Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB SELIKUR

Dhèwèké Ngupaya Nglawan Rasa Wedi lan Ragu

Dhèwèké Ngupaya Nglawan Rasa Wedi lan Ragu

1-3. Apa sing didelok Pétrus dina kuwi, lan apa sing dialami Pétrus ing wayah wenginé?

PÉTRUS ngupaya tenanan kanggo terus ndhayung prauné. Langité saya peteng merga wis wengi. Ana sinar saka wétan, apa kuwi tandhané nèk wis mèh ésuk? Geger lan boyoké Pétrus krasa linu banget merga wis pirang-pirang jam ndhayung. Angin laut ngenani rambuté Pétrus. Angin kuwi uga marahi ombak gedhé ing Laut Galiléa. Ombak-ombak kuwi nerjang prauné Pétrus lan nggawé dhèwèké teles kebes. Nanging Pétrus terus ndhayung.

2 Ing salah siji panggonan ing pantai. Pétrus lan kanca-kancané ninggalké Yésus dhèwèkan. Dina kuwi, Pétrus lan kanca-kancané ndelok Yésus mènèhi pangan éwonan wong sing luwé mung nganggo roti lan iwak sing cacahé sithik. Merga mukjijat kuwi, wong-wong péngin ndadèkké Yésus raja, nanging Yésus ora gelem mèlu-mèlu urusan politik. Yésus ya péngin para muridé ora mèlu-mèlu urusan politik. Dadi kanggo nyingkir saka wong akèh kuwi, Yésus ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga menyang pantai liyané. Nanging, Yésus munggah gunung dhèwèkan kanggo ndonga.​—Mk. 6:35-45; wacanen Yokanan 6:14-17.

3 Wektu murid-murid arep mangkat, bulan wektu kuwi mèh bunder. Lan saiki bulané alon-alon wis mèh angslup ing sisih kulon, iki tandha nèk wis sewengi muput para murid ndhayung prauné, nanging lagi maju pirang-pirang kilomèter. Merga lagi sibuk ndhayung, apa manèh wektu kuwi swara anginé banter lan ombaké gedhé, para murid dadi angèl kanggo omong-omongan. Pas ndhayung kuwi, kayané ana akèh sing lagi dipikirké Pétrus.

Rong taun suwéné, Pétrus wis sinau akèh saka Yésus, nanging isih kudu sinau luwih akèh manèh

4. Apa sebabé Pétrus dadi conto sing apik?

4 Pancèn akèh banget sing kudu dipikirké. Wis luwih saka rong taun, Pétrus mèlu Yésus lan ngalami akèh kedadéan. Akèh sing wis Pétrus sinaoni, nanging sakjané isih luwih akèh manèh sing kudu disinaoni. Pétrus dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé saiki merga dhèwèké gelem sinau carané nglawan rasa wedi lan ragu. Ayo digatèkké critané.

’Aku Wis Ketemu karo Sang Mèsih’

5, 6. Urip kaya apa sing dilakoni Pétrus?

5 Pétrus ora bakal nglalèkké dina pas dhèwèké ketemu karo Yésus. Seduluré, yaiku Andréas, sing sepisanan nggawa warta sing ngagètké kuwi. Dhèwèké kandha, ’Aku wis ketemu karo Sang Mèsih.’ Omongan kuwi bener-bener nggawé uripé Pétrus malih.​—Yo. 1:41.

6 Pétrus manggon ing Kapèrnaum, kutha ing pesisir danau air tawar sing disebut Laut Galiléa. Dhèwèké lan Andréas kerja bareng karo Yakobus lan Yokanan, anak-anaké Zébédhéus, ing gawéan njala iwak. Sakliyané bojoné, sing urip saomah karo Pétrus yaiku ibu maratuwané uga Andréas, seduluré. Merga Pétrus kuwi nelayan sing kudu nggolèkké pangan keluargané, dhèwèké kudu nyambut gawé tenanan lan prigel. Bayangna, para nelayan mempeng nyambut gawé sewengi muput, nguncalké jala ing antarané rong prau, lan narik jala sing akèh iwaké mau saka danau kuwi. Bayangna uga wong-wong kuwi nyambut gawé tenanan ing wayah awan, milih lan ngedol iwak, ndandani lan ngresiki jala.

