Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB PAPAT

’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’

’Dhateng Pundi Kémawon Kula Badhé Ndhèrèk’

1, 2. (a) Critakna perjalanané Rut lan Naomi, lan apa sebabé wong loro kuwi sedhih banget? (b) Apa bédané perjalanané Rut lan Naomi?

RUT mlaku ing sisihé Naomi, ngliwati dhaérah pegunungan Moab. Wong loro kuwi kétok cilik banget ing antarané dataran sing amba. Rut ndelok bayangan awaké sing saya dawa, kuwi tandha nèk wis soré. Rut nyawang Naomi lan mikirké apa wis wektuné kanggo nggolèk penginepan. Rut tresna banget karo Naomi, lan bakal nindakké apa waé kanggo Naomi.

2 Wong wadon loro kuwi lagi sedhih banget. Naomi wis dadi randha pirang-pirang taun sakdurungé, nanging saiki malah kélangan manèh loro anaké lanang, yaiku Khilyon lan Makhlon merga mati. Rut ya sedhih banget, sebab Makhlon kuwi bojoné. Rut lan Naomi nduwé tujuan sing padha, yaiku kutha Bètléhèm ing Israèl. Nanging bédané, nèk kanggo Naomi iki mulih ing kuthané dhéwé. Nèk kanggo Rut, iki lunga ing dhaérah sing durung tau ditekani sakdurungé. Rut ninggalké keluargané, dhaérah asalé, kebiyasaané, malah ya allah-allahé.​—Wacanen Rut 1:3-6.

3. Pitakonan apa waé sing jawabané isa mbantu awaké dhéwé niru imané Rut?

3 Apa sebabé Rut gelem nggawé owah-owahan sing gedhé ing uripé? Apa sing nggawé Rut kuwat ngadhepi uripé mbésuk lan isa ngopèni Naomi? Nèk ngerti jawabané, awaké dhéwé bakal dibantu kanggo niru imané Rut, wong Moab kuwi. (Deloken kothak ” Buku Cilik sing Aji”.) Sing kapisan, ayo ngrembug apa sebabé wong wadon loro iki kudu lunga adoh menyang Bètléhèm.

Keluarga sing Ngadhepi Akèh Masalah

4, 5. (a) Apa sebabé keluargané Naomi pindhah ing Moab? (b) Tantangan apa waé sing diadhepi Naomi ing Moab?

4 Rut digedhèkké ing Moab, kutha cilik sing ana ing sisih wétané Laut Mati. Ing dhaérah kuwi akèh-akèhé dataran tinggi, uga ana jurang-jurangé lan akèh alas. ”Tanah Moab” tetep subur, senajan lagi ana kurang pangan ing Israèl. Malah merga alesan kuwi, Rut sepisanan kenal karo Makhlon lan keluargané. Piyé critané?​—Rt. 1:1.

 5 Bojoné Naomi yaiku Élimèlèkh, mutuské nggawa Naomi lan anaké lanang loro pindhah lan manggon ing Moab, merga lagi ana kurang pangan ing Israèl. Naomi lan keluargané dadi pendhudhuk asing ing kono. Iki mesthi dadi tantangan iman kanggo saben anggota keluarga, merga wong Israèl kudu ajeg ngibadah ing panggonan suci sing wis Yéhuwah temtokké. (PT. 16:16, 17) Nanging, Naomi tetep nduwé iman sing kuwat. Senajan ngono, wektu kélangan bojoné merga mati, dhèwèké ngrasa sedhih banget.​—Rt. 1:2, 3.

6, 7. (a) Apa sebabé Naomi kuwatir wektu anak-anaké nikah karo wong wadon Moab? (b) Apa sebabé tumindaké Naomi marang mantuné pantes dialem?

