Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB TELU

”Ramané Para Wong Pracaya”

”Ramané Para Wong Pracaya”

1, 2. Apa sing malih saka ibadahé wong-wong wiwit jamané Nuh, lan apa pengaruhé kanggo Abram?

ABRAM ndhangak, nyawang menara zigurat sing dhuwur lan megah ing kutha asalé, yaiku Ur. * Ana swara-swara sing ramé saka ndhuwur, lan ana kebul sing metu. Imam-imam déwa bulan lagi ngekèkké kurban. Bayangna Abram nolèh lan gèdhèg-gèdhèg karo ngelus dhadha. Wektu mlaku bali ngliwati kumpulan wong-wong ing dalan, mbokmenawa Abram mikirké penyembahan brahala sing saya akèh ing kutha Ur. Penyembahan brahala saya nyebar ing ngendi-endi wiwit jamané Nuh.

2 Wektu Nuh lan keluargané metu saka prau sakwisé Banjir Gedhé, Nuh mènèhi kurban marang Yéhuwah. Lan Yéhuwah njawab nganggo pelangi. (Pd. 8:20; 9:12-14) Wektu kuwi, siji-sijiné ibadah ing donya yaiku ibadah sejati. Nanging 350 taun sakbanjuré, Nuh mati. Lan mung rong taun sakwisé Nuh mati, Abram lair. Wiwit kuwi, wong-wong nyebar ing saklumahing bumi lan ibadah sejati dadi langka. Wong-wong ing ngendi-endi nyembah déwa-dèwi kafir. Malah bapaké Abram sing jenengé Térah mèlu nyembah brahala, lan isa waé nggawé brahala.​—Ys. 24:2.

Piyé Abram dadi tuladha iman sing gedhé?

3. Wektu saya diwasa, apa sing nggawé Abram dadi béda, lan apa sing isa awaké dhéwé sinaoni?

3 Abram béda karo wong-wong kuwi. Wektu saya diwasa, Abram saya kétok béda merga imané. Malah, rasul Paulus nyebut Abram kuwi ”ramané para wong pracaya”. (Wacanen Rum 4:11.) Ayo awaké dhéwé gatèkké piyé Abram isa dadi wong lanang sing kaya ngono. Nèk nggatèkké kuwi, awaké dhéwé isa akèh sinau bab carané nguwatké iman.

 Ngabdi Sakwisé Banjir Gedhé

4, 5. Abram isa waé sinau bab Yéhuwah saka sapa, lan apa buktiné?

4 Piyé Abram isa nganti kenal Yéhuwah? Yéhuwah nduwé para abdi sing setya ing bumi wektu kuwi, salah sijiné yaiku Sèm. Senajan dudu anak mbarepé Nuh, Sèm kerep disebutké sepisanan. Mbokmenawa merga Sèm imané gedhé. * Ora suwé sakwisé Banjir Gedhé, Nuh nyebut Yéhuwah ”Allahé Sèm”. (Pd. 9:26) Sèm ngajèni Yéhuwah lan ibadah sejati.

5 Apa Abram kenal karo Sèm? Mbokmenawa kenal. Bayangna wektu Abram isih cilik. Dhèwèké nggumun banget wektu ngerti nèk nduwé leluhur sing isih urip lan umuré luwih saka patang atus taun. Sèm ndelok dhéwé tumindak jahat ing donya sakdurungé Banjir, terus Banjir Gedhé kuwi nutupi bumi. Sèm ndelok bangsa-bangsa sing sepisanan ana, lan manungsa sing saya akèh. Dhèwèké uga ndelok wektu Nimrod mbrontak ing Menara Babil, nanging Sèm sing setya ora mèlu-mèlu mbrontak. Dadi, wektu Yéhuwah ngisruhké basané wong-wong sing mbangun menara kuwi, Sèm lan keluargané terus nggunakké basa asliné manungsa, yaiku basa sing digunakké Nuh. Keluargané Sèm klebu Abram. Dadi, mesthi wiwit cilik Abram ngajèni Sèm. Apa manèh, wektu Abram wis tuwa, Sèm isih urip. Mula, isa waé Abram sinau bab Yéhuwah saka Sèm.

