Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

 BAB PATBELAS

Dhèwèké Sinau Bèn Nduwé Welas asih

Dhèwèké Sinau Bèn Nduwé Welas asih

1. Perjalanan kaya apa sing arep dilakoni Yunus, lan piyé perasaané karo kutha sing dadi tujuané?

YUNUS mesthi nduwé akèh wektu kanggo mikir. Yunus arep lunga adohé luwih saka 800 kilomèter, kuwi suwéné kira-kira sesasi utawa malah isa luwih. Awalé, dhèwèké kudu milih arep mlaku liwat dalan sing luwih aman utawa sing luwih cedhak. Bar kuwi neruské perjalanan ngliwati akèh lembah lan gunung-gunung. Yunus uga kudu ngubengi Gurun Siria sing amba banget, nyebrang akèh kali klebu Kali Éfrat sing gedhé, lan golèk panggonan kanggo nginep ing kutha lan désa ing Siria, Mésopotamia, lan Asyur, sing asing kanggo Yunus. Ing perjalanan, Yunus mikirké terus tujuané, yaiku kutha Niniwé sing nggawé Yunus kewedèn. Saya cedhak Yunus karo kutha kuwi, dhèwèké saya kuwatir.

2. Piyé Yéhuwah mulang Yunus bèn ora ninggalké tugasé manèh?

2 Yunus mesthi ngerti nèk dhèwèké ora isa bali lan ninggalké tugasé manèh. Yunus wis tau nindakké kuwi. Kaya sing wis dirembug ing bab sakdurungé, Yéhuwah kanthi sabar mulang Yunus liwat badai ing segara lan nylametké Yunus nganggo cara mukjijat yaiku nggunakké iwak gedhé. Sakwisé telung dina, Yunus banjur diwutahké ing pantai tanpa ana sing cacad. Pengalaman kuwi nggawé Yunus luwih andhap asor lan manut.​—Yn., bab 1, 2.

3. Yéhuwah nduduhké sipat apa marang Yunus, lan ana pitakonan apa?

3 Pas Yéhuwah ndhawuhi Yunus manèh kaping pindhoné bèn lunga menyang Niniwé, Yunus manut lan mangkat menyang arah wétan, perjalanané adoh banget.  (Wacanen Yunus 3:1-3.) Sakwisé didisiplin Yéhuwah, apa Yunus ngowahi tumindaké? Contoné, Yéhuwah wis nduduhké sipat welas asih marang Yunus, nylametké bèn ora kleleb, ora ngukum Yunus senajan ora manut, lan mènèhi kesempatan manèh nindakké tugasé. Nanging, bar ngalami kuwi, apa Yunus sinau kanggo nduduhké welas asih marang wong liya? Nduduhké welas asih biyasané angèl kanggo manungsa sing ora sampurna. Ayo sinau saka perjuangané Yunus.

Warta Paukuman lan Tanggepan sing Ngagètké

4, 5. Apa sebabé Yéhuwah nyebut Niniwé ”kutha kang gedhé”, lan apa sing isa disinaoni bab Yéhuwah saka kuwi?

4 Cara mikiré Yunus bab Niniwé ora padha kaya cara mikiré Yéhuwah. Alkitab nyritakké, ”Niniwé iku kutha kang gedhéné ngédab-édabi.” (Yn. 3:3) Nganti ping telu Yunus nyuplik ngendikané Yéhuwah sing nyebut nèk ”Niniwé, kutha kang gedhé”. (Yn. 1:2; 3:2; 4:11) Apa sebabé kutha kuwi gedhé utawa penting kanggo Yéhuwah?

5 Niniwé kuwi kutha kuna, salah siji kutha kapisan sing  dibangun Nimrod sakwisé Banjir Gedhé ing jamané Nuh. Kutha kuwi amba, uga kutha métropolitan sing wilayahé klebu kutha-kutha liyané, mula butuh wektu telung dina kanggo ngubengi kutha kuwi. (Pd. 10:11; Yn. 3:3) Niniwé kutha sing nggumunké, ana kuil sing megah, lan bangunan apik liyané, témboké uga dhuwur lan kukuh. Nanging, dudu kuwi sing nggawé Niniwé penting kanggo Yéhuwah. Sing paling digatèkké Yéhuwah yaiku pendhudhuké. Ing jaman kuwi, jumlah pendhudhuké Niniwé akèh banget. Sakbejat-bejaté wong-wong ing kono, Yéhuwah tetep perduli. Yéhuwah nganggep aji nyawané saben wong, lan péngin saben wong mertobat uga nindakké sing bener.