7. Pétrus krungu laporan apa bab Yésus, lan apa sebabé warta kuwi nyenengké?

7 Miturut Alkitab, Andréas kuwi muridé Yokanan Pambaptis. Pétrus mesthi seneng banget krungu laporané Andréas bab warta sing digawa Yokanan. Ing sawijiné dina, Andréas ndelok Yokanan nduding Yésus saka Nasarèt karo kandha, ”Lah iku Cempéning Allah!” Andréas terus dadi muridé Yésus lan kanthi semangat ngandhani Pétrus warta sing nyenengké iki, Sang Mèsih wis teka! (Yo. 1:35-40) Sakwisé pembrontakan ing Èden sing kedadéan kira-kira 4.000 taun sakdurungé, Allah Yéhuwah janji nèk bakal ana pribadi istiméwa sing arep teka kanggo mènèhi pangarep-arep sejati marang manungsa. (Pd. 3:15) Andréas wis ketemu karo Juru Slamet, yaiku Sang Mèsih kuwi dhéwé. Pétrus uga cepet-cepet nemoni Yésus.

8. Jeneng sing diparingké Yésus marang Pétrus tegesé apa, lan apa sebabé ana wong sing nganggep nèk kuwi ora pas?

8 Sakdurungé, Pétrus dikenal nganggo jeneng Simon, utawa Siméon. Nanging, Yésus ndelok Pétrus lan kandha, ”’Kowé iku Simon anaké Yokanan. Kowé bakal dijenengaké Kéfas’ (tegesé: Pétrus).” (Yo. 1:42) ”Kéfas” kuwi tembung aran (kata benda) sing tegesé ”watu”, utawa ”watu karang”. Kétoké, omongané Yésus iki isiné ramalan. Yésus ndelok nèk Pétrus bakal dadi kaya watu karang, sing maksudé nduwé pendhirian kuwat, kukuh, lan isa diandelké para muridé Yésus. Apa Pétrus dhéwé ya nganggep kaya ngono? Kayané ora. Malah saiki, wong-wong sing maca Injil ora nganggep nèk Pétrus kuwi wong sing kukuh. Ana sing nduwé pendhapat nèk Pétrus kuwi wong sing ora nduwé pendhirian, molah-malih, lan plin-plan.

9. Apa sing mesthi Yéhuwah lan Yésus golèki, lan miturut panjenengan, apa sebabé awaké dhéwé kudu percaya karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus?

9 Pétrus pancèn nduwé kekurangan. Lan Yésus uga ngerti kekurangané Pétrus. Nanging, kaya Bapaké, yaiku Yéhuwah, Yésus mesthi nggolèk bab-bab sing apik sing diduwèni wong. Yésus ndelok nèk Pétrus nduwé akèh potènsi, lan dhèwèké ngupaya mbantu bèn sipat-sipat apik kuwi isa saya apik. Yéhuwah lan Putrané uga nggolèk bab-bab sing apik saka awaké dhéwé saiki. Mungkin awaké dhéwé mikir nèk Yéhuwah karo Yésus ora bakal nemokké akèh bab apik kuwi. Nanging, awaké dhéwé kudu percaya karo pandhangané Yéhuwah lan Yésus, lan nduduhké nèk lila dilatih uga dibentuk kaya Pétrus.​—Wacanen 1 Yokanan 3:19, 20.

”Aja Wedi”

10. Pétrus mungkin wis ndelok apa, nanging dhèwèké bali nindakké apa?

10 Sakwisé kuwi, Pétrus kayané mèlu nginjil karo Yésus. Dhèwèké mungkin ndelok Yésus nggawé mukjijat sing sepisanan, yaiku nggawé banyu dadi anggur ing pèsta perkawinan ing Kana. Sing luwih penting, dhèwèké krungu warta saka Yésus sing nyenengké lan mènèhi pangarep-arep bab Kratoné Allah. Senajan ngono, dhèwèké mandheg ngancani Yésus nginjil, lan bali menyang gawéané yaiku njala iwak. Nanging pirang-pirang sasi sakbanjuré, Pétrus ketemu manèh karo Yésus. Ing kesempatan iki, Yésus ngundang Pétrus nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil bareng Yésus.

11, 12. (a) Apa sing dialami Pétrus wektu njala iwak sewengi muput? (b) Pitakonan apa sing isa waé dipikirké Pétrus pas ngrungokké Yésus?

