Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB TELULIKUR

Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné

Dhèwèké Sinau Pangapura saka Gustiné

1. Kedadéan paling èlèk apa sing dialami Pétrus ing uripé?

PÉTRUS ora bakal lali kedadéan kuwi, wektu dhèwèké lan Yésus padha mandeng siji lan sijiné. Apa Pétrus ndelok Yésus gela lan jèngkèl pas mandeng dhèwèké? Awaké dhéwé ora ngerti persisé, merga Alkitab mung kandha nèk ”Gusti Yésus banjur minger mirsani Pétrus”. (Lk. 22:61) Nanging, saka carané Yésus mandeng, Pétrus ngerti nèk dhèwèké wis nggawé kesalahan sérius. Kaya sing wis diramalké Yésus, Pétrus ora ngakoni Yésus. Padhahal Pétrus tau kandha nèk ora bakal nindakké kuwi. Pétrus bener-bener ngrasa nglokro, mungkin kuwi kedadéan paling èlèk sing dialami Pétrus ing uripé.

2. Pétrus kudu sinau bab apa, lan piyé carané awaké dhéwé isa éntuk paédah saka pengalamané Pétrus?

2 Nanging, iki dudu tegesé Pétrus ora nduwé pangarep-arep manèh. Pétrus kuwi wong sing imané gedhé, mula dhèwèké isih nduwé kesempatan ndandani salahé. Pétrus uga isa sinau salah siji piwulang penting saka Yésus yaiku bab pangapura. Awaké dhéwé uga kudu sinau bab kuwi, mula ayo nggatèkké pengalamané Pétrus.

Dhèwèké Kudu Akèh Sinau

3, 4. (a) Pétrus takon apa marang Yésus, lan apa sing sakjané dipikirké Pétrus? (b) Piyé Yésus nduduhké nèk Pétrus niru wong-wong ing sakiwa-tengené?

3 Kira-kira enem sasi sakdurungé, wektu ing kutha asalé, yaiku Kapèrnaum, Pétrus nyedhaki Yésus lan takon, ”Gusti, manawi sadhèrèk kawula gadhah kalepatan dhateng kawula, ngantos kaping pinten anggèn kawula kedah ngapunten? Punapa ngantos kaping pitu?” Pétrus kétoké mikir nèk dhèwèké wis loma ngapurani wong liya. Wektu kuwi, pemimpin agama mulang nèk ngapurani wong liya nganti ping telu kuwi wis cukup. Nanging Yésus njawab, ”Aja mung ping pitu, malah ngantia ping pitungpuluh ping pitu.”​—Mt. 18:21, 22.

4 Apa Yésus ngongkon Pétrus ngétung lan nyathet salahé wong liya? Ora. Malah merga ngganti angka 7 sing disebutké Pétrus, nganggo angka 70 ping 7, Yésus ngandhani nèk ngapurani wong liya kuwi ora ana watesé. (1 Kr. 13:4, 5) Nganggo cara kuwi, Yésus nduduhké  nèk Pétrus niru wong-wong ing sakiwa-tengené sing ora apik ati lan ora gelem ngapurani wong liya. Kaya-kayané kudu étung-étungan dhisik sakdurungé ngapurani. Nanging, kabèh sing péngin niru Gusti Allah kudu gelem loma wektu ngapurani wong liya.​Wacanen  1 Yokanan 1:7-9.

5. Kapan awaké dhéwé isa ngerti tenan pentingé pangapura?

5 Pétrus ora mbantah omongané Yésus. Nanging, apa piwulangé Yésus kuwi ngrogoh atiné? Kadhang kala, awaké dhéwé isa ngerti tenan pentingé pangapura wektu bener-bener mbutuhké kuwi. Mula, ayo digatèkké kedadéan-kedadéan sakdurungé Yésus séda. Ing kahanan sing nyusahké ati wektu kuwi, Pétrus nggawé akèh salah lan mbutuhké pangapura saka Gustiné.

