Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Tukua Kabeneran lan Aja Kokedol”

”Tukua Kabeneran lan Aja Kokedol”

”Tukua kabeneran [utawa, wulangan sing bener] lan aja kokedol manèh, mangkono uga kawicaksanan, pamerdi lan kawasisan.”​—WB. 23:23.

LAGU: 94, 96

1, 2. (a) Apa sing paling penting kanggo panjenengan? (b) Wulangan apa waé sing kita anggep aji lan apa sebabé? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

APA sing paling penting kanggo panjenengan? Kanggoné umaté Yéhuwah, sing paling penting kuwi nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Kuwi ora isa diijoli karo liyané. Kita uga nganggep nèk wulangan saka Alkitab kuwi aji banget, merga kuwi sing isa nggawé kita akrab karo Yéhuwah.​—Kol. 1:9, 10.

2 Yéhuwah kuwi sing mulang kita bab wulangan sing bener saka Alkitab. Contoné, Yéhuwah mulang bab asmané lan sipat-sipaté. Yéhuwah uga ngandhani nèk Dhèwèké tresna banget karo kita nganti lila masrahké Putrané sing ditresnani kanggo kita. Yéhuwah mulang kita bab Kratoné Mèsias, lan ngekèki harapan urip saklawasé ing swarga kanggo kaum terurap lan ing bumi Firdaus kanggo ”wedhus-wedhus liya”. (Yoh. 10:16) Yéhuwah mulang kita carané urip sing bener. Kuwi kabèh wulangan sing aji banget merga isa mbantu kita cedhak karo Yéhuwah lan nduwé tujuan urip.

3. Apa Yéhuwah ngongkon kita mbayar wulangan sing bener nganggo dhuwit? Terangna.

3 Yéhuwah kuwi apikan banget nganti lila ngurbanké Putrané kanggo kita. Nèk ana sing péngin ngerti bab wulangan sing bener, Yéhuwah mesthi mbantu wong kuwi. Yéhuwah ora tau ngongkon kita mbayar nganggo dhuwit bèn isa sinau wulangan sing bener. Mbiyèn, ana wong lanang sing jenengé Simon sing arep ngekèki dhuwit marang Rasul Pétrus, ning dhèwèké njaluk bèn isa ngekèki roh suci marang wong liya. Pétrus njelaské nèk kuwi pikiran sing salah lan kandha, ”Muga-muga kowé sirna bareng karo dhuwitmu, merga kowé mikir nèk anugrah saka Gusti Allah isa kok tuku nganggo dhuwit.” (Kis. 8:18-20) Terus, apa artiné ’tuku’ wulangan sing bener?

APA MAKSUDÉ ’TUKU’ WULANGAN SING BENER?

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Wacanen Wulang Bebasan 23:23. Sinau Alkitab kuwi butuh upaya lan pengorbanan. Mula, sakwisé ’tuku’ wulangan sing bener, utawa sinau Alkitab, ya aja nganti ’diedol’, utawa ditinggalké. Artikel iki bakal ngrembug: Apa maksudé ’tuku’ wulangan sing bener? Apa sing kudu dikorbanké? Jawaban saka pitakonan-pitakonan mau bakal nggawé kita luwih ngajèni wulangan sing bener lan nduwé tékad kanggo tetep setya. Kita bakal ngerti nèk wulangan sing bener saka Yéhuwah kuwi aji banget.

5, 6. (a) Apa kita kudu ngetokké dhuwit bèn isa éntuk wulangan sing bener? Terangna. (b) Apa manfaaté sinau wulangan sing bener?

5 Éntuk barang gratis kuwi ora berarti tanpa upaya. Kata Ibrani sing diterjemahké dadi ’tuku’ ing Wulang Bebasan 23:23 maksudé uga isa ”éntuk”. Kuwi nduduhké nèk kudu ana upaya utawa pengorbanan bèn isa éntuk bab sing dianggep aji. Misalé, ing pasar ana pembagian sembako gratis. Senajan ora ngetokké dhuwit, kita isih kudu lunga pasar lan nggawa sembakoné mulih. Wektu sinau wulangan sing bener ya ngono. Senajan ora mbayar, kita tetep kudu ngupaya lan nggawé pengorbanan.

