Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB ROLIKUR

Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian

Dhèwèké Setya Ngadhepi Akèh Ujian

1, 2. Apa sing mungkin dadi pepénginané Pétrus wektu Yésus ceramah ing Kapèrnaum, nanging bar kuwi apa sing kedadéan?

PÉTRUS kuwatir pas nggatèkké rupané wong-wong sing ngrungokké Yésus ing sinagogé Kapèrnaum. Pancèn, Pétrus manggon ing kutha iki. Gawéané dadi nelayan ya ana ing kéné, ing pantai loré Laut Galiléa. Kanca, sedulur, lan kanca kerjané Pétrus uga akèh sing manggon ing kutha iki. Mula, Pétrus mesthi péngin wong-wong ing kutha kuwi ngerti bab Yésus, lan ngrasakké bungah sing padha kaya Pétrus, merga sinau bab Kratoné Allah saka guru sing paling agung ing bumi. Nanging, kayané sing dikarepké Pétrus ora bakal kelakon wektu kuwi.

2 Akèh wong ora gelem ngrungokké manèh. Ana sing langsung nggrundel merga ora setuju karo omongané Yésus. Nanging, sing paling nggawé Pétrus kuwatir yaiku tanggepané murid-muridé Yésus. Rupané murid-murid kuwi kétok ora seneng karo pangertèn sing anyar, sing diwulangké Yésus. Malah, saiki dadi nesu lan ngamuk. Ana sing kandha nèk omongané Yésus keras tenan. Wong-wong kuwi akiré lunga saka sinagogé lan ora gelem dadi muridé Yésus manèh, merga ora gelem ngrungokké Yésus.​—Wacanen Yokanan 6:60, 66.

3. Imané Pétrus bola-bali mbantu dhèwèké nindakké apa?

3 Kahanan wektu kuwi ora gampang kanggoné Pétrus lan rasul-rasul liyané. Pétrus ora ngerti apa maksud omongané Yésus dina kuwi. Kanggoné Pétrus, omongané Yésus kuwi ora umum nèk ora diterangké apa tegesé. Terus, Pétrus bakal piyé? Kasetyané Pétrus marang Yésus diuji manèh. Iki dudu sing kapisan, nanging uga dudu sing pungkasan. Ayo dirembug piyé imané Pétrus mbantu dhèwèké tetep setya marang Yésus senajan ngadhepi akèh tantangan.

Tetep Setya Senajan Wong Liya Ora Setya

4, 5. Apa waé tumindaké Yésus sing béda karo karepé wong-wong?

4 Omongan lan tumindaké Yésus kerep ora disangka-sangka karo Pétrus. Wis ping bola-bali, tumindak lan omongané Yésus béda karo karepé wong-wong. Mung sedina sakdurungé, Yésus nggawé mukjijat mènèhi pangan éwonan wong. Mukjijat kuwi nggawé wong-wong  péngin ndadèkké Yésus raja, nanging Yésus malah ngalih lan ngongkon murid-muridé numpak prau menyang Kapèrnaum. Tumindaké Yésus kuwi nggawé akèh wong padha bingung. Ing wayah wenginé, Yésus nggawé bingung murid-muridé manèh. Wektu para murid numpak prau, Yésus mlaku ing ndhuwuré banyu segara ing Laut Galiléa sing ombaké gedhé, lan mènèhi Pétrus piwulang penting bab iman.

5 Ing wayah ésuké, akèh wong ngetutké Yésus lan para muridé menyang sebrang danau. Wong-wong kuwi tujuané mung péngin dikèki pangan, dudu péngin sinau saka Yésus. Mula, Yésus kanthi tegas ngandhani wong-wong sing mung ngutamakké perkara matèri kuwi. (Yo. 6:25-27) Rembugan kuwi isih diteruské nganti tekan ing sinagogé Kapèrnaum. Ing Kapèrnaum, Yésus tumindak manèh sing béda karo karepé wong-wong. Yésus mènèhi wulangan sing penting nanging ora gampang ditampa.

