Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kenapa Manungsa Dadi Tuwa lan Mati?

Kenapa Manungsa Dadi Tuwa lan Mati?

WEKTU diciptakké, Adam lan Hawa sampurna pikirané lan awaké. Dadi, kuduné Adam lan Hawa isa urip nganti saiki. Saka omongané Yéhuwah soal salah siji wit sing ana ing taman Èden, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah pancèn ora péngin manungsa mati.

Yéhuwah kandha karo Adam, ”Samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.” (Purwaning Dumadi 2:17) Nèk Yéhuwah pancèn nyiptakké Adam bèn akhiré dadi tuwa lan mati, mesthiné Yéhuwah ora bakal ngomong kaya ngono. Adam ya ngerti nèk dhèwèké bakal urip terus nèk ora mangan buah saka wit kuwi.

GUSTI ALLAH ORA PÉNGIN MANUNGSA MATI

Adam lan Hawa ora perlu mangan buah saka wit kuwi bèn isa tetep urip, merga ing kono ana akèh wit liya sing buahé isa dipangan. (Purwaning Dumadi 2:9) Nèk Adam lan Hawa ora mangan buah sing dilarang, kuwi artiné Adam lan Hawa gelem manut lan ngakoni wewenangé Gusti Allah sing wis ngekèki urip.

KENAPA ADAM LAN HAWA MATI?

Wektu kuwi, Sétan si Iblis nggunakké ula pas omong-omongan karo Hawa. Alkitab nyritakké, ”Anadéné ula iku kang julig dhéwé ing antarané sakèhing kéwan dharatan karyané Sang Yéhuwah Allah, mangka iku celathu marang wong wadon mau: ’Temtunipun Gusti Allah paring dhawuh dhateng sampéyan: Sira aja mangan wohing sarupané wit-witan ing patamanan iki! Rak inggih, ta?’”—Purwaning Dumadi 3:1.

Hawa njawab, ”Wohé wit-witan ing patamanan iki kabèh kena baé dakpangan, nanging tumrap wohing wit kang ana satengahé patamanan iki, ana dhawuhé Gusti Allah mangkéné: Aja sira pangan, malah ndemok baé aja, supaya sira aja padha mati.” Terus, ula kuwi kandha, ”Boten-botenipun sampéyan sami pejah, nanging Gusti Allah mirsa, samangsa sampéyan nedha wohipun wit punika, sampéyan badhé kaparingan awasing paningal, temah dados sami kaliyan Gusti Allah, saged nyumerepi ingkang saé lan ingkang awon.” Sétan péngin Adam lan Hawa percaya nèk Yéhuwah kuwi tukang ngapusi lan ndhelikké apa sