Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Nurut Alkitab, apa awaké dhéwé éntuk sumpah?

Sumpah kuwi artiné ”kata-kata sing diucapké kanggo dadi jaminan nèk bakal nepati janji. Biasané pas sumpah, wong bakal ngomong demi Tuhan utawa Gusti Allah sing dadi seksiné.” Sumpah isa ditulis utawa diomongké.

Ana sing nganggep nèk sumpah kuwi ora éntuk merga Yésus tau ngomong, ”Aja pisan-pisan nggawé sumpah. . . . Nèk ya, ngomonga ’Ya’. Nèk ora, ngomonga ’Ora’. Omongan sing ora ditepati kuwi asalé saka Iblis.” (Mat. 5:33-37) Yésus mesthi ngerti nèk menurut Hukum Musa wong Israèl kadhang kudu nggawé sumpah lan ana abdiné Yéhuwah sing sumpah. (PD. 14:22, 23; Pa. 22:10, 11) Yésus ya ngerti nèk Yéhuwah dhéwé tau sumpah. (Ibr. 6:13-17) Dadi, omongané Yésus kuwi maksudé dudu awaké dhéwé sama sekali ora éntuk sumpah. Maksudé Yésus kuwi, awaké dhéwé aja asal nggawé sumpah. Yéhuwah péngin nèk awaké dhéwé sumpah, ya kuwi kudu ditepati.

Terus, piyé nèk awaké dhéwé dikon sumpah? Awaké dhéwé kudu mastèkké sik isa nepati sumpah kuwi apa ora. Nèk ragu-ragu, mendhing aja sumpah. Ing Alkitab disebutké, ”Mendhing ora usah janji, timbang janji tapi ora ditepati.” (Pkh. 5:5) Sakwisé kuwi, nggolèka pathokané Alkitab sing ana hubungané karo sumpah kuwi. Terus, nggawéa keputusan sesuai karo hati nurani. Sing penting, aja nganti nglanggar pathokané Alkitab. Nèk ngono, pathokané Alkitab sing endi waé sing isa dipikirké?

Ana sumpah sing sesuai karo karepé Gusti Allah. Misalé, Seksi Yéhuwah sing nikah kudu ngucapké janji pernikahan. Kuwi padha karo sumpah. Ing ngarepé Gusti Allah lan seksi-seksi, mantèn lanang karo mantèn wédok janji nèk bakal saling menyayangi lan ngajèni ”selama [wong loro] kuwi urip ing bumi”. (Pas ngucapké janji kuwi, mungkin ana kata-kata sing ora padha persis karo sing disebutké ing kéné. Tapi, wong loro kuwi tetep waé janji ing ngarepé Gusti Allah.) Sakwisé ngucapké janji kuwi, mantèn lanang karo mantèn wédok bakal dadi suami istri kanggo saklawasé. (PD. 2:24; 1 Kor. 7:39) Janji pernikahan kuwi sesuai karo karepé Gusti Allah.

Ana sumpah sing ora sesuai karo karepé Gusti Allah. Wong Kristen mungkin dikon sumpah nèk bakal gelem mèlu perang kanggo mbéla negarané utawa dikon sumpah nèk ora bakal nglayani Gusti Allah manèh. Tapi nurut Alkitab, wong Kristen kuwi ”ora padha kaya wong-wong ing donya iki” lan ora éntuk mèlu perang. (Yoh. 15:19; Yés. 2:4; Yak. 1:27) Dadi, awaké dhéwé mesthi ora gelem nèk dikon sumpah kaya ngono merga kuwi ora sesuai karo karepé Gusti Allah.

Ana sumpah sing kudu diputuské sesuai karo hati nuraniné dhéwé-dhéwé. Sakdurungé mutuské arep sumpah apa ora, awaké dhéwé isa mikirké naséhaté Yésus ing Lukas 20:25. Ing kono disebutké, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.”

Misalé, wong Kristen sing lagi ngurus surat pindah kewarganegaraan utawa paspor mungkin dikon sumpah nèk bakal setya karo negara. Nèk isi sumpahé ora sesuai karo pathokané Alkitab, dhèwèké mesthiné ora bakal sumpah. Tapi, piyé nèk pamréntah ngijinké isi sumpahé diganti bèn dhèwèké isa tetep memenuhi syarat kuwi?

Nèk ngono, dhèwèké isa mikirké Roma 13:1. Ing kono disebutké nèk ”kabèh wong kudu manut karo pamréntah”. Nurut ayat kuwi, Gusti Allah péngin umaté manut karo pamréntah. Dadi selama isi sumpahé ora nglanggar pathokané Gusti Allah, wong Kristen sing dikon sumpah mau ora bakal keberatan.

Nèk wong Kristen dikon sumpah nganggo benda utawa gerakan tertentu, dhèwèké ya isa nggawé keputusan sesuai karo hati nuraniné. Mbiyèn, wong Roma karo wong Skit sumpah nganggo pedhangé. Kuwi nggambarké nèk déwa perang sing dadi seksiné nèk sumpahé isa dipercaya. Terus, wong Yunani ngangkat tangané pas sumpah. Wong-wong kuwi percaya nèk déwa-déwa nggatèkké manungsa lan manungsa kudu tanggung jawab karo déwa-déwa kuwi.

Umaté Yéhuwah mesthi ora bakal gelem nèk dikon sumpah nganggo lambang negara utawa benda-benda liyané sing ana hubungané karo agama palsu. Tapi piyé nèk ing pengadilan, awaké dhéwé dikon ndèlèhké tangan ing ndhuwuré Alkitab lan sumpah nèk bakal ngomong sing saktenané? Njenengan mungkin ora keberatan merga ing Alkitab disebutké nèk ana umaté Yéhuwah sing sumpah nganggo gerakan tertentu. (PD. 24:2, 3, 9; 47:29-31) Sing penting, njenengan ngerti nèk sumpah kaya ngono kuwi artiné njenengan wis janji ing ngarepé Gusti Allah. Dadi nèk ditakoni, njenengan ora éntuk ngapusi.

Awaké dhéwé mesthi sayang karo Yéhuwah. Mula sakdurungé nggawé sumpah, awaké dhéwé isa ndonga lan mikirké sik apa sumpah kuwi nglanggar pathokané Alkitab apa ora. Terus, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sesuai karo hati nuraniné dhéwé-dhéwé. Nèk wis sumpah, ya kuwi kudu ditepati.​—1 Ptr. 2:12.