Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 50

Pembébasan kanggo Kabèh Umaté Yéhuwah

Pembébasan kanggo Kabèh Umaté Yéhuwah

”Ngundhangna [utawa, umumna] kamardikan marang wong saisiné nagara kabèh.”​—KM. 25:10.

LAGU 22 Wis Madeg Kratoné!

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. (a) Perayaan apa sing biasané dirayakké karo wong-wong? (Deloken kothak ”Taun Yobèl Kuwi Apa?”) (b) Apa sing diomongké Yésus ing Lukas 4:16-18?

ANA negara-negara sing ngrayakké 50 taun pamréntahané raja utawa ratuné. Perayaané biasané dianakké nganti sedina, seminggu, utawa luwih. Ning, sakwisé perayaané rampung, wong-wong biasané ora ngéling-éling perayaan kuwi manèh.

2 Bangsa Israèl mbiyèn ya nduwé perayaan sing dianakké saben 50 taun sepisan. Perayaan kuwi dianakké nganti setaun lan disebut taun Yobèl. Ing taun kuwi, wong-wong Israèl isa ngrasakké pembébasan. Awaké dhéwé isa éntuk manfaat nèk sinau soal taun Yobèl merga kuwi ana hubungané karo pembébasan sing tau diomongké karo Yésus. Pembébasan kuwi isa dirasakké karo kabèh umaté Yéhuwah, saiki lan nganti saklawasé.​—Wacanen Lukas 4:16-18.

Pas taun Yobèl, wong-wong sing dadi budhak isa bahagia merga dibébaské lan isa bali menyang tanahé lan keluargané (Deloken paragraf 3) *

3. Nurut Kaimaman 25:8-12, apa manfaaté taun Yobèl kanggo bangsa Israèl?

3 Bèn isa luwih ngerti soal pembébasan sing diomongké Yésus, awaké dhéwé perlu ngerti apa sing kelakon wektu bangsa Israèl ngrayakké taun Yobèl. Yéhuwah mréntahké wong-wong Israèl, ”Tauné kang kaping sèket iku sira sucèkna, lan ngundhangna [utawa, umumna] kamardikan marang wong saisiné nagara kabèh; taun iku padha kagawéa Taun Yobèl, saben wong panunggalanira padha balia menyang palemahané kang dadi darbèké lan kulawargané.” (Wacanen Kaimaman 25:8-12.) Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug manfaaté dina Sabat kanggo wong-wong Israèl. Lha terus, apa manfaaté taun Yobèl kanggo wong-wong Israèl? Misalé, mungkin ana wong Israèl sing kudu ngedol tanahé kanggo mbayar utang. Pas taun Yobèl, tanah sing diedol kuwi bakal dibalèkké lan dhèwèké isa ’bali menyang palemahané kang dadi darbèké’. Dadi, tanahé tetep isa diwariské kanggo anak-anaké. Conto liyané, mungkin ana wong Israèl sing kudu ngedol dhèwèké dhéwé utawa salah siji anaké kanggo dadi budhak merga utangé akèh banget. Pas taun Yobèl, wong sing dadi budhak kuwi isa ’bali menyang kulawargané’. Dadi, ora ana wong Israèl sing bakal dadi budhak nganti saklawasé. Hukum soal taun Yobèl dadi bukti nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo umaté.

4-5. Apa sebabé awaké dhéwé perlu sinau soal taun Yobèl?

4 Apa manèh manfaaté taun Yobèl kanggo bangsa Israèl? Yéhuwah kandha, ”Pangéran Allahmu bakal mberkahi kowé ana ing tanah sing diparingaké marang kowé. Ing tengahmu bakal ora ana wong miskin.” (PT. 15:4, Basa Jawi Padintenan) Iki bener-bener béda karo jaman saiki merga saiki wong sing sugih dadi saya sugih lan sing miskin dadi saya miskin.

