Langsung mlebu

Pas Ana Masalah, Apa Ana Harapan?

Pas Ana Masalah, Apa Ana Harapan?

Jawaban ing Alkitab

 Menurut Alkitab, Gusti Allah péngin bèn awaké dhéwé nduwé ”masa depan lan harapan”. a (Yérémia 29:11) Gusti Allah ngekèki Alkitab bèn ”awaké dhéwé nduwé harapan merga ayat-ayat kuwi . . . mènèhi awaké dhéwé penghiburan”. (Roma 15:4) Naséhat ing Alkitab isa bermanfaat bèn awaké dhéwé tetep semangat meskipun ana masalah, terus janji-janjiné isa mbantu bèn awaké dhéwé nduwé harapan ing masa depan.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Menurut Alkitab, piyé bèn isa tetep semangat meskipun ana masalah?

 Ing Alkitab ana saran-saran bèn awaké dhéwé isa tetep semangat meskipun ana masalah. Contoné:

  •   Manut naséhat ing Alkitab. Ing Mazmur 119:105 ditulis, ”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.” Nèk nduwé lampu, awaké dhéwé isa ndelok sing ing ngarepé awaké dhéwé, tapi ya isa ndelok sing adoh. Nèk ngetrapké pathokan ing Alkitab, awaké dhéwé isa ngatasi masalah, terus isa dadi luwih semangat. Menurut Alkitab, kuwi isa ”nggawé ati dadi seneng”. (Mazmur 19:7, 8) Ing Alkitab ya ana keterangan soal karepé Gusti Allah kanggo bumi lan manungsa sukmbèn. Nèk ngerti soal kuwi, awaké dhéwé isa bahagia saklawasé.

  •   Gelem dibantu wong liya. Ana sing lagi ngadhepi masalah sing abot, tapi malah ora gelem dibantu wong liya. Menurut Alkitab kuwi ora apik. Mengko isa waé malah dadi nggawé keputusan sing salah. (Wulang Bebasan 18:1) Sakjané, keluarga lan kanca isa mbantu awaké dhéwé wektu ana masalah. (Wulang Bebasan 11:14) Mungkin masalahé ora langsung rampung, tapi paling ora keluarga lan kanca isa nguwatké lan nyemangati awaké dhéwé.​—Wulang Bebasan 12:25.

  •   Ndonga karo Gusti Allah. Ing Alkitab ditulis, ”Pasrahna kuwatirmu marang Yéhuwah, lan Dhèwèké bakal ndhukung kowé. Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk wong sing bener tiba.” b (Mazmur 55:22) Yéhuwah kuwi ’Gusti Allah sing mènèhi harapan’. (Roma 15:13) Awaké dhéwé isa nyritakké ’kabèh rasa kuwatir’ karo Yéhuwah, merga Dhèwèké mesthi perduli. (1 Pétrus 5:7) Malah ing Alkitab ditulis, ”Dhèwèké bakal nggawé kowé kuwat. Dhèwèké bakal mbantu kowé bèn tetep setya. Dhèwèké bakal ndhukung kowé.”​—1 Pétrus 5:10.

  •   Terus mikirké harapan pas ana masalah. Ing Alkitab ditulis, ”Wong sing ngrungokké [Gusti Allah] bakal ngrasa aman lan ora wedi karo bencana apa waé.” (Wulang Bebasan 1:33) Margaret saka Australia kélangan hartané merga omahé kena badai. Tapi, dhèwèké ora terus-terusan sedhih. Saka pengalamané kuwi, dhèwèké dadi ngerti nèk harta kuwi isa waé ilang. Dhèwèké ya dadi ngerti nèk sing penting kuwi isih nduwé keluarga lan kanca, isa tetep akrab karo Gusti Allah, lan isa ngerti harapan sing ana ing Alkitab.​—Mazmur 37:34; Yakobus 4:8.

 Ing Alkitab ana janji apa?

 Ing Alkitab ana janji nèk ora suwé manèh bakal ana masa depan sing luwih apik. Keadaan ing donya saiki mbuktèkké nèk iki wis ”akhir jaman”. (2 Timotius 3:1-5) Sedhéla manèh, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah liwat pamréntahané sing disebut Kerajaané Gusti Allah. (Danièl 2:44; Wahyu 11:15) Yésus ya tau nyebutké soal pamréntahan kuwi wektu ngajari murid-muridé ndonga. Dhèwèké ngomong, ”Muga-muga Kerajaan-Mu teka, lan sing Njenengan karepké muga-muga kelakon ing bumi.”​—Matius 6:9, 10.

 Ing Alkitab disebutké nèk Gusti Allah bakal nyingkirké sing marahi manungsa susah liwat Kerajaané. Misalé:

  •   Kelaparan. ”Bumi bakal ngetokké hasilé.”​—Mazmur 67:6.

  •   Penyakit. ”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”​—Yésaya 33:24.

  •   Kematian. ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané [manungsa]. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké [manungsa] sedhih wis ora ana manèh.”​—Wahyu 21:3, 4.

a Nduwé harapan kuwi maksudé péngin bèn sesuatu kelakon, terus yakin nèk kuwi mesthi kelakon. Harapan ya isa berarti sing diarep-arep.

b Menurut Alkitab, Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah.​—Mazmur 83:18.