Yunus ndelok Niniwé kuwi kutha gedhé sing akèh tumindak jahaté

6. (a) Apa sebabé Yunus kewedèn wektu mlebu kutha Niniwé? (Deloken uga cathetan ing ngisor.) (b) Apa sing isa disinaoni bab Yunus sing nindakké tugasé?

6 Wektu Yunus akiré mlebu kutha Niniwé, dhèwèké mungkin saya kewedèn merga pendhudhuké luwih saka 120.000 wong. * Yunus mlaku sedina muput, njlajah nganti mlebu ing njero kutha sing sibuk kuwi, mungkin kanggo nggolèk panggonan sing paling cocog kanggo mulai ngumumké wartané. Piyé carané Yunus ngomong karo wong Niniwé? Apa Yunus isa basané wong Asyur? Utawa, apa Yéhuwah maringi kesanggupan kuwi liwat mukjijat? Awaké dhéwé ora ngerti. Mungkin Yunus ngumumké warta kuwi nganggo basané dhéwé yaiku Ibrani, lan nggunakké penerjemah kanggo ngomongké marang wong Niniwé. Sing mesthi, wartané sedherhana lan isa nggawé Yunus disengiti wong-wong. Dhèwèké ngumumké, ”Kurang patang puluh dina, Niniwé mesthi bakal kagempur.” (Yn. 3:4) Yunus kendel lan bola-bali ngumumké warta kuwi, lan iki nduduhké sipat kendel lan gedhéné imané Yunus. Sipat-sipat kuwi kudu diduwèni wong Kristen saiki.

Wartané sedherhana lan isa nggawé Yunus disengiti wong-wong

7, 8. (a) Piyé tanggepané wong Niniwé marang wartané Yunus? (b) Piyé tanggepané raja Niniwé wektu krungu wartané Yunus?

7 Akèh wong Niniwé ngrunggokké omongané Yunus. Dhèwèké mungkin mikir nèk wong-wong Niniwe bakal nesu lan ngamuk. Nanging jebulé, tanggepané béda banget. Wong-wong Niniwé padha nggatèkké lan manut. Omongané Yunus cepet banget kesebar. Ora suwé sakwisé kuwi, wong-wong sakkutha padha ngomongké bab  ramalan nèk Niniwé bakal disirnakké. (Wacanen Yunus 3:5.) Wong sugih lan mlarat, kuwat lan ringkih, tuwa lan enom, kabèh mertobat lan pasa. Akiré raja krungu nèk rakyaté padha mertobat.

Yunus butuh sipat kendel lan iman kanggo ngumumké warta ing Niniwé

8 Raja uga nanggepi wartané Yunus. Merga wedi karo Gusti Allah, dhèwèké mudhun saka kursi tahtané, nyopot jubahé, lan nganggo bagor utawa goni, padha kaya sing dinggo rakyaté, malah uga ”lenggah nglosod ing awu”. Raja karo ”para panggedhéné”, utawa pejabat-pejabaté nggawé keputusan yaiku ndadèkké pasa sing diwiwiti rakyat mau dadi aturan resmi negara sing kudu ditindakké. Raja mréntahké bèn kabèh wong nganggo bagor, klebu kéwan ingon-ingoné. * Kanthi andhap asor, raja ngakoni nèk rakyaté pancèn salah merga tumindak ala lan kejem. Raja péngin Gusti Allah nduduhké welas asihé merga mirsani nèk raja karo rakyaté wis mertobat. Raja kandha, ”Mbokmanawa Gusti Allah . . . nyirep bebenduné kang mulad-mulad iku, satemah kita ora sida katumpes.”​—Yn. 3:6-9.

9. Wong sing seneng ngritik ragu-ragu bab apa, nanging apa alesané kuwi klèru?

9 Ana wong sing seneng ngritik ragu-ragu apa mungkin wong mertobat isa cepet kaya ngono, kaya sing ditindakké wong Niniwé. Nanging, para pakar Alkitab kandha nèk tumindak kaya ngono wis lumrah, merga ing budaya jaman ndhisik, wong-wong biyasané percaya takhayul lan gampang ngowahi tumindaké. Alesan liya ngapa wong-wong sing ngritik kuwi klèru, yaiku merga Yésus Kristus dhéwé nyebutké nèk wong Niniwé mertobat. (Wacanen Matéus 12:41.) Yésus mesthi ora mung waton ngomong, merga Yésus wis urip ing swarga lan nggatèkké kedadéan kuwi. (Yo. 8:57, 58) Sing mesthi, awaké dhéwé aja nganti nganggep nèk wong ora mungkin isa mertobat, senajan miturut awaké dhéwé wong kuwi jahat banget. Mung Yéhuwah sing isa ngerti isi atiné manungsa.