6 Wacanen Yésaya 55:1-3. Saka ayat-ayat iki, kita isa ngerti apa maksudé ’tuku’ wulangan sing bener. Yéhuwah madhakké wulangan sing bener kaya banyu, susu, lan anggur. Kaya banyu sing isa nyegerké wong sing ngelak, wulangan sing bener isa nyegerké kita. Kaya susu sing nggawé bocah cilik dadi kuwat, wulangan sing bener isa nguwatké hubungan kita karo Yéhuwah. Wulangan sing bener uga isa dipadhakké kaya anggur. Kok isa? Alkitab kandha nèk anggur isa nggawé wong dadi seneng. (Ms. 104:15) Dadi, nèk kita ngetrapké wulangan sing bener, kita uga bakal dadi bahagia. (Ms. 19:9) Saka ayat-ayat kuwi, kita isa ngerti nèk sinau lan ngetrapké wulangan sing bener akèh manfaaté. Saiki, ayo dirembug apa waé sing isa dikorbanké kanggo ’tuku’ wulangan sing bener.

APA WAÉ SING DIKORBANKÉ?

7, 8. (a) Apa sebabé perlu ngorbanké wektu kanggo sinau wulangan sing bener? (b) Apa sing dikorbanké salah siji wong sing sinau Alkitab, lan apa hasilé?

7 Wektu. Wong butuh wektu kanggo krungu kabar apik bab Kratoné Allah, maca Alkitab lan wacan-wacan Alkitab, sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah, persiapan lan teka ing pakumpulan ibadah. Bèn isa nindakké kuwi kabèh, kita kudu ngorbanké wektu sing kuduné isa digunakké kanggo kegiatan liya. (Wacanen Éfésus 5:15, 16, lan cathetan ngisor.) Saben wong butuh wektu sing béda-béda kanggo sinau ajaran dhasar Alkitab. Sinau bab Yéhuwah lan kersané kuwi ora ana entèké. (Rm. 11:33) Malah, senajan kita isa urip saklawasé, isih akèh sing isa disinaoni bab Yéhuwah. Artikel Warta Penting édhisi sing kapisan kandha nèk wulangan sing bener kuwi isa dipadhakké kaya siji kembang cilik. Artikel kuwi njelaské nèk kita aja langsung puas nèk wis nemokké siji kembang thok, yaiku siji bab sing bener saka Alkitab. Kita perlu terus nggunakké wektu kanggo nggolèki wulangan sing bener saka Alkitab sak akèh-akèhé. Dadi, coba dipikir, ’Sepira akèhé sing wis tak sinaoni bab Yéhuwah?’ Gatèkna pengalaman iki.

Kita perlu terus nggunakké wektu kanggo nggolèki wulangan sing bener saka Alkitab sak akèh-akèhé

8 Ana cah wédok saka Jepang sing jenengé Mariko * pindhah menyang Amerika Serikat kanggo sekolah ing New York City. Terus, ana sedulur wadon perintis sing nginjil ing omahé. Senajan wis nduwé agama dhéwé, Mariko gelem sinau Alkitab. Mariko seneng banget sinau Alkitab nganti njaluk sinau seminggu ping pindho. Senajan sibuk sekolah lan nyambut gawé, Mariko mulai teka ing pakumpulan ibadah. Mariko ngorbanké wektu dolané bèn isa sinau wulangan sing bener. Hasilé, Mariko dadi saya cedhak karo Yéhuwah, lan ora nganti setaun dhèwèké dibaptis. Ing taun 2006, enem sasi sakwisé dibaptis, Mariko mulai merintis nganti saiki.

9, 10. (a) Piyé wulangan sing bener isa mbantu kita ngerti apa sing paling penting ing urip? (b) Apa sing dikorbanké salah siji wong wadon, lan piyé perasaané?

9 Bab-bab matèri. Mungkin kita kudu ngorbanké gawéan sing mapan lan karir sing apik bèn isa éntuk wulangan sing bener. Contoné, wektu diundang Yésus kanggo dadi muridé, Pétrus lan Andréas kudu ninggalké gawéané dadi nelayan. (Mat. 4:18-20) Ning, kuwi ora maksudé kita kudu ninggalké gawéan bèn isa sinau Alkitab. Kita isih kudu nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhané keluarga. (1 Tim. 5:8) Ning, nèk wis sinau Alkitab, kita dadi ngerti apa sing paling penting ing urip. Yésus kandha, ’Aja nglumpukké manèh bandha ing bumi. Nanging klumpukna bandha ing swarga.’ (Mat. 6:19, 20) Kuwi sing ditindakké karo wong wadon sing jenengé Maria.

