Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB SIJI

”Isih Bisa Ngucap Sawisé Mati”

”Isih Bisa Ngucap Sawisé Mati”

1. Apa sing ngalangi Adam lan Kawa bèn ora mlebu ing Taman Èden, lan apa sing diarep-arep Habél?

HABÉL ngawasi wedhus-wedhusé sing lagi asik mangan suket ing gunung. Saka kadohan, isa waé Habél ndelok panggonan sing ana kilatan sinar, ing kono ana pedhang sing murub lan muter terus kaya kitiran. Pedhang kuwi ngalangi dalan ing Taman Èden. Mbiyèn, wong tuwané manggon ing kono, nanging saiki Adam lan Kawa uga anak-anaké ora isa mlebu ing Taman Èden. Saiki, coba rasakna semiliré angin wayah soré sing ngenani rambuté Habél, bayangna uga Habél lagi nyawang langit lan mikirké Sing Nggawé Urip. Apa sing diarep-arep Habél? Mesthiné dhèwèké péngin hubungan sing rusak antarané manungsa karo Gusti Allah isa apik manèh.

2-4. Piyé carané Habél ngomong karo awaké dhéwé saiki?

2 Habél saiki lagi ngomong karo panjenengan. Apa panjenengan isa krungu? Kayané kuwi ora mungkin. Anaké Adam sing nomer loro kuwi wis mati mèh 6000 taun kepungkur. Alkitab uga mulang, ”Wong mati ora mangreti apa-apa.” (Ko. 9:5, 10) Omongané Habél uga ora ana ing Alkitab. Terus piyé Habél isih isa ngomong sakwisé mati?

3 Bab Habél, rasul Paulus kandha, ”Jalaran saka pracaya [utawa, iman] isih bisa ngucap sawisé mati.” (Wacanen Ibrani 11:4.) Dadi, Habél ngomong karo awaké dhéwé saiki liwat tuladha imané. Habél kuwi manungsa sepisanan sing nduwé sipat aji kuwi. Imané bener-bener kuwat, lan dadi conto sing pantes ditiru nganti saiki. Nèk sinau lan niru imané, awaké dhéwé kaya-kayané lagi ngrungokké Habél.

4 Apa sing isa disinaoni saka Habél lan imané, padhahal crita bab Habél ing Alkitab mung sithik? Ayo padha digatèkké.

Urip ”Nalika Bumi Katitahaké”

5. Terangna maksudé Yésus wektu kandha nèk Habél urip ”nalika bumi katitahaké”. (Deloken uga cathetan ing ngisor.)

5 Habél lair wektu wiwitané sejarah manungsa. Nanging, Yésus  kandha nèk Habél urip ”nalika bumi katitahaké”. (Wacanen Lukas 11:50, 51.) Bumi sing dikandhakké Yésus maksudé wong-wong sing isa ditebus saka dosa. Senajan Habél manungsa kapapat ing bumi, nanging miturut Gusti Allah dhèwèké manungsa kapisan sing isa ditebus. * Dadi, wektu kuwi ora ana wong sing isa ditiru karo Habél.

6. Coba critakna piyé wong tuwané Habél kuwi.

6 Senajan donya wektu kuwi isih anyar, nanging wis kebak masalah. Wong tuwané Habél yaiku Adam lan Kawa, mesthiné bagus lan ayu rupané uga séhat tenan. Nanging, Adam lan Kawa sadhar nèk uripé wis gagal. Mbiyèn wong loro kuwi sampurna lan isa urip saklawasé, nanging terus mbrontak marang Yéhuwah, lan akiré diusir saka Taman Èden. Adam lan Kawa mung ngutamakké pepénginané dhéwé lan ora mikirké keturunané. Merga kuwi, Adam lan Kawa ora sampurna manèh lan kélangan kesempatan kanggo urip saklawasé.​—Pd. 2:15–3:24.

