Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 22

Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?

Ana Gawéan Apa Waé ing Kantor Cabang?

Kepulauan Solomon

Kanada

Afrika Selatan

Ana wong-wong sing nyambut gawé ing kantor cabangé Seksi-Seksi Yéhuwah utawa Bètel. Wong-wong kuwi ngurusi panginjilan ing sanegara utawa luwih. Ana sing dadi tim alih basa, nyétak majalah, njilid buku, ngedum bahan kanggo sinau Alkitab, nggawé rekaman swara/vidhéo, lan ngurusi gawéan liyané.

Ngawasi gawéan nginjil ing wilayahé. Pengurus Pusat mènèhi tanggung jawab Panitya Cabang kanggo ngatur kantor cabang. Anggotané Panitya Cabang iki pinituwa sing mumpuni. Cacahé telu utawa luwih. Panitya Cabang iki mènèhi lapuran marang Pengurus Pusat bab apa sing wis ditindakaké ing wilayah kuwi. Uga nglapuraké masalah sing mbokmenawa bakal diadhepi. Lapuran iki mbantu Pengurus Pusat kanggo mutusi bab sing arep dirembug ing bahan kanggo sinau Alkitab sabanjuré, ing pakumpulan ibadah, lan ing kebaktian. Ana wakilé Pengurus Pusat sing ajeg dikongkon marani kantor-kantor cabang. Gunané kanggo mènèhi tuntunan marang Panitya Cabang supaya bisa nindakaké gawéané. (Wulang Bebasan 11:14) Wakilé Pengurus Pusat iki mènèhi ceramah Alkitab ing acara kusus, kanggo nguwataké imané Seksi-Seksi Yéhuwah ing wilayahé cabang kuwi.

Mbantu jemaat-jemaat ing wilayah iku. Yèn ana jemaat anyar sing arep madeg, Panitya Cabang sing mutusi bisa orané. Saliyané iku, Panitya Cabang mènèhi tuntunan kanggo para perintis, utusan injil, lan pinituwané wilayah ing dhaérah iku. Uga ngatur kebaktian, ngatur Balé Ibadah sing arep dibangun, lan ngatur supaya bahan kanggo sinau Alkitab didum manut karo kabutuhané jemaat. Merga diatur kantor cabang, gawéan nginjil bisa ditindakaké patut lan tumata.1 Korinta 14:33, 40.

  • Kepriyé carané Panitya Cabang mbantu Pengurus Pusat?

  • Ana gawéan apa waé ing kantor cabang?