Abram nolak penyembahan brahala sing akèh banget ing kutha Ur

6. (a) Piyé Abram mbuktèkké nèk dhèwèké éntuk piwulang apik saka Banjir Gedhé ing jamané Nuh? (b) Piyé uripé Abram lan Sarai?

6 Sing mesthi, Abram éntuk piwulang sing apik banget saka Banjir Gedhé ing jamané Nuh. Abram ngupaya terus nyenengké Yéhuwah, kaya sing ditindakké Nuh. Mula, Abram nolak nyembah brahala lan wani tumindak béda saka wong-wong umumé ing kutha Ur, klebu keluargané dhéwé. Akiré Abram éntuk bojo sing apik. Abram nikah karo Sarai, wong wadon sing ora mung ayu, nanging imané gedhé marang Yéhuwah. * Senajan ora nduwé anak, urip bebojoané nyenengké merga ngabdi marang Yéhuwah bebarengan. Dhèwèké uga ngopèni ponakané sing ora nduwé bapak lan ibu, jenengé Lot.

7. Piyé carané murid-muridé Yésus niru Abram?

 7 Abram ora tau ninggalké Yéhuwah kanggo nyembah brahala ing Ur. Abram lan Sarai gelem béda karo wong-wong umumé sing nyembah brahala. Nèk péngin nduwé iman sejati, awaké dhéwé kudu gelem béda, kaya sing ditindakké Abram. Yésus kandha nèk para muridé ’pinangkané [utawa, asalé] ora saka ing jagad’, mulané donya dadi sengit. (Wacanen Yokanan 15:19.) Nèk tau ngrasa sedhih merga ditolak keluarga utawa wong-wong liya, sebab wis mutuské ngabdi marang Yéhuwah, élinga nèk panjenengan ora dhèwèkan. Panjenengan wis niru tuladhané Abram lan Sarai sing setya ngabdi marang Yéhuwah.

”Lungaa saka ing Tanahira”

8, 9. (a) Pengalaman apa sing ora bakal dilalèkké Abram? (b) Apa préntahé Yéhuwah marang Abram?

8 Ing sawijiné dina, Abram éntuk pengalaman sing ora bakal dilalèkké. Abram nampa warta saka Yéhuwah. Alkitab ora nyritakké piyé carané Abram nampa warta kuwi, nanging mung ditulis nèk ”Gusti Allah ingkang Mahamulya” rawuh ing ngarepé Abram. (Wacanen Para Rasul 7:2, 3.) Mbokmenawa liwat malaékat, Abram isa ndelok kamulyané Yéhuwah senajan mung sithik. Awaké dhéwé isa mbayangké Abram mesthi seneng banget. Dhèwèké isa weruh bédané Gusti Allah sing urip lan brahala sing ora ana nyawané sing disembah wong-wong wektu kuwi.

9 Apa préntahé Yéhuwah marang Abram? ”Sira lungaa saka ing tanahira lan saka ing sanak sadulurira sarta menyanga ing tanah, kang bakal Suntedahaké marang sira.” Yéhuwah ora ngandhani Abram kudu lunga ing ngendi, merga kuwi bakal diduduhké mengko. Nanging, Abram kudu ninggalké dhisik negara asalé lan kabèh seduluré. Ing budaya Timur Tengah kuna, keluarga kuwi penting banget. Nèk ana wong lanang lunga ninggalké seduluré lan pindhah ing panggonan adoh, kuwi dianggep kedadéan sing èlèk banget. Malah luwih èlèk ketimbang mati.

