Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 14

Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?

Ana Sekolah Apa Waé kanggo Para Perintis?

Amerika Serikat

Sekolah Giléad, Patterson, New York

Panama

Wiwit jaman biyèn, Seksi-Seksi Yéhuwah dikenal nduwé program pendhidhikan saka Alkitab. Mulané, ana sekolah-sekolah kusus kanggo para perintis. Sekolah iku mbantu para perintis supaya bisa nindakaké kewajibané dadi abdiné Gusti Allah.2 Timotéus 4:5.

Sekolah kanggo Perintis. Sawisé setahun dadi perintis biasa, bisa mèlu sekolah iki. Sekolah iki suwéné enem dina. Sekolah iki biasané dianakaké ing Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah sing paling cedhak. Gunané kanggo mbantu para perintis supaya bisa cedhak karo Yéhuwah, bisa luwih trampil martakaké kabar apik, lan bisa terus dadi perintis.

Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah. Sekolah iki suwéné rong sasi. Gunané kanggo mbantu para perintis sing wis pengalaman, sing gelem lunga saka dhaérah asalé, kanggo ngabdi ing panggonan liya sing mbutuhaké. Para perintis iki kaya-kaya ngomong ”Sumangga, mugi karsaa ngutus kawula!”, kaya tuladhané Yesus, Penginjil sing Agung nalika ing bumi. (Yésaya 6:8; Yokanan 7:29) Merga adoh saka dhaérah asalé, para perintis iki perlu sinau carané urip sing prasaja lan cocog karo panggonan sing anyar. Kabudayan, hawa, lan panganané bisa waé béda karo dhaérah asalé. Para perintis iki uga perlu sinau basa liyané. Sekolah iki kanggo sing umuré 23 nganti 65 taun, bisa bujangan utawa wis nduwé bojo. Gunané kanggo mbantu supaya nduwèni sipat-sipat apik sing dibutuhaké ing panggonan anyar iku. Uga, mbantu supaya bisa luwih trampil ngabdi marang Yéhuwah lan pakumpulané.

Sekolah Alkitab Giléad Menara Pengawal. Ing basa Ibrani, tembung ”Giléad” tegesé ”Tumpukan watu iku dadia seksi”. Wiwit sekolah iki ana ing taun 1943, luwih saka 8.000 muridé dikirim dadi utusan injil kanggo martakaké kabar apik ing ”sajembaré jagat” lan asilé ora dinyana-nyana. (Para Rasul 13:47, Kitab Suci ing Basa Jawa Suriname) Nalika ana murid Giléad teka sepisanan ing Peru, durung ana jemaat ing negara iku. Nanging, saiki wis ana luwih saka 1.000 jemaat ing kana. Pas utusan injilé Seksi-Seksi Yéhuwah teka ing Jepang, Seksi Yéhuwah ing kana mung wong sepuluh. Saiki, ana luwih saka 200.000 Seksi Yéhuwah ing negara iku. Sekolah sing suwéné limang sasi iki luwih akèh mulang bab Alkitab. Sing diundang ing sekolah iki yaiku para perintis istiméwa utawa utusan injil, sing kerja ing kantor cabang, utawa sing ngabdi dadi Pinituwané Wilayah. Sekolah iki mbantu para perintis supaya bisa luwih mantep anggoné ngabdi.

  • Apa gunané Sekolah kanggo Perintis?

  • Sapa waé sing bisa mèlu Sekolah kanggo Penginjilé Kratoné Allah?