Bédané Welas Asihé Yéhuwah karo Sipat Kakuné Manungsa

10, 11. (a) Piyé Yéhuwah nanggepi pertobatané wong Niniwé? (b) Apa sebabé awaké dhéwé yakin nèk keputusané Yéhuwah ora klèru?

10 Piyé Yéhuwah nanggepi pertobatané wong Niniwé kuwi?  Yunus nulis, ”Gusti Allah ngudanèni [utawa, ngerti] apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggoné padha mratobat ninggal lakuné kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung [utawa, gela] ing bab anggoné ngrancang arep ndhawahaké bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungaké.”​—Yn. 3:10.

11 Apa iki tegesé keputusané Yéhuwah sakdurungé bab Niniwé kuwi klèru? Ora. Alkitab kandha nèk sipat adilé Yéhuwah kuwi sampurna. (Wacanen Pangandharing Torèt 32:4.) Yéhuwah ora nesu manèh karo Niniwé. Yéhuwah wis mirsani owah-owahan sing ditindakké wong Niniwé, lan ngerti nèk saiki wong Niniwé ora perlu diukum. Iki wektuné Yéhuwah kanggo nduduhké welas asihé.

12, 13. (a) Apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi masuk akal, ora kaku, lan welas asih? (b) Apa sebabé ramalané Yunus dudu apus-apus?

12 Ora kaya sing dicritakké para pemimpin agama, Yéhuwah dudu Gusti Allah sing kaku, ora perduli, apa manèh kejem. Yéhuwah kuwi masuk akal, ora kaku, lan welas asih. Nèk mutuské kanggo ngukum wong jahat, Yéhuwah nggunakké dhisik wakilé sing ana ing bumi kanggo ngélingké bab apa sing bakal kelakon. Yéhuwah péngin banget wong sing jahat mertobat lan ngowahi uripé, kaya wong Niniwé. (Yk. 33:11) Yéhuwah ngandhani nabi Yérémia, ”Terkadhang ana dhawuhingSun tumrap ing sawijining bangsa utawa karajan, manawa Ingsun karsa mbedhol, mbubrah lan mbengkas iku. Nanging manawa bangsa, kang wus Sundhawuhaké kaya mangkono mau mratobat saka ing pialané, Ingsun temah dadi keduwung, déné Ingsun kok bakal ndhawahaké bilai kang wus Sunrancang tumrap bangsa iku.”​—Ym. 18: 7, 8.

Yéhuwah péngin banget wong sing jahat mertobat lan ngowahi uripé, kaya wong Niniwé

13 Ramalané Yunus kuwi dudu apus-apus, merga ramalan kuwi tujuané kanggo ngélingké wong Niniwé bèn mertobat saka tumindaké sing jahat. Lan pancèn wong Niniwé akiré mertobat. Nèk misalé wong Niniwé tetep ora mertobat, Gusti Allah bakal tetep ngukum wong-wong kuwi. Pirang-pirang taun sakbanjuré, kuwi sing akiré kelakon.​—Zf. 2:13-15.

14. Piyé tanggepané Yunus wektu Niniwé ora sida disirnakké?

14 Piyé tanggepané Yunus wektu Niniwé ora sida disirnakké kaya sing wis diarep-arep? Alkitab kandha, ”Lelakon kang kaya mangkono iku ndadèkaké pegeling panggalihé Nabi Yunus, banjur tuwuh dukané [utawa, dadi nesu].” (Yn. 4:1) Yunus malah ndonga sing isiné kaya-kayané nyalahké Gusti Allah sing Mahakuwasa. Yunus kandha nèk sakjané dhèwèké ing omah waé, ing negarané. Yunus rumangsa wis ngerti sakdurungé nèk Yéhuwah ora bakal ngukum Niniwé. Malah Yunus nggunakké kuwi dadi alesan wektu dhèwèké ninggalké tugasé mbiyèn, lan lunga menyang Tarsis. Yunus péngin mati waé. Jaréné luwih apik mati ketimbang urip.​—Wacanen Yunus 4:2, 3.