Pétrus Butuh Diapura

6. Piyé tanggepané Pétrus wektu Yésus mulang para muridé bab sipat andhap asor, terus piyé tanggepané Yésus?

6 Wengi kuwi wengi pungkasan uripé Yésus ing bumi. Isih akèh sing péngin diwulangké Yésus marang para rasulé, contoné bab sipat andhap asor. Yésus mènèhi tuladha nganggo cara ngwijiki sikilé para rasul, kuwi gawéan sing ditindakké pembantu sing paling rendhah. Mauné, Pétrus takon apa maksud tumindaké Yésus kuwi, terus dhèwèké nolak wektu Yésus arep ngwijiki sikilé. Bar kuwi, Pétrus malah péngin supaya Yésus ora mung ngwijiki sikilé, nanging uga tangan lan sirahé. Yésus tetep sabar, kanthi tenang Yésus njelaské maksud tumindaké kuwi.​—Yo. 13:1-17.

7, 8. (a) Apa sing ditindakké Pétrus sing nguji kesabarané Yésus? (b) Piyé Yésus terus nduduhké sipat apikan lan gelem ngapura?

7 Ora let suwé, Pétrus nguji manèh kesabarané Yésus. Para rasul padha padu bab sapa sing paling utama, lan Pétrus mesthiné ya mèlu-mèlu padu. Senajan ngono, Yésus tetep apikan wektu mènèhi naséhat lan ngalem bab-bab apik sing wis ditindakké para rasul, yaiku terus setya marang Gustiné. Nanging, Yésus ngandhani nèk para rasul bakal padha ninggalké Yésus. Pétrus ora setuju lan kandha nèk dhèwèké ora bakal ninggalké Yésus, senajan kudu kélangan nyawa. Yésus ngramalké nèk ing wengi kuwi uga, sakdurungé jago kluruk ping pindho, Pétrus bakal ora ngakoni Yésus ping telu. Pétrus ora mung mbantah omongané Yésus, nanging uga malah kandha nèk dhèwèké bakal luwih setya ketimbang rasul liyané.​—Mt. 26:31-35; Mk. 14:27-31; Lk. 22:24-28; Yo. 13:36-38.

8 Apa Yésus dadi ora sabar marang Pétrus? Ora, malah ing wektu sing sakjané nyusahké banget kanggo Yésus kuwi, Yésus isih terus sabar lan terus nggolèk bab-bab apik saka para rasulé sing ora sampurna. Yésus ngerti nèk Pétrus bakal nggawé gela, nanging Yésus kandha, ”Kowé wis dakdongakaké, supaya pracayamu ora ilang. Lan  kowé, manawa wis mratobat, sadulur-sadulurmu padha santosakna.” (Lk. 22:32) Dadi, Yésus yakin nèk Pétrus bakal mertobat lan terus setya ngabdi. Yésus bener-bener apikan lan seneng ngapura.

9, 10. (a) Ing Taman Gètsémané, naséhat apa sing dibutuhké Pétrus? (b) Pengalamané Pétrus ngélingké awaké dhéwé bab apa?

9 Terus, wektu ing Taman Gètsémané, Pétrus isih kudu diwènèhi naséhat nganti ping bola-bali. Yésus ngongkon Pétrus, Yakobus, lan Yokanan tetep waspada wektu Yésus lagi ndonga. Yésus lagi susah banget lan butuh dhukungan, nanging Pétrus lan rasul liyané malah bola-bali keturon. Yésus nduduhké pangertèn lan ngapurani para rasul, Yésus kandha, ’Pancèn, atiné karep, nanging awaké ora kuwat.’​—Mk. 14:32-41, BJS.

10 Ora let suwé, sakgrombolan wong padha teka nggawa obor, pedhang lan penthung. Ing kahanan kaya ngono, mesthiné kudu tumindak ati-ati lan wicaksana. Nanging, tanpa mikir dhisik, Pétrus langsung ngetokké pedhangé lan disabetké menyang kupingé Malkhus, nganti salah siji kupingé pothol. Malkhus kuwi baturé imam agung. Yésus kanthi tenang naséhati Pétrus, marèkké kupingé Malkhus, lan nerangké pathokan penting kanggo murid-muridé nganti saiki, yaiku nèk wong Kristen ora éntuk nindakké kekerasan. (Mt. 26:47-55; Lk. 22:47-51; Yo. 18:10, 11) Pétrus wis nindakké akèh salah lan mbutuhké pangapurané Yésus. Pengalaman iki ngélingké nèk awaké dhéwé kerep nggawé salah. (Wacanen Yakobus 3:2.) Awaké dhéwé kabèh mbutuhké pangapurané Allah saben dina. Ing crita iki, Pétrus malah nggawé salah manèh sing luwih sérius ing wengi sing padha.

