Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB SANGA

Dhèwèké Tumindak Wicaksana

Dhèwèké Tumindak Wicaksana

1-3. (a) Bebaya apa sing bakal diadhepi keluargané Abigail? (b) Apa sing bakal disinaoni saka wong wadon sing nggumunké iki?

ABIGAIL isa ndelok nèk wong lanang enom kuwi ndredheg. Dhèwèké kewedèn, lan kuwi ana sebabé. Bakal ana bebaya sing medèni banget. Wektu kuwi ana kira-kira 400 prajurit sing arep teka kanggo matèni kabèh wong lanang ing keluargané Nabal, bojoné Abigail. Nanging, apa sebabé?

2 Kuwi merga Nabal. Kaya biyasané, Nabal tumindak kejem lan kurang ajar. Nanging saiki, sing dirèmèhké dudu wong biyasa, wong kuwi pemimpin sing ditresnani pasukané sing trampil lan setya. Saiki, salah siji pegawéné Nabal sing isih enom, mbokmenawa pangon wedhus, marani Abigail. Dhèwèké percaya Abigail isa tumindak kanggo nylametké keluargané Nabal. Nanging, apa wong wadon siji isa nglawan sakpasukan prajurit?

Apa wong wadon siji isa nglawan sakpasukan prajurit?

3 Sing kapisan, ayo awaké dhéwé sinaoni bab wong wadon sing nggumunké iki. Sapa Abigail kuwi? Apa sing marahi bebaya iki isa ana? Apa sing isa disinaoni saka imané Abigail?

Wicaksana lan Ayu Rupané

4. Terangna wong kaya apa Nabal kuwi.

4 Abigail lan Nabal kuwi dudu pasangan sing cocog. Abigail kuwi wong wadon sing apik banget, nanging Nabal wong lanang sing ala banget. Pancèn Nabal kuwi sugih. Mula, Nabal nganggep nèk dhèwèké wong penting, nanging apa wong liya ya nganggep kaya ngono? Ing Alkitab, mèh ora ana tokoh Alkitab liya sing dikèki sebutan èlèk kaya Nabal. Jeneng Nabal tegesé ”Ndableg”, utawa ”Bodho”. Apa wong tuwané njenengké iki wiwit lair utawa apa iki sebutan sing dikèkké wong-wong marang Nabal? Embuh apa alesané, nanging tumindaké  Nabal kuwi cocog karo jenengé. Nabal ”kasar lan wateké ala”. Nabal seneng nindhes lan mendem, mula wong-wong wedi lan ora seneng karo dhèwèké.​—1 Sa. 25:2, 3, 17, 21, 25.

5, 6. (a) Sipaté Abigail endi sing paling nyenengké kanggo panjenengan? (b) Mungkin, apa sebabé Abigail gelem nikah karo wong lanang sing ora ana gunané?

5 Abigail béda banget karo Nabal. Jeneng Abigail tegesé ”Bapakku Nggawé Atiné Bungah”. Akèh bapak mesthi seneng banget nèk nduwé anak wadon sing ayu. Nanging bapak sing wicaksana luwih seneng nèk anaké nduwé watak lan sipat sing apik. Biyasané, wong sing ayu durung mesthi nduwé sipat-sipat sing apik contoné, wicaksana, pinter, kendel utawa iman. Nanging, Abigail ora kaya ngono. Alkitab ngalem rupané sing ayu lan sipaté sing wicaksana.​—Wacanen 1 Samuèl 25:3.

6 Mbokmenawa saiki akèh sing mikir ngapa wong wadon enom sing pinter iki gelem nikah karo wong lanang sing ora ana gunané kuwi. Élinga, ing jaman Alkitab wong nikah biyasané wis dijodhokké. Restu saka wong tuwa penting banget. Apa wong tuwané Abigail setuju karo pernikahan kuwi, mungkin malah njodhokké, merga Nabal sugih lan nduwé jabatan? Apa wong tuwané kepeksa merga mlarat? Embuh apa alesané, bandhané Nabal ora isa nggawé Nabal dadi bojo sing apik.

7. (a) Wektu mulang anak-anak bab perkawinan, apa sing aja ditindakké wong tuwa? (b) Apa tékadé Abigail?

7 Wong tuwa sing wicaksana mulang anak-anaké pandhangan sing bener bab perkawinan. Wong tuwa ya ora bakal meksa anaké nikah merga bandha, utawa ngejarké anaké pacaran padhahal isih enom banget lan durung isa nindakké tanggung jawab urip bebojoan. (1 Kr. 7:36) Nanging, wis telat kanggo Abigail mikirké kuwi. Embuh apa alesané, Abigail wis nikah karo Nabal, lan saiki dhèwèké nduwé tékad kanggo ngupaya bèn kahanané ora tambah angèl.

”Dipun Ungel-ungeli Awon”

8. Sapa sing dirèmèhké Nabal, lan apa sebabé tumindaké Nabal kuwi ora wicaksana?

8 Nabal nggawé kahanané Abigail luwih angèl ketimbang sakdurungé. Wong lanang sing dirèmèhké Nabal kuwi Dawud. Dawud kuwi abdiné Gusti Allah sing setya, sing wis dilantik Samuèl. Kuwi tegesé Dawud wis dipilih Yéhuwah dadi raja kanggo nggantèni Saul. (1 Sa. 16:1, 2, 11-13) Dawud urip ing padhang belantara karo 600 prajurité sing setya, merga ndhelik saka Saul sing sengit lan péngin matèni dhèwèké.

9, 10. (a) Dawud lan anak buahé manggon ing dhaérah sing kaya apa? (b) Apa sebabé Nabal sakjané kudu matur nuwun marang Dawud lan prajurité? (Deloken uga cathetan ing ngisor kanggo paragraf 10.)

9 Nabal manggon ing Maon, nanging kerja ing cedhak Karmèl lan  mungkin nduwé tanah ing kana. * Kutha-kutha kuwi ana ing tengah dataran tinggi sing akèh suketé, sing cocog kanggo angon wedhus. Nabal nduwé 3.000 wedhus. Dhaérah ing cedhak kono durung dinggoni. Ing sisih kidul ana ara-ara Paran sing amba banget. Sisih wétané ana dalan menyang Laut Garam sing ngliwati dataran tandhus, akèh jurang lan guwa. Dawud lan prajurité manggon ing dhaérah sing kaya ngono kuwi. Dawud lan prajurité kudu mburu kéwan kanggo nggolèk pangan lan ngadhepi akèh kasusahan, uga kerep ketemu wong enom sing angon wedhusé Nabal.

10 Piyé tumindaké para prajurité Dawud marang para pangon wedhus kuwi? Sakjané gampang banget nèk arep njupuk utawa nyolong wedhusé, nanging kuwi ora ditindakké. Prajurité Dawud malah kaya pager témbok sing nglindhungi kumpulan wedhusé Nabal lan para pangoné. (Wacanen 1 Samuèl 25:15, 16.) Wedhus lan para pangon iki ngadhepi akèh bebaya. Ana akèh kéwan buas ing kana, lan panggonan kuwi cedhak banget karo perbatasan sisih kidulé Israèl, dadi kerep diserang grombolan perampok lan maling saka bangsa asing. *

11, 12. (a) Apa buktiné nèk Dawud wicaksana lan ngajèni Nabal? (b) Piyé tanggepané Nabal?

11 Mesthi ora gampang nyedhiyakké pangan kanggo para prajurit kuwi ing padhang belantara. Dadi ing sawijiné dina, Dawud ngongkon wong sepuluh marani Nabal kanggo njaluk bantuan. Dawud wicaksana milih wektu sing pas, yaiku pas acara nggunting wulu wedhus. Wong-wong biyasané nduduhké sipat apik ati lan seneng nampa tamu pas acara kuwi. Dawud uga ngati-ati nata omongané, nggunakké tembung-tembung sing sopan lan ngajèni. Dawud nganggo sebutan ”ingkang putra Dawud”, kuwi nduduhké nèk Dawud ngajèni banget lan ngakoni nèk Nabal umuré luwih tuwa. Terus piyé tanggepané Nabal?​—1 Sa. 25:5-8.

12 Nabal malah ngamuk. Wong lanang enom sing disebutké mau, crita karo Abigail nèk utusané Dawud ”malah dipun ungel-ungeli awon [utawa, digetak-getak lan dirèmèhké]”. Nabal sing pelit ora gelem ngekèki roti, banyu, lan daging belèhan. Nabal nganggep Dawud ora penting lan madhakké Dawud karo budhak sing minggat saka juragané. Cara mikiré Nabal mungkin padha kaya Saul sing gething karo Dawud. Wong lanang loro iki cara mikiré ora kaya Yéhuwah. Yéhuwah nresnani lan ora nganggep Dawud budhak sing mbrontak, nanging raja sing bakal nduwé kuwasa ing Israèl.​—1 Sa. 25:10, 11, 14.

13. (a) Piyé tanggepané Dawud marang omongané Nabal? (b) Pathokan ing Yakobus 1:20 nduduhké apa bab tanggepané Dawud?

 13 Wektu utusané bali lan nglaporké kedadéané, Dawud nesu banget. Dawud mréntahké para prajurité, ”Kowé kabèh padha nyengkelita pedhang! [utawa, sabukna pedhang]”. Karo nggawa senjatané, Dawud mimpin 400 prajurité sing siyap nyerang. Dawud sumpah arep matèni kabèh wong lanang ing keluargané Nabal. (1 Sa. 25:12, 13, 21, 22) Sakjané wis sak mesthiné nèk Dawud nesu, nanging carané nduduhké rasa nesuné kuwi sing salah. Alkitab kandha, ”Nepsuné manungsa iku ora ndadèkaké kang bener ana ing ngarsané Allah.” (Yb. 1:20) Terus, piyé Abigail isa nylametké keluargané?

”Pinujia Kawicaksananmu”

14. (a) Piyé Abigail nduduhké nèk dhèwèké wis mulai ngupaya kanggo ndandani masalah sing parah? (b) Piwulang apa sing isa disinaoni saka sipaté Abigail lan Nabal? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

14 Abigail nduduhké nèk dhèwèké wis mulai ngupaya kanggo ndandani masalah sing parah. Ora kaya bojoné, Abigail gelem ngrungokké. Wektu ngomongké bab Nabal, batur enom mau kandha, ”Bendara kula punika panggalihipun awon, temah boten saged dipun ajak rerembagan.” * (1 Sa. 25:17) Nabal ora gelem ngrungokké merga mung mikirké kepentingané dhéwé. Sipat sombong kaya ngono wis umum banget nganti jaman saiki. Nanging, batur enom mau ngerti nèk Abigail ora kaya Nabal, mula dhèwèké ngomongké iki karo Abigail.

Ora kaya Nabal, Abigail gelem ngrungokké

15, 16. (a) Piyé Abigail nduduhké nèk dhèwèké padha kaya wong wadon wicaksana sing disebutké ing buku Wulang Bebasan? (b) Apa sebabé tumindaké Abigail kuwi dudu tegesé mbrontak marang bojoné?

15 Abigail mikir lan cepet tumindak. Awaké dhéwé maca, ”Abigail énggal-énggal.” Ing crita iki, ping papat disebutké nèk Abigail ”énggal-énggal”. Dhèwèké nyiapké hadiah sing akèh banget kanggo Dawud lan prajurité. Hadiah kuwi klebu roti, anggur, wedhus gèmbèl, wiji gandum, kué kismis, lan kué ara. Iki nduduhké nèk Abigail ngerti kabèh sing diduwèni ing omahé, lan mesthi ngurusi kabèh tanggung jawabé ing keluarga. Dhèwèké padha kaya wong wadon wicaksana sing disebutké ing buku Wulang Bebasan. (WB. 31:10-31) Abigail ngirim hadiah-hadiah iki dhisik bareng karo para abdiné, bar kuwi Abigail nututi dhèwèkan. Alkitab kandha, ”Nanging Nabal, bojoné ora diwènèhi sumurup.”​—1 Sa. 25:18, 19.

 16 Apa iki tegesé Abigail mbrontak karo bojoné sing dadi pemimpin keluarga? Ora. Élinga nèk Nabal kuwi wis tumindak jahat karo abdi sing wis dilantik Yéhuwah. Tumindak kuwi isa nggawé wong-wong sing ora salah ing keluargané Nabal dipatèni. Mula nèk Abigail ora cepet tumindak, dhèwèké mèlu tanggung jawab karo salahé bojoné. Dadi ing kahanan iki, dhèwèké kudu luwih manut karo Gusti Allahé ketimbang karo bojoné.

17, 18. (a) Apa sing ditindakké Abigail wektu ketemu karo Dawud, lan apa waé sing diomongké Abigail? (b) Apa sebabé omongané Abigail isa ngrogoh ati?