5 Hukum Musa pancèn dudu kanggo wong Kristen. Dadi, awaké dhéwé ora perlu ngetrapké Hukum Musa soal taun Yobèl kanggo mbébaské budhak, mbalèkké tanah warisan, lan nganggep lunas utangé wong liya. (Rm. 7:4; 10:4; Éf. 2:15) Ning, taun Yobèl kuwi dadi gambaran saka apa sing ditindakké Yéhuwah kanggo mbébaské awaké dhéwé saka dosa. Dadi, awaké dhéwé perlu sinau soal taun Yobèl.

YÉSUS NGUMUMKÉ PEMBÉBASAN

6. Kabèh manungsa perlu dibébaské saka apa?

6 Awaké dhéwé butuh dibébaské saka dosa. Merga dadi budhaké dosa, awaké dhéwé isa dadi tuwa, lara, lan mati. Awaké dhéwé mesthi isa ngrasakké akibaté dosa. Misalé, pas lagi ngaca awaké dhéwé mungkin sadhar nèk suwé-suwé awaké dhéwé dadi saya tuwa. Terus, awaké dhéwé ya mungkin kudu lunga menyang dokter merga lara. Merga nindakké dosa, awaké dhéwé ya isa dadi cilik ati. Rasul Paulus tau kandha nèk ’ing badané ana hukum’ sing nggawé dhèwèké dadi ”tawanan hukum dosa”. Dhèwèké ya kandha, ”Sengsara tenan aku iki! Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati iki?”​—Rm. 7:23, 24.

7. Pembébasan apa sing diramalké karo Nabi Yésaya?

7 Awaké dhéwé mesthi seneng merga Yéhuwah wis ngatur bèn Yésus isa mbébaské awaké dhéwé saka dosa. Luwih saka 700 taun sakdurungé Yésus teka ing bumi, Nabi Yésaya ngramalké soal pembébasan sing manfaaté luwih gedhé ketimbang pembébasan sing dialami bangsa Israèl pas taun Yobèl. Yésaya kandha, ”Rohé Pangéran Allah ana ing Ingsun, awit Sang Yéhuwah wus njebadi Ingsun; Ingsun kautus martakaké kabar kabungahan marang para wong kang nandhang sangsara, tuwin rumeksa marang wong-wong kang padha remuk atiné, ngundhangaké lepasing para tawanan.” (Yé. 61:1) Sapa sing dimaksud ing ramalan kuwi?

8. Sapa sing dimaksud ing ramalané Nabi Yésaya?

8 Ramalan soal pembébasan kuwi kelakon wektu Yésus mulai nglayani ing bumi. Wektu ing Nazarèt, Yésus lunga menyang sinagogé lan macakké kata-katané Nabi Yésaya kanggo wong-wong Yahudi sing ana ing kono. Yésus njelaské nèk dhèwèké kuwi wong sing dimaksud ing ramalané Yésaya. Yésus kandha, ”Roh Yéhuwah ana ing aku, merga Panjenengané wis nglantik aku kanggo martakké kabar apik marang wong miskin. Panjenengané ngutus aku kanggo martakké nèk wong-wong sing ditawan bakal dibébaské lan wong wuta bakal ndelok manèh, uga kanggo mbébaské wong sing ketindhes, lan kanggo martakké bab taun welas asihé Yéhuwah.” (Luk. 4:16-19) Apa sing ditindakké Yésus bèn ramalan kuwi kelakon?

KELOMPOK PERTAMA SING BAKAL DIBÉBASKÉ

Ing sinagogé ing Nazarèt, Yésus ngumumké soal pembébasan (Deloken paragraf 8-9)

9. Akèh wong ngira nèk Yésus bakal mbébaské wong-wong kuwi saka apa?

9 Pembébasan sing diramalké Yésaya kuwi pertama-tama kelakon ing jamané Yésus dhéwé. Yésus kandha, ”Dina iki, ayat sing lagi waé kok rungokké wis kelakon.” (Luk. 4:21) Akèh wong sing ngrungokké Yésus wektu kuwi ngira nèk Yésus bakal mbébaské wong-wong Yahudi saka pamréntahané Roma. Wong-wong kuwi mungkin nduwé pikiran sing padha karo wong loro sing kandha, ”Aku kabèh ngarep-arep wong iki bakal mbébaské Israèl.” (Luk. 24:13, 21) Ning, Yésus ora ngajari murid-muridé supaya mbrontak nglawan pamréntahan Roma. Malah, Yésus kandha karo murid-muridé, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar.” (Mat. 22:21) Dadi, piyé carané Yésus mbébaské wong-wong wektu kuwi?