11 Pétrus wis susah payah sewengi muput nanging tanpa hasil. Wis bola-bali, para nelayan nguncalké lan narik jalané, nanging ora éntuk apa-apa. Pétrus mesthi wis nggunakké kabèh pengalaman lan ketrampilané bèn isa éntuk iwak. Pétrus uga nyoba ing panggonan sing béda-béda kanggo nggolèk iwak. Mesthiné, kaya akèh nelayan liyané, Pétrus mbayangké mesthi seneng banget nèk isa ndelok tembus ing njero banyu sing buthek kuwi, kanggo nemokké iwak sing nggrombol utawa ngongkon iwak-iwak kuwi mlebu ing jalané. Nanging, mikir kaya ngono mung marahi dhèwèké saya strès. Pétrus njala iwak ora merga hobi. Dhèwèké kudu nggolèk pangan kanggo akèh wong. Akiré, dhèwèké bali ing pantai nanging tanpa hasil. Jala tetep diresiki. Dadi, Pétrus lagi répot nyambut gawé wektu Yésus marani dhèwèké.

Pétrus ora bosen ngrungokké Yésus ceramah bab Kratoné Allah

12 Ana akèh wong sing dhesek-dhesekan ngubengi Yésus, péngin banget ngrungokké omongané Yésus. Merga ana akèh banget wong, Yésus terus munggah ing prau lan ngongkon Pétrus nyurung prauné rada adoh saka pantai. Swarané Yésus isa dirungokké kanthi cetha merga dipantulké banyu, lan saka kono Yésus mulang akèh wong. Pétrus nggatèkké tenanan, semono uga wong-wong ing pantai kuwi. Pétrus ora bosen ngrungokké Yésus sing ceramah bab Kratoné Allah. Kratoné Allah kuwi inti wulangan sing diwartakké. Pancèn pakurmatan sing gedhé isa mbantu Kristus nyebarké kabar apik iki ing sakdonya. Nanging Pétrus mikir, apa kuwi masuk akal? Piyé Pétrus nyukupi kebutuhan keluargané? Mungkin Pétrus dadi kèlingan manèh karo kahanan ing wayah wengi, pas dhèwèké ora éntuk hasil.​—Lk. 5:1-3.

13, 14. Mukjijat apa sing ditindakké Yésus kanggo Pétrus, lan piyé tanggepané Pétrus?

13 Sakwisé rampung omongan, Yésus kandha marang Pétrus, ”Mancala menyang ing panggonan kang jero, jalamu tibakna supaya olèh iwak.” Karo ragu-ragu, Pétrus kandha, ”Guru, sampun sadalu muput anggèn kawula sami nyambut damel kanthi saèstu, boten angsal punapa-punapa, éwadéné margi saking dhawuh Paduka, kawula inggih badhé ndhawahaken jala.” Pétrus lagi waé ngumbah jalané. Mesthi Pétrus ora gelem ngedhunké kuwi manèh, saiki uga dudu wektuné iwak-iwak nggolèk pangan. Senajan ngono, Pétrus manut. Mbokmenawa karo mènèhi tandha marang kanca-kancané ing prau kapindho bèn ngetutké dhèwèké.​—Lk. 5:4, 5.

14 Pétrus mulai narik jalané, lan tanpa disangka-sangka jalané krasa abot banget. Rasané ora percaya, nanging dhèwèké narik jalané saya kuwat, lan sakwisé kuwi, dhèwèké ndelok ana akèh banget iwak ing jala. Pétrus kagèt lan mènèhi tandha karo wong-wong ing prau kapindho kanggo mbantu. Jebulé, sakprau thok ora cukup kanggo nggawa iwak-iwak kuwi. Rong prau diisi karo iwak-iwak kuwi, nanging iwaké akèh banget nganti prauné arep kleleb. Pétrus nggumun banget. Dhèwèké tau ndelok kuwasané Yésus, nanging mukjijat iki kaya-kayané kusus kanggo dhèwèké. Pétrus mikir bab Yésus, ’Wong iki uga isa nggawé iwak mlebu ing jala.’ Pétrus mulai kewedèn. Dhèwèké sujud lan kandha, ”Gusti, Paduka mugi karsaa nilar kawula, awit kawula punika tiyang dosa.” Pétrus ngrasa ora pantes srawung karo wong sing sanggup nggunakké kuwasané Gusti Allah kaya ngono.​—Wacanen Lukas 5:6-9.

