Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB ROLAS

Dhèwèké Dilipur karo Gusti Allahé

Dhèwèké Dilipur karo Gusti Allahé

1, 2. Kedadéan apa sing ora bakal dilalèkké karo Élia ing uripé?

ÉLIA mlayu terus senajan udan lan langité saya peteng. Perjalanané menyang Yizreèl isih adoh, lan Élia ya wis ora enom manèh. Nanging, Élia mlayu tanpa krasa kesel, merga éntuk ”pangwaosing Pangéran Yéhuwah”. Élia durung tau ngrasakké kekuwatan sing gedhé kaya ngono kuwi sakdurungé. Bayangna, Élia mlayu ndhisiki krétané Raja Akhab sing méwah lan ditarik jaran-jaran pilihan.​—Wacanen 1 Para Raja 18:46.

2 Saiki, Élia wis ndhisiki adoh ing ngarepé Raja Akhab, nanging perjalanané isih adoh. Bayangna mripaté Élia kriyip-kriyip kena banyu udan pas mlayu, karo ngéling-éling kedadéan dina kuwi sing ora bakal dilalèkké. Dina kuwi Yéhuwah lan ibadah sejatiné menang. Gunung Karmèl sing dhuwur, wis adoh ing mburiné lan ora kétok manèh merga ketutupan awan peteng. Ing gunung kuwi, Élia mbuktèkké nèk Baal kuwi palsu nganggo kuwasané Yéhuwah. Atusan nabi Baal sing kebukti palsu lan jahat kuwi pantes dipatèni. Élia ndonga marang Yéhuwah nyuwun bèn musim kemarau, sing suwéné telung taun setengah lan nggawé sengsara, disingkirké saka negara kuwi. Lan akiré udan teka.​—1 Ra. 18:18-45.

3, 4. (a) Apa sebabé pangarep-arepé Élia saya gedhé pas perjalanan menyang Yizreèl? (b) Pitakonan apa sing kudu digatèkké?

3 Saksuwéné mlayu ing perjalanan menyang Yizreèl, sing adohé 30 kilomèter, Élia nduwé pangarep-arep sing gedhé. Élia isa waé mikir nèk bakal ana owah-owahan gedhé, yaiku Raja Akhab bakal malih. Sakwisé ndelok dhéwé kuwasané Yéhuwah, Akhab mesthi ora nduwé pilihan liya. Dhèwèké kudu mandheg nyembah Baal, ngendhegké tumindaké ratuné yaiku Izébèl, lan ora nganiaya abdiné Yéhuwah manèh.

Élia mlayu ndhisiki Akhab nganti tekan ing Yizreèl

4 Pancèn, wektu kabèh kétok lancar lan cocog karo sing dikarepké, pangarep-arepé awaké dhéwé biyasané saya gedhé. Awaké dhéwé mungkin mbayangké nèk kahanan urip bakal saya apik, malah isa waé mikir nèk masalah sing gedhé akiré isa diatasi. Ora nggumunké nèk Élia uga mikir kaya ngono, merga ”Nabi Élia iku  manungsa lumrah kaya kita”. (Yb. 5:17) Sakjané, masalah sing diadhepi Élia isih durung rampung. Sedhéla manèh, Élia bakal ngrasa kewedèn banget, nglokro nganti péngin mati. Ana kedadéan apa, lan piyé Yéhuwah mbantu nabiné bèn imané kuwat manèh lan kendel? Ayo digatèkké.

Kedadéan sing Ora Disangka-sangka

5. Sakwisé kedadéan ing Gunung Karmèl, apa Akhab dadi ngajèni Yéhuwah, lan apa buktiné?

5 Wektu tekan istanané ing Yizreèl, apa ana bukti nèk Akhab wis mertobat? Alkitab crita, ”Sang Prabu Akhab paring sumurup marang Sang Pramèswari Izébèl bab apa kang katindakaké déning Nabi Élia lan bab anggoné Nabi Élia mejahi [utawa, matèni] sakèhing nabi kalawan pedhang.” (1 Ra. 19:1) Gatèkna pas crita bab kedadéan kuwi, Akhab ora nyebutké Yéhuwah, Gusti Allahé Élia. Akhab dudu wong rohani. Mula, mukjijat sing wis didelok mung dianggep tumindak ”kang katindakaké déning Nabi Élia”. Kedadéan kuwi ora nggawé Akhab ngajèni Yéhuwah. Terus, piyé tanggepané bojoné sing seneng dendam kuwi?