7, 8. Apa sing Kawa omongké wektu Kain lair, lan apa sing mbokmenawa Kawa pikirké?

7 Sakwisé diusir saka Taman Èden, Adam lan Kawa ngalami urip susah. Nanging, pas anaké sing kapisan lair, kuwi dijenengi Kain utawa ”Sing Dihasilké”, lan Kawa ngomong, ”Merga saka pitulungané Gusti Allah aku duwé anak lanang.” Omongan kuwi nduduhké nèk Kawa isa waé kèlingan karo janjiné Yéhuwah ing Taman  Èden, nèk bakal ana wong wadon sing ngasilké ’keturunan’, lan mbésuk bakal ngremukké endhasé Sétan sing wis ngapusi Adam lan Kawa. (Pd. 3:15; 4:1, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan [BJP]) Apa Kawa mikir nèk wong wadon sing dingendikakké Yéhuwah kuwi dhèwèké, lan ’keturunan’ sing dijanjèkké kuwi Kain?

8 Nèk mikir kaya ngono, Kawa salah banget. Apa manèh, nèk Adam lan Kawa mulang Kain kuwi keturunan sing dijanjèkké, Kain sing ora sampurna bakal saya sombong. Bar kuwi, Kawa nglairké anak sing nomer loro, nanging ora nganggep anaké iki sing bakal dadi keturunan sing dijanjèkké. Adam lan Kawa njenengi Habél sing tegesé ”Napas sing Metu” utawa ”Ora Ana Gunané”. (Pd. 4:2) Apa jeneng kuwi nduduhké nèk Adam lan Kawa luwih ngunggulké Kain lan ngrendhahké Habél? Isa waé, nanging awaké dhéwé ora ngerti.

9. Wong tuwa jaman saiki isa sinau apa saka wong tuwa sing kapisan?

9 Wong tuwa saiki isa sinau saka wong tuwa sing kapisan. Liwat omongan lan tumindak, apa panjenengan ngajari bocah-bocah bèn sombong, nèk nduwé pepénginan kudu dituruti, lan mikirké kepentingané dhéwé? Utawa mulang bèn nresnani lan dadi kancané Yéhuwah? Wong tuwa sing kapisan gagal nindakké tanggung jawabé. Nanging, ana pangarep-arep kanggo keturunané.

Piyé Carané Habél Nguwatké Imané?

10, 11. Apa gawéané Kain lan Habél, lan apa sing diupayakké Habél?

10 Saya suwé, Kain lan Habél saya gedhé. Adam kayané nglatih anak-anaké kerja kanggo nyukupi kebutuhan keluarga. Kain nyambut gawé dadi petani, lan Habél dadi pangon.

11 Nanging, Habél nindakké sing luwih penting. Wis pirang-pirang taun Habél ngupaya bèn imané saya kuwat. Iman kuwi sipat apik sing akiré diceritakké rasul Paulus. Coba pikiren, ora ana manungsa sing isa diconto Habél wektu kuwi. Mula, piyé carané Habél ngupaya bèn imané marang Yéhuwah saya kuwat? Gatèkna telung bab sing mbantu Habél nguwatké imané.

12, 13. Piyé ndelok ciptaané Yéhuwah nggawé imané Habél saya kuwat?

12 Ciptaané Yéhuwah. Pancèn, Yéhuwah wis ngutuk lemah. Lemah kuwi ngasilké tanduran eri sing nggawé pertanian ora subur. Nanging, bumi tetep ngasilké pangan sing akèh banget bèn Habél lan keluargané isa tetep urip. Yéhuwah uga ora ngutuk kéwan klebu unggas lan iwak. Lan ora ngutuk gunung, danau, segara, utawa langit, méga, srengéngé, bulan, lan lintang. Ing ngendi-endi, Habél isa ndelok bukti katresnan, kawicaksanan, lan apik atiné Yéhuwah, Pribadi Sing Nggawé kuwi kabèh.  (Wacanen Rum 1:20.) Mesthiné, merga mikirké tenanan lan ngajèni ciptaané Yéhuwah, imané Habél saya kuwat.