10. Apa sebabé ninggalké urip sing pénak ing kutha Ur kuwi angèl?

10 Mesthi angèl ninggalké urip sing pénak ing kutha Ur. Ur kuwi kutha sing ramé lan makmur. (Deloken kothak ” Kutha sing Abram lan Sarai Tinggalké”.) Bukti saka penggalian nduduhké nèk ing kutha Ur jaman mbiyèn ana akèh omah-omah sing apik. Ana omah-omah sing kamaré akèh banget kanggo keluarga lan pembantu, cacahé isa luwih saka sepuluh kamar. Kamar-kamar kuwi ngubengi halaman njero sing lantainé saka watu. Biyasané ana air mancur, kamar mandi, lan panggonan kanggo mbuwang limbah. Élinga uga nèk Abram lan Sarai kuwi wis tuwa. Abram umuré kira-kira 70 taun,  lan Sarai kira-kira 60 taun. Abram mesthi péngin uripé Sarai kepénak lan ora kekurangan. Kabèh wong lanang mesthi ya nduwé pepénginan sing padha kaya ngono kanggo bojoné. Bayangna Abram lan Sarai lagi rembugan bab tugas iki, ana akèh pitakonan lan kekuwatiran sing mungkin dipikirké. Abram mesthi seneng pas Sarai setuju nindakké tugas iki. Kaya Abram, Sarai lila ninggalké uripé lan omahé sing kepénak.

11, 12. (a) Keputusan lan persiyapan apa sing dibutuhké sakdurungé lunga saka Ur? (b) Piyé panjenengan mbayangké kahanan ésuk kuwi pas arep mangkat?

11 Keputusan wis digawé, Abram lan Sarai saiki kudu siyap-siyap. Akèh barang kudu dipak lan diatur. Apa sing kudu digawa menyang panggonan sing durung dingertèni kuwi, lan apa sing kudu ditinggal? Sing luwih penting, Abram lan Sarai uga kudu mikirké keluarga, pembantuné, lan bapaké Abram yaiku Térah sing wis tuwa. Abram lan Sarai mutuské nggawa Térah, lan ngopèni nganti mati. Critané kandha nèk Térah nggawa keluargané metu saka Ur. Kuwi nduduhké nèk Térah setuju kanggo lunga lan wis ora nyembah allah palsu. Ponakané Abram yaiku Lot uga mèlu karo Abram.​—Pd. 11:31.

12 Akiré, ésuk kuwi keluarga Abram arep mangkat. Bayangna rombongan wong-wong kuwi ngumpul ing njaba témbok lan kaliné kutha Ur. Kabèh barang wis didèlèhké ing unta lan keledai, kéwan-kéwan liya ya wis diklumpukké, keluarga kuwi semangat banget, lan saiki siyap kanggo lunga. * Mbokmenawa kabèh ndeloki Abram, nunggu aba-aba saka Abram kanggo mangkat. Akiré, saiki wektuné lan wong-wong kuwi mangkat, ninggalké kutha Ur kanggo saklawasé.

13. Piyé para abdiné Yéhuwah saiki nduduhké semangat kaya Abram lan Sarai?

13 Saiki, akèh abdiné Yéhuwah mutuské kanggo pindhah ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil. Ana uga sing sinau basa liya bèn isa nginjil luwih akèh. Utawa ana sing nyoba cara nginjil sing durung tau dicoba utawa sing kurang nyaman ditindakké. Keputusan kuwi kabèh butuh pangurbanan, merga kudu lila ninggalké urip sing wis kepénak. Kuwi apik banget, lan persis kaya semangat sing diduduhké Abram lan Sarai. Nèk nduduhké iman sing kaya ngono, awaké dhéwé yakin nèk Yéhuwah bakal maringi sing luwih akèh ketimbang sing awaké dhéwé wènèhké marang Yéhuwah. Yéhuwah ora bakal lali mberkahi umaté. (Ib. 6:10; 11:6) Apa Yéhuwah ya mberkahi Abram?

 Nyebrang Kali Éfrat

14, 15. Critakna piyé perjalanan saka Ur menyang Haran, lan apa sebabé Abram mutuské kanggo manggon sedhéla ing Haran?