10. Yésus mbébaské wong-wong saka apa?

10 Sing pertama, Yésus mbébaské wong-wong saka ajaran palsu. Wektu kuwi, para pemimpin agama meksa wong-wong Yahudi bèn padha manut karo tradhisi lan ajaran palsu. (Mat. 5:31-37; 15:1-11) Para pemimpin kuwi kaya wong wuta merga ora kenal karo Gusti Allah. Para pemimpin kuwi jaréné nuntun wong-wong bèn padha nyedhak marang Gusti Allah. Ning, para pemimpin kuwi dhéwé malah nolak Mésias lan ora gelem percaya karo ajaran sing bener. Dadi, dosa-dosané para pemimpin kuwi bener-bener ora isa diapurani. (Yoh. 9:1, 14-16, 35-41) Ning, Yésus mulang lan ngekèki conto sing apik bèn wong-wong sing rendah hati isa bébas saka ajaran palsu.​—Mrk. 1:22; 2:23–3:5.

11. Sing keloro, Yésus mbébaské wong-wong saka apa?

11 Sing keloro, Yésus mbébaské wong-wong saka dosa. Yésus wis ngorbanké nyawané kanggo dadi tebusan. Hasilé, wong-wong sing nduwé iman lan ngajèni korban tebusané Yésus isa diapurani. (Ibr. 10:12-18) Yésus kandha, ”Nèk Putra mbébaské kowé, kowé bakal bener-bener bébas.” (Yoh. 8:36) Pembébasan saka Yésus kuwi manfaaté luwih gedhé ketimbang pembébasan sing dialami bangsa Israèl pas taun Yobèl. Mbiyèn, wong-wong Israèl sing dibébaské pas taun Yobèl isa waé dadi budhak manèh lan suwé-suwé akhiré ya isa mati. Ning, Yésus isa mbébaské wong-wong bèn ora dadi budhaké dosa manèh nganti saklawasé.

12. Sapa sing pertama kali éntuk manfaat saka pembébasan sing diomongké karo Yésus?

12 Ing dina Péntakosta taun 33 M, para rasulé Yésus lan murid-murid liyané dilantik nganggo roh suciné Yéhuwah. Kuwi artiné, wong-wong kuwi diangkat dadi putrané Gusti Allah lan nduwé harapan kanggo mréntah dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. (Rm. 8:2, 15-17) Wong-wong kuwi dadi kelompok sing pertama sing éntuk manfaat saka pembébasan sing diomongké karo Yésus wektu ing Nazarèt. Wong-wong kuwi wis dibébaské saka tradhisi lan ajaran palsu sing diwulangké karo para pemimpin agama Yahudi. Wong-wong kuwi ya isa dibébaské saka dosa warisané Adam. Dadi, taun Pembébasan kanggo wong-wong Kristen dimulai saka taun 33 M lan bakal terus kelakon nganti Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus rampung. Apa waé sing bakal kelakon sakdurungé Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus rampung?

WONG-WONG LIYANÉ SING BAKAL DIBÉBASKÉ

13-14. Sapa manèh sing bakal éntuk manfaat saka pembébasan sing diomongké Yésus?

13 Sakliyané wong-wong sing nduwé harapan kanggo mréntah ing swarga bareng karo Yésus, Alkitab kandha nèk ana kelompok liya sing disebut ”wedhus-wedhus liya”. (Yoh. 10:16) Wong-wong kuwi nduwé harapan kanggo urip saklawasé ing bumi.

