Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB TELULAS

Dhèwèké Sinau saka Salahé

Dhèwèké Sinau saka Salahé

1, 2. (a) Gara-gara Yunus, kedadéan apa sing dialami Yunus lan para pelaut ing kapal? (b) Apa paédahé critané Yunus kanggo awaké dhéwé?

YUNUS péngin ngendhegké swara-swara ribut sing nggawé wedi. Kuwi ora mung swarané angin gedhé sing ngenani tali kapal. Kuwi uga ora mung swarané ombak gedhé sing nerjang pinggirané kapal sing marahi kayu-kayuné pating kretek. Nanging, sing luwih nguwatirké Yunus yaiku swarané para pelaut, kaptèn, lan anggota kapal sing padha bengak-bengok karo ngupaya bèn kapalé ora kleleb. Yunus yakin nèk wong-wong kuwi bakal mati, lan kuwi kabèh gara-gara dhèwèké.

2 Apa sebabé Yunus ana ing kahanan sing medèni kuwi? Yunus dosa marang Yéhuwah, Gusti Allahé. Dosa apa sing bar ditindakké Yunus? Apa hubungané Yunus karo Gusti Allah bakal rusak sakterusé? Jawaban saka pitakonan kuwi isa mulang awaké dhéwé. Contoné, critané Yunus mulang nèk wong sing imané kuwat isa nggawé salah lan ndandani salahé kuwi.

Nabi saka Galiléa

3-5. (a) Biyasané wong-wong mikir apa bab Yunus? (b) Apa sing awaké dhéwé ngertèni bab asal usulé Yunus? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (c) Apa sebabé kahanan pas Yunus dadi nabi ora gampang lan ora nyenengké?

3 Wektu mikir bab Yunus, biyasané wong-wong mung ngéling-éling sipaté sing èlèk, contoné ora manut lan angèl dikandhani. Nanging, sakjané ya akèh tumindaké Yunus sing apik. Élinga nèk Yunus dipilih dadi nabiné Allah. Yéhuwah ora bakal milih Yunus nindakké tanggung jawab sing gedhé kuwi, nèk Yunus wong sing ora setya utawa ora nduwé iman.

Ana akèh bab sing apik saka Yunus ketimbang sipat èlèké

4 Ing Alkitab mung ana katrangan singkat bab asal-usulé Yunus. (Wacanen 2 Para Raja 14:25.) Asalé Yunus saka Gat-hèfèr, adohé mung patang kilomèter saka Nasarèt. Kira-kira wolung atus taun  sakbanjuré, Yésus Kristus manggon ing kutha Nasarèt kuwi. * Yunus ngabdi dadi nabi ing jamané Raja Yérobéam II saka kerajaan Israèl sepuluh suku. Élia wis suwé mati, lan nabi sakbanjuré yaiku Élisa ya wis mati pas pamréntahané bapaké Yérobéam. Senajan Yéhuwah wis nggunakké nabi-nabi kuwi kanggo nyingkirké penyembahan marang Baal, nanging Israèl sengaja nindakké kuwi manèh. Wong Israèl niru tuladha rajané sing ”nindakaké apa kang ala ana ing paningaling Sang Yéhuwah”. (2 Ra. 14:24) Mula, pas Yunus dadi nabi, kahanané ora gampang lan ora nyenengké, nanging Yunus tetep setya nindakké tugasé.

5 Ing sawijiné dina, uripé Yunus dadi malih. Yunus nampa tugas saka Yéhuwah sing kanggoné Yunus angèl dilakoni. Tugas apa sing diparingké Yéhuwah marang Yunus?

”Sira Mangkata, Paranana Kutha Gedhé Niniwé”

6. Tugas apa sing diparingké Yéhuwah marang Yunus, lan apa sebabé tugas kuwi kétoké angèl banget?

6 Yéhuwah ngendika marang Yunus, ”Sira mangkata, paranana kutha gedhé Niniwé lan ngundhangna pamelèh marang nagara iku, awit durakané wus sumengka tekan ing ngarsaningSun.” (Yn. 1:2) Pancèn lumrah nèk nganggep tugas kuwi angèl banget. Apa sebabé? Kutha Niniwé kuwi adohé kira-kira 800 kilomèter ing arah wétan, lan butuh wektu kira-kira sesasi nèk mlaku. Nanging, adohé perjalanan kuwi durung ana apa-apané. Ing Niniwé, Yunus kudu ngumumké warta paukumané Yéhuwah marang wong Asyur sing kejem banget. Nèk umaté Allah waé ora gelem ngrungokké wartané, apa manèh wong-wong kafir kuwi. Piyé carané abdiné Yéhuwah sing mung siji kuwi isa slamet saka kutha gedhé sing disebut ”kutha kang ngwutahaké getih iku”?​—Na. 3:1, 7.