17 Bar kuwi, Abigail ketemu karo Dawud lan prajurité. Dhèwèké cepet-cepet mudhun saka kuldiné lan sujud ing ngarepé Dawud. (1 Sa. 25:20, 23) Abigail terus nyritakké kabèh sing ana ing njero atiné, uga makili bojo lan keluargané kanggo nyuwun welas asih marang Dawud. Apa sebabé omongané Abigail isa ngrogoh ati?

”Kawula aturi midhangetaken aturipun abdi dalem punika”

18 Abigail gelem tanggung jawab kanggo masalah kuwi lan njaluk Dawud ngapurani dhèwèké. Abigail ngakoni nèk bojoné kuwi wataké ala, padha kaya tegesé jenengé. Mungkin tujuané, Abigail arep kandha nèk sakjané ora pantes kanggo wong sing diurmati kaya Dawud, ngukum wong lanang kaya ngono. Dhèwèké yakin nèk Dawud kuwi wakilé Yéhuwah. Abigail uga ngakoni nèk Dawud nindakké ”perangipun Sang Yéhuwah”. Abigail kandha, ”Panjenengan dalem kadhawuhan dados ratunipun bangsa Israèl.” Omongan kuwi nduduhké nèk Abigail ngerti janjiné Yéhuwah bab Dawud, lan kekuwasaané dadi raja. Banjur, dhèwèké ngandhani Dawud aja nganti tumindak sing marahi Dawud dadi utang getih utawa isa nggawé ”sekel ing galih”, maksudé marahi hati nuraniné ora kepénak. (Wacanen 1 Samuèl 25:24-31.) Iki omongan sing apik lan isa ngrogoh ati.

19. Piyé tanggepané Dawud marang omongané Abigail, lan apa sebabé Dawud ngalem Abigail?

19 Terus, piyé tanggepané Dawud? Dhèwèké nampa barang-barang sing digawa Abigail lan kandha, ”Pinujia asmané Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, kang ngutus kowé methukaké aku ing dina iki. Pinujia kawicaksananmu lan pinujia kowé dhéwé, déné ing dina iki kowé menggak aku saka anggonku arep ngwutahaké getih.” Dawud ngalem sipat kendelé Abigail merga cepet-cepet nemoni Dawud, lan ngakoni nèk Abigail wis nyegah Dawud saka utang getih. Dawud terus kandha, ”Muliha kanthi slamet; lan aku wis krungu aturmu.”​—1 Sa. 25:32-35.

Abdi Wadoné Dawud

20, 21. (a) Miturut panjenengan, apa sing nggumunké saka tumindaké Abigail sing bali manèh ing omahé bojoné? (b) Piyé Abigail nduduhké sipaté sing kendel lan wicaksana pas milih wektu kanggo omongan karo Nabal?

20 Abigail kèlingan terus karo kedadéan pas ketemu Dawud.  Abigail mesthi nggatèkké bédané wong lanang sing setya lan apikan kuwi karo bojoné sing kejem. Nanging Abigail ora terus mikirké kuwi. Alkitab kandha, ”Abigail tekan ing panggonané Nabal.” Abigail bali manèh ing omahé bojoné lan ngupaya sak isa-isané dadi bojo sing apik. Dhèwèké ya kudu nyritakké hadiah-hadiah sing wis dikèkké marang Dawud lan prajurité. Nabal nduwé hak kanggo ngerti. Abigail uga kudu nyritakké bebaya sing wis isa dicegah, sakdurungé Nabal krungu crita kuwi saka wong liya lan isa marahi Nabal kisinan. Nanging, dhèwèké ora isa crita saiki, merga Nabal lagi pèsta kaya raja lan mendem.​—1 Sa. 25:36.

Abigail kanthi kendel ngandhani Nabal bab sing wis dhèwèké tindakké kanggo nylametké nyawané Nabal

21 Abigail nduduhké manèh sipaté sing kendel lan wicaksana. Dhèwèké nunggu nganti sésuk ésuk pas Nabal wis sadhar saka mendemé. Pas sadhar, Nabal isa waé dadi paham critané Abigail, nanging isa uga malah saya medèni merga nesu banget. Senajan ngono, Abigail tetep nyedhaki lan nyritakké kabèh kedadéané. Abigail mesthi mikir nèk Nabal bakal ngamuk, mungkin Abigail malah digebugi. Nanging, nyatané Nabal mung lungguh thok, ora obah.​—1 Sa. 25:37.