10 Saka cilik Maria wis seneng main golf. Wektu SMA, Maria dadi tambah pinter main golf, nganti dhèwèké éntuk béasiswa kanggo kuliah. Cita-citané Maria yaiku dadi pemain golf profésional lan éntuk dhuwit akèh. Banjur dhèwèké mulai sinau Alkitab. Maria seneng banget lan mulai ngetrapké apa sing disinaoni. Dhèwèké kandha, ”Aku rumangsa luwih bahagia nèk ngowahi sikapku lan uripku manut pathokané Alkitab.” Maria ngerti nèk tetep ngutamakké karir, hubungané karo Yéhuwah isa keganggu. (Mat. 6:24) Dadi, Maria mutuské kanggo ngorbanké cita-citané. Saiki, Maria dadi perintis. Dhèwèké kandha nèk kuwi dadi ”bab sing paling nyenengké ing uripé”.

Yésus janji nèk kita bakal éntuk berkah sing luwih akèh timbang apa sing wis kita korbanké

11. Wektu mulai sinau wulangan sing bener, apa pengaruhé kanggo hubungan kita karo wong liya?

11 Hubungan karo wong liya. Wektu mulai ngetrapké apa sing disinaoni saka Alkitab, isa waé kuwi mengaruhi hubungan kita karo kanca lan keluarga. Ing dongané kanggo para muridé, Yésus njelaské apa sebabé kuwi isa kelakon. Yésus kandha, ”Gunakna pangandika Panjenengan kanggo nggawé suci wong-wong kuwi, merga pangandika Panjenengan kuwi sing bener.” (Yoh. 17:17) Kata ”nggawé suci” uga isa berarti ”dipisahké”. Wektu mulai ngetrapké pathokan Alkitab, kita dipisahké saka donya iki merga nduwé pathokan sing béda. Kita ngupaya bèn tetep nduwé hubungan sing apik karo keluarga lan kanca-kanca. Ning, mungkin ana sing ora seneng utawa malah nentang kita. Kuwi ora nggumunké merga Yésus wis kandha, ”Saktenané, wong bakal dimungsuhi karo keluargané dhéwé.” (Mat. 10:36) Ning, Yésus uga janji nèk kita bakal éntuk berkah sing luwih akèh timbang apa sing wis kita korbanké.​—Wacanen Markus 10:28-30.

12. Apa sing dikorbanké karo salah siji wong lanang Yahudi?

12 Ana wong lanang Yahudi sing jenengé Aaron sing péngin kenal karo Gusti Allah. Mauné dhèwèké wis ngerti bab patang huruf mati Ibrani sing dadi jenengé Gusti Allah, ning dhèwèké percaya nèk jenengé Gusti Allah kuwi ora éntuk disebut-sebut. Banjur, ana Seksi Yéhuwah sing ngandhani nèk patang huruf mati kuwi dikèki huruf hidup isa diwaca ”Yéhuwah”. Aaron seneng banget ngerti bab iki. Dhèwèké langsung crita marang para pendétané. Aaron mikir nèk para pendétané kuwi ya bakal seneng wektu dikandhani soal kuwi. Ning, para pendétané malah ngidoni lan ngusir Aaron. Keluargané Aaron uga nentang. Ning, Aaron tetep sinau bab Yéhuwah lan akhiré dadi Seksi Yéhuwah sing setya. Dadi, kita uga kudu siap ngadhepi tanggepan apa waé saka keluarga lan kanca wektu kita sinau Alkitab.

13, 14. Perubahan apa manèh sing kudu digawé sakwisé sinau wulangan sing bener? Wènèhana conto.

13 Pikiran lan tumindak sing najis. Sakwisé sinau wulangan sing bener lan mulai ngetrapké kuwi, kita kudu ngowahi pikiran lan tumindak kita. Rasul Pétrus nulis, ”Merga kowé anak-anak sing manut, kowé aja dipengaruhi manèh karo pepénginanmu sing mbiyèn, sing kok duwèni sakdurungé kowé nduwé pangertèn bab Gusti Allah. . . . Kowé kudu suci ing kabèh tumindakmu.” (1 Ptr. 1:14, 15) Akèh wong ing Korintus mbiyèn padha tumindak bejat. Wong-wong kuwi kudu bener-bener berubah bèn dianggep suci karo Yéhuwah. (1 Kor. 6:9-11) Jaman saiki, akèh wong sing wis nggawé perubahan merga sinau wulangan sing bener. Kuwi kaya sing dijelaské Pétrus, ”Mbiyèn, wis cukup suwé kowé nuruti pepénginané wong-wong ing donya, yaiku tumindak kurang ajar, nguja nafsu, ngombé ombèn-ombèn tanpa kendhali, pésta bébas, pésta ombèn-ombèn, lan penyembahan brahala sing nglanggar hukum.”​—1 Ptr. 4:3.