Kesalahané Pétrus sing Paling Sérius

11, 12. (a) Piyé Pétrus nduduhké sipat kendel bar Yésus dicekel? (b) Omongané Pétrus sing endi sing gagal ditindakké?

11 Yésus ngomong marang grombolan wong kuwi, nèk wong-wong kuwi nggolèki Yésus, wong-wong kuwi kudu ngejarké para rasul lunga. Pétrus ora isa ngapa-ngapa wektu Yésus dibanda. Dhèwèké langsung mlayu, semono uga rasul liyané.

12 Pétrus lan Yokanan mandheg mlayu, mungkin pas ing cedhak omahé Hanas, mantan Imam Agung. Kuwi panggonan kapisan wektu Yésus ditakon-takoni. Wektu Yésus digawa saka kono, Pétrus lan Yokanan ngetutké manèh, nanging ’saka kadohan’. (Mt. 26:58; Yo. 18:12, 13) Pétrus dudu wong sing gampang wedi. Nèk arep ngetutké Yésus kuwi kudu kendel. Apa manèh grombolan wong akèh mau padha nggawa senjata, lan Pétrus wis mbacok kupingé salah siji wong kuwi. Nanging, wektu kudu nduduhké kasetyané marang Yésus, Pétrus malah wedi. Dhèwèké gagal nindakké omongané dhéwé, yaiku bakal terus setya senajan kudu mati bareng Gustiné.​—Mk. 14:31.

13. Apa siji-sijiné cara apik kanggo ngetutké Yésus?

 13 Akèh wong saiki ngetutké Yésus ’saka kadohan’, kaya sing ditindakké Pétrus. Tujuané bèn aja nganti konangan. Nanging, kaya sing akiré Pétrus tulis, siji-sijiné cara apik kanggo ngetutké Yésus, yaiku saya nyedhak marang Yésus, lan niru kabèh tuladhané, ora soal apa akibaté.​—Wacanen 1 Pétrus 2:21.

14. Apa sing ditindakké Pétrus ing wengi wektu Yésus diadili?

14 Pétrus ngati-ati banget wektu ngetutké rombongan kuwi, lan akiré tekan gapura salah siji omah sing paling megah ing Yérusalèm. Kuwi omahé Kayafas, imam agung sing sugih lan nduwé kuwasa. Omah-omah kaya ngono biyasané lataré amba lan ing ngarepé ana gapurané. Pétrus tekan ing gapura kuwi, nanging ora éntuk mlebu. Yokanan sing wis kenal karo imam agung lan wis ana ing njero, marani wong sing jaga lan njaluk tulung supaya Pétrus éntuk mlebu. Kétoké Pétrus ora bareng karo Yokanan, lan ora ngupaya mlebu ngancani Yésus. Dhèwèké tetep ing latar, bareng karo para budhak lan pembantu sing lagi ing cedhak api unggun, bèn ora kadhemen. Saka kono, Pétrus uga ndelok para seksi palsu sing nudhuh Yésus, lagi mlebu-metu ing ruang pengadilan.​—Mk. 14:54-57; Yo. 18:15, 16, 18.

15, 16. Terangna piyé ramalané Yésus bab Pétrus wis kelakon.

15 Merga ana api unggun, wong wadon sing ngéntukké Pétrus mlebu dadi isa ndelok wajahé Pétrus. Wong wadon kuwi nitèni nèk iku Pétrus, terus ngomong, ”Sampéyan rak enggih tumut kalih Yésus, tiyang Galiléa nika ta?” Merga kagèt, Pétrus ora ngakoni nèk kenal karo Yésus, lan ngomong nèk ora ngerti apa maksudé wong wadon kuwi. Pétrus lunga menyang cedhaké gerbang, lan ngati-ati supaya aja nganti ana sing nitèni dhèwèké. Nanging ana wong wadon liyané sing nitèni Pétrus lan ngomong, ”Wong iki rak iya sing gawéné mèlu Yésus, wong Nasarèt kuwi ta?” Nanging Pétrus sumpah, ”Kula èstu mboten wanuh kalih tiyang niku.” (Mt. 26:69-72, BJP; Mk. 14:66-68) Mungkin sakwisé Pétrus mbantah sing kapindho kuwi, ana jago sing kluruk, nanging Pétrus ora nggatèkké lan lali karo ramalan sing wis dikandhakké Yésus sakdurungé.

