karo raja, nanging dhèwèké luwih manut karo Gusti Allah. Haman kuwi wong Agag. Artiné dhèwèké keturunané Agag, raja Amalèk sing dipatèni Samuèl, nabiné Yéhuwah. (1 Sa. 15:33) Wong Amalèk kuwi jahat banget, mula dadi mungsuhé Yéhuwah lan Israèl. Gusti Allah ngutuk bangsa Amalèk. * (PT. 25:19) Mosok wong Yahudi sing setya sujud karo wong Amalèk? Mordekhai ora gelem nindakké kuwi. Dhèwèké nolak sujud marang Haman. Wong lanang lan wadon sing nduwé iman saiki, uga lila ngurbanké nyawané kanggo manut pathokan iki, ”Kita kedah langkung mbangun turut dhumateng Gusti Allah katimbang dhateng manungsa.”​—PR. 5:29.

19. Apa sing arep ditindakké Haman, lan apa waé sing diomongké Haman bèn raja saya yakin?

19 Haman bener-bener ngamuk. Dhèwèké ora mung péngin matèni Mordekhai, nanging uga kabèh wong Yahudi. Haman uga ngupaya ngèlèk-èlèk wong Yahudi ing ngarepé raja. Haman ora nyebutké jenengé bangsa kuwi, dhèwèké mung nyebut bangsa sing ”pating slebar saha kapencil ing satengahipun para bangsa”. Omongan kuwi nduduhké nèk bangsa kuwi ora penting kanggo raja. Luwih kejem manèh, Haman ngomong nèk wong Yahudi ora manut karo hukum raja, dadi wong-wong kuwi pengkiyanat sing mbebayani. Haman uga gelem nyumbang dhuwit sing akèh marang raja kanggo nutup biaya numpes wong Yahudi ing wilayah Pèrsia. * Ahasywéros mènèhi Haman cincin cap duwèké raja kanggo ngesahké préntah apa waé sing dibutuhké.—Ès. 3:5-10.

20, 21. (a) Apa pengaruhé pengumuman saka Haman marang wong Yahudi ing wilayah Pèrsia, klebu Mordekhai? (b) Mordekhai ngongkon Èster nindakké apa?

 20 Para utusan sing nunggang jaran cepet-cepet martakké hukuman mati marang wong-wong Yahudi sing ana ing kabèh wilayah kuwi. Bayangna pengaruhé kanggo wong Yahudi ing Yérusalèm. Ing kana, sisa wong Yahudi sing mulih saka pembuwangan ing Babil, lagi mbangun manèh kutha sing isih durung ana témbok pelindhungé. Wektu krungu kabar èlèk kuwi, Mordekhai mungkin langsung éling karo wong-wong kuwi, lan kanca uga seduluré ing Susan. Mordekhai ngrasa susah, nyuwèk klambiné, nganggo bagor, ngekèki awu ing sirahé, lan mbengok sakbanter-banteré ing tengah kutha. Wektu kuwi, Haman lagi ngombé-ngombé bareng karo raja. Haman ora perduli babar blas karo perasaan sedhihé wong Yahudi lan kanca-kancané wong kuwi ing Susan.​—Wacanen Èster 3:12–4:1.

21 Mordekhai ngerti nèk dhèwèké kudu tumindak nylametké wong Yahudi. Nanging, piyé carané? Èster krungu nèk Mordekhai lagi sedhih, terus Èster ngirimi klambi, nanging Mordekhai ora gelem dilipur. Mungkin Mordekhai wis suwé mikirké, apa sebabé Yéhuwah ngejarké Èster dipisahké saka dhèwèké lan dadi ratuné panguwasa sing ora nyembah Yéhuwah. Nanging saiki jawabané  kétok cetha. Mordekhai ngirim pesen marang Èster, ngongkon dhèwèké nyuwun welas asihé raja kanggo ”mbélani bangsané”.—Ès. 4:4-8.

22. Apa sebabé Èster wedi ngadhep bojoné? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

22 Èster mesthi kuwatir banget wektu krungu warta kuwi. Kanggoné Èster, iki ujian iman sing paling gedhé. Dhèwèké wedi, lan ngomongké sing sakbeneré marang Mordekhai. Èster ngélingké Mordekhai bab hukum raja, yaiku sapa waé sing ngadhep raja tanpa diundang isa diukum mati. Kejaba nèk raja ngethungké tongkat emasé, wong sing nglanggar hukum kuwi isa diapura. Lan, nèk ngélingi apa sing wis dialami Wasti wektu nolak préntah raja kanggo teka, apa Èster isa ngarep-arep nèk dhèwèké ora bakal diukum raja? Èster kandha marang Mordekhai nèk wis 30 dina, raja ora ngundang dhèwèké. Èster dadi bingung apa raja sing sipaté gampang molah-malih kuwi wis ora seneng karo dhèwèké. *Ès. 4:9-11.

23. (a) Apa sing dikandhakké Mordekhai kanggo nguwatké imané Èster? (b) Apa sebabé Mordekhai pantes ditiru?

