Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 6

Apa Gunané Kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah?

Apa Gunané Kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah?

Madagaskar

Norwegia

Lebanon

Italia

Senajan kudu ngliwati alas utawa udan bledhèg, Seksi-Seksi Yéhuwah ajeg teka ing pakumpulan ibadahé. Apa sebabé Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya teka ing pakumpulan ibadahé senajan akèh alangan utawa kesel nyambut gawé?

Nggawé urip luwih ayem tentrem. Paulus ngajak para anggota jemaat supaya padha ”nggatèkaké kebutuhané wong siji lan sijiné”. (Ibrani 10:24, Kitab Suci mawi Basa Jawi Padintenan) Kuwi artiné Paulus ngajak padha mikiraké utawa ngenal siji lan sijiné. Yèn bisa kenal karo Seksi Yéhuwah liyané, bisa dikandhani carané ngadhepi masalah. Mbokmenawa masalahé padha.

Bisa kekancan salawasé. Ing pakumpulan ibadah, Seksi Yéhuwah ora mung padha kenal waé, nanging uga padha kekancan raket. Ing wektu liyané Seksi Yéhuwah uga padha plesir bareng. Apa gunané kekancan kaya ngono? Bisa sinau carané ngajèni siji lan sijiné dadi bisa saya tresna. Merga kekancan sing raket mau, pas ana kanca sing ngadhepi masalah bisa padha mbantu. (Wulang Bebasan 17:17) Kekancan sing kaya ngono nduduhaké yèn Seksi Yéhuwah kuwi ’reksa-rineksa’ utawa nggatèkaké siji lan sijiné. —1 Korinta 12:25, 26.

Coba panjenengan nggolèk kanca sing nindakaké kersané Yéhuwah. Ora usah sungkan. Iku ana ing antarané Seksi-Seksi Yéhuwah.

  • Apa gunané kekancan karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing pakumpulan ibadahé?

  • Kapan panjenengan kepéngin kenalan karo jemaaté Seksi-Seksi Yéhuwah?