Injil Yohanes 9:1-41

  • Yésus marèkké wong sing wuta kèt lair (1-12)

  • Wong Farisi nakoni wong sing bar dimarèkké Yésus (13-34)

  • Wong Farisi sakjané wuta (35-41)

9  Wektu lagi mlaku, Yésus ndelok ana wong sing wuta kèt lair.  Terus, murid-murid nakoni Yésus, ”Guru,*+ apa sing marakké wong kuwi wuta kèt lair? Dosané wong kuwi dhéwé apa dosané wong tuwané?”  Yésus njawab, ”Dudu merga dosané wong kuwi utawa dosané wong tuwané. Ning, iki kelakon supaya wong-wong isa ndelok kuwasané* Gusti Allah liwat wong kuwi.+  Mumpung isih awan, awaké dhéwé kudu nindakké kabèh gawéan sing wis diwènèhké Dhèwèké sing ngutus aku.+ Nèk wis bengi, ora ana wong sing isa nyambut gawé.  Saksuwéné aku isih ana ing donya iki, aku iki cahaya sing madhangi donya.”+  Bar ngomongké kuwi, Yésus ngidu ing lemah, nyampur iduné karo lemah, terus nglèlètké campuran mau ing mripaté wong wuta kuwi.+  Terus, Yésus ngongkon wong wuta kuwi, ”Saiki, raupa ing kolam Siloam.” (Nèk diterjemahké artiné ”Diutus.”) Wong wuta kuwi langsung lunga lan raup ing kana. Pas bali, wong kuwi wis isa ndelok.+  Terus, tangga-tangga lan wong-wong liyané sing biasané ndelok wong kuwi ngemis padha rasan-rasan, ”Wong iki kan sing biasané ngemis kaé, ta?”  Ana sing ngomong, ”Iya bener, kuwi wongé.” Sing liyané kandha, ”Dudu, mung mirip waé.” Wong sing mauné wuta kuwi bola-bali ngomong, ”Bener, kuwi aku.” 10  Mula, wong-wong kuwi takon, ”Lha saiki kok kowé isa ndelok?” 11  Wong kuwi njawab, ”Wong sing jenengé Yésus nggawé campuran lan nglèlètké kuwi ing mripatku. Terus, dhèwèké ngongkon aku, ’Raupa ing kolam Siloam.’+ Mula, aku lunga, raup, terus aku isa ndelok.” 12  Wong-wong kuwi takon manèh, ”Terus, wongé ing endi?” Wong kuwi njawab, ”Aku ora ngerti.” 13  Bar kuwi, wong sing mauné wuta kuwi digawa marang wong Farisi. 14  Ndilalah, pas Yésus nggawé campuran lan marèkké* wong wuta+ kuwi ngepasi pas dina Sabat.+ 15  Mula, wong Farisi nakoni wong sing mauné wuta kuwi piyé carané dhèwèké isa ndelok. Wong sing mauné wuta kuwi kandha, ”Wong kuwi nglèlètké campuran ing mripatku, terus aku raup lan isa ndelok.” 16  Bar kuwi, ana wong Farisi sing kandha, ”Wong kuwi mesthi dudu utusané Gusti Allah merga dhèwèké ora nindakké Sabat.”+ Ning, wong liyané kandha, ”Mosok wong dosa isa nggawé mukjijat* kaya ngono?”+ Dadi, wong-wong kuwi nduwé pendapat sing béda-béda.+ 17  Wong sing mauné wuta kuwi ditakoni manèh, ”Kowé kan wis dimarèkké* dhèwèké. Dadi, nèk menurutmu, dhèwèké kuwi sapa?” Wong kuwi njawab, ”Dhèwèké kuwi nabi.” 18  Ning, wong Yahudi ora percaya nèk wong kuwi mauné wuta lan saiki isa ndelok. Mula, wong Yahudi ngundang* bapak ibuné wong sing mauné wuta kuwi bèn mara. 19  Terus, bapak ibuné wong sing mauné wuta kuwi ditakoni, ”Apa iki anakmu sing jarému wuta kèt lair? Terus, saiki kok dhèwèké isa ndelok?” 20  Wong tuwané njawab, ”Ya, iki pancèn anakku, lan dhèwèké pancèn wuta kèt lair. 21  Ning, aku ora ngerti piyé kok dhèwèké saiki isa ndelok, utawa sapa sing marèkké dhèwèké.* Coba takona dhéwé. Dhèwèké kan wis gedhé lan isa njawab dhéwé.” 