6 Naomi isa waé saya sedhih pas anak-anaké lanang milih nikah karo wong wadon Moab. (Rt. 1:4) Naomi ngerti nèk leluhuré bangsa Israèl, yaiku Abraham, ngupaya banget nggolèkké bojo kanggo Iskak, saka antarané keluargané sing nyembah Yéhuwah. (Pd. 24:3, 4) Hukum Musa uga mréntahké bangsa Israèl bèn anak-anaké lanang utawa wadon ora nikah karo bangsa liya, merga isa nggawé wong Israèl nyembah brahala.​—PT. 7:3, 4.

7 Nanging, Makhlon lan Khilyon tetep nikah karo wong wadon Moab. Senajan mungkin kuwatir utawa gela, Naomi ngupaya tetep apikan lan nresnani mantu-mantuné, yaiku Rut lan Orpa. Mbokmenawa dhèwèké péngin para mantuné akiré isa nyembah Yéhuwah. Rut lan Orpa uga tresna banget karo Naomi. Hubungan sing apik iki mbantu wong telu kuwi tetep kuwat ngadhepi akèh masalah. Sakdurungé nduwé anak, Rut lan Orpa wis dadi randha.​—Rt. 1:5.

8. Apa sing mungkin nggawé Rut péngin cedhak karo Yéhuwah?

8 Apa agamané Rut isa mbantu dhèwèké ngadhepi akèh masalah kuwi? Kétoké ora. Wong Moab nyembah allah sing cacahé akèh, déwané sing utama yaiku Kamos. (Wi. 21:29) Wektu kuwi, kétoké cara ngibadah akèh agama klebu agama ing Moab, isiné tumindak kasar lan kejem, contoné ngurbanké anak. Kabèh sing disinaoni Rut saka Makhlon utawa saka Naomi bab Allahé Israèl sing welas asih, yaiku Yéhuwah, mesthi nggawé Rut sadhar nèk Yéhuwah béda banget karo allah-allahé. Yéhuwah mréntah nganggo dhasar katresnan, dudu rasa wedi. (Wacanen Pangandharing Torèt 6:5.) Wektu kélangan bojoné merga mati, Rut dadi saya cedhak karo Naomi. Rut uga gelem ngrungokké pas Naomi crita bab Yéhuwah Sing Mahakuwasa, pakaryané, tumindaké sing welas asih lan seneng ngapurani umaté.

Rut nyedhak marang Naomi wektu sedhih lan kélangan, kuwi tumindak wicaksana

9-11. (a) Keputusan apa sing digawé Naomi, Rut, lan Orpa? (b) Apa sing isa disinaoni saka kedadéan sing dialami Naomi, Rut, lan Orpa?

9 Naomi ya nunggu-nunggu kabar saka negarané. Ing sawijiné dina, mbokmenawa Naomi krungu saka pedagang keliling nèk ing Israèl wis ora kurang pangan. Yéhuwah nggatèkké umaté manèh.  Bètléhèm akiré cocog karo jenengé sing tegesé ”Omah Roti”. Naomi akiré mutuské mulih menyang Bètléhèm.​—Rt. 1:6.

10 Nèk Rut lan Orpa piyé? (Rt. 1:7) Hubungané Rut lan Orpa karo Naomi dadi saya cedhak sakwisé ngadhepi masalah bareng-bareng. Utamané Rut, sing cedhak karo Naomi, mungkin merga seneng karo sipaté Naomi sing welas asih lan imané sing kuwat marang Yéhuwah. Akiré, randha telu iki mlaku bareng menyang Yéhuda.

11 Crita bab Rut iki ngélingké awaké dhéwé nèk musibah lan rasa kélangan merga ditinggal mati, isa dialami wong apik lan jujur uga wong jahat. (Ko. 9:2, 11) Kuwi uga nduduhké, wektu ngrasa kélangan merga ditinggal mati, sing wicaksana yaiku golèk panglipuran lan dhukungan saka wong liya, utamané wong sing ngendelké Yéhuwah, Gusti Allahé Naomi.​—WB. 17:17.

Katresnané Rut sing Langgeng

12, 13. Apa sebabé Naomi ngongkon Rut lan Orpa bali ing kuthané timbang ngancani Naomi, lan piyé mauné tanggepané para mantuné?