23 Mordekhai mènèhi jawaban tegas kanggo nguwatké imané Èster. Mordekhai kandha, nèk Èster ora tumindak, sakjané wong Yahudi ya bakal tetep slamet embuh piyé carané. Nanging, apa iya Èster dhéwé isa yakin nèk dhèwèké bakal tetep urip wektu panganiaya kuwi teka? Ing crita iki, Mordekhai nduduhké iman sing gedhé marang Yéhuwah. Mordekhai yakin nèk janjiné Yéhuwah mesthi kelakon lan Yéhuwah uga ora bakal ngejarké umaté disirnakké. (Ys. 23:14) Mordekhai kandha karo Èster, ”Sapa ngerti, yèn enggonmu dadi ratu kuwi supaya tumindak ing kaanan sing kaya mengkéné iki!” (Ès. 4:12-14, BJP) Mordekhai pantes ditiru. Dhèwèké percaya  banget marang Yéhuwah, Gusti Allahé. Apa awaké dhéwé ya ngono?​—WB. 3:5, 6.

Iman sing Luwih Kuwat Ketimbang Rasa Wedi Mati

24. Piyé Èster nduduhké iman lan sipat kendel?

24 Èster kudu cepet nggawé keputusan. Dhèwèké njaluk Mordekhai lan wong-wong Yahudi liyané pasa telung dina. Èster uga bakal nindakké sing padha. Akiré Èster ngandhakké omongan sing nduduhké iman lan sipat kendelé. Èster kandha, ”Manawi kula kapeksa pejah, kajengipun kula pejah.” (Ès. 4:15-17) Saksuwéné telung dina kuwi, Èster mesthi ndonga tenanan, luwih saka biyasané. Akiré, saiki wektuné. Èster nganggo klambi lan perhiasané sing éndah, dandan sing paling ayu bèn raja kesengsem. Terus, Èster lunga ngadhep raja.

Èster gelem ngurbanké nyawané kanggo nglindhungi umaté Allah

25. Critakna piyé kedadéané wektu Èster nemoni bojoné.

25 Kaya sing dicritakké ing wiwitan bab iki, Èster mangkat nemoni raja. Awaké dhéwé mung isa mbayangké rasa kuwatiré lan dongané sing tenanan. Wektu Èster mlebu ing latar sisih njero kraton, Èster isa ndelok Ahasywéros lungguh ing tahtané. Mungkin Èster ya ndeloki piyé kahanan atiné raja saka rupané. Nèk misalé dikongkon nunggu, mesthi rasané kaya ngentèni pirang-pirang abad. Nanging akiré, bojoné ndeloki dhèwèké. Mesthi raja kagèt, nanging saka carané nyawang, kétok nèk raja luluh atiné. Terus dhèwèké ngethungké tongkat emasé.—Ès. 5:1, 2.

26. Apa sebabé wong Kristen sejati ing jaman saiki kudu kendel kaya Èster, lan apa sebabé tumindaké Èster iki lagi wiwitané?

26 Raja gelem ngrungokké omongané Èster. Èster nduwé iman sing gedhé marang Allah, lan gelem ngurbanké nyawané kanggo nylametké umaté Allah. Wong Kristen sejati ing jaman saiki mesthi éling karo tuladha imané Èster sing apik banget kuwi. Yésus kandha nèk wong Kristen sejati kudu nduwé katresnan sing lila ngurbanké nyawané. (Wacanen Yokanan 13:34, 35.) Kanggo nduduhké katresnan kaya ngono, dibutuhké sipat kendel kaya Èster. Nanging, senajan Èster wis mbéla umaté Allah wektu kuwi, iki lagi wiwitané. Èster isih kudu ngyakinké raja nèk penaséhaté sing utama yaiku Haman, wis nggawé rencana jahat. Èster uga kudu nylametké bangsané. Iki bakal dirembug ing bab sakbanjuré.

^ par. 2 Ahasywéros umumé dianggep Xerxes I, sing nguwasani wilayah Pèrsia ing wiwitan abad lima SM.

^ par. 9 Deloken kothak ”Pitakonan bab Èster”, ing Bab 16.

^ par. 18 Haman mungkin klebu ing antarané sakelompok cilik wong Amalèk sing isih urip, merga ”kekarèné” [utawa, sing kèri] saka wong Amalèk, wis dipatèni pas jamané Raja Hizkia.​—1 Bb. 4:43.

^ par. 19 Haman nawakké 10.000 talénta pérak, sing saiki kira-kira atusan yuta dolar AS. Nèk Ahasywéros kuwi Xerxes I, isa waé Ahasywéros kepéncut karo dhuwit sing ditawakké Haman kuwi. Merga Xerxes I wis ngentèkké dhuwit akèh wektu perang nglawan Yunani sing wis suwé direncanakké, nanging akiré kalah.

^ par. 22 Xerxes I dikenal wong sing gampang molah-malih lan wataké kasar. Sejarawan Yunani Hérodotus nyathet conto-conto perangé Xerxes nglawan Yunani. Raja mréntahké bèn kapal-kapal dijèjèrké ing Selat Helespontus bèn dadi jembatan apung. Wektu jembatan kuwi rusak merga badai, Xerxes ngongkon wong-wong sing nggawé jembatan kuwi ditugel guluné. Xerxes malah mréntahké anak buahé ”ngukum” Selat Helespontus, nganggo cara mecuti banyuné karo ngunèk-unèkké. Ing wektu kuwi uga, pas ana wong lanang sugih njaluk bèn anaké dibébaské saka dinas militèr, Xerxes malah mréntahké bèn awaké bocah kuwi disigar dadi loro, terus didadèkké tontonan kanggo pangéling-éling.