Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah

Keterangan sing Bener soal Kerajaané Gusti Allah

Yésus mulang para muridé kanggo ndonga, ”Bapakku sing ana ing swarga, muga-muga jeneng-Mu disucèkké. Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi kaya ing swarga.” (Matius 6:9, 10) Kerajaané Gusti Allah kuwi apa? Kerajaan kuwi bakal ngapa? Ngapa kok awaké dhéwé kudu ndongakké kuwi?

Yésus kuwi Raja Kerajaané Gusti Allah.

Lukas 1:31-33: ”Anak kuwi kudu mbok jenengi Yésus. Dhèwèké bakal dadi wong sing penting lan bakal disebut Anaké Sing Mahaluhur. Gusti Allah Yéhuwah bakal nggawé dhèwèké dadi raja kaya Daud nènèk moyangé. Dhèwèké bakal dadi rajané keturunané Yakub nganti saklawasé, lan pamréntahané bakal ana sakterusé.”

Kerajaané Gusti Allah dadi topik utama sing Yésus critakké.

Matius 9:35: ”Yésus lunga ing kutha lan désa, mulang ing sinagogé-sinagogé, martakké kabar apik soal Kerajaan, lan marèkké akèh penyakit lan masalah keséhatan.”

Yésus ngandhani tandhané nèk Kerajaané Gusti Allah arep teka.

Matius 24:7: ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan. Bakal ana kelaparan lan gempa bumi ing endi-endi.”

Kabar apik soal Kerajaané Gusti Allah lagi diwartakké ing sak donya.

Matius 24:14: ”Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu, terus akhir kuwi bakal teka.”