12 Wektu randha telu kuwi mlaku saya adoh ninggalké Moab, ana kekuwatiran liya sing dipikirké Naomi. Naomi mikirké mantu-mantuné lan katresnan sing wis diduduhké marang dhèwèké lan anak-anaké. Naomi ora téga nambahi manèh kasusahané para mantuné. Nèk Rut lan Orpa gelem ninggalké kuthané lan mèlu Naomi, apa sing isa ditindakké Naomi kanggo mantu-mantuné ing Bètléhèm?

13 Akiré, Naomi kandha, ”Wis padha balia mulih menyang omahé mbokmu dhéwé-dhéwé, Sang Yéhuwah muga maringana kadarman [utawa, kabecikan] marang kowé dikaya kang wis dadi panggawému marang kang wis padha tinggal donya lan marang aku.” Naomi uga ngarep-arep Yéhuwah maringi bojo lan keluarga sing anyar kanggo mantu-mantuné. Terus, ”Mantuné nuli padha diambungi, nanging banjur padha nangis sora [utawa, seru].” Pancèn ora gampang kanggo Rut lan Orpa pisah saka Naomi, merga Naomi apikan banget lan ora mung mikirké kepentingané dhéwé. Rut lan Orpa kandha, ”Boten, kula sami badhé ndhèrèk panjenengan kondur murugi [utawa, marani] bangsa panjenengan.”​—Rt. 1:8-10.

14, 15. (a) Orpa bali marang apa waé? (b) Piyé Naomi ngupaya bèn Rut ninggalké dhèwèké?

 14 Naomi ora langsung setuju merga dhèwèké nduwé alesan sing kuwat. Naomi ngrasa nèk pancèn ora bakal isa mènèhi apa-apa kanggo mantu-mantuné ing Israèl mengko. Naomi wis ora nduwé bojo kanggo nyukupi kebutuhané, ora nduwé anak lanang sing isa dipèk bojo Rut lan Orpa, uga ora bakal nikah utawa nglairké anak manèh. Lan nèk ora isa nyukupi kebutuhan para mantuné kuwi, Naomi bakal sedhih banget. Orpa ngerti maksudé Naomi. Ing Moab, Orpa nduwé keluarga, ibu, lan omah. Orpa mikir, kétoké pancèn luwih masuk akal nèk tetep manggon ing Moab. Mula, Orpa ngambung terus ninggalké Naomi, senajan rasané abot banget.​—Rt. 1:11-14.

15 Terus Rut piyé? Omongané Naomi mau sakjané uga kanggo Rut. Nanging, awaké dhéwé maca, ”Rut kang isih nggondhèli [Naomi].” Isa waé Naomi wis arep mangkat lunga kanggo neruské perjalanan wektu dhèwèké sadhar nèk Rut ngetutké ing mburiné. Naomi kandha, ”Lah kuwi pripéanmu wis bali ngulihi bangsané lan para allahé, bok kowé iya bali mèlu pripéanmu!” (Rt. 1:15) Omongané Naomi nduduhké bab sing penting kanggo awaké dhéwé saiki. Orpa ora mung bali marang bangsané, nanging uga marang ”para allahé”. Dhèwèké wis marem dadi abdiné Kamos lan allah palsu liyané. Apa Rut ya kaya ngono?

16-18. (a) Piyé Rut nduduhké katresnan sing langgeng? (b) Bab katresnan sing langgeng, apa sing isa disinaoni saka Rut? (Deloken uga gambar wong wadon loro iki.)

