Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PELAJARAN 50

Piyé Bèn Keluarga Bahagia?​—Bagian 2

Piyé Bèn Keluarga Bahagia?​—Bagian 2

Yéhuwah nganggep anak-anak kuwi berharga. Mulané, Yéhuwah péngin wong tuwa sayang karo anak-anaké. Ing Alkitab, Yéhuwah wis ngekèki naséhat kanggo wong tuwa lan anak-anak bèn keluarga bahagia.

1. Menurut Yéhuwah, wong tuwa kudu piyé?

Yéhuwah péngin wong tuwa sayang lan kudu ana akèh wektu kanggo anaké. Wong tuwa ya kudu berusaha bèn anaké aja nganti cilaka. Terus, pas ngajari lan ngandhani anaké, ya karo nyritakké soal pathokan ing Alkitab. (Wulang Bebasan 1:8) Yéhuwah ngomong, ’Bapak-bapak, kowé kudu ndhidhik anakmu sesuai karo petunjuké Yéhuwah.’ (Wacanen Éfésus 6:4.) Menurut Yéhuwah, sing kuduné ndhidhik anak kuwi wong tuwané, dudu wong liya. Nèk wong tuwa manut naséhaté Yéhuwah soal ndhidhik anak, Yéhuwah mesthi seneng.

2. Menurut Yéhuwah, anak-anak kudu piyé?

Yéhuwah ngongkon anak-anak, ”Kowé kudu manut karo wong tuwamu.” (Wacanen Kolose 3:20.) Nèk anak-anak manut lan ngajèni wong tuwa, wong tuwané seneng, Yéhuwah ya seneng. (Wulang Bebasan 23:​22-​25) Contoné, Yésus pas isih cilik. Meskipun dhèwèké sampurna lan wong tuwané ora, Yésus tetep manut lan ngajèni wong tuwané.​—Lukas 2:​51, 52.

3. Piyé bèn sak keluarga isa terus akrab karo Yéhuwah?

Wong tuwa mesthi péngin anaké ya sayang Yéhuwah. Piyé carané? Ana préntah kanggo wong tuwa, ”[Omongané Yéhuwah] kudu bola-bali mbok omongké marang anakmu. Kuwi kudu mbok critakké marang anakmu wektu kowé lungguh ing omahmu, wektu kowé mlaku ing dalan.” (Pangandharing Torèt 6:7) Mémang, anak-anak kudu dikandhani bola-bali bèn éling terus. Kuwi berarti saben dina njenengan kudu kerep crita soal Yéhuwah karo anak-anak. Terus, ya kudu ibadah keluarga saben minggu. Meskipun ora nduwé anak, njenengan ya isa tetep ibadah keluarga wong loro.

SINAU LUWIH AKÈH

Ayo ngrembug saran-saran kanggo wong tuwa lan anak-anak bèn keluarga isa tambah bahagia.

4. Saran ing Alkitab wektu ndhidhik anak

Ndhidhik anak kuwi ora gampang. Ana saran apa ing Alkitab? Wacanen Yakobus 1:​19, 20, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Nèk sayang karo anaké, wong tuwa kudu piyé pas omong-omongan?

  • Ngapa kok pas ngandhani ora éntuk karo nesu-nesu?

5. Bèn anak-anak ora cilaka

Bèn ora cilaka, anak-anak kudu dikandhani sing bener soal sèks meskipun wong tuwa kadhang ngrasa nèk kuwi ora gampang. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Apa waé sing marahi wong tuwa ora gampang ngandhani soal sèks?

  • Apa waé carané wong tuwa ngandhani anaké soal sèks?

Kaya sing ditulis ing Alkitab, wong-wong saiki akèh sing saya jahat. Wacanen 2 Timotius 3:​1, 13, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Saiki, ana akèh pelècèhan sèksual anak. Ngapa kok wong tuwa kudu ngandhani anaké sing bener soal sèks, lan ngajari carané nolak nèk ana sing arep pelècèhan sèksual?

Keterangan

Ing artikel lan vidéo saka Seksi-Seksi Yéhuwah, ana saran-saran kanggo wong tuwa bèn isa ngandhani anaké sing bener soal sèks, lan ngajari carané nolak nèk ana sing arep pelècèhan sèksual. Contoné deloken:

6. Anak-anak kudu ngajèni wong tuwa

Anak-anak kudu ngajèni pas omong-omongan karo wong tuwané. Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Nèk anak-anak ngomong sing apik lan sopan karo wong tuwa, apa manfaaté?

  • Piyé carané ngomong sing apik lan sopan karo wong tuwa?

Wacanen Wulang Bebasan 1:​8, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Pas dikandhani wong tuwa, anak-anak kuduné piyé?

7. Ngibadah sak keluarga

Saben minggu, Seksi-Seksi Yéhuwah mesthi ana ibadah keluarga. Pas ibadah keluarga isa ngapa waé? Setèlen VIDÉONÉ, terus rembugen pertanyaan-pertanyaan iki:

  • Piyé bèn ibadah keluarga isa rutin?

  • Piyé bèn kabèh isa padha seneng lan éntuk manfaat pas ibadah keluarga?​—Deloken gambar ing halaman 209.

  • Apa sing mungkin marahi njenengan ora isa ibadah keluarga?

Mbiyèn, Yéhuwah ngongkon wong Israèl kerep ngajari anaké soal isiné Kitab Suci. Wacanen Pangandharing Torèt 6:​6, 7, terus rembugen pertanyaan iki:

  • Piyé carané njenengan ngetrapké ayat kuwi?

Pas ibadah keluarga, njenengan isa:

  • Persiapan pertemuan ibadah.

  • Maca lan ngrembug kisah ing Alkitab.

  • Nèk anaké isih cilik, download utawa nyétak bahan kanggo bocah-bocah saka jw.org.

  • Nèk anaké wis remaja, ngrembug artikel kanggo cah enom ing jw.org.

  • Kisah ing Alkitab digawé drama.

  • Nonton lan ngrembug vidéo ing jw.org.

NÈK ANA SING NGOMONG: ”Anakku ora tak ajari Alkitab sik, soalé kan isih cilik.”

  • Njenengan arep njelaské piyé?

KESIMPULAN

Wong tuwa kudu sayang, ndhidhik, lan berusaha bèn anaké ora cilaka. Anak-anak kudu ngajèni lan manut karo wong tuwané. Sak keluarga kudu ngibadah bareng-bareng.

Jawaben

  • Apa waé upayané wong tuwa ndhidhik lan berusaha bèn anaké ora cilaka?

  • Apa buktiné anak-anak ngajèni wong tuwa?

  • Apa waé manfaaté nèk ibadah keluarga saben minggu?

Rencana

BAHAN TAMBAHAN

Bèn sukmbèn pas wis gedhé anak-anak nduwé sifat sing apik, wong tuwa kudu ngajari apa?

”Sing Kudu Diajarké Wong Tuwa kanggo Anaké” (Gatèkna! No. 2 2019)

Ana saran apa ing Alkitab soal ngopèni bapak utawa ibu sing wis tuwa?

”Piyé Carané Ngrawat Wong Tuwa sing Wis Lansia?” (Artikel ing jw.org)

Ana pengalamané wong lanang sing berhasil ndhidhik anaké merga manut pathokané Yéhuwah. Deloken vidéoné.

Diwulang Yéhuwah Carané Ngurus Keluarga (5:​58)

Piyé carané bèn bapak isa tambah akrab karo anaké lanang?

”Carané Bèn Bapak Isa Cedhak karo Anaké Lanang” (Warta Penting 1 November 2011)