14 Saya suwé, rombongan iki dadi kulina nglakoni perjalanan. Coba bayangna Abram lan Sarai sing sok-sok kudu mlaku utawa nunggang kéwan. Omong-omongan saksuwéné perjalanan kuwi diselingi swara loncèng sing dipasang ing kéwan. Senajan durung pengalaman, nanging suwé-suwé rombongan iki dadi kulina mbongkar lan masang téndha. Uga mbantu Térah sing wis tuwa bèn lungguhé kepénak pas nunggang unta utawa keledai. Rombongan iki lunga menyang arah barat laut, terus mlaku nuruti Kali Éfrat.

15 Akiré, sakwisé perjalanan sing adohé kira-kira 960 kilomèter, rombongan kuwi tekan ing pondhok-pondhok sing bentuké kaya sarang tawon ing Haran. Haran kuwi kutha makmur ing persimpangan rute dagang Timur-Barat. Ing kana, keluargané Abram mandheg lan manggon sawetara wektu. Mungkin, merga Térah wis ringkih banget neruské perjalanan.

16, 17. (a) Janji apa sing ditampa Abram? (b) Apa buktiné nèk Yéhuwah mberkahi Abram saksuwéné ing Haran?

16 Akiré, Térah mati wektu umuré 205 taun. (Pd. 11:32) Abram mesthi sedhih pas kélangan bapaké. Nanging Abram ngrasa kelipur  wektu Yéhuwah ngendika karo dhèwèké. Yéhuwah mbalèni manèh janji-janjiné sing mbiyèn dingendikakké wektu Abram isih ing Ur, lan nerangké kuwi luwih cetha. Abram bakal dadi ”bangsa kang gedhé”, lan kabèh keluarga ing bumi bakal éntuk berkah liwat Abram. (Wacanen Purwaning Dumadi 12:2, 3.) Sakwisé krungu manèh janji kuwi, Abram dadi sadhar nèk saiki wektuné kanggo neruské perjalanan.

17 Nanging saiki, ana luwih akèh barang sing kudu dipak lan disiyapké, merga Yéhuwah wis mberkahi Abram saksuwéné ing Haran. Alkitab nyebutké nèk Abram nggawa ”barang-darbèké kabèh, karo réwang-réwangé enggoné olèh ana ing Haran”. (Pd. 12:5, BJP) Supaya isa dadi bangsa sing gedhé, Abram mbutuhké akèh bandha lan pembantu, yaiku keluarga sing gedhé. Yéhuwah ora mesthi nggawé umaté sugih, nanging Yéhuwah mesthi maringi sing dibutuhké umaté kanggo nindakké kersané. Merga ngrasa dikuwatké, Abram neruské perjalanané menyang panggonan sing durung dingertèni.

Abram lan Sarai kudu ngadhepi akèh tantangan merga ninggalké uripé sing kepénak ing kutha Ur

18. (a) Kapan prajanjiané Gusti Allah karo Abram mulai kanggo? (b) Ana kedadéan penting liya apa pas tanggal 14 Nisan? (Deloken kothak ” Tanggal sing Penting ing Sejarah Alkitab”.)

18 Sakwisé perjalanan pirang-pirang dina saka Haran, rombongan kuwi tekan Karkhemis, yaiku panggonan sing biyasa diliwati akèh rombongan kanggo nyebrang Kali Éfrat. Ing sisih kidulé Karkhemis, ana negara sing dijanjèkké Yéhuwah marang Abram. Ing tanggal 14 Nisan taun 1943 SM, Abram lan rombongané nyebrangi Kali Éfrat. (Pa. 12:40-43) Ing tanggal kuwi prajanjiané Gusti Allah karo Abram mulai kanggo. Kedadéan kuwi penting merga mengaruhi carané Yéhuwah tumindak marang umaté.