16 Wektu nyawang Naomi ing dalan sing sepi kuwi, Rut yakin tenan karo keputusané. Dhèwèké tresna banget karo Naomi lan Gusti Allah sing disembah Naomi. Mula, Rut kandha, ”Kula sampun [utawa, aja] panjenengan peksa nilar panjenengan lajeng mantuk, boten  ndhèrèk panjenengan, awit dhatenga pundi kémawon purug panjenengan, kula inggih badhé ndhèrèkaken, sarta wontena ing pundi kémawon anggèn panjenengan nyaré, kula inggih badhé ndhèrèk sipeng. Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula; wontena pundi kémawon anggèn panjenengan séda, kula inggih badhé ndhèrèk pejah wonten ing ngriku, sarta wonten ing ngriku anggèn kula kakubur. Pangéran Yéhuwah mugi maringana paukuman dhateng kula, malah langkung saking punika, saupami kula ngantosa pisah kaliyan panjenengan, kejawi manawi pejah.”​—Rt. 1:16, 17.

”Bangsa panjenengan inggih bangsa kula, sarta Gusti Allah panjenengan inggih Gusti Allah kula”

17 Omongané Rut kuwi apik banget, lan nganti saiki, yaiku 3000 taun sakwisé Rut mati, omongan kuwi isih dikenal. Omongané Rut nduduhké sipaté sing aji, yaiku katresnan sing langgeng. Katresnan sing dirasakké Rut kuwi kuwat banget. Lan merga setya, Rut gelem mèlu Naomi lunga menyang ngendi waé. Mung pati sing isa medhot Rut karo Naomi. Bangsané Naomi bakal dadi bangsané Rut, merga Rut siyap ninggalké kabèh sing dikenal ing Moab, klebu allah-allahé. Ora kaya Orpa, Rut isa saktulusé ati kandha nèk péngin ndadèkké Yéhuwah, Allahé Naomi, dadi Allahé Rut. *

18 Saiki, mung gari wong loro kuwi sing neruské perjalanan menyang Bètléhèm, sing kira-kira butuh wektu seminggu. Senajan isih ngrasa kélangan, nanging Rut lan Naomi rada kelipur merga isa padha nguwatké siji lan sijiné.

19. Miturut panjenengan, piyé carané niru sipaté Rut yaiku katresnan sing langgeng ing keluarga, kekancan, lan ing jemaat?

19 Akèh wong saiki kerep ngrasakké kélangan merga wong sing ditresnani mati. Alkitab kandha nèk awaké dhéwé urip ing ”mangsa kang rekasa”, sing akèh kasusahan lan rasa kélangan. (2 Tm. 3:1) Mula, sipaté Rut yaiku katresnan sing langgeng, dadi saya penting. Katresnan iki, sing nggawé wong gelem gondhèlan kenceng karo apa sing ditresnani lan ora gelem ngeculké, kuwi kekuwatan sing migunani ing donya sing tambah ruwed iki. Awaké dhéwé mbutuhké sipat iki ing urip bebojoan, hubungan keluarga, kekancan, lan ing jemaat. (Wacanen 1 Yokanan 4:7, 8, 20.) Nèk terus ngupayakké sipat iki, awaké dhéwé niru tuladhané Rut sing apik banget.

Rut lan Naomi ing Bètléhèm

20-22. (a) Critakna kahanané Naomi sakwisé mulih manèh menyang Bètléhèm. (b) Apa pandhangané Naomi sing klèru bab kasusahané? (Deloken uga Yakobus 1:13.)

20 Mung ngomong nèk nduwé katresnan sing langgeng kuwi  ora cukup. Katresnan sing langgeng kudu dibuktèkké liwat tumindak. Saiki, Rut nduwé kesempatan kanggo nduduhké katresnan sing langgeng ora mung marang Naomi, nanging uga marang Yéhuwah.

21 Wong wadon loro kuwi akiré tekan Bètléhèm, désa sing adohé kira-kira sepuluh kilomèter ing sisih kidul Yérusalèm. Kétoké, Naomi lan keluargané mbiyèn cukup terkenal ing kutha cilik kuwi, merga saben wong ngomongké bab Naomi sing mulih manèh menyang Bètléhèm. Wong-wong wadon ing kana padha kandha, ”Apa iku Naomi?” Kétoké, wong-wong ora langsung ngerti nèk kuwi Naomi. Dhèwèké saiki wis malih. Penampilan lan wajahé Naomi nduduhké beban kasusahané sing wis taunan dialami ing Moab, uga rasa kélangané.​—Rt. 1:19.