Saksuwéné urip, Habél isa ndelok nèk para kerub kuwi abdiné Yéhuwah sing setya lan manut

13 Habél mesthi nyisihké wektu kanggo mikirké bab rohani. Bayangna dhèwèké lagi angon wedhus gèmbèl. Dadi pangon kuwi kudu akèh mlaku. Habél nggiring wedhus-wedhusé sing lulut ngliwati pinggir jurang, lembah, lan nyebrang kali. Tujuané kanggo nggolèk panggonan sing paling akèh suket ijoné, sing paling apik sumber banyuné, lan sing paling aman. Saka kabèh kéwan ciptaané Yéhuwah, wedhus gèmbèl kuwi kéwan sing ringkih banget, kayané kudu terus dituntun lan diayomi manungsa. Mula, isa waé Habél ya ngrasa nèk dhèwèké butuh tuntunan, pangayoman, lan digatèkké Pribadi sing luwih wicaksana lan kuwat ketimbang manungsa. Habél mesthiné uga terus nyritakké kuwi ing dongané, kuwi nggawé imané saya kuwat.

14, 15. Apa waé janji-janjiné Yéhuwah sing isa Habél pikirké tenanan?

14 Janji-janjiné Yéhuwah. Adam lan Kawa mesthi crita marang anak-anaké bab kedadéan ing Taman Èden sing nyebabké Adam lan Kawa diusir saka kana. Mula, akèh sing isa Habél pikirké tenanan.

15 Yéhuwah ngendika nèk lemah bakal dikutuk. Habél ngerti ramalan kuwi kelakon wektu ndelok akèh tanduran eri. Yéhuwah uga ngramalké nèk Kawa bakal ngrasakké susah wektu meteng lan lara wektu nglairké anak. Habél ngerti ramalan kuwi kelakon wektu adhi-adhiné lair. Yéhuwah uga ngramalké nèk Kawa bakal nduwé pepénginan sing gedhé banget kanggo ditresnani lan dipahami bojoné, lan Adam bakal nguwasani bojoné. Habél ndelok dhéwé kabèh perkara sing nggawé prihatin kuwi. Dadi, Habél ngerti nèk kabèh ngendikané Yéhuwah bener-bener isa dipercaya. Mula, Habél nduwé alesan kuwat kanggo percaya janjiné Allah bab ’keturunan’ sing bakal ndandani kabèh masalah, sing diwiwiti ing Taman Èden.​—Pd. 3:15-19.

16, 17. Apa sing disinaoni Habél saka kerub-kerub?

 16 Para Abdiné Yéhuwah. Habél ora éntuk tuladha sing apik saka keluargané, nanging manungsa dudu siji-sijiné makhluk pinter sing ana ing bumi wektu kuwi. Wektu Adam lan Kawa diusir, Yéhuwah mastèkké bèn Adam lan Kawa uga keturunané ora isa mlebu manèh ing Taman Èden. Mula, Yéhuwah nggunakké kerub lan pedhang murub sing muter terus kanggo njaga taman kuwi. Kerub kuwi malaékat sing pangkaté dhuwur lan tugasé kusus.​—Wacanen Purwaning Dumadi 3:24.

17 Bayangna perasaané Habél sing isih cilik wektu ndelok kerub-kerub. Saka pawakané, kerub-kerub kuwi kétok nduwé kekuwatan sing gedhé banget. ”Pedhang” murub sing muter terus kuwi mesthi ya nggawé Habél saya nggumun. Wektu tambah gedhé, apa Habél tau ndelok kerub-kerub kuwi bosen lan ninggalké tugasé? Ora. Awan lan bengi, taun-taun diliwati, nganti puluhan taun, makhluk sing pinter lan kuwat kuwi terus nindakké tugasé. Habél dadi ngerti nèk Yéhuwah nduwé para abdi sing setya lan teguh. Kerub-kerub kuwi setya lan manut karo Yéhuwah, sipat-sipat kuwi ora didelok Habél ing keluargané. Tuladha saka para malaékat kuwi mesthi nguwatké imané Habél.

