Langsung mlebu

Apa ing Alkitab Ana Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Aku?

Apa ing Alkitab Ana Ayat-Ayat sing Isa Nguwatké Aku?

Jawaban ing Alkitab

 Ya. (Roma 15:4) Ing Alkitab ana akèh ayat-ayat sing isa nguwatké wektu awaké dhéwé lagi susah.

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Nèk ana masalah

 Mazmur 23:4: ”Senajan mlaku ing lembah sing peteng banget, aku ora wedi, merga Njenengan nuntun aku.”

 Artiné: Nèk ndonga karo Gusti Allah lan nggolèk naséhat ing Alkitab, njenengan isa tetep kuwat meskipun ana masalah.

 Filipi 4:13: ”Aku nduwé kekuwatan kanggo ngadhepi apa waé, merga Gusti mènèhi aku kekuwatan.”

 Artiné: Gusti Allah isa ngekèki njenengan kekuwatan bèn isa ngadhepi masalah.

 Nèk wong sing disayangi mati

 Pengkhotbah 9:10: ”Ora ana kegiatan, pengetahuan, utawa kawicaksanan ing Kuburan.”

 Artiné: Wong sing wis mati kuwi ora ngerti apa-apa. Meréka ora disiksa lan ora isa ngganggu awaké dhéwé.

 Kisah 24:15: ”Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong.”

 Artiné: Sukmbèn isa ketemu manèh karo wong-wong sing disayangi sing wis mati.

 Nèk tau nggawé kesalahan

 Mazmur 86:5: ”Oh Yéhuwah, a Njenengan kuwi apikan lan gelem ngapura. Njenengan sayang banget karo wong sing njaluk tulung marang Njenengan.”

 Artiné: Nèk awaké dhéwé wis bener-bener mertobat lan ora mbalèni manèh kesalahané, Gusti Allah gelem ngampuni.

 Mazmur 103:12: ”Dhèwèké nyingkirké dosané awaké dhéwé nganti adoh banget, adohé kaya wétan karo kulon.”

 Artiné: Nèk wis ngampuni, Gusti Allah ora ngéling-éling kesalahané awaké dhéwé.

 Nèk lagi sedhih

 Mazmur 31:7: ”Njenengan ndelok nèk aku sengsara, lan Njenengan ngerti nèk aku susah banget.”

 Artiné: Nèk njenengan lagi sedhih, Gusti Allah nggatèkké. Meskipun wong liya ora ngerti perasaané njenengan, Gusti Allah ngerti.

 Mazmur 34:18: ”Yéhuwah cedhak karo wong sing susah banget, lan Dhèwèké nylametké wong sing sengsara.”

 Artiné: Nèk njenengan lagi sedhih, Gusti Allah bakal menghibur lan nguwatké bèn njenengan tetep semangat.

 Nèk lagi lara

 Mazmur 41:3: ”Wektu dhèwèké lara, Yéhuwah ora bakal ninggalké dhèwèké.”

 Artiné: Nèk njenengan lara parah, Gusti Allah isa mbantu bèn njenengan tetep tenang, sabar, lan ngrasa ayem. Gusti Allah ya isa mbantu bèn njenengan isa nggawé keputusan sing bener.

 Yésaya 33:24: ”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”

 Artiné: Gusti Allah janji nèk sukmbèn ora ana manèh sing lara.

 Nèk lagi strès

 Mazmur 94:19: ”Wektu aku ngrasa kuwatir banget, Njenengan nggawé aku tenang lan bahagia.”

 Artiné: Gusti Allah isa mbantu bèn njenengan tetep ngrasa ayem.

 1 Pétrus 5:7: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”

 Artiné: Gusti Allah perduli karo njenengan. Nèk lagi strès, njenengan isa crita karo Gusti Allah liwat donga.

 Nèk ana perang

 Mazmur 46:9: ”Dhèwèké ngendhegké perang ing bumi.”

 Artiné: Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, sukmbèn ora ana perang manèh.

 Mazmur 37:11, 29: ”Wong sing wataké alus bakal terus manggon ing bumi.Wong-wong kuwi bakal seneng merga ngrasa ayem banget. . . . Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”

 Artiné: Sukmbèn ing bumi mung ana wong-wong sing bener.

 Nèk kuwatir soal masa depan

 Yérémia 29:11: ”Yéhuwah kandha, ’Aku ngerti tenan apa sing péngin Tak tindakké marang kowé. Aku péngin mènèhi kowé kedamaian, dudu bencana, bèn kowé isa nduwé masa depan lan harapan.’”

 Artiné: Gusti Allah janji nèk umaté bakal nduwé masa depan sing apik.

 Wahyu 21:4: ”Gusti Allah bakal ngusapi air matané wong-wong kuwi. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara. Malah, kematian ya ora bakal ana manèh. Kabèh sing mbiyèn nyebabké awaké dhéwé sedhih wis ora ana manèh.”

 Artiné: Gusti Allah janji sukmbèn ora ana manèh sing marakké sedhih.

a Yéhuwah kuwi jenengé Gusti Allah. (Mazmur 83:18) Deloken artikel ”Yéhuwah Kuwi Sapa?