Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Harapan ing Masa Depan

Harapan ing Masa Depan

 Saiki keadaan tambah susah. Makané, wong-wong berharap nèk mengko keadaané dadi luwih apik. Tapi, apa mémang ana harapan? Menurut Alkitab, sukmbèn keadaané bakal luwih apik.

 Ing Alkitab ana harapan apa?

 Mémang manungsa ngadhepi akèh masalah. Tapi, ing Alkitab ana janji nèk masalah kuwi ora bakal ana saklawasé. Iki contoné:

  •   Masalah: Ora nduwé omah

     Ayat: ”Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono.”​—Yésaya 65:21.

     Artiné: Kabèh wong bakal nduwé omah dhéwé.

  •   Masalah: Ora nduwé gawéan lan mlarat

     Ayat: ”Wong-wong sing Tak pilih bakal ngrasa puas merga hasil kerja kerasé.”​—Yésaya 65:22.

     Artiné: Kabèh wong bakal nduwé gawéan sing nyenengké.

  •   Masalah: Dibédak-bédakké

     Ayat: ”Bakal ana para pemimpin sing adil wektu mréntah.”​—Yésaya 32:1.

     Artiné: Mengko ora ana manèh sing dibédak-bédakké, ora soal sugih apa mlarat, utawa saka suku apa.

  •   Masalah: Kelaparan lan kurang gizi

     Ayat: ”Bakal ana akèh pangan ing bumi nganti tekan puncak pegunungan.”​—Mazmur 72:16.

     Artiné: Ora ana manèh sing kurang pangan lan kurang gizi. Kabèh mengko isa mangan panganan sing bergizi.

  •   Masalah: Kejahatan

     Ayat: ”Saben wong bakal lungguh ing ngisor wit anggur lan wit arané dhéwé. Ora ana sing bakal nggawé wedi.”​—Mikha 4:4.

     Artiné: Kabèh aman soalé ora ana wong jahat. Sing ana ing bumi mung ”wong sing bener”.​—Mazmur 37:10, 29.

  •   Masalah: Perang

     Ayat: ”Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa lan ora bakal ajar perang manèh.”​—Yésaya 2:4.

     Artiné: Kabèh damai. (Mazmur 72:7) Ora ana sing mati merga perang lan ora ana sing kudu ngungsi merga perang.

  •   Masalah: Penyakit

     Ayat: ”Wong-wong sing manggon ing tanah kuwi ora bakal ngomong, ’Aku lara.’”​—Yésaya 33:24.

     Artiné: Ora bakal ana manèh wong sing lara lan cacad. (Yésaya 35:5, 6) Malah, ”kematian ya ora bakal ana manèh”.​—Wahyu 21:4.

  •   Masalah: Alamé rusak

     Ayat: ”Padhang belantara lan tanah sing gersang bakal ngrasa seneng. Padhang pasir bakal ngrasa seneng lan kebak kembang liar.”​—Yésaya 35:1.

     Artiné: Bumi bakal dadi firdaus kaya karepé Gusti Allah kèt mbiyèn.​—Purwaning Dumadi 2:15; Yésaya 45:18.

 Mosok janji ing Alkitab isa dipercaya?

 Mungkin ana sing ora yakin. Tapi janji sing ana ing Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, dudu saka manungsa. Ngapa kok awaké dhéwé isa percaya nèk janjiné Gusti Allah mesthi kelakon? Alesané ana loro:

  •   Gusti Allah isa dipercaya. Dhèwèké ”ora isa ngapusi”. (Titus 1:2) Terus, mung Gusti Allah sing isa ngerti soal masa depan. (Yésaya 46:10) Ana akèh bukti nèk ramalané Gusti Allah mesthi kelakon. Bèn isa ngerti luwih akèh, deloken vidéo Apa Buktiné Nèk Isiné Alkitab Kuwi Bener?

  •   Gusti Allah isa ngrampungi kabèh masalah. Menurut Alkitab, Gusti Allah isa ”nindakké apa waé sing disenengi”. (Mazmur 135:5, 6) Kuwi berarti nèk Dhèwèké wis janji, kuwi mesthi kelakon. Apa manèh, Dhèwèké sayang karo manungsa.​—Yohanes 3:16.

 Lha terus, ngapa kok saiki awaké dhéwé isih susah? Jawabané ana ing vidéo Kenapa Kasusahan Isih Ana Nganti Saiki?

 Janjiné Gusti Allah kuwi kelakoné piyé?

 Liwat Kerajaané Gusti Allah sing ana ing swarga. Rajané mengko Yésus. Dhèwèké wis dikèki kuwasa karo Gusti Allah. Wektu ing bumi, Yésus tau nambani wong lara, ngekèki mangan wong akèh, ngendhegké badai, terus nguripké manèh wong sing wis mati. (Markus 4:39; 6:41-44; Lukas 4:40; Yohanes 11:43, 44) Kuwi ya bakal kelakon wektu Yésus dadi Raja sukmbèn.

 Bèn isa ngerti apa waé berkahé pas Kerajaané Gusti Allah mréntah, deloken vidéo Kerajaané Gusti Allah Kuwi Apa?

 Kapan kuwi bakal kelakon?

 Ora suwé manèh. Kok isa ngerti? Ing Alkitab diramalké apa waé sing bakal kelakon nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah. (Lukas 21:10, 11) Malah, ramalan kuwi saiki lagi kelakon.

 Bèn isa ngerti luwih akèh, wacanen artikel ”Kapan Kratoné Allah Mréntah Bumi?

 Apa manfaaté nduwé harapan?

 Ing Alkitab, harapan kuwi dipadhakké ”kaya jangkar”. (Ibrani 6:19) Nèk ana jangkar, kapal ora bakal hanyut meskipun ana badai. Nèk nduwé harapan, awaké dhéwé isa tetep tenang lan bahagia meskipun ana masalah.​—1 Tésalonika 5:8.