Liwat ciptaan, Habél dibantu nguwatké imané marang Yéhuwah

18. Apa dhasar kuwat kanggo mbangun imané awaké dhéwé saiki?

18 Mikirké tenanan sipat-sipaté Yéhuwah liwat ciptaané, janji-janjiné, lan tuladhané para malaékat, mesthi nggawé imané Habél saya kuwat. Saiki akèh sing isa awaké dhéwé sinaoni saka tuladha imané Habél. Kususé kanggo cah-cah enom, senajan ora éntuk  tuladha sing apik saka keluarga, nanging cah enom isa nduwé iman sejati marang Yéhuwah. Mula, nèk mikirké tenanan ciptaané Yéhuwah sing nggumunké, Alkitab sing lengkap, lan akèh tuladha iman, awaké dhéwé saiki nduwé dhasar kuwat kanggo mbangun iman.

Apa Sebabé Kurbané Habél Aji Banget?

19. Wulangan penting apa sing akiré dingertèni Habél?

19 Wektu imané Habél saya kuwat, dhèwèké nggolèk cara kanggo nduduhké imané liwat tumindak. Nanging, manungsa isa mènèhi apa marang Sing Nggawé jagat iki? Sing jelas, Gusti Allah ora mbutuhké hadiah utawa bantuan saka manungsa. Suwé-suwé Habél ngerti wulangan penting iki, yaiku nèk saktulusé ati mènèhi sing paling apik kanggo Yéhuwah, Yéhuwah mesthi seneng.

Habél mènèhi kurban merga imané, nanging Kain ora

20, 21. Apa sing Habél lan Kain kurbanké kanggo Yéhuwah, lan piyé tanggepané Yéhuwah?

20 Habél siyap-siyap kanggo ngurbanké wedhus-wedhusé. Habél milih wedhus sing paling apik, yaiku sing mbarep. Wektu ngurbanké, Habél uga mènèhi bagéan sing paling apik saka wedhus kuwi. Ing wektu sing padha, Kain uga péngin éntuk berkah lan péngin bèn Yéhuwah seneng karo dhèwèké. Kain mènèhi kurban hasil panènané. Nanging, alesané Kain béda karo Habél, lan kuwi kétok cetha wektu lagi padha mènèhi kurban.

21 Kain lan Habél mungkin nganggo misbyah lan geni wektu mènèhi kurban. Mbokmenawa kerub-kerub ya ndeloki, merga mung kerub sing dadi wakilé Yéhuwah ing bumi wektu kuwi. Terus, Yéhuwah nanggepi. Alkitab kandha, ”Sang Yéhuwah karenan [utawa, seneng banget] marang Abél lan kurbané.” (Pd. 4:4) Nanging, Alkitab ora nyritakké carané Yéhuwah nanggepi.

22, 23. Apa sebabé Yéhuwah seneng karo kurbané Habél?

22 Apa sebabé Yéhuwah seneng marang kurbané Habél tinimbang Kain? Apa merga sing dikurbanké? Habél pancèn ngurbanké kéwan, lan ngecurké getihé sing aji. Nanging, apa Habél ngerti sepira ajiné kurban kuwi mbésuk? Atusan taun sakwisé jamané Habél, Yéhuwah nggunakké kurban cempé sing ora cacad kanggo nggambarké kurban Putrané dhéwé sing sampurna, yaiku ”Cempéning Allah” sing getihé dicurké. (Yo. 1:29; Pa. 12:5-7) Habél mesthi ora ngerti bab kuwi.

23 Nanging sing mesthi, awaké dhéwé ngerti nèk Habél mènèhi kurban sing paling apik saka kabèh sing diduwèni. Habél mènèhi kurbané merga tresna lan iman sing tulus marang Yéhuwah. Mula, Yéhuwah seneng ora mung marang kurbané, nanging ya wongé.

24. (a) Apa sebabé kurbané Kain kuwi ora salah? (b) Ing bab apa Kain padha karo akèh wong saiki?

 24 Béda karo Habél, ”Kain lan kurbané ora ndadèkaké pirenané [utawa, senengé]” Yéhuwah. (Pd. 4:5) Kurbané Kain kuwi ora salah, sebab sakwisé kuwi Hukumé Allah ngéntukké kurban hasil pertanian. (Km. 6:14, 15) Nanging Alkitab kandha bab Kain, ”sakabèhing panggawéné ala”. (Wacanen 1 Yokanan 3:12.) Kaya akèh wong saiki, Kain nganggep pokoké wis kétok ngabdi marang Yéhuwah kuwi wis cukup. Tumindaké Kain bakal nduduhké kurangé iman sejati lan rasa tresnané marang Yéhuwah.

25, 26. Apa sing diélingké Yéhuwah marang Kain, nanging apa sing ditindakké Kain?

25 Wektu Kain ngerti nèk Yéhuwah ora seneng karo kurbané, apa Kain sinau saka tuladhané Habél? Ora. Malah, dhèwèké saya sengit karo Habél. Yéhuwah mirsani apa sing ana ing njero atiné Kain, terus Yéhuwah ngejak dhèwèké mikir. Yéhuwah ngélingké nèk Kain terus ngrasa sengit, kuwi isa nggawé dhèwèké nindakké dosa sing gedhé. Kain bakal ngrasa bungah nèk dhèwèké gelem ngowahi tumindaké.​—Pd. 4:6, 7.

26 Kain ora nggatèkké wektu diélingké Yéhuwah. Dhèwèké ngejak adhiné mlaku-mlaku, bar kuwi Habél diserang lan dipatèni. (Pd. 4:8) Habél kuwi martir sing kapisan, yaiku wong sing dianiaya nganti mati merga imané. Habél wis mati, nanging Yéhuwah ora lali karo Habél.

27. (a) Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk Habél bakal diuripké manèh? (b) Piyé supaya awaké dhéwé isa ketemu karo Habél mbésuk?

27 Getihé Habél digambarké sambat marang Yéhuwah kanggo nuntut bales, utawa njaluk kaadilan. Yéhuwah nanggepi kuwi lan nduduhké sipat adilé nganggo cara ngukum Kain merga wis tumindak jahat. (Pd. 4:9-12) Sing luwih penting, tuladha imané Habél ngomong karo awaké dhéwé saiki. Senajan wektu kuwi umuré Habél mung cendhak, yaiku kira-kira satus taun, nanging Habél nggunakké uripé kanggo nyenengké Yéhuwah. Habél ngerti nèk Yéhuwah tresna lan seneng karo tumindaké. (Ib. 11:4) Mula, awaké dhéwé yakin nèk Habél bakal terus diéling-éling Yéhuwah, lan bakal diuripké manèh ing bumi pirdus. (Yo. 5:28, 29) Apa panjenengan péngin ketemu karo Habél? Nèk terus ngrungokké omongané Habél lan niru imané, panjenengan isa ketemu karo Habél.

^ par. 5 Ukara ”nalika bumi katitahaké” tegesé klebu nyebar winih utawa ngasilké keturunan. Dadi, ukara iki ana hubungané karo keturunané manungsa sing wiwitan. Kain kuwi anak mbarepé Adam, nanging Yésus ngubungké ukara ”nalika bumi katitahaké” kuwi karo Habél, dudu Kain. Apa sebabé? Liwat keputusan lan tumindaké, Kain sengaja mbrontak marang Gusti Allah. Kaya wong tuwané, Kain kétoké ora bakal ditebus lan diuripké manèh.