Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngibadah Bareng karo Agama Liya?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngibadah Bareng karo Agama Liya?

 Seksi-Seksi Yéhuwah seneng ngrembug bab Alkitab karo wong-wong saka kabèh agama, ning ora ngibadah bareng wong-wong kuwi. Alkitab nduduhaké nèk wong Kristen sejati ”tumata runtut lan kaiket dadi siji” ing ibadah sing padha. (Éfesus 4:16; 1 Korinta 1:10; Filipi 2:2) Kuwi ora mung nduwèni sipat-sipat apik kaya katresnan, welas asih, lan seneng ngapura. Kapracayan lan imané Seksi-Seksi Yéhuwah dhasaré saka Alkitab.—Rum 10:2, 3.

 Alkitab mbandhingaké wong sing ngibadah bareng agama liya kaya mikul barang karo wong sing béda kekuwatané. Kuwi bahaya kanggo imané wong Kristen. (2 Korinta 6:14-17) Mula, Yésus ora péngin para muridé ngibadah bareng karo agama liya. (Matéus 12:30; Yokanan 14:6) Kuwi kaya Hukum Musa sing nglarang bangsa Israèl ngibadah bareng bangsa liya. (Pangentasan 34:11-14) Bangsa Israèl ora gelem nampa bantuan sing marahi bangsa kuwi ngibadah bareng agama liya.—Ézra 4:1-3.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah omong-omongan bab Alkitab karo wong-wong saka agama liya?

 Ya. Kaya Rasul Paulus, Seksi-Seksi Yéhuwah uga péngin ngerti pikiran lan kapracayané wong liya wektu nginjil. (1 Korinta 9:19-22) Wektu omongan karo wong liya, Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya ngetrapaké pathokané Alkitab yaiku sipat ”andhap-asor”.—1 Pétrus 3:15.