14 Contoné, Devynn lan Jasmine nduwé kebiasaan seneng mendem. Devynn kuwi wong sing trampil wektu nyambut gawé, ning merga kebiasaané kuwi, dhèwèké dipecat saka kerjaané. Jasmine terkenal gampang nesu lan kasar. Pas lagi mendem, Jasmine ketemu karo loro utusan injil ing dalan. Utusan injil kuwi nawakké sinau Alkitab. Pas wong loro kuwi teka minggu ngarepé, Jasmine lan Devynn lagi mendem. Jasmine lan Devynn ora ngira nèk utusan injil kuwi bakal teka ing omahé. Ning, keadaané wis béda pas utusan injil kuwi teka manèh. Jasmine lan Devynn gelem sinau Alkitab lan langsung ngetrapké apa sing disinaoni. Ora nganti telung sasi, wong loro kuwi wis mandheg mendem lan akhiré nikah sah. Tangga-tanggané dadi gelem sinau Alkitab merga nggatèkké perubahané wong loro kuwi.

15. Apa salah siji perubahan sing paling angèl digawé sakwisé sinau wulangan sing bener, lan apa sebabé?

15 Kebiasaan lan tradhisi sing ora nyenengké Gusti Allah. Salah siji perubahan sing paling angèl yaiku kanggo mandheg nindakké kebiasaan lan tradhisi sing ora nyenengké Gusti Allah. Senajan wis ngerti perasaané Yéhuwah soal kuwi, ana sing isih kuwatir karo tanggepané keluarga lan kanca-kancané. Terus, akèh wong ya seneng nindakké kebiasaan lan tradhisi, contoné ngurmati keluarga sing wis mati. (PT. 14:1) Dadi, piyé carané bèn kita isa mandheg nindakké kebiasaan sing ora nyenengké Gusti Allah? Kita isa niru tuladhané wong-wong Kristen abad kapisan ing Éfésus sing nggawé perubahan sakwisé sinau wulangan sing bener.

16. Pengorbanan apa sing ditindakké wong-wong ing Éfésus?

16 Wong-wong ing kutha Éfésus mbiyèn wis biasa nindakké ilmu gaib. Sakwisé dadi Kristen, apa sing ditindakké wong-wong kuwi? Alkitab nyritakké, ”Akèh wong sing mbiyèn nggunakké ilmu gaib padha nglumpukké buku-bukuné lan ngobong buku-buku kuwi ing ngarepé wong akèh. Sakwisé diétung, regané buku-buku kuwi jebulé 50.000 dhuwit pérak. Mula nganggo cara sing nggumunké, pangandikané Yéhuwah saya nyebar lan saya gedhé kuwasané.” (Kis. 19:19, 20) Wong-wong Kristen sing setya kuwi gelem nyingkirké buku-bukuné sing larang, lan akhiré Yéhuwah mberkahi wong-wong kuwi.

Pengorbanan apa waé sing wis panjenengan tindakké kanggo sinau wulangan sing bener?

17. (a) Pengorbanan apa waé sing wis panjenengan tindakké kanggo sinau wulangan sing bener? (b) Pitakonan-pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

17 Pengorbanan apa waé sing wis panjenengan tindakké kanggo sinau wulangan sing bener? Kita wis ngorbanké wektu. Ana sing ngorbanké kesempatan kanggo dadi sugih. Ana sing isa waé ngorbanké hubungané karo wong liya. Ana uga sing wis ngowahi pikiran lan tumindaké, terus mandheg nindakké kebiasaan lan tradhisi sing ora nyenengké Yéhuwah. Ning, kita yakin nèk wulangan sing bener saka Alkitab luwih aji timbang apa waé sing wis kita korbanké. Wulangan sing bener isa mbantu kita nduwé bab sing paling aji, yaiku hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Dadi, kita isa éntuk akèh berkah nèk sinau wulangan sing bener. Mula, kok isa ana sing nganti ’ngedol’ wulangan sing bener? Lan piyé carané bèn kita ora nganti nindakké kuwi? Kita bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi ing artikel sakbanjuré.

^ par. 8 Dudu jeneng asliné.