6. Yésus mènèhi umpama apa, lan piyé tanggepané wong-wong?

6 Yésus ora péngin wong-wong mara mung merga Yésus isa mènèhi pangan. Nanging, Yésus péngin wong-wong ngerti nèk Gusti Allah bakal maringi urip langgeng, mung nèk wong-wong kuwi nduwé iman marang tebusané Yésus lan niru tuladhané. Mula, Yésus mènèhi umpama, sing madhakké awaké kaya manna, roti saka swarga ing jamané Musa. Wektu ana sing nolak, Yésus nggunakké umpama sing luwih cetha, sing nerangké nèk wong kudu mangan daging lan ngombé getihé bèn isa éntuk urip langgeng. Wektu Yésus ngandhakké bab iki, wong-wong sing nolak saya nesu. Ana sing kandha, ”Tetembungan iki keras temenan, kang betah ngrungokaké baé sapa?” Murid-muridé Yésus dhéwé akèh sing mutuské mandheg dadi muridé. *Yo. 6:48-60, 66.

7, 8. (a) Apa sing durung dipahami Pétrus? (b) Piyé jawabané Pétrus marang pitakonané Yésus kanggo para rasulé?

7 Nèk Pétrus bakal piyé? Dhèwèké mesthi ya bingung karo omongané Yésus. Pétrus durung paham nèk Yésus kudu séda bèn isa nindakké kersané Allah. Nanging, apa Pétrus terus meneng-meneng lunga lan ninggalké Yésus kaya murid-murid sing plin-plan kuwi? Ora, ana sipat penting sing mbédakké Pétrus karo wong-wong kuwi. Sipat apa?

8 Yésus nyawang para rasulé lan kandha, ”Apa kowé uga padha arep ninggal Aku?” (Yo. 6:67, BJP) Wektu kuwi Yésus lagi omongan karo 12 rasulé, nanging kaya biyasané, Pétrus sing ndhisiki njawab. Pétrus mungkin sing paling tuwa ing antarané para rasul. Sing  mesthi, dhèwèké sing paling blak-blakan. Kétoké, Pétrus sing paling ora isa ngempet kanggo ngomongké apa sing ana ing pikirané. Ing kedadéan iki, sing ana ing pikirané yaiku omongané sing apik lan ora bakal dilalèkké. Pétrus kandha, ”Gusti, sinten ingkang badhé kula dhèrèki? Panjenengan ingkang kagungan pangandika ingkang maringi gesang sejatos [utawa, langgeng].”​—Yo. 6:68, BJP.

9. Piyé Pétrus nduduhké kasetyané marang Yésus?

9 Omongan kuwi mesthi nrenyuhké atiné panjenengan, ta? Iman marang Yésus wis mbantu Pétrus nduwé sipat sing aji banget, yaiku kasetyan. Pétrus ngerti nèk Yésus kuwi siji-sijiné Juru Slamet sing diparingké Yéhuwah. Yésus uga maringi kaslametan liwat piwulangé bab Kratoné Allah. Senajan ana sing nggawé bingung, Pétrus ngerti nèk ora ana panggonan liya kanggo diparani bèn isa nyenengké Gusti Allah, lan éntuk berkah urip langgeng.

Awaké dhéwé kudu setya karo wulangané Yésus, senajan kuwi béda karo pilihan utawa karepé awaké dhéwé

10. Piyé awaké dhéwé saiki niru tuladha kasetyané Pétrus?

10 Apa perasaané panjenengan ya kaya ngono? Sayangé, senajan ngaku nresnani Yésus, akèh wong ing donya iki ora setya karo Yésus. Nèk péngin nduwé kasetyan sejati marang Kristus, awaké dhéwé kudu nresnani piwulangé Yésus, kayadéné Pétrus. Awaké dhéwé kudu nyinaoni, ngerti maksudé, lan urip manut piwulang kuwi, klebu nèk awaké dhéwé éntuk piwulang sing angèl merga béda karo pilihan utawa karepé awaké dhéwé. Mung nèk kebukti setya, awaké dhéwé isa ngarep-arep urip langgeng kaya sing dikarepké Yésus.​Wacanen  Jabur 97:10.