”Gusti . . . kawula punika tiyang dosa”

15. Piyé Yésus ngandhani Pétrus nèk rasa ragu lan wediné kuwi ora ana dhasaré?

15 Nganggo cara sing alus, Yésus kandha, ”Aja wedi, wiwit saiki kowé bakal padha amèk [utawa, golèk] wong.” (Lk. 5:10, 11) Saiki dudu wektuné kanggo ngrasa wedi utawa ragu. Ketimbang nguwatirké carané nyukupi keluargané, Pétrus kudu luwih nggatèkké gawéan nginjil sing penting iki. Pétrus uga ora perlu nguwatirké perasaané sing ngrasa nduwé akèh salah lan ora pantes nindakké gawéan nginjil, merga Gusti Allah sing dilayani Pétrus kuwi ”gedhé pangapurané”. (Yé. 55:7, BJP) Yésus nduwé gawéan gedhé sing kudu ditindakké sing bakal ngowahi uripé akèh wong. Yéhuwah bakal nyukupi kebutuhan jasmani lan rohaniné Pétrus.​—Mt. 6:33.

16. Piyé tanggepané Pétrus, Yakobus, lan Yokanan marang kandhané Yésus?

16 Pétrus langsung manut karo kandhané Yésus, semono uga Yakobus lan Yokanan. ”Sawisé minggiraké prauné, banjur padha ninggal samubarang kabèh sarta ndhèrèkaké Gusti Yésus.” (Lk. 5:11) Pétrus nduwé iman marang Yésus lan Pribadi sing ngutus Yésus. Kuwi keputusan sing paling apik ing uripé. Wong Kristen saiki uga nduduhké imané nganggo cara ngupaya ngatasi rasa ragu lan wediné bèn isa nglayani Allah. Yéhuwah mesthi nggatèkké wong-wong sing percaya marang Panjenengané.​—Ms. 22:5, 6.

”Apa Sebabé Kowé Nyerah lan Dadi Ragu-Ragu?”

17. Kenangan apa waé sing dipikirké Pétrus kira-kira rong taun sakwisé ketemu Yésus?

17 Kaya sing wis dicritakké mau, Pétrus lagi ndhayung prau ing Laut Galiléa. Kedadéan kuwi kelakon kira-kira rong taun sakwisé ketemu Yésus. Ing wengi kuwi anginé banter. Awaké dhéwé ora ngerti kenangan apa waé sing ana ing pikirané Pétrus. Mesthiné ana akèh banget. Yésus wis marèkké ibu maratuwané Pétrus. Yésus wis mènèhi Ceramah ing Gunung. Liwat kuwasané sing nggumunké lan piwulangé, Yésus bola-bali nduduhké nèk dhèwèké kuwi Sang Mèsih, Pilihané Yéhuwah. Saya suwé, kekurangané Pétrus sing gampang nyerah karo rasa wedi lan ragu mesthiné saya suda. Yésus malah wis milih Pétrus dadi bagéan saka 12 rasulé. Nanging, Pétrus bakal ngerti nèk dhèwèké isih nduwé rasa wedi lan ragu.

18, 19. (a) Terangna apa sing didelok Pétrus ing Laut Galiléa. (b) Piyé Yésus nanggepi penjaluké Pétrus?

18 Ing wektu antarané kira-kira jam telu ésuk nganti srengéngé mlethèk, ujug-ujug Pétrus mandheg ndhayung lan ndegèkké awaké. Ing mburiné gelombang ombak, Pétrus ndelok ana sing obah-obah lan mlaku. Apa kuwi semburané ombak sing mantulké sinaré rembulan? Dudu, sing didelok Pétrus kuwi mung tegak lurus. Jebulé, kuwi wong. Tenan, ana wong, lan wong kuwi lagi mlaku ing ndhuwuré banyu segara. Sakwisé nyedhak, wong kuwi kaya-kayané arep ngliwati Pétrus lan kanca-kancané. Merga kewedèn banget, murid-muridé Yésus ngira nèk kuwi memedi. Wong kuwi ngomong, ”Sing tatag. Iki Aku. Aja wedi!” Jebulé, wong kuwi Yésus!​—Mt. 14:25-28, BJP.