15. (a) Apa sing nggawé Yunus saya susah ati lan nesu? (b) Apa sing ditindakké Yéhuwah marang nabiné sing lagi susah ati iki?

 15 Apa sebabé Yunus nesu? Awaké dhéwé ora ngerti apa sing dipikirké, nanging Yunus wis ngumumké ing ngarepé wong akèh nèk Niniwé bakal disirnakké. Wong-wong kuwi wis percaya karo Yunus. Nanging saiki, Niniwé ora sida disirnakké. Apa Yunus wedi diécé lan dicap dadi nabi palsu? Embuh apa sing dipikirké, Yunus ora seneng wektu wong-wong mertobat utawa éntuk welas asihé Yéhuwah. Yunus malah saya nesu, dhèwèké mung mikirké perasaané dhéwé, lan kuwatir nèk jenengé dadi èlèk. Kétoké, Gusti Allahé Yunus sing welas asih isih mirsani sing apik saka nabi sing susah atiné iki. Ketimbang ngukum Yunus merga sipaté sing ora ngajèni, Yéhuwah nakoni Yunus nganggo cara sing alus, ”Anggonira nepsu [utawa, nesu] iku apa wus sabeneré?” (Yn. 4:4) Apa Yunus njawab? Alkitab ora ngandhani jawabané.

16. Ing bab apa waé wong isa ora setuju karo Gusti Allah, lan apa sing isa disinaoni saka tuladhané Yunus?

16 Isa waé awaké dhéwé cepet-cepet ngakimi Yunus merga tumindaké. Nanging, élinga nèk manungsa sing ora sampurna isa waé ora setuju karo Gusti Allah. Mungkin ana sing kandha Yéhuwah kuduné nyegah nèk arep ana musibah, utawa langsung ngukum wong jahat, utawa nyirnakké donya sing jahat iki wiwit mbiyèn. Tuladhané Yunus ngélingké awaké dhéwé wektu ora setuju karo pandhangané Yéhuwah, sing kudu diowahi kuwi pandhangané awaké dhéwé, dudu Yéhuwah.

Carané Yéhuwah Mulang Yunus

17, 18. (a) Apa sing ditindakké Yunus sakwisé ninggalké Niniwé? (b) Piyé perasaané Yunus wektu ndelok tanduran labu air kuwi thukul nganggo cara mukjijat?

17 Nabi sing lagi susah atiné kuwi ninggalké Niniwé lan lunga, ora bali mulih, malah lunga ngétan ing dhaérah pegunungan. Yunus nggawé panggonan cilik kanggo ngéyub, terus lungguh karo nunggu lan nggatèkké Niniwé. Mungkin Yunus isih péngin Niniwé disirnakké. Piyé Yéhuwah mulang nabi sing ora gampang ngapura iki bèn nduwé welas asih?

18 Wektu wengi, Yéhuwah nyebabké tanduran labu air thukul. Pas tangi, Yunus ndelok tanduran sing subur iki. Godhongé amba, luwih éyub ketimbang panggonan cilik sing digawé Yunus lan dhèwèké seneng. Yunus ”bungah banget” merga tanduran kuwi, mungkin nganggep tanduran sing thukul nganggo cara mukjijat iki bukti berkah lan Yéhuwah seneng karo tumindaké. Nanging, Yéhuwah ora mung arep nglindhungi Yunus saka panas ngenthang-ngenthang kuwi lan nggawé Yunus ora nesu manèh. Yéhuwah  péngin ngrogoh atiné Yunus. Dadi, Yéhuwah nggawé mukjijat liya, Yéhuwah nggunakké uler kanggo mangan lan matèni tanduran kuwi. Bar kuwi, Yéhuwah ”nekakaké angin panas saka Wétan, nganti Nabi Yunus mèh semaput” merga kepanasen. Yunus nglokro manèh lan péngin mati waé.​—Yn. 4:6-8, BJP.

19, 20. Piyé Yéhuwah ngajak Yunus mikir bab tanduran labu air?

19 Sepisan manèh, Yéhuwah takon karo Yunus apa pantes Yunus nesu merga tanduran mau mati. Yunus ora mertobat, dhèwèké malah mbenerké tumindaké. Yunus kandha, ”Inggih sampun saleresipun kémawon anggèn kawula nepsu ngantos dumugi pejah.” Saiki wektu sing cocog kanggo Yéhuwah nerangké piwulangé.​—Yn. 4:9.

Yéhuwah nggunakké tanduran labu air kanggo mulang Yunus bab sipat welas asih

20 Yéhuwah ngajak Yunus mikir. Yéhuwah ngendika bab Yunus sing ngrasa sedhih mung merga tanduran sing thukulé sewengi terus mati, padhahal dudu Yunus sing nandur lan nukulké kuwi. Banjur, Yéhuwah ngendika, ”Apa iya Ingsun ora kudu ngéman marang Niniwé, kutha kang gedhé iku, kang pendhudhuké luwih saka satus rongpuluh éwu, kang durung weruh bédané tangan tengen  karo tangan kiwa, sarta kang kéwané luwih déning akèh iku?”​—Yn. 4:10, 11. *

21. (a) Apa sebabé piwulang saka Yéhuwah kanggo Yunus apik banget? (b) Piyé critané Yunus mulang awaké dhéwé bèn jujur nliti sing ana ing njero ati?

21 Piwulang saka Yéhuwah kanggo Yunus apik banget. Apa sebabé? Yunus ora tau ngopèni tanduran kuwi. Nanging Yéhuwah wis ngopèni wong Niniwé kaya Yéhuwah ngopèni kabèh sing digawé ing bumi. Merga Yéhuwah Sumber uripé pendhudhuk Niniwé. Mosok Yunus nganggep luwih aji tanduran siji kuwi, ketimbang nyawané 120.000 wong lan kéwan ingon-ingoné? Yunus isa kaya ngono merga terus mikirké kepentingané dhéwé. Nyatané, Yunus sedhih karo tanduran kuwi merga dhèwèké rumangsa wis diuntungké karo tanduran kuwi. Dadi, mesthi Yunus nesu karo wong Niniwé merga dhèwèké mung mikirké kepentingané dhéwé, yaiku bèn ora kisinan lan bèn omongané kebukti bener. Crita bab Yunus iki isa mbantu awaké dhéwé jujur nliti sing ana ing njero ati. Kabèh wong mesthi wis tau mung mikirké kepentingané dhéwé. Awaké dhéwé ngucap sokur marang Yéhuwah merga wis sabar mulang bèn awaké dhéwé mikirké wong liya, luwih apik ati, lan luwih welas asih kaya Yéhuwah.

22. (a) Piwulangé Yéhuwah bab sipat welas asih nggawé Yunus dadi piyé? (b) Piwulang apa sing isa disinaoni?

22 Apa Yunus sinau tenanan saka piwulang iki? Buku Yunus iki, dipungkasi nganggo pitakonané Yéhuwah sing ora ana jawabané. Ana kritikus kandha nèk pancèn Yunus ora tau njawab pitakonan kuwi. Nanging sakjané ana jawabané, yaiku buku kuwi dhéwé. Akèh bukti nduduhké nèk Yunus sing nulis buku sing nganggo jenengé iki. Coba bayangna Yunus, sing akiré slamet lan isa bali menyang kuthané, lagi nulis crita iki. Yunus saiki wis tuwa, luwih wicaksana, luwih andhap asor, lan karo gela Yunus gèdhèg-gèdhèg pas nulis salahé dhéwé, tumindaké sing ora manut, lan ora gelem nduduhké welas asih. Iki cetha banget nduduhké nèk Yunus sinau tenanan piwulangé Yéhuwah. Yunus sinau bèn nduwé sipat welas asih. Apa awaké dhéwé ya ngono?​—Wacanen Matéus 5:7.

^ par. 6 Pas jamané Yunus, jumlah pendhudhuk Samaria, ibukotané Israèl kira-kira 20.000-30.000 wong. Jumlah kuwi kurang saka sakprapaté pendhudhuk Niniwé. Pas mangsa jayané, Niniwé mungkin kutha sing paling gedhé sakdonya.

^ par. 8 Rincian iki kayané anèh dirungokké, nanging kuwi wis tau kedadéan sakdurungé. Sejarawan Yunani Hérodotus nulis wektu jéndral sing ditresnani rakyat mati, wong Pèrsia kuna uga nggawa kéwan-kéwan ingoné wektu nganakké tradhisi layatan.

^ par. 20 Ngendikané Gusti Allah bab wong Niniwé sing ora isa mbédakké tangan tengen karo tangan kiwa kuwi, maksudé wong-wong Niniwé kaya bocah cilik, ora ngerti pathokan-pathokané Gusti Allah.