16 Pétrus isih terus ngupaya bèn ora dititèni wong. Nanging, ana wong-wong sing ngadeg ing latar, mara nyedhaki Pétrus. Salah sijiné isih seduluré Malkhus, wong sing kupingé disabet pedhang karo Pétrus. Wong kuwi ngomong marang Pétrus, ”Aku weruh kowé bebarengan karo Wong kuwi ana ing petamanan, rak iya ta?” Pétrus ngupaya ngyakinké nèk wong kuwi klèru. Mula Pétrus sumpah siyap dikutuk nèk dhèwèké ngapusi. Iki kaping teluné Pétrus ora ngakoni Yésus. Ora let suwé bar ngomong kuwi, ana swara jago kluruk manèh. Kuwi kluruk sing kaping pindho sing dirungokké Pétrus ing wengi kuwi.​—Yo. 18:26, 27, BJP; Mk. 14:71, 72.

”Gusti Yésus banjur minger mirsani Pétrus”

17, 18. (a) Piyé perasaané Pétrus wektu sadhar nèk wis nggawé gela Gustiné? (b) Apa sing mungkin dipikirké Pétrus?

 17 Yésus lagi waé metu ing balkon ndhuwur. Ya ing wektu kuwi, kaya sing dicritakké ing wiwitan bab iki, Yésus mandeng Pétrus. Pétrus langsung sadhar nèk dhèwèké bener-bener wis nggawé gela Gustiné. Pétrus lunga, ninggalké latar kono karo ngrasakké atiné sing remuk merga wis nindakké salah. Dhèwèké mlaku ing dalan-dalan ing kutha kuwi, dipadhangi karo sinaré bulan purnama sing mèh angslup. Pétrus nangis. Atiné gela banget lan dhèwèké nangis sesenggukan.​—Mk. 14:72; Lk. 22:61, 62.

18 Wektu sadhar nèk nindakké dosa sing sérius, gampang banget kanggo nganggep nèk dosané ora bakal diapura. Pétrus isa waé ya mikir kaya ngono. Apa pancèn Pétrus ora bakal diapura?

Apa Pétrus Ora Bakal Diapura Manèh?

19. Piyé perasaané Pétrus bab tumindaké, nanging apa buktiné nèk dhèwèké ora nyerah?

19 Wektu wis ésuk, Pétrus mesthi saya sedhih merga ing dina kuwi dhèwèké bakal ndelok akèh kedadéan sing dialami Yésus. Pas ndelok Yésus disiksa pirang-pirang jam, lan ing wayah soréné Yésus dipatèni, Pétrus mesthi saya rumangsa salah. Atiné Pétrus mesthi nelangsa banget wektu kèlingan tumindaké sing nglarani atiné Yésus. Apa manèh kuwi dina pungkasan uripé Yésus dadi manungsa. Senajan atiné remuk banget, nanging Pétrus ora nyerah. Awaké dhéwé isa ngerti merga Pétrus terus ngumpul manèh karo para seduluré. (Lk. 24:33) Para rasul mesthi gela banget karo tumindak sing wis dilakoni wengi kuwi, mula padha nglipur siji lan sijiné.

20. Apa sing isa disinaoni saka Pétrus wektu dhèwèké nggawé keputusan sing wicaksana?

20 Ing crita iki, awaké dhéwé nggatèkké nèk Pétrus wis nggawé keputusan sing wicaksana. Wektu ana abdiné Allah tiba utawa nindakké salah, sing penting kuwi dudu sepira gedhéné salahé, nanging sepira gedhéné tékadé kanggo ngadeg utawa semangat manèh, lan kanggo ndandani salahé. (Wacanen Wulang Bebasan 24:16.) Pétrus nduduhké iman sejati wektu ngumpul karo para seduluré senajan atiné remuk. Wong sing lagi remuk atiné biyasané péngin ndhéwé, nanging kuwi malah mbebayani. (WB. 18:1) Tumindak sing paling wicaksana yaiku tetep cedhak karo para sedulur seiman lan isa éntuk manèh kekuwatan rohani.​—Ib. 10:24, 25.