Tetep Setya Wektu Dinaséhati

11. Critakna perjalanané Yésus lan para muridé. (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

11 Ora suwé sakwisé dina-dina sing sibuk kuwi, Yésus ngejak para rasul lan murid-muridé lunga menyang panggonan sing adoh banget ing arah lor saka pantai Laut Galiléa. Saka Laut Galiléa, sok-sok kétok puncak Gunung Hèrmon sing ditutupi salju, ing wates paling lor Tanah Prajanjian. Ing sisih kidulé ana Tanah Prajanjian. Wektu rombongan kuwi saya cedhak, gunung kuwi kétok saya dhuwur banget. Rombongan kuwi ngliwati dalan sing munggah, ing désa-désa sakcedhaké Kaisaréa Filipi. * Saka panggonan kuwi, pemandhangané apik banget. Lan ing kono, Yésus mènèhi pitakonan sing penting.

12, 13. (a) Apa sebabé Yésus péngin ngerti kesimpulané wong-wong bab dhèwèké? (b) Saka jawabané, piyé Pétrus nduduhké nèk nduwé iman sejati?

12 Yésus takon karo para muridé, ”Wong akèh iku padha ngarani Aku iki sapa?” Bayangna Pétrus sing ndeloki mripaté Yésus, lan  ngrasakké manèh sipat apik atiné Yésus uga kapinterané sing nggumunké. Yésus kepéngin ngerti kesimpulané wong-wong bab dhèwèké saka apa sing wis didelok lan dirungokké wong-wong kuwi. Para muridé njawab pitakonané Yésus, lan nyebutké pandhangan umum sing klèru bab Yésus. Nanging, Yésus péngin ngerti luwih akèh. Apa para muridé sing nduwé hubungan cedhak karo Yésus ya nduwé pandhangan sing klèru kaya ngono? Yésus takon, ”Lah, yèn kowé, Aku iki kokarani sapa?”​—Lk. 9:18-20.

13 Pétrus langsung cepet-cepet njawab nganggo cara sing cetha lan tegas. Omongané Pétrus kuwi makili isi ati para muridé Yésus. Pétrus njawab, ”Paduka punika Sang Kristus, Putraning Allah ingkang gesang!” Bayangna, pas kuwi Yésus mèsem lan ngalem Pétrus. Yésus ngélingké Pétrus nèk Allah Yéhuwah, lan dudu manungsa, sing nggawé wulangan bener lan penting iki dadi cetha marang wong-wong sing nduwé iman sejati. Pétrus akiré isa ngerti wulangan paling penting sing durung Yéhuwah duduhké marang wong-wong, yaiku sapa saktenané Sang Mèsih utawa Kristus sing wis suwé dijanjèkké.​—Wacanen Matéus 16:16, 17.

14. Yésus mènèhi Pétrus kaurmatan penting apa?

14 Ing ramalané Alkitab, Kristus diumpamakké watu sing bakal ditolak karo tukang-tukang bangunan. (Ms. 118:22; Lk. 20:17) Yésus nduduhké nèk Yéhuwah bakal ngedegké jemaat ing ndhuwuré watu kuwi, yaiku Kristus sing mau disebutké Pétrus. Yésus mènèhi Pétrus kaurmatan sing penting banget ing jemaat kuwi. Nanging iki dudu tegesé Yésus ngunggulké Pétrus lan nganggep rèmèh rasul liyané, kaya anggepané wong-wong. Yésus mènèhi Pétrus akèh tanggung jawab. Pétrus dipasrahi ”kuncining Kratoné Allah”. (Mt. 16:19, BJP) Pétrus nduwé pakurmatan kanggo mbukak kesempatan bèn wong-wong isa mlebu ing Kratoné Allah. Kesempatan sing kapisan kanggo wong Yahudi, terus kanggo wong Samaria, lan akiré kanggo wong dudu Yahudi.

15. Pétrus kandha apa marang Yésus, lan apa sebabé?

15 Nanging, Yésus tau kandha nèk wong sing dipercaya akèh perkara bakal dijaluki tanggung jawab luwih akèh. Omongané Yésus kuwi kelakon marang Pétrus. (Lk. 12:48) Yésus terus nduduhké wulangan penting bab Sang Mèsih, klebu nèk ora suwé manèh Sang Mèsih bakal sengsara lan mati ing Yérusalèm. Pétrus kuwatir wektu krungu kuwi. Mula, dhèwèké narik Yésus lan kandha, ”Gusti Allah nebihna Panjenengan saking prekawis menika. Panjenengan mboten  pisan-pisan badhé ketaman [utawa, ngalami] ingkang kados mekaten menika!”​—Mt. 16:21, 22, BJP.