7, 8. (a) Apa sing nduduhké nèk Yunus nduwé tékad sing kuwat banget kanggo ninggalké tugasé? (b) Apa sebabé aja mikir nèk Yunus wong sing wedinan?

7 Isa waé Yunus ya mikir kaya ngono, nanging awaké dhéwé ora ngerti sing saktenané. Sing jelas yaiku, Yunus ninggalké tugasé. Yéhuwah ndhawuhi Yunus lunga menyang arah wétan, nanging Yunus malah lunga ngulon sak adoh-adohé. Yunus lunga ing pesisir dhisik, ing kutha pelabuhan Yafo, utawa Yopa. Ing pelabuhan kuwi, Yunus éntuk kapal sing arep mangkat menyang Tarsis. Ana ahli sing kandha nèk Tarsis wektu kuwi ana ing Spanyol. Nèk kuwi bener, Yunus lunga adohé kira-kira 3.500 kilomèter saka Niniwé. Pelayaran menyang ujungé  Laut Besar isa waé suwéné setaun. Tékadé Yunus bener-bener kuwat kanggo ninggalké tugas sing wis diparingké Yéhuwah marang dhèwèké.​—Wacanen Yunus 1:3.

8 Apa kuwi tegesé Yunus wong sing wedinan? Aja cepet-cepet mikir kaya ngono. Bar iki, awaké dhéwé bakal maca bab kedadéan sing malah nduduhké nèk Yunus kuwi kendel. Kaya awaké dhéwé, Yunus uga wong sing ora sampurna sing isa nggawé salah. (Ms. 51:7) Awaké dhéwé mesthi ya wis tau ngrasa wedi.

9. Kadhang kala, piyé perasaané awaké dhéwé nèk diparingi tugas saka Yéhuwah, lan apa kandhané Yésus sing kudu diéling-éling?

9 Wektu diparingi tugas saka Yéhuwah, kadhang kala awaké dhéwé rumangsa nèk tugas kuwi angèl dilakoni, malah kayané babar blas ora isa dilakoni. Mungkin awaké dhéwé wedi nginjil, padhahal kuwi tugas sing paling penting kanggo wong Kristen. (Mt. 24:14) Gampang banget nglalèkké kandhané Yésus, ”Tumraping Allah samubarang kabèh bisa kalakon.” (Mk. 10:27) Awaké dhéwé isa ngerti piyé perasaané Yunus, merga sok-sok awaké dhéwé uga lali karo kandhané Yésus mau. Nanging, apa akibaté merga Yunus ninggalké tugasé?

Yéhuwah Ngukum Nabiné sing Ora Manut

10, 11. (a) Isa waé Yunus ngira apa pas kapalé mangkat ninggalké pelabuhan? (b) Bebaya apa sing diadhepi para pelaut lan kapalé?

10 Yunus arep lunga adoh numpak kapal. Mungkin kuwi kapal Fénisia kanggo ngangkut barang. Bayangna Yunus lagi nggolèk panggonan sing kepénak ing kapal kuwi. Yunus uga ndelok kaptèn lan anggotané lagi sibuk nyiapké kapal sing arep mangkat ninggalké pelabuhan. Saya suwé, pantainé saya ora kétok. Yunus isa waé ngira nèk dhèwèké wis bébas saka bebaya sing diwedèni banget. Nanging ujug-ujug, cuacané malih.

11 Angin sing gedhé banget nggawé segara ombaké gedhé lan medèni. Kanggo kapal modhèren sing gedhé, kahanan kaya ngono kuwi mbebayani banget, apa manèh kanggo kapal kayu sing kétok cilik lan ringkih kuwi. Mesthi ora suwé manèh kapal kaya ngono bakal kleleb. Apa pas kuwi Yunus ngerti bab sing akiré ditulis nèk ’Yéhuwah sing ndhatengaké prahara ing segara’? Awaké dhéwé ora ngerti. Nanging, Yunus ndelok para pelaut mulai njaluk tulung karo allah-allahé, lan Yunus ngerti nèk allah-allah palsu kuwi ora mungkin isa mbantu. (Km. 19:4) Alkitab kandha, ”Prauné nganti mèh-mèh baé pecah ambyar.” (Yn. 1:4) Apa mungkin Yunus bakal ndonga marang Allah, padhahal dhèwèké lagi ninggalké tugas sing diparingké Allah?