19. Janjiné Gusti Allah marang Abram nyebutké apa, lan kuwi ngélingké Abram bab apa?

19 Abram neruské perjalanané ing arah kidul. Rombongané mandheg ing cedhak wit-wit gedhé Moré, cedhak Sikèm. Ing kana, Yéhuwah sepisan manèh ngendika marang Abram, lan nyebutké bab keturunané Abram sing bakal nguwasani negara kuwi. Apa Abram dadi kèlingan karo  ramalané Yéhuwah ing Èden, bab ’keturunan’ sing sukmbèné bakal nylametké manungsa? (Pd. 3:15; 12:7) Isa waé. Senajan durung pati cetha, nanging Abram kayané mulai ngerti nèk dhèwèké dadi bagéan saka tujuané Yéhuwah sing agung.

20. Piyé carané Abram nduduhké nèk ngajèni kaurmatan saka Yéhuwah?

20 Abram ngati-ati banget wektu njlajahi negara kuwi, merga negara kuwi isih dinggoni wong Kanaan. Abram nduduhké nèk ngajèni kaurmatan saka Yéhuwah nganggo cara nggawé misbyah kanggo Yéhuwah. Misbyah sing kapisan ana ing cedhak wit-wit gedhé Moré. Bar kuwi, Abram nggawé misbyah manèh ing cedhak Bètèl. Ing kono, Abram nyebut asmané Yéhuwah. Mungkin tujuané kanggo nduduhké rasa matur nuwuné. Abram uga mikirké piyé uripé keturunané mbésuk. Isa waé Abram uga nginjil marang wong-wong Kanaan ing sakcedhaké. (Wacanen Purwaning Dumadi 12:7, 8.) Mesthiné, tantangan-tantangan gedhé kanggo imané Abram bakal terus ana. Merga wicaksana, Abram ora méngo kanggo ndelok apa sing wis ditinggalké, yaiku omah lan uripé sing kepénak ing Ur. Abram terus mandeng nèng ngarep. Ibrani 11:10 kandha bab Abram, ”Panjenengané ngantos-antos kutha kang atetales [utawa, nduwé dhasar sing kuwat], kang karancang sarta kayasa déning Gusti Allah.”

21. Ketimbang Abram, apa waé sing wis dingertèni para abdiné Yéhuwah saiki bab Kratoné Allah, lan apa sing péngin panjenengan tindakké?

21 Ketimbang Abram, para abdiné Yéhuwah saiki ngerti luwih akèh bab kutha kiasan kuwi, yaiku Kratoné Allah. Awaké dhéwé ngerti nèk Kraton kuwi wis mréntah ing swarga lan sedhéla manèh bakal nyirnakké donya iki. Awaké dhéwé uga ngerti nèk keturunané Abram sing wis dijanjèkké, yaiku Yésus Kristus, saiki wis mréntah ing Kraton kuwi. Bener-bener kaurmatan gedhé isa ndelok Abraham urip manèh. Ing wektu kuwi Abraham akiré paham piyé kersané Yéhuwah kelakon. Apa panjenengan péngin ndelok Yéhuwah netepi kabèh janjiné? Panjenengan kudu tumindak padha kaya Abram. Duduhna semangat lila ngurbanké, manut, lan rasa matur nuwun merga wis diparingi akèh tugas sing aji saka Yéhuwah. Tirunen imané Abram. Nèk nindakké kuwi, ”ramané para wong pracaya” iki uga isa dadi bapaké panjenengan.

^ par. 1 Taun-taun sakwisé, Gusti Allah ngganti jenengé Abram dadi Abraham, sing tegesé ”Leluhuré Golonganing Bangsa”.​—Pd. 17:5.

^ par. 4 Padha kaya Abram sing kerep disebutké sepisanan ing antarané anak-anaké Térah, senajan Abram dudu anak sing mbarep.

^ par. 6 Akiré Gusti Allah ngganti jenengé Sarai dadi Sara, sing tegesé ”Putri Raja”.​—Pd. 17:15.

^ par. 12 Ana ahli sing ora percaya nèk ing jamané Abram wong-wong wis ternak unta. Nanging kuwi ora ana dhasaré. Alkitab wis ping bola-bali kandha nèk unta kuwi salah siji hartané Abram.​—Pd. 12:16; 24:35.