Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Tetep ”Apikan” karo Wong Liya

Tetep ”Apikan” karo Wong Liya

SEDULUR wédok sing jenengé Lisa nyritakké apa sebabé dhèwèké gelem sinau Alkitab. a Lisa kandha, ”Aku mbiyèn mulai sinau Alkitab merga nggatèkké nèk Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi wongé apikan.” Sedulur liyané sing jenengé Anne ya crita, ”Aku seneng dudu karo ajarané, tapi merga sedulur-sedulur kuwi wongé apikan.” Merga sedulur-sedulur apikan, Lisa karo Anne akhiré gelem sinau Alkitab.

Piyé carané awaké dhéwé isa apikan karo wong liya? Carané ana loro. Sing pertama liwat omongan. Sing keloro, liwat perbuatané awaké dhéwé. Terus, karo sapa waé awaké dhéwé kudu apikan? Ayo ngrembug kuwi siji-siji.

”APIKAN” WEKTU OMONG-OMONGAN

Ing Wulang Bebasan bab 31 disebutké nèk wong wédok sing apik kuwi ”apikan” wektu ngomong. (WB. 31:26) Kuwi berarti, apa sing diomongké lan carané dhèwèké ngomong kudu apikan. Terus, wong lanang sing dadi bapak ya kudu ”apikan” wektu omong-omongan karo anaké. Wong tuwa mesthi ya ngerti nèk carané ngomong karo anaké kasar, anaké malah dadi ora gelem manut. Tapi nèk carané ngomong apikan, anak-anaké bakal gelem manut.

Ora soal wis nduwé anak apa durung, omongané awaké dhéwé kudu tetep apikan. Piyé carané? Jawabané ana ing bagéan awal Wulang Bebasan 31:26. Ing kono disebutké, ”Omongané wicaksana.” Kuwi berarti, sakdurungé ngomong awaké dhéwé kudu mikir dhisik apa sing arep diomongké lan piyé carané ngomong. Awaké dhéwé isa mikirké iki, ’Apa omonganku iki énak dirungokké utawa marahi wong dadi nesu?’​—WB. 15:1.

Ing Wulang Bebasan 12:18 ya disebutké nèk ”omongan sing ora dipikir kuwi kaya pedhang sing ditusukké”. Apa sing awaké dhéwé omongké utawa carané awaké dhéwé ngomong kuwi ana pengaruhé kanggo wong liya. Nèk ngrenungké soal kuwi, awaké dhéwé bakal ngati-ati wektu ngomong. Terus merga péngin ”apikan” wektu ngomong, awaké dhéwé ya ora bakal nggetak-nggetak utawa ngomong kasar karo wong liya. (Éf. 4:31, 32) Awaké dhéwé ya bakal ngupaya bèn omongané awaké dhéwé énak dirungokké lan isa nguwatké wong liya. Awaké dhéwé isa niru contoné Yéhuwah wektu Dhèwèké omong-omongan karo Èlia. Wektu kuwi, Èlia wedi banget. Tapi, Yéhuwah nguwatké Èlia liwat malaékaté nganggo ”swara sing alon lan lembut banget”. (1 Raj. 19:12) Tapi, apikan karo wong liya kuwi ora mung diduduhké liwat omongan thok. Awaké dhéwé ya isa nduduhké kuwi liwat perbuatan. Piyé carané?

HASILÉ NÈK APIKAN KARO WONG LIYA

Nèk niru Yéhuwah, awaké dhéwé isa apikan karo wong liya. (Éf. 4:32; 5:1, 2) Lisa, sing disebutké mau, crita nèk Seksi Yéhuwah kuwi apikan. Lisa ngomong, ”Ana loro pasangan suami istri Seksi Yéhuwah sing manggon cedhak omahku. Pas aku crita nèk kudu cepet-cepet pindhah, wong-wong kuwi gelem cuti bèn isa mbantu aku pindhahan, padahal wektu kuwi aku durung sinau Alkitab.” Merga loro suami istri kuwi apikan, akhiré Lisa dadi péngin ngerti luwih akèh isiné Alkitab.

Anne, sing disebutké mau, ya crita nèk dhèwèké seneng merga Seksi-Seksi Yéhuwah kuwi apikan karo dhèwèké. Anne kandha, ”Merga wong-wong ing sekitarku ora apikan, aku dadi ora gampang percaya karo wong liya. Pas ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah, aku ya ora langsung percaya. Tapi aku mikir, ’Kenapa ya kok Seksi Yéhuwah apikan karo aku?’ Merga sing mbantu aku sinau Alkitab ya apikan, aku ya dadi percaya karo dhèwèké. Hasilé, aku dadi isa fokus sinau soal apa sing diajarké ing Alkitab.”