12. (a) Apa sebabé aja cepet-cepet nggawé kesimpulan bab Yunus sing turu wektu ana badai? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Piyé carané Yéhuwah nduduhké sapa sing nyebabké kedadéan kuwi?

12 Yunus ora ngerti kudu tumindak apa kanggo nulungi para pelaut kuwi. Yunus mudhun ing bagéan ngisor kapal kuwi kanggo turu.  Yunus turu angler banget. * Kaptèn kapal marani Yunus terus nggugah, lan ngongkon Yunus ndonga marang allahé, kaya wong liyané. Merga yakin nèk asalé angin iki saka kekuwatan gaib, para pelaut kuwi mbuwang undhi bèn ngerti sapa sing nyebabké kedadéan kuwi. Yunus isa waé saya kuwatir merga wong-wong kuwi ora kena undhi. Sedhéla manèh sing saktenané bakal dingertèni. Yéhuwah nggawé undhi kuwi kena marang Yunus, lan nduduhké nèk Yéhuwah sing nekakké badai merga Yunus ora manut.​—Wacanen Yunus 1:5-7.

13. (a) Yunus ngaku apa marang para pelaut? (b) Yunus ngongkon para pelaut nindakké apa, lan apa sebabé?

13 Akiré Yunus ngaku karo para pelaut kuwi nèk dhèwèké abdiné Yéhuwah, Gusti Allah sing Mahakuwasa. Yunus ninggalké tugas lan nglarani atiné Yéhuwah, mula wong-wong padha ngalami bebaya kuwi. Yunus ngerti nèk wong-wong kuwi lagi padha kewedèn. Wong-wong kuwi takon kudu piyé bèn kapal lan nyawané isa slamet. Yunus kudu ngomong apa? Yunus mungkin kewedèn nèk mbayangké dhèwèké bakal kleleb ing njero segara sing adhem banget lan mbebayani kuwi. Nanging, apa mungkin Yunus nyebabké wong-wong mati kaya ngono, padhahal sakjané Yunus isa nylametké? Mula Yunus kandha, ”Kula sampéyan angkat, kacemplungna ing saganten [utawa, segara], temah saganten temtu lajeng lerem saha boten nempuh dhateng sampéyan sadaya malih. Margi kula ngretos, anggèn sampéyan katempuh ing prahara ageng punika, margi saking kula.”​—Yn. 1:12.

14, 15. (a) Piyé carané niru imané Yunus? (b) Piyé tanggepané para pelaut karo penjaluké Yunus?

14 Wong sing wedinan ora bakal kandha kaya ngono, ta? Yéhuwah mesthi seneng merga Yunus kendel lan lila ngurbanké nyawané ing kahanan sing medèni kuwi. Sakjané kuwi bukti nèk Yunus nduwé iman sing gedhé. Saiki, awaké dhéwé isa niru Yunus nèk ngutamakké kepentingané wong liya ketimbang kepentingané dhéwé. (Yo. 13:34, 35) Wektu ngerti wong liya butuh bantuan, isa bab kebutuhan saben dina, butuh dhukungan merga lagi strès, utawa péngin ngerti wulangan sing bener, apa awaké dhéwé gelem mbantu? Awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah nèk seneng mbantu wong liya.

15 Kétoké para pelaut kuwi dadi trenyuh wektu krungu omongané Yunus, buktiné wong-wong kuwi mauné ora gelem nyemplungké Yunus ing segara. Wong-wong kuwi malah ngupaya sak isa-isané nylametké kapalé, nanging siya-siya. Badainé saya medèni. Akiré ora ana pilihan liyané. Karo mbengok marang Yéhuwah, Gusti Allahé Yunus, bèn nduduhké welas asihé, wong-wong kuwi ngangkat Yunus lan nyemplungké ing segara.​—Yn. 1:13-15.

Yunus ngongkon lan meksa para pelaut kanggo nyemplungké Yunus ing segara

 Yunus Éntuk Welas Asih lan Kaslametan

16, 17. Critakna kedadéan sakwisé Yunus dicemplungké ing segara. (Deloken uga gambar.)