22 Marang para kanca lan tanggané sing wis suwé ora ketemu, Naomi nyritakké uripé sing pait banget. Dhèwèké malah ngrasa nèk jenengé kudu diganti. Saka Naomi sing tegesé ”Kesenenganku”, dadi Mara sing tegesé ”Pait”. Mesakké banget Naomi. Kaya Ayub sing urip sakdurungé Naomi, Naomi ngira nèk Yéhuwah sing nyebabké kasusahané iki.​—Rt. 1:20, 21; Ay. 2:10; 13:24-26.

23. Apa sing mulai dipikirké Rut, lan ing Hukum Musa ana cara apik apa kanggo nggatèkké wong mlarat? (Deloken cathetan ing ngisor.)

23 Wong wadon loro iki kudu nggolèk cara bèn isa urip ing Bètléhèm. Rut mulai mikirké carané isa nyukupi kebutuhané dhéwé lan Naomi. Rut ngerti nèk ing Hukum sing diparingké Yéhuwah marang bangsa Israèl, ana cara apik kanggo nggatèkké wong-wong mlarat. Wong-wong kuwi éntuk mlebu ing ladhang-ladhang wektu panèn lan ngetutké wong sing manèn, terus njupuk sisa-sisa sing kecècèr lan hasil panèn sing thukul ing pinggir lan pojokané ladhang. *Km. 19:9, 10; PT. 24:19-21.

24, 25. Pas ora sengaja mlebu ing ladhangé Boas, apa sing ditindakké Rut, lan kaya apa gawéan njupuki sisa panèn kuwi?

24 Saiki lagi panèn barli, mbokmenawa kuwi sasi April kalènder modhèren. Rut lunga ing  ladhang kanggo nggolèk wong sing ngéntukké njupuk sisa panèn. Wektu kuwi, dhèwèké ora sengaja mlebu ing ladhang duwèké Boas, wong sugih sing isih seduluran karo bojoné Naomi, yaiku Élimèlèkh. Senajan miturut Hukum Rut éntuk njupuk sisa panèn, nanging Rut ora sakarepé dhéwé. Rut njaluk ijin karo wong lanang enom sing ngawasi wong manèn. Sakwisé diijinké, Rut langsung kerja.​—Rt. 1:22–2:3, 7.

25 Bayangna Rut ngetutké wong manèn sing lagi ngethok pang-pang barli nganggo arit. Ing mburiné wong-wong kuwi, Rut mbungkuk kanggo njupuki sing kecècèr utawa sing kèri, terus nalèni barliné, lan nggawa ing panggonan kanggo nggepuk-nggepuk bèn wijiné prothol. Iki gawéan sing suwé lan nggawé kesel. Lan bakal saya abot manèh wektu wis awan. Nanging, Rut nyambut gawé terus, lan mung mandheg kanggo ngelap kringet. Bar kuwi, Rut maem awan sing sedherhana ing panggonan ngaso kanggo wong-wong sing kerja.

Rut sregep nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané lan Naomi, senajan gawéané rendhahan

26, 27. Boas kuwi wong lanang sing kaya apa, lan piyé tumindaké Boas marang Rut?

26 Tanpa disangka-sangka, jebulé ana wong sing nggatèkké Rut. Boas ndeloki Rut lan nakokké jenengé karo wong lanang enom sing ngawasi. Boas kuwi wong sing imané kuwat, mula dhèwèké seneng nyapa pegawéné nganggo salam, ”Pangéran Yéhuwah muga nunggila karo kowé”. Boas kandha kaya ngono marang kabèh pegawéné, klebu sing kerjané mung sedina utawa malah pendhudhuk asing. Pegawéné mangsuli nganggo salam sing padha. Boas nduduhké nèk perduli marang Rut kaya bapak marang anaké.​—Rt. 2:4-7.