22. Nabal kena apa, lan ana pangéling-éling apa bab tumindak kasar utawa aniaya ing keluarga?

22 Nabal kena apa? ”Jantungé mandheg ing dhadhané lan awaké kaku.” Mungkin dhèwèké stroke. Nanging, kira-kira sepuluh dina sakbanjuré, Nabal mati, lan ora mung merga alesan mèdhis. Critané kandha, ”Pangéran Yéhuwah nggebag Nabal, nganti dadi lan patiné.” (1 Sa. 25:38) Merga paukuman sing adil saka Yéhuwah iki, urip bebojoané Abigail sing kaya mimpi èlèk akiré rampung. Senajan saiki Yéhuwah ora ngukum mati wong nganggo cara mukjijat, crita iki dadi pangéling-éling apik kanggo awaké dhéwé nèk kabèh tumindak kasar utawa aniaya ing keluarga, digatèkké Yéhuwah. Ing wektu sing wis ditemtokké, Yéhuwah bakal nindakké kaadilan.​—Wacanen Lukas 8:17.

23. Berkah apa manèh sing ditampa Abigail, lan apa buktiné nèk sipaté Abigail ora malih?

23 Sakliyané isa bébas saka urip bebojoan sing ora nyenengké kuwi, Abigail éntuk berkah liya. Wektu krungu nèk Nabal wis mati, Dawud ngirim utusan kanggo nglamar Abigail. Abigail kandha, ”Abdi paduka punika saèstu kepéngin dados parekan [utawa, abdi wadon] ingkang ngwisuhi sukunipun para abdi paduka punika.” Sipaté Abigail ora malih senajan bakal dadi bojoné Dawud. Dhèwèké malah nawani dadi abdi saka para  abdiné Dawud. Dhèwèké terus cepet tata-tata kanggo nemoni Dawud.​—1 Sa. 25:39-42.

24. Tantangan apa waé sing diadhepi Abigail sakwisé nikah karo Dawud, lan kanggoné Dawud lan Yéhuwah, Abigail kuwi wong sing piyé?

24 Nanging, ora kaya crita-crita dongèng umumé, uripé Abigail ora seneng terus utawa tanpa masalah. Uripé Abigail karo Dawud mesthi uga ora gampang. Dawud wis nikah karo Ahinoam, lan senajan Gusti Allah ngijinké poligami, kuwi mesthi kahanan sing angèl kanggo para wong wadon sing setya wektu kuwi. Dawud ya durung dadi raja, mesthi bakal akèh tentangan lan masalah angèl liyané sing kudu diadhepi sakdurungé nindakké tugas kuwi. Nanging, Abigail mbantu lan ndhukung Dawud saksuwéné urip. Akiré Abigail nduwé anak. Abigail ngerti nèk bojoné ngajèni lan ngayomi dhèwèké. Ing salah siji kesempatan, Dawud malah nylametké dhèwèké wektu diculik. (1 Sa. 30:1-19) Dadi, Dawud niru Allah Yéhuwah sing nresnani para wong wadon sing wicaksana, kendel, lan nduwé iman.

^ par. 9 Iki dudu Gunung Karmèl sing terkenal ing sisih lor, panggonané Nabi Élia ngadhepi nabi-nabi Baal. (Deloken Bab 10.) Karmèl sing dimaksud iki yaiku kutha ing pinggir sisih kidulé padhang belantara.

^ par. 10 Isa waé Dawud ngrasa nèk nglindhungi wong sing nduwé tanah lan kumpulan ternaké kuwi bukti pangabektiné marang Gusti Allah. Jaman kuwi, Yéhuwah péngin keturunané Abraham, Iskak, lan Yakub manggon ing negara kuwi. Dadi, nglindhungi negara kuwi saka kumpulan perampok asing padha kaya tugas suci marang Gusti Allah.

^ par. 14 Ukara sing digunakké cah enom iki arti saktenané yaiku ”anaké bélial (ora ana gunané)”. Terjemahan Alkitab liya kanggo ukara iki nambahké katrangan nèk Nabal ”ora gelem ngrungokké omongané wong liya”, dadi kesimpulané, ”ora ana gunané ngomong karo dhèwèké”.