16. Piyé Yésus mènèhi naséhat marang Pétrus, lan piwulang apik apa kanggo awaké dhéwé?

16 Maksudé Pétrus mesthi apik, mula jawabané Yésus mungkin ngagètké Pétrus. Yésus ngingerké awaké, terus mandeng murid-murid liyané sing kayané mikir padha kaya sing dipikirké Pétrus. Yésus kandha, ”Lungaa sangka ngarepku, Sétan! Kowé ngalang-alangi Aku, awit kowé manut karepé manungsa, ora manut karepé Gusti Allah.” (Mt. 16:23, BJS; Mk. 8:32, 33) Omongané Yésus kuwi mènèhi piwulang apik kanggo awaké dhéwé. Luwih gampang kanggo ngutamakké pikirané manungsa ketimbang pikirané Allah. Nèk nindakké iki, senajan tujuané merga péngin mbantu wong liya, nanging awaké dhéwé isa waé ora sengaja ndhukung karepé Sétan, dudu kersané Allah. Terus, piyé tanggepané Pétrus?

17. Apa maksud omongané Yésus wektu kandha marang Pétrus ”lungaa sangka ngarepku”?

17 Pétrus mesthi ngerti nèk Yésus ora nganggep Pétrus kuwi Sétan si Iblis. Omongané Yésus marang Pétrus béda karo omongané Yésus marang Sétan. Marang Sétan, Yésus kandha, ”Kana lunga.” Nèk marang Pétrus, Yésus kandha, ”Lungaa sangka ngarepku.” (Mt. 4:10, BJS) Yésus nolak Sétan, nanging Yésus ora nolak Pétrus merga Yésus ndelok nèk rasulé kuwi nduwé akèh sipat apik. Yésus mung mènèhi naséhat Pétrus merga cara mikiré salah. Pétrus ora éntuk ana ing ngarepé Yésus, utawa dadi watu sing marahi kesandhung, nanging Pétrus kudu dadi murid sing ana ing mburiné Yésus kanggo ndhukung.

Awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yésus lan Allah Yéhuwah, mung nèk andhap asor, gelem nampa naséhat, lan sinau saka naséhat kuwi

18. Piyé Pétrus nduduhké rasa setyané, piyé awaké dhéwé isa niru Pétrus?

18 Apa Pétrus mbantah, nesu, utawa jèngkèl? Ora, dhèwèké andhap asor gelem nampa naséhaté Yésus. Sepisan manèh, Pétrus nduduhké rasa setyané. Kabèh muridé Yésus uga terus butuh naséhat. Awaké dhéwé isa saya cedhak karo Yésus lan Allah Yéhuwah, mung nèk andhap asor gelem nampa naséhat lan sinau saka naséhat kuwi.​—Wacanen Wulang Bebasan 4:13.

Pétrus kebukti tetep setya wektu diwènèhi naséhat

Diberkahi Merga Setya

19. Yésus ngandhakké omongan apa sing marahi bingung, lan apa sing isa waé dipikirké Pétrus?

19 Ora let suwé, Yésus ngandhakké omongan liya sing marahi bingung, ”Satemené Aku pitutur marang kowé: Wong-wong kang  padha ana ing kéné iki ana kang ora bakal padha mati, sadurungé sumurup Putraning Manungsa rawuh ing kratoné.” (Mt. 16:28) Pétrus mesthi péngin banget ngerti apa maksud omongané Yésus kuwi. Merga bar diwènèhi naséhat sing tegas, isa waé Pétrus mikir nèk dhèwèké ora bakal nampa pakurmatan kusus iki.

20, 21. (a) Critakna wahyu sing didelok Pétrus. (b) Piyé omong-omongan ing wahyu kuwi nduduhké nèk Pétrus klèru?

20 Nanging, kira-kira seminggu sakwisé kuwi, Yésus ngajak Yakobus, Yokanan, lan Pétrus munggah ”ing gunung kang dhuwur”. Mungkin kuwi Gunung Hèrmon, sing adohé mung pirang-pirang kilomèter waé. Kétoké, wektu kuwi wayah wengi, merga telu muridé Yésus ngupaya bèn ora ngantuk. Nanging, wektu Yésus ndonga, ana kedadéan sing nggawé rasa ngantuk kuwi dadi ilang.​—Mt. 17:1; Lk. 9:28, 29, 32.