6. Warta apa sing dikirim Izébèl kanggo Élia, lan apa tegesé kuwi?

6 Izébèl nesu banget. Banjur dhèwèké ngirim warta marang Élia, ”Aku muga diganjara paukuman mangkéné déning para allah, malah ngluwihana iku, manawa sésuk kira-kira wayah mangkéné iki nyawamu ora dakgawé padha kaya nyawané sawiji-wijiné wong iku.” (1 Ra. 19:2) Izébèl ngincim arep matèni Élia, iki medèni banget. Dhèwèké sumpah, nèk ora isa matèni Élia dina kuwi kanggo mbaleské dendam nabi-nabi Baalé, dhèwèké uga bakal mati. Bayangna, wektu wayah wengi pas ana badai, Élia digugah ing penginepané ing Yizreèl lan krungu warta sing medèni saka utusané Izébèl. Piyé perasaané Élia?

Cilik Ati lan Kewedèn

7. Apa pengaruh ancamané Izébèl kanggo Élia, lan apa sing ditindakké Élia?

7 Nèk Élia mbayangké masalah mungsuhan antarané ibadah sejati karo ibadah palsu marang Baal mèh rampung, pangarep-arepé Élia kuwi klèru. Izébèl tetep ngotot. Wis akèh banget nabi liya sing setya, dipatèni merga préntahé Izébèl, lan saiki kétoké gilirané Élia. Apa pengaruhé ancamané Izébèl iki kanggo Élia? Alkitab kandha, ”Nabi Élia temah ajrih [utawa, wedi].” Apa Élia mbayangké carané dhèwèké bakal dipatèni karo Izébèl? Nèk kuwi terus sing dipikirké, pantes nèk dhèwèké wedi. Embuh apa sing dipikirké, Élia ”banjur tindak ngungsi gesang”. Élia ngupaya nylametké nyawané.​—1 Ra. 18:4; 19:3.

Nèk péngin tetep kendel, aja terus mikirké cilaka utawa bebaya sing nggawé wedi

8. (a) Apa masalah sing padha antarané Pétrus lan Élia? (b) Apa sing isa disinaoni saka Élia lan Pétrus?

8 Élia ora mung siji-sijiné abdiné Yéhuwah sing tau kewedèn.  Suwé bar kuwi, rasul Pétrus ngalami masalah sing padha. Contoné, pas Yésus ngejak Pétrus mlaku ing ndhuwur banyu, rasul kuwi ”mandeng angin gedhé”, dhèwèké dadi wedi lan mulai kleleb. (Wacanen Matéus 14:30. *) Tuladhané Élia lan Pétrus kuwi mulang bab sing aji. Nèk péngin tetep kendel, aja terus mikirké cilaka utawa bebaya sing nggawé wedi. Pikirané awaké dhéwé kudu terus nggatèkké Sumber kekuwatan lan Sumber pangarep-arepé awaké dhéwé.

”Sampun Samanten Kémawon!”

9. Critakna perjalanané Élia lan apa sing dirasakké.

9 Merga kewedèn, Élia mlayu ngidul kira-kira 150 kilomèter menyang Bèrsyéba, kutha cedhak perbatasan sisih kidul Yéhuda. Ing kono, Élia ninggalké abdiné lan mangkat dhèwèkan ing padhang gurun. Élia lunga ”dohé nganti lakon sedina”. Dadi, awaké dhéwé mungkin mbayangké Élia mangkat pas srengéngé mlethèk, lan kétoké dhèwèké ora nggawa apa-apa. Élia sing nglokro lan kewedèn ngupaya ngliwati dalan sing angèl pas panas ngenthang-ngenthang. Saiki, srengéngé mulai angslup, kuwi tandha nèk wis mèh wengi. Élia wis kentèkan tenaga kanggo mlaku. Terus Élia lungguh kekeselen ing ngisor wit rotem utawa perdu, mung kuwi panggonan sing isa kanggo ngéyub ing dhaérah sing tandhus.​—1 Ra. 19:4.