16 Yunus diterjang ombak sing gedhé. Dhèwèké terus ngupaya bèn ora kleleb. Yunus ndelok saka antarané ombak sing nggulung-nggulung kuwi, kapal mau cepet banget ngadohé. Terus, gulungan ombak gedhé ngenani lan nggawé Yunus kleleb. Klelebé saya jero, jero banget, nganti Yunus ngrasa wis ora ana pangarep-arep manèh.

17 Yunus akiré nggambarké perasaané wektu kuwi. Yunus mbayangké kedadéan-kedadéan ing uripé. Yunus sedhih merga ora bakal isa ndelok manèh padalemané Yéhuwah sing éndah ing Yérusalèm. Yunus ngrasa saya kleleb nganti tekan njero segara, cedhak dhasar gunung laut, lan kegubed ganggang laut. Kétoké, panggonan kuwi bakal dadi kuburané.​—Wacanen Yunus 2:2-6.

18, 19. Apa sing dialami Yunus ing njero segara, makhluk laut apa sing dimaksud, lan sapa sing nyebabké kabèh kedadéan kuwi? (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

18 Nanging, mengko dhisik. Ana sing obah-obah cedhak kono, bentuké gedhé banget lan ireng, kuwi kéwan sing urip. Kéwan kuwi  nyedhaki Yunus, lan saya cedhak, ngerti-ngerti cangkemé mangap amba banget, terus ngeleg Yunus.

”Saka panuntuning Yéhuwah nuli ana iwak gedhé kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus”

19 Yunus mesthi mikir dhèwèké bakal mati. Nanging, Yunus nggumun. Jebulé dhèwèké isih urip. Awaké ora remuk, prothol, utawa mati lemes. Yunus isih ambegan, padhahal dhèwèké ana ing panggonan sing isa waé dadi kuburané. Saya suwé, Yunus saya nggumun. Mesthi Yéhuwah sing nyebabké ”ana iwak gedhé kang teka lan nguntal marang Nabi Yunus”. *Yn. 1:17.

20. Apa sing isa disinaoni bab Yunus saka dongané wektu ing njero iwak gedhé?

20 Ora krasa, Yunus wis suwé ana ing panggonan sing peteng ndhedhet lan asing kuwi. Ing kono, Yunus mikir tenanan lan ndonga marang Yéhuwah. Dongané Yunus sing dicathet ing kitab Yunus bab loro isa mulang awaké dhéwé. Donga kuwi nduduhké nèk Yunus nduwé pangertèn sing akèh saka Kitab Suci, merga donga kuwi kerep nyuplik kitab Jabur. Donga kuwi uga nduduhké sipat sing nentremké ati, yaiku rasa sokur. Yunus nyimpulké, ”Kawula badhé nyaosi kurban dhateng Paduka kanthi ngucap sokur; punapa ingkang dados punagi [utawa, janji] kawula, badhé kawula leksanani; kawilujengan punika namung saking Sang Yéhuwah!”​—Yn. 2:9.

21. Bab kaslametan, Yunus éntuk piwulang apa, lan apa sing kudu awaké dhéwé éling-éling?

21 ”Ing sajroning wetengé iwak”, Yunus éntuk piwulang nèk Yéhuwah isa nylametké sapa waé, ing ngendi waé, lan kapan waé. Malah senajan ing kono, Yéhuwah nemokké lan nylametké abdiné sing lagi susah. (Yn. 1:17) Mung Yéhuwah sing isa nggawé wong isa tetep urip lan séhat suwéné telung dina telung wengi ing njero wetengé iwak. Awaké dhéwé saiki kudu éling nèk Yéhuwah ”Gusti Allah, ingkang ngregem [utawa, nggegem] napas dalem”. (Dn. 5:23) Awaké dhéwé nduwé utang marang Yéhuwah merga isa ambegan lan urip ing donya iki. Apa awaké dhéwé ngucap sokur marang Yéhuwah? Nèk iya, awaké dhéwé mesthi bakal manut karo préntah-préntahé.

22, 23. (a) Piyé rasa sokuré Yunus diuji? (b) Apa sing isa disinaoni saka Yunus nèk awaké dhéwé nggawé salah?