Dadi, Lisa karo Anne gelem sinau Alkitab merga sedulur-sedulur ing jemaat apikan. Sakliyané kuwi, Lisa karo Anne ya isa dadi percaya karo Yéhuwah lan sedulur-sedulur ing jemaat.

NIRU YÉHUWAH SING APIKAN

Ana wong-wong sing ramah lan apikan merga kuwi wis dadi kebiasaan lan budaya ing dhaérahé. Ya mémang kuwi apik. Tapi nèk awaké dhéwé apikan karo wong liya mung merga kebiasaan utawa budaya, kuwi berarti awaké dhéwé ora niru Yéhuwah sing apikan.​—Bandhingna karo Kisah 28:2.

Ing Alkitab disebutké nèk wong sing dituntun roh suci bakal apikan. (Gal. 5:22, 23) Mula bèn isa apikan, awaké dhéwé butuh bantuan roh suciné Yéhuwah. Nèk ngupaya dadi wong sing apikan, kuwi berarti awaké dhéwé péngin niru Yéhuwah lan Yésus. Terus, Yésus tau ngomong nèk kabèh muridé kudu nresnani wong liya. Dadi, awaké dhéwé gelem apikan karo wong liya merga manut tuntunané roh suci lan nresnani wong liya.

KARO SAPA WAÉ AWAKÉ DHÉWÉ KUDU APIKAN?

Biasané, awaké dhéwé bakal apikan karo wong-wong sing wis dikenal utawa sing apikan karo awaké dhéwé. (2 Sam. 2:6) Salah siji carané kuwi awaké dhéwé isa ngucapké maturnuwun. (Kol. 3:15) Tapi, apa awaké dhéwé kudu tetep apikan karo wong-wong sing mungkin ora apikan karo awaké dhéwé?

Coba pikirna iki. Yéhuwah kuwi apikan banget karo ciptaané. Awaké dhéwé isa sinau soal kuwi saka Alkitab. Malah ing Kitab-Kitab Yunani Kristen, istilah ”apikan banget” kuwi disebutké ping bola-bali. Ning, apa buktiné nèk Yéhuwah kuwi apikan?

Yéhuwah apikan karo kabèh wong. Buktiné, Dhèwèké mènèhi kabèh sing awaké dhéwé butuhké. Yéhuwah ya apikan karo wong-wong sing bahkan durung kenal karo Dhèwèké. (Mat. 5:45) Contoné, Yéhuwah gelem masrahké Anaké kanggo nebus kabèh manungsa. (Éf. 2:4, 5, 8) Rasul Paulus ya nulis nèk Yéhuwah nyedhiakké tebusan merga Yéhuwah ”apikan banget”. (Éf. 1:7) Terus meskipun awaké dhéwé kerep nggawé salah utawa nggawé Yéhuwah sedhih, tapi Yéhuwah tetep gelem mulang awaké dhéwé. Ing Alkitab disebutké nèk kabèh sing diwulangké Yéhuwah kuwi ”kaya grimis sing ngenani suket”. (PT. 32:2) Awaké dhéwé mémang ora isa mbales kabèh sing wis diwènèhké Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. Malah merga Yéhuwah apikan, awaké dhéwé dadi nduwé harapan urip saklawasé.​—Bandhingna karo 1 Pétrus 1:13.

Yéhuwah kuwi mémang conto sing apik banget. Mula daripada awaké dhéwé mung apikan karo wong-wong sing dikenal thok, awaké dhéwé isa apikan karo kabèh wong. (1 Tés. 5:15) Kaya api unggun sing isa nggawé wong-wong sing lungguh ing cedhaké dadi ora kadhemen manèh, nèk awaké dhéwé apikan karo kabèh wong, wong-wong bakal ngrasa dikuwatké.

Njenengan isa apikan karo keluarga utawa sedulur-sedulur ing jemaat. Misalé, apa ana sedulur-sedulur ing jemaat sing butuh bantuané njenengan kanggo ngresiki omah utawa blanja? Nèk pas nginjil, wong sing dikabari kuwi butuh bantuané njenengan, apa njenengan gelem mbantu?

Mula, ayo niru Yéhuwah sing ”apikan”. Muga-muga omongan lan perbuatané awaké dhéwé nduduhké nèk awaké dhéwé wong sing apikan.

a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.