21. Merga ngumpul karo para sedulur seimané, Pétrus isa ngerti kabar apa?

 21 Merga ngumpul karo para sedulur seimané, Pétrus isa dadi ngerti kabar sing ngagètké, nèk jenazahé Yésus ora ana ing kuburan. Pétrus lan Yokanan mlayu menyang kuburané Yésus sing wis ditutup watu. Yokanan, sing kétoké luwih enom, teka luwih dhisik. Dhèwèké ndelok kuburané Yésus wis kebukak, nanging ragu-ragu arep mlebu. Nèk Pétrus ora kaya ngono. Senajan isih menggèh-menggèh, Pétrus langsung mlebu ing kuburan kuwi. Jebulé, kuburané wis kosong.​—Yo. 20:3-9.

22. Apa sebabé rasa sedhih lan ragu ilang saka atiné Pétrus?

22 Wiwitané, Pétrus ora percaya nèk Yésus wis diuripké manèh, padhahal para wong wadon sing setya mènèhi laporan nèk ana malaékat-malaékat sing teka kanggo ngandhani nèk Yésus wis diuripké manèh. (Lk. 23:55–24:11) Nanging ing dina kuwi uga, kabèh rasa sedhih lan ragu ilang saka atiné Pétrus. Yésus urip manèh, lan saiki dadi makhluk roh sing prakosa. Yésus uga wis nemoni kabèh rasulé. Nanging sakdurungé kuwi, Yésus nemoni Pétrus dhéwé. Bab dina kuwi, para rasul kandha, ”Gusti nyata yèn wis wungu [utawa, urip manèh] lan wis ngatingal marang Simon.” (Lk. 24:34) Semono uga, rasul Paulus nulis nèk ing dina sing istiméwa kuwi Yésus ”wus ngatingal marang Kéfas nuli marang para sakabaté rolas”. (1 Kr. 15:5) Kéfas lan Simon kuwi jeneng liyané Pétrus. Ing dina kuwi, Yésus nemoni Pétrus, kétoké wektu Pétrus lagi dhèwèkan.

Pétrus nggawé akèh salah lan mbutuhké pangapura saka Gustiné. Saben dina, awaké dhéwé mesthi ya mbutuhké pangapura saka Yéhuwah

23. Apa sebabé wong Kristen saiki sing nindakké dosa kudu ngéling-éling pengalamané Pétrus?

23 Alkitab ora crita nganti rinci bab réuni sing nrenyuhké ati iki. Sing ngerti mung Yésus lan Pétrus. Awaké dhéwé mung isa mbayangké piyé perasaané Pétrus wektu kuwi, sing trenyuh wektu ndelok Gustiné sing ditresnani urip manèh. Lan Pétrus éntuk kesempatan nduduhké rasa sedhihé lan mertobat. Sing paling dipéngini Pétrus wektu kuwi yaiku diapura, lan pancèn Yésus lila ngapurani Pétrus. Saiki, wong Kristen sing nindakké dosa kudu ngéling-éling pengalamané Pétrus kuwi. Aja nganti mikir nèk Gusti Allah ora bakal ngapurani awaké dhéwé. Nganggo cara sing sampurna, Yésus nduduhké sipaté Bapaké yaiku ”gedhé pangapurané”.​—Yé. 55:7, BJP.

Bukti Liya Nèk Pétrus Diapura

24, 25. (a) Critakna kedadéan ing wayah wengi wektu Pétrus njala iwak ing Laut Galiléa. (b) Piyé tanggepané Pétrus sakwisé ndelok mukjijaté Yésus ésuk kuwi?