 22 Nèk Yunus piyé? Apa dhèwèké ya bakal nduduhké rasa sokuré nganggo cara manut marang préntahé Yéhuwah? Sakwisé telung dina telung wengi, iwak gedhé mau nggawa Yunus ing pantai lan ’ngwutahaké menyang ing dharatan’. (Yn. 2:10) Bayangna, Yéhuwah mbantu Yunus bèn ora perlu renang menyang pantai. Senajan ngono, Yunus tetep kudu ngupaya nggolèk dalan dhéwé kanggo metu saka pantai kuwi. Sakwisé kuwi, rasa sokuré Yunus marang Yéhuwah diuji. Yunus 3:1, 2, kandha, ”Nabi Yunus banjur kapangandikanan déning Pangéran Yéhuwah kang kaping pindhoné: Mangkata, menyanga ing Niniwé, kutha kang gedhé iku lan ngandhakna marang kutha iku, pangandika kang bakal Sunparingaké marang sira.” Apa sing bakal ditindakké Yunus?

23 Yunus ora ragu-ragu. Alkitab kandha, ”Nabi Yunus tumuli tata-tata lan banjur mangkat menyang ing Niniwé, cundhuk [utawa, cocog] karo pangandikané Gusti Allah.” (Yn. 3:3) Dadi, Yunus manut. Dhèwèké sinau saka salahé. Awaké dhéwé isa niru imané Yunus iki. Awaké dhéwé uga manungsa sing nduwé dosa lan kerep nggawé salah. (Rm. 3:23) Apa awaké dhéwé nyerah, utawa sinau saka salahé awaké dhéwé lan gelem manut karo Yéhuwah?

24, 25. (a) Berkah apa sing ditampa Yunus ing uripé? (b) Berkah apa sing sukmbèn bakal ditampa Yunus?

24 Apa Yéhuwah mberkahi Yunus merga manut? Iya, salah sijiné mbokmenawa akiré Yunus ngerti nèk para pelaut kuwi slamet. Badai kuwi mandheg sakwisé tumindaké Yunus sing lila ngurbanké nyawa. Para pelaut kuwi ”dadi banget wediné marang Sang Yéhuwah” lan padha mènèhi kurban marang Yéhuwah ketimbang marang allah-allah palsuné.​—Yn. 1:15, 16.

25 Berkah sing luwih gedhé bakal ditampa Yunus sukmbèn. Suwéné Yunus ana ing wetengé iwak raksasa digunakké Yésus ing ramalan sing nggambarké suwéné Yésus ing kuburan. (Wacanen Matéus 12:38-40.) Yunus mesthi seneng pas dhèwèké ngerti berkah kuwi wektu diuripké manèh ing bumi. (Yo. 5:28, 29) Yéhuwah uga péngin mberkahi panjenengan. Panjenengan isa niru Yunus sing sinau saka salahé, gelem manut karo Gusti Allah, lan lila ngurbanké nyawa kanggo wong liya.

^ par. 4 Asal usulé Yunus sing saka kutha Galiléa kudu digatèkké. Merga pas ngomongké bab Yésus, wong Farisi sing sombong kandha, ”Cobi panjenengan tliti saking Kitab Suci, rak mboten wonten Nabi ingkang asalipun saking tanah Galiléa?” (Yo. 7:52, BJP) Akèh penerjemah lan peneliti ngira nèk wong Farisi nduwé pandhangan sing ngrendhahké, yaiku ora mungkin ana nabi sing asalé saka Galiléa, dhaérah sing ora terkenal. Nèk pancèn ngono, kuwi tegesé wong Farisi ora nggatèkké sejarah lan ramalan.​—Yé. 8:23; 9:1.

^ par. 12 Saking angleré Yunus, Septuaginta nambahi katrangan nèk Yunus nganti ngorok. Nanging, ketimbang nganggep nèk Yunus ora perduli, awaké dhéwé mungkin éling nèk pepénginan kanggo turu isa gedhé banget nèk wong lagi cilik ati. Pas Yésus ngalami kahanan sing angèl ing Taman Gètsémané, Pétrus, Yakobus, lan Yokanan ”padha turu, marga saka susahé”.​—Lk. 22:45.

^ par. 19 Tembung Ibrani ”iwak”, diterjemahké ing basa Yunani dadi ”makhluk laut raksasa” utawa ”iwak raksasa”. Senajan awaké dhéwé ora isa nemtokké makhluk laut sing dimaksud kuwi apa, nanging miturut pengamatan ana hiu-hiu ing Laut Tengah sing isa langsung ngeleg manungsa. Ing panggonan liya, ana hiu-hiu sing luwih gedhé. Hiu paus dawané isa nganti 15 mèter, malah isa luwih dawa manèh.