22  Wong tuwané ngomong kaya ngono merga wedi karo wong Yahudi.*+ Wong Yahudi wis nggawé kesepakatan nèk ana wong sing ngakoni Yésus kuwi Kristus, wong kuwi kudu diusir saka sinagogé.*+ 23  Kuwi sebabé wong tuwané kandha, ”Dhèwèké kan wis gedhé. Coba takona dhéwé.” 24  Terus, wong sing mauné wuta kuwi diundang* manèh lan dikandhani, ”Kowé kudu ngluhurké Gusti Allah. Mula, ngomonga sing saktenané. Aku ngerti nèk dhèwèké kuwi wong dosa.” 25  Wong kuwi njawab, ”Embuh dhèwèké kuwi wong dosa apa ora, aku ora ngerti. Pokoké aku ngertiné mauné aku wuta, ning saiki isa ndelok.” 26  Wong-wong kuwi takon manèh, ”Kowé diapakké karo wong kuwi? Piyé carané dhèwèké marèkké kowé?”* 27  Wong kuwi njawab, ”Kowé kan wis tak kandhani, ning kowé ora ngrungokké omonganku. Ngapa kok kowé takon manèh? Kowé ya péngin dadi muridé, ta?” 28  Wong-wong kuwi langsung ngelokké wong sing mauné wuta kuwi, ”Kowé kuwi muridé, ning aku muridé Musa. 29  Gusti Allah dhéwé sing ngandhani Musa nèk dhèwèké kuwi nabi lan aku ngerti soal kuwi. Ning nèk wong kuwi, aku ora ngerti sapa sing ngutus dhèwèké.” 30  Wong sing mauné wuta kuwi njawab, ”Kok anèh banget nèk kowé ora ngerti sapa sing ngutus dhèwèké, padahal dhèwèké wis marèkké aku.* 31  Awaké dhéwé kan ngerti nèk Gusti Allah ora ngrungokké wong dosa.+ Gusti Allah mung ngrungokké wong-wong sing wedi marang Dhèwèké lan nindakké apa sing dadi karepé.+ 32  Kèt jaman mbiyèn, awaké dhéwé ora tau krungu nèk ana wong sing isa marèkké wong sing wuta kèt lair. 33  Nèk wong iki dudu utusané Gusti Allah, dhèwèké ora bakal isa nindakké apa-apa.”+ 34  Terus, wong-wong kuwi kandha, ”Kèt lair, dosamu kuwi wis akèh banget. Saiki, kowé malah arep ngajari aku?” Wong kuwi langsung diusir menyang njaba.+ 35  Yésus krungu nèk wong-wong ngusir wong sing mauné wuta kuwi menyang njaba. Wektu ketemu dhèwèké, Yésus kandha, ”Apa kowé nduwé iman marang Anaké manungsa?” 36  Wong kuwi takon, ”Dhèwèké kuwi sapa, Pak? Kandhanana aku bèn aku isa nduwé iman marang dhèwèké.” 37  Yésus njawab, ”Kowé wis ndelok dhèwèké. Malah, dhèwèké kuwi sing saiki lagi omong-omongan karo kowé.” 38  Wong lanang kuwi kandha, ”Aku nduwé iman marang njenengan, Gusti.” Terus, wong kuwi sujud ing ngarepé Yésus. 39  Yésus kandha, ”Aku teka ing antarané wong-wong* supaya apa sing tak tindakké isa nggawé wong wuta dadi isa ndelok+ lan wong sing isa ndelok dadi wuta.”+ 40  Ana wong Farisi sing krungu omongané Yésus kuwi, terus takon, ”Dadi maksudmu, aku ya wuta?” 41  Yésus njawab, ”Nèk kowé wuta, kowé ora dosa. Ning merga kowé kandha, ’Aku isa ndelok,’ mula dosamu ora bakal diapura.”+

Katrangan Tambahan

Utawa ”Rabi”. Deloken Daftar Istilah.
Lit.: ”gawéané”.
Lit.: ”mbukak mripaté”.
Lit.: ”tandha”.
Lit.: ”Mripatmu kan wis dibukak”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”sing mbukak mripaté”.
Deloken ctn. ing Yoh 7:13.
Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”diceluk”.
Lit.: ”dhèwèké mbukak mripatmu”.
Lit.: ”wis mbukak mripatku”.
Lit.: ”ing donya”.