24 Yésus ngongkon murid-muridé lunga menyang Galiléa. Ing kutha kuwi, Yésus bakal nemoni para rasulé manèh. Wektu tekan Galiléa, Pétrus mutuské lunga menyang Laut Galiléa kanggo njala iwak. Ana wong-wong sing mèlu. Sepisan manèh, Pétrus ana ing danau, yaiku panggonan nyambut gawéné Pétrus sakdurungé mèlu Yésus.  Pétrus mesthi wis kulina karo swarané prau sing diterjang ombak, swarané banyu segara, lan tangané mesthi uga wis kulina nyekel jala iwak. Nanging ing wengi kuwi, Pétrus babar blas ora éntuk iwak.​—Mt. 26:32; Yo. 21:1-3.

Pétrus langsung nyemplung ing segara lan renang menyang pantai

25 Banjur wektu mèh ésuk, ana wong lanang sing mbengok saka pantai, ngongkon Pétrus lan kanca-kancané nguncalké jala menyang sisihé prau. Pétrus lan liyané manut. Akiré éntuk iwak akèh banget nganti cacahé 153. Pétrus ngerti sapa wong sing mbengok kuwi. Mula, dhèwèké langsung nyemplung ing segara lan renang menyang pantai. Pas tekan pantai, Yésus wis nyiapké maeman yaiku  iwak bakar, kanggo para rasulé sing setya. Nanging, Yésus kususé nggatèkké Pétrus.​—Yo. 21:4-14.

26, 27. (a) Telung kesempatan apa sing diwènèhké Yésus marang Pétrus? (b) Apa buktiné nèk Yésus wis bener-bener ngapurani Pétrus?

26 Yésus nakoni Pétrus, apa dhèwèké nresnani Yésus ”ngungkuli kabèh iki”, kétoké karo nduding iwak-iwak sing akèh kuwi. Ing njero atiné Pétrus, apa katresnané marang bisnis iwak kuwi luwih gedhé ketimbang katresnané marang Yésus? Kaya Pétrus sing wis ora ngakoni Yésus nganti ping telu, Yésus saiki mènèhi Pétrus telung kesempatan kanggo nduduhké katresnané ing ngarepé kanca-kancané. Wektu Pétrus nanggepi, Yésus njelaské carané nduduhké katresnan kuwi, yaiku ngutamakké tugas suci, mènèhi pangan, nguwatké, lan angon wedhus-wedhusé Kristus, yaiku para murid sing setya.​—Lk. 22:32; Yo. 21:15-17, NW.

27 Dadi, Yésus ngyakinké nèk Pétrus isih aji kanggoné Yésus lan Bapaké. Pétrus bakal nindakké tanggung jawab penting ing jemaat manut tuntunané Yésus. Kuwi bukti sing nyata nèk Yésus bener-bener ngapurani Pétrus. Sipat welas asihé Yésus mesthi nrenyuhké atiné Pétrus, lan mesthi Pétrus sinau saka salahé.

28. Piyé uripé Pétrus cocog karo jenengé?

28 Wis taunan suwéné Pétrus setya nindakké tugasé. Dhèwèké nguwatké para seduluré, kaya sing wis Yésus préntahké ing wengi sakdurungé séda. Pétrus sabar lan apik ati wektu angon lan mènèhi pangan para muridé Yésus. Wong lanang sing jenengé Simon iki kebukti nduwé iman sing kuwat lan dadi conto sing apik ing jemaat, kuwi cocog karo tegesé jeneng sing diwènèhké Yésus, yaiku Pétrus sing tegesé Watu Karang. Akèh bukti sing nduduhké bab kuwi ing rong surat sing ditulis Pétrus dhéwé kanggo saben wong Kristen, lan kuwi akiré dadi bagéan saka Alkitab sing aji. Surat-suraté uga nduduhké nèk Pétrus ora tau lali karo piwulang bab pangapura saka Yésus.​—Wacanen 1 Pétrus 3:8, 9; 4:8.

29. Piyé carané niru imané Pétrus lan sipat welas asihé Gustiné?

29 Muga-muga awaké dhéwé éntuk piwulang sing padha. Apa awaké dhéwé saben dina nyuwun pangapurané Allah merga kerep nggawé salah? Apa awaké dhéwé nampa pangapura kuwi lan percaya karo kuwasané kanggo nggawé suci awaké dhéwé? Lan, apa awaké dhéwé uga ngapurani wong-wong liya? Nèk nindakké kuwi, awaké dhéwé niru imané Pétrus lan sipat welas asihé Gustiné.