14 Nèk njenengan nduwé harapan kanggo urip ing bumi, njenengan saiki ya isa éntuk manfaat saka pembébasan sing diomongké Yésus. Misalé, nèk njenengan nduwé iman marang korban tebusané Yésus, njenengan isa njaluk bèn dosa-dosané njenengan diampuni karo Yéhuwah. Hasilé, njenengan isa nyenengké Yéhuwah lan nduwé hati nurani sing resik. (Éf. 1:7; Why. 7:14, 15) Terus, njenengan ya isa éntuk manfaat merga wis dibébaské saka ajaran palsu. Yésus kandha, ”Kowé bakal ngerti apa sing bener, lan apa sing bener kuwi bakal mbébaské kowé.” (Yoh. 8:32) Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga isa ngalami pembébasan sing kaya ngono.

15. Apa manèh sing bakal kelakon sukmbèn?

15 Apa manèh sing bakal kelakon sukmbèn? Ora suwé manèh, Yésus bakal nyirnakké agama palsu lan pamréntahané manungsa. Wektu kuwi, ”kumpulan gedhé” saka umaté Yéhuwah bakal dilindhungi lan isa éntuk akèh berkah ing donya anyar. (Why. 7:9, 14) Wong-wong sing wis mati ya bakal diuripké manèh. Nèk wong-wong kuwi gelem ngabdi marang Yéhuwah, wong-wong kuwi bakal dibébaské saka dosa lan isa urip saklawasé.​—Kis. 24:15.

16. Apa sing bakal dialami karo wong-wong sing urip ing bumi sukmbèn?

16 Ing Pamréntahan Sèwu Taun, Yésus lan wong-wong sing dadi raja bareng dhèwèké bakal mberkahi manungsa. Kaya wong-wong Israèl sing ngalami pembébasan ing taun Yobèl, wong-wong sing urip ing bumi ya bakal ngalami pembébasan. Wong-wong sing setya marang Yéhuwah bakal dibébaské saka dosa lan dadi sampurna. Hasilé, kabèh wong isa dadi putra-putrané Gusti Allah manèh.

Ing donya anyar, awaké dhéwé isa nduwé gawéan sing nyenengké lan urip bahagia (Deloken paragraf 17)

17. Nurut Yésaya 65:21-23, apa sing bakal ditindakké umaté Yéhuwah ing donya anyar? (Deloken gambar ing halaman 1.)

17 Ing Yésaya 65:21-23, ana ramalan soal apa sing bakal kelakon ing donya anyar. (Wacanen.) Ana sing mikir nèk sukmbèn awaké dhéwé ora perlu nyambut gawé. Ning, Alkitab kandha nèk ana gawéan sing nyenengké sing bakal ditindakké umaté Yéhuwah. Awaké dhéwé isa yakin nèk sakwisé Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus rampung, ”kabèh ciptaan bakal dibébaské saka perbudhakan dosa lan pati, lan nduwé kemerdékaan sing mulya kaya sing diduwèni anak-anaké Gusti Allah”.​—Rm. 8:21.

18. Apa sebabé manungsa isa urip bahagia ing Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus?

18 Mbiyèn, Yéhuwah ngekèki hukum sing ngatur soal Sabat kanggo bangsa Israèl. Yéhuwah péngin umaté bahagia merga isa nduwé wektu kanggo ngibadah, ora mung kerja terus. Sukmbèn, ing Pamréntahan Sèwu Tauné Yésus, awaké dhéwé ya isa nduwé wektu kanggo ngibadah lan nindakké gawéan sing nyenengké. Hasilé, kabèh umaté Yéhuwah sing setya bakal urip bahagia nganti saklawasé.

LAGU 142 Pangarep-arep sing Nggawé Kuwat

^ par. 5 Ing Israèl jaman mbiyèn, ana hukum sing ngatur soal taun Yobèl, utawa taun Pembébasan. Pancèn, Hukum Musa kuwi dudu kanggo wong Kristen. Ning, awaké dhéwé isa éntuk manfaat nèk sinau soal taun Yobèl merga kuwi ana hubungané karo pembébasan saka Yéhuwah sing isa dirasakké karo wong-wong Kristen. Kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 61 GAMBAR: Pas taun Yobèl, wong-wong sing dadi budhak isa dibébaské lan bali menyang tanahé lan keluargané.