27 Boas ngundang Rut ”enggèr”, lan ngandhani bèn Rut terus  nyambut gawé ing ladhangé kanggo njupuki sisa panèn. Boas ngongkon Rut tetep cedhak karo pegawéné wadon, bèn ora diganggu pegawé lanang. Boas mastèkké Rut éntuk maem wektu awan. (Wacanen Rut 2:8, 9, 14.) Sing paling penting, Boas ngalem lan nggedhèkké atiné Rut. Piyé carané?

28, 29. (a) Piyé anggepané wong-wong marang Rut? (b) Piyé panjenengan isa éntuk pangayomané Yéhuwah kaya Rut?

28 Wektu Rut takon ngapa dhèwèké isa éntuk welas asih padhahal pendhudhuk asing, Boas njawab nèk dhèwèké wis krungu kabèh sing ditindakké Rut kanggo Naomi. Kayané, Naomi wis crita karo wong-wong wadon ing Bètléhèm bab tumindaké Rut sing apik, lan akiré Boas dadi ngerti crita kuwi. Merga ngerti nèk Rut wis ngabdi marang Yéhuwah, Boas kandha, ”Sang Yéhuwah muga karsaa paring piwales marang panggawému iku, muga Sang Yéhuwah, Gusti Allahé Israèl, kang wus kokungsèni ing ayoming swiwiné iku karsaa maringi pituwas marang kowé kang satimbang.”​—Rt. 2:12.

29 Wektu ngrungokké kuwi, atiné Rut mesthi ngrasa ayem banget. Rut pancèn wis mutuské kanggo nggolèk pangayomané Yéhuwah, kaya anak manuk sing ngrasa ayem ing ngisor swiwiné indhuké. Rut matur nuwun karo Boas merga omongan sing nentremké ati kuwi. Lan Rut terus nyambut gawé tekan wayah surup.​—Rt. 2:13, 17.

30, 31. Apa sing isa disinaoni saka Rut bab nyambut gawé, seneng ngajèni, lan katresnan sing langgeng?

30 Imané Rut sing diduduhké liwat tumindak, dadi tuladha apik kanggo awaké dhéwé sing ngadhepi masalah ékonomi. Rut ora mikir nèk wong liya kudu mbantu dhèwèké, mula Rut ngajèni apa sing wis dikèkké marang dhèwèké. Rut uga ora isin nyambut gawé sedina muput kanggo wong sing ditresnani, senajan kuwi gawéan rendhahan. Rut gelem nampa lan ngetrapké naséhat wicaksana kanggo kerja nganggo cara sing aman, lan ing kumpulané wong apik. Sing paling penting, Rut ora tau lali karo Yéhuwah, sumber pangayoman sejati.

31 Nèk nduduhké katresnan sing langgeng kaya Rut, lan niru tuladhané sing andhap asor, sregep, lan seneng ngajèni, imané awaké dhéwé uga bakal dadi tuladha kanggo liyané. Nanging, piyé carané Yéhuwah maringi kabèh kebutuhané Rut lan Naomi? Awaké dhéwé bakal ngrembug iki ing bab sakbanjuré.

^ par. 17 Gatèkna, Rut ora mung nggunakké sebutan ”Allah” kaya pendhudhuk asing umumé. Nanging, Rut nggunakké asmané Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. The Interpreter’s Bible kandha, ”Nganggo cara kuwi, sing nulis buku Rut cetha nerangké nèk pendhudhuk asing iki abdiné Allah sing bener.”

^ par. 23 Kuwi Hukum sing apik banget, ora kaya Hukum ing Moab, negarané Rut. Mbiyèn, ing wilayah Timur Dekat, randha-randha disiya-siya. Ana karya réferènsi kandha, ”Sakwisé bojoné mati, biyasané para randha ngendelké anak lanangé kanggo ngopèni. Nèk ora nduwé anak lanang, isa waé randha kuwi kudu dadi budhak, pelacur, utawa mati.”