21 Para murid kuwi ndelok nèk wajahé Yésus malih dadi terang, lan ana sinaré, kaya srengéngé. Klambiné uga ana sinar putih sing terang banget. Terus, ana wong loro sing bareng karo Yésus, sing siji  kaya Musa, lan sing sijiné kaya Élia. Yésus lan wong-wong kuwi omong-omongan ”bab enggoné Gusti Yésus bakal nglakoni kasangsaran lan pati nang kuta Yérusalèm, ora suwi menèh, supaya apa sing wis dirantyam [utawa, diramalké] karo Gusti Allah bisa klakon kabèh”, klebu Yésus sing bakal diuripké manèh. Mula, wektu Pétrus kandha nèk Yésus ora bakal ngalami sengsara lan séda, Pétrus klèru banget.​—Lk. 9:30, 31, BJS.

22, 23. (a) Piyé Pétrus nduduhké nèk dhèwèké wong sing semangat lan ramah? (b) Berkah liya apa sing ditampa Pétrus, Yakobus, lan Yokanan wengi kuwi?

22 Pétrus péngin banget mèlu omong-omongan ing wahyu sing nggumunké kuwi. Kétoké, Musa lan Élia wis rampung omong-omongan karo Yésus. Mula Pétrus kandha, ”Guru, kawula sadaya sami rumaos begja sanget wonten ing ngriki. Mugi kawula sami kalilana sapunika damel tarub [utawa, téndha] tiga, satunggal kagem Paduka, satunggal kagem Nabi Musa, satunggalipun kagem Nabi Élia.” Pétrus ora mikir dhisik sakdurungé ngomong, mesthiné loro abdiné Yéhuwah sing wis suwé mati kuwi ora mbutuhké téndha. Nanging, awaké dhéwé ngerti nèk Pétrus wong sing semangat lan ramah.​—Lk. 9:33.

Bareng karo Yakobus lan Yokanan, Pétrus diberkahi isa éntuk wahyu sing nggumunké

23 Pétrus, Yakobus, lan Yokanan nampa berkah liya. Ana méga ing ndhuwuré wong-wong kuwi. Lan saka méga kuwi ana swara sing metu, kuwi swarané Yéhuwah. Yéhuwah ngendika, ”Iki PutraningSun kang Sunpilih, padha èstokna [utawa, tindakna] dhawuhé!” Terus, wahyu kuwi rampung, lan ing gunung kuwi mung ana Yésus lan rasulé telu.​—Lk. 9:34-36.

24. (a) Apa paédahé wahyu kuwi marang Pétrus? (b) Piyé carané awaké dhéwé saiki isa éntuk paédah saka wahyu kuwi?

24 Wahyu kuwi mènèhi paédah kanggo Pétrus lan kanggo awaké dhéwé. Puluhan taun sakwisé, Pétrus nulis bab kaurmatan sing ditampa kuwi, yaiku isa ngerti dhisik gambaran sing nggumunké bab kamulyané Sang Raja Yésus, lan ”dadi seksi ing bab kaluhurané”. Wahyu kuwi nggawé cetha ramalané Alkitab, lan nguwatké imané Pétrus kanggo ngadhepi tantangan liya sing isih kudu dialami. (Wacanen 2 Pétrus 1:16-19.) Awaké dhéwé uga isa kaya Pétrus, nèk tetep setya marang Yésus, sinau saka Yésus, gelem nampa naséhat, lan kanthi andhap asor terus niru Yésus.

^ par. 6 Tanggepané kumpulan wong ing sinagogé kuwi béda banget nèk dibandhingké karo tanggepané wong-wong kuwi sedina sakdurungé, wektu padha semangat nyebut Yésus nabiné Gusti Allah. Cetha nèk wong-wong kuwi ora nduwé pendhirian.​—Yo. 6:14.

^ par. 11 Saka pantai Laut Galiléa, kelompok kuwi nglakoni perjalanan sing adohé 50 kilomèter. Perjalanané mulai saka dhaérah sing panggonané kira-kira 210 mèter dibawah permukaan laut nganti kira-kira 350 mèter diatas permukaan laut. Pemandhangan ing dhaérah kuwi apik banget.