19 Pétrus njawab, ”Gusti, menawi èstu Panjenengan, kersaa dhawuh supados kawula murugi [utawa, marani] Panjenengan mlampah napak ing toya.” Pétrus sing langsung nanggepi kandhané Yésus kuwi pancèn kendel tenan. Merga nggumun ndelok mukjijat sing béda saka liyané kuwi, Pétrus péngin imané saya dikuwatké manèh. Pétrus péngin ngrasakké dhéwé mukjijaté Yésus kuwi. Kanthi ramah Yésus ngongkon Pétrus nyedhak. Pétrus mlangkah metu saka sisih prauné lan mudhun ing segara sing ombaké gedhé. Bayangna perasaané Pétrus wektu sikilé ngidak banyu sing kayané malih dadi atos, banjur dhèwèké isa ngadeg ing ndhuwuré banyu segara. Pas mlaku nyedhaki Yésus, Pétrus mesthi ngrasa nggumun banget. Nanging, ujug-ujug tanggepané Pétrus dadi malih.​—Wacanen Matéus 14:29.

”Pas mandeng angin gedhé, dhèwèké dadi wedi”

20. (a) Apa sing nyebabké Pétrus keslimur, lan apa akibaté? (b) Yésus mènèhi piwulang penting apa marang Pétrus?

20 Pétrus kudu tetep mandeng Yésus. Nganggo kuwasané Yéhuwah, Yésus wis nggawé Pétrus isa mlaku ing ndhuwur banyu segara. Lan Yésus nindakké kuwi merga Pétrus wis nduduhké imané. Nanging, Pétrus mulai keslimur. Awaké dhéwé maca nèk Pétrus ”pas mandeng angin gedhé, dhèwèké dadi wedi”. Pétrus ndelok dhéwé piyé pas ombak nerjang prauné, marahi banyuné muncrat ngenani dhèwèké, lan Pétrus dadi gugup. Dhèwèké mungkin mbayangké bakal kleleb ing laut kuwi. Atiné saya wedi lan imané saya kurang. Wong lanang sing dijuluki Watu Karang merga dianggep bakal dadi wong sing kukuh kuwi mulai kleleb kaya watu merga imané luntur. Senajan Pétrus pinter renang, nanging dhèwèké ora ngendelké kesanggupané kuwi. Pétrus mbengok, ”Gusti, tulungana aku.” Yésus nyekel tangané lan narik Pétrus. Banjur, pas isih ing ndhuwur banyu kuwi, Yésus mènèhi piwulang penting iki marang Pétrus, ”Kowé sing imané cilik, apa sebabé kowé nyerah lan dadi ragu-ragu?”​—Mt. 14:30, 31, NW.

21. Apa sebabé ragu-ragu kuwi mbebayani, lan piyé carané nglawan?

21 ”Nyerah lan dadi ragu-ragu” kuwi tembung sing cocog banget. Rasa ragu-ragu nduwé kekuwatan kanggo ngrusak. Nèk ragu-ragu terus, imané awaké dhéwé isa saya cilik lan akiré ilang. Awaké dhéwé kudu ngupaya tenanan nglawan kuwi. Piyé carané? Kudu nduwé cara mikir sing bener. Rasa ragu-ragu bakal saya gedhé nèk awaké dhéwé terus mikirké bab-bab sing isa nggawé wedi, nggawé cilik ati, lan sing isa nylimurké awaké dhéwé saka Yéhuwah lan Yésus. Nanging, nèk terus mandeng marang Yéhuwah lan Putrané, klebu apa sing wis, lagi, lan bakal ditindakké karo Yéhuwah lan Yésus, rasa ragu-ragu ora bakal ngrusak imané awaké dhéwé.

22. Apa sebabé imané Pétrus cocog kanggo ditiru?

22 Wektu Pétrus ngetutké Yésus bali ing prau, Pétrus ndelok angin gedhé kuwi wis suda. Laut Galiléa wis mulai tenang. Pétrus lan murid-murid liyané kandha, ”Panjenengan menika saèstu Putranipun Allah.” (Mt. 14:33, BJP) Wektu srengéngé mulai mlethèk, Pétrus mesthi ngrasa matur nuwun banget. Pétrus sinau bèn aja nganti rasa wediné marahi dhèwèké dadi ragu karo Yéhuwah lan Yésus. Pancèn, isih akèh owah-owahan sing kudu digawé Pétrus bèn isa dadi wong Kristen sing kukuh kaya watu karang, kaya anggepané Yésus. Nanging, Pétrus nduwé tékad kanggo terus nyoba, lan terus nguwatké imané. Apa panjenengan nduwé tékad sing padha? Panjenengan mesthi setuju nèk imané Pétrus pancèn cocog kanggo ditiru.