10, 11. (a) Dongané Élia marang Yéhuwah nduduhké apa bab Élia? (b) Nganggo ayat-ayat sing ditulis, terangna perasaan para abdiné Yéhuwah liyané sing uga nglokro.

10 Merga putus asa, Élia péngin mati waé, Élia kandha, ”Kawula punika boten langkung saé katimbang para leluhur kawula.” Élia ngerti para leluhuré saiki wis dadi lebu lan balung ing kuburan, ora isa nulungi sapa-sapa. (Ko. 9:10) Élia rumangsa ora ana gunané, mula dhèwèké kandha, ”Sampun samanten kémawon!” Dadi, apa gunané tetep urip?

11 Apa awaké dhéwé nggumun wektu ngerti wong sing kuwat imané iki isa nganti nglokro kaya ngéné? Mesthiné ora. Akèh tokoh-tokoh Alkitab sing kuwat imané ya ngrasakké sedhih banget nganti péngin mati waé, contoné Ribkah, Yakub, Musa, lan Ayub.​—Pd. 25:22; 37:35; Wi. 11:13-15; Ay. 14:13.

12. Nèk cilik ati, apa sing kudu panjenengan tindakké kanggo niru Élia?

12 Saiki, awaké dhéwé urip ing ”mangsa kang rekasa”, dadi ora nggumunké nèk akèh wong, klebu abdiné Yéhuwah, sok-sok cilik ati.  (2 Tm. 3:1) Nèk panjenengan ngalami kuwi, tirunen contoné Élia: Critakna perasaané panjenengan marang Yéhuwah. Élinga, nèk Yéhuwah kuwi ”sumbering panglipur”. (Wacanen 2 Korinta 1:3, 4.) Apa Yéhuwah nglipur Élia?

Yéhuwah Maringi Kekuwatan

13, 14. (a) Piyé Yéhuwah nduduhké rasa tresnané liwat malaékat marang nabiné sing lagi cilik ati? (b) Yéhuwah luwih ngerti kabèh klebu kekurangané awaké dhéwé, apa sebabé kuwi nentremké ati?

13 Miturut panjenengan, piyé perasaané Yéhuwah wektu mirsani saka swarga nabi sing ditresnani nggléthak ing ngisoré wit perdu ing padhang gurun lan njaluk mati waé? Ora perlu ngira-ira. Bar Élia turu angler, Yéhuwah ngutus malaékaté marani Élia, terus alon-alon nggugah Élia lan kandha, ”Tangia, mangana!” Élia tangi lan mangan, sebab malaékat kuwi wis nyiapké maem kanggo Élia, yaiku roti sing isih anget lan banyu kanggo ngombé. Apa Élia matur nuwun marang malaékat kuwi? Critané mung kandha nèk nabi kuwi mangan, ngombé, lan turu manèh. Apa Élia nglokro banget nganti males omongan? Sing jelas, malaékat kuwi nggugah manèh kanggo ping pindhoné mungkin pas mèh ésuk. Sepisan manèh, malaékat kuwi ngongkon Élia, ”Tangia, mangana!” Banjur ngandhakké omongan sing nglipur Élia, ”Sabab manawa ora, lakunira mengko bakal kadohen tumrap sira.”​—1 Ra. 19:5-7.

14 Merga nduwé kawicaksanané Gusti Allah, malaékat kuwi isa ngerti Élia bakal lunga menyang endi. Malaékat kuwi uga ngerti, nèk mung nganggo kekuwatané Élia dhéwé, perjalanan kuwi bakal abot banget. Iki mesthi nentremké ati merga ngerti nèk Yéhuwah bakal siyap mbantu awaké dhéwé. Yéhuwah luwih ngerti kabèh rencana lan kekurangané manungsa, ketimbang wong kuwi dhéwé. (Wacanen Jabur 103:13, 14.) Terus, apa paédahé panganan kuwi kanggo Élia?

15, 16. (a) Apa sing ditindakké Élia sakwisé éntuk panganan saka Yéhuwah? (b) Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngajèni carané Yéhuwah nyukupi kebutuhan rohani umaté?

15 Alkitab kandha, ”[Élia] nuli wungu tuwin dhahar lan ngunjuk, sarta marga saka dayaning dhaharan mau panjenengané banjur bisa tindak nganti patang puluh dina patang puluh bengi suwéné, nganti tekan ing gununging Allah, yaiku gunung Horèb.” (1 Ra. 19:8) Élia pasa 40 dina lan 40 bengi, kaya sing ditindakké Musa kira-kira enem abad sakdurungé, lan kaya Yésus sing mèh sepuluh abad sakwisé Élia. (Pa. 34:28; Lk. 4:1, 2) Panganan sing dipangan kuwi ora nyingkirké masalahé, nanging mung nguwatké nganggo cara mukjijat. Bayangna nabi sing wis tuwa iki mlaku ngliwati padhang gurun sing babar blas ora ana dalané, dina ganti dina, minggu ganti minggu, nganti mèh siji setengah sasi.

 16 Yéhuwah uga nguwatké para abdiné saiki, nanging ora nganggo panganan sing isa nguwatké nganggo cara mukjijat. Yéhuwah nyedhiyakké kebutuhan rohani. (Mt. 4:4) Sinau bab Gusti Allah saka Alkitab lan wacan-wacan Alkitab, isa nggawé awaké dhéwé kuwat kanggo terus ngabdi. Wacan Alkitab sing diumpamakké panganan kuwi mungkin ora nyingkirké kabèh masalah, nanging isa mbantu awaké dhéwé nanggung apa sing kétoké ora sanggup diadhepi. Kuwi uga nuntun awaké dhéwé ing ”gesang langgeng”.​—Yo. 17:3.

17. Akiré Élia tekan ngendi, lan apa sebabé kuwi panggonan sing penting?

17 Élia mlaku adohé kira-kira 320 kilomèter, nganti akiré tekan Gunung Horèb. Mbiyèn, ing kono Yéhuwah rawuh liwat malaékat marang Musa ing semak duri sing murub. Gunung Horèb kuwi uga panggonan wektu Yéhuwah nganakké prajanjian Hukum karo bangsa Israèl. Ing kana, Élia ndhelik ing njero guwa.

Yéhuwah Nglipur lan Nguwatké Nabiné

18, 19. (a) Malaékat Yéhuwah takon apa marang Élia, lan piyé jawabané Élia? (b) Telung alesan apa waé sing nggawé Élia cilik ati?

18 Ing Horèb, malaékat sing ngandhakké ”pangandikané” Yéhuwah takon marang Élia, ”Ana apa sira ana ing kéné iki, Élia?” Pitakonan kuwi kayané diomongké nganggo cara sing alus, merga isa nggawé Élia nyritakké perasaané. Élia njawab, ”Sanget-sanget anggèn kawula ngudi tumindak ing damel kagem Pangéran Yéhuwah, Gusti Allahipun sadaya ingkang tumitah, amargi tiyang Israèl sami nilar prajanjian Paduka, sami mbibrahi misbyah-misbyah Paduka saha sami mejahi nabi-nabi Paduka kalawan pedhang; namung kawula piyambak ingkang taksih gesang, mangka tiyang-tiyang wau inggih sami kepéngin njabut nyawa kawula.” (1 Ra. 19:9, 10) Saka omongané, ana telung alesan ngapa Élia cilik ati.

19 Sing kapisan, Élia mikir gawéané ora ana gunané. Élia rumangsa wis ”sanget-sanget  . .  ngudi tumindak ing damel kagem Pangéran Yéhuwah”, yaiku ngutamakké asma suci lan ibadah marang Yéhuwah, nanging Élia ndelok kahanané bangsa kuwi saya ala. Wong-wong tetep ora nduwé iman lan seneng mbrontak, ibadah palsu uga saya akèh. Sing kapindho, Élia ngrasa dhèwèkan. Élia kandha, ”Namung kawula piyambak ingkang taksih gesang,” kaya-kayané mung gari Élia thok sing isih nyembah Yéhuwah ing negara kuwi. Sing katelu, Élia kewedèn. Nabi-nabi liyané sing setya wis dipatèni, lan Élia yakin dhèwèké sing bakal dipatèni sakbanjuré. Mungkin ora gampang kanggo Élia ngakoni perasaan kuwi, nanging Élia ora gèngsi utawa isin nyritakké perasaané. Élia dadi tuladha apik kanggo kabèh wong sing setya bab nyritakké isi ati pas ndonga.​—Ms. 62:9.

20, 21. (a) Critakna kedadéan sing didelok Élia ing lawangé guwa ing Gunung Horèb. (b) Apa pengaruhé kanggo Élia sakwisé ndelok kekuwatané Yéhuwah sing nggumunké?

 20 Piyé Yéhuwah nanggepi rasa kuwatir lan kewedèné Élia? Salah siji malaékat ngongkon Élia ngadeg ing lawangé guwa. Élia manut senajan ora ngerti apa sing bakal kedadéan. Ujug-ujug ana angin gedhé lan banter banget. Saking banteré angin kuwi, gunung lan bukit karang mbelah lan swarané nganti mbudhegké kuping. Bayangna, Élia lagi nutupi mripaté karo nyekeli jubahé sing abot saka wulu bèn ora kabur kena angin. Élia uga ngupaya bèn ora tiba, merga ana gempa gedhé ing dhaérah kuwi. Ora suwé bar kuwi, ana geni sing nyamber, Élia dadi saya mundur ing njero guwa bèn ora kena semburan geniné.​—1 Ra. 19:11, 12.

Yéhuwah nggunakké kekuwatané sing nggumunké kanggo nglipur lan nguwatké Élia

21 Crita kuwi ngélingké awaké dhéwé nèk Yéhuwah ora ana ing kekuwatan alam sing sangar mau. Élia ngerti nèk Yéhuwah dudu déwa alam sing ora nyata kaya Baal. Para penyembahé Baal sing tukang ngapusi, nyebut Baal kuwi ”sing ngendhalèni méga”, utawa sing nggawé udan. Yéhuwah kuwi Sumber kabèh kekuwatan alam sing nggumunké, lan luwih kuwat ketimbang kabèh sing digawé. Malah jagat raya ora isa nampung Yéhuwah. (1 Ra. 8:27) Piyé iki kabèh mbantu Élia? Élinga nèk dhèwèké kewedèn. Nanging Yéhuwah, Gusti Allah sing kekuwatané gedhé banget ana kanggo mbantu Élia, mula Élia ora perlu wedi karo Akhab lan Izébèl.​Wacanen Jabur 118:6.

22. (a) Piyé ”swara sing tenang lan alon” nggawé Élia yakin nèk dhèwèké aji banget? (b) ”Swara sing tenang lan alon” isa waé asalé saka sapa? (Deloken cathetan ing ngisor.)

22 Sakwisé geniné ilang, kahanané dadi tenang lan Élia krungu ”swara sing tenang lan alon”. Kahanan kuwi nggawé Élia dadi péngin crita, ngomongké isi atiné kanggo ping pindhoné. * Mungkin, kuwi uga nggawé atiné luwih lega. Mesthiné, Élia saya ngrasa kelipur karo apa sing bakal diomongké ”swara sing tenang lan alon” kuwi sakbanjuré. Yéhuwah nggawé Élia yakin nèk dhèwèké aji banget. Piyé Yéhuwah  nguwatké Élia? Gusti Allah nduduhké kersané nèk sukmbèn bakal perang nglawan penyembahan Baal ing Israèl. Dadi, upayané Élia ana gunané, merga kersané Gusti Allah terus kelakon, ora ana sing isa ngendhegké. Yéhuwah uga bakal terus nggunakké Élia dadi nabiné, merga Yéhuwah ngutus manèh Élia kanggo nindakké préntah-préntah sing kusus.​—1 Ra. 19:12-17, NW.

23. Nganggo rong cara apa Yéhuwah mbantu Élia sing rumangsa dhèwèkan?

23 Terus, piyé bab perasaané Élia sing rumangsa dhèwèkan? Yéhuwah nglipur Élia nganggo rong cara. Kapisan, Yéhuwah mréntahké Élia nglantik Élisa dadi nabi, sing bakal nggantèni Élia. Wong lanang sing luwih enom iki bakal ngancani lan mbantu Élia nganti pirang-pirang taun. Kuwi mesthi nguwatké banget. Kapindho, Yéhuwah ngandhani Élia, ”Ingsun bakal ngarèkaké wong pitung éwu ana ing Israèl, yaiku sakèhé wong kang ora sujud nyembah marang Baal lan kang cangkemé ora nucup marang Baal iku.” (1 Ra. 19:18) Dadi, Élia ora dhèwèkan. Atiné mesthi seneng wektu krungu ana éwonan wong sing setya sing ora gelem nyembah Baal. Élia kudu terus setya ngabekti. Wong-wong kuwi mbutuhké tuladhané Élia kanggo tetep setya ngabdi marang Yéhuwah ing mangsa susah. Élia mesthi dikuwatké pas krungu ”swara sing tenang lan alon” saka Gusti Allah liwat utusané.

Alkitab kaya ”swara sing tenang lan alon”, nèk awaké dhéwé saiki gelem manut tuntunan kuwi

24, 25. (a) Piyé carané awaké dhéwé saiki ngrungokké ”swara sing tenang lan alon” saka Yéhuwah? (b) Apa buktiné Élia nampa panglipuran saka Yéhuwah?

24 Kaya Élia, awaké dhéwé mungkin nggumun karo kekuwatan alam sing kétok saka pakaryané Yéhuwah, lan kuduné pancèn ngono. Pakaryané cetha banget nduduhké kuwasané Sing Nggawé. (Rm. 1:20) Nganti saiki, Yéhuwah seneng nggunakké kuwasané sing ora ana watesé kanggo mbantu abdiné sing setya. (2 Bb. 16:9) Nanging, Gusti Allah ngendika karo awaké dhéwé kususé liwat Alkitab. (Wacanen Yésaya 30:21.) Alkitab kaya ”swara sing tenang lan alon”, nèk awaké dhéwé saiki gelem manut tuntunan kuwi. Ing Alkitab, Yéhuwah ndisiplin, nggedhèkké ati, lan ngyakinké awaké dhéwé karo katresnané.

25 Apa kedadéan ing Gunung Horèb kuwi nggawé Élia kelipur? Iya. Bar kuwi, nabi sing setya lan kendel iki dadi semangat manèh ngélingké wong-wong bèn ora nyembah allah palsu. Nèk nggatèkké ”panglipur kang saka ing Kitab Suci”, yaiku sabdané Gusti Allah, awaké dhéwé uga isa niru imané Élia.​—Rm. 15:4.

^ par. 8 Matéus 14:30 (NW): ”Nanging, pas mandeng angin gedhé, dhèwèké dadi wedi lan pas mulai kleleb, dhèwèké mbengok, ’Gusti, tulungana aku.’”

^ par. 22 ”Swara sing tenang lan alon” kuwi isa waé asalé saka malaékat sing padha, sing diutus ngandhakké ”pangandikané Pangéran Yéhuwah” ing 1 Para Raja 19:9. Ing ayat 15, malaékat iki mung disebutké ”Pangéran Yéhuwah”. Awaké dhéwé mungkin éling karo malaékat sing diutus Yéhuwah kanggo nuntun bangsa Israèl ing padhang gurun. Gusti Allah ngendika bab malaékat kuwi, ”AsmaningSun ana ing batosé.” (Pa. 23:21) Awaké dhéwé pancèn ora isa mastèkké bab kuwi, nanging élinga nèk sakdurungé dadi manungsa, Yésus ngabdi dadi ”Sang Sabda”, yaiku dadi wakil sing ngomongké pangandikané Yéhuwah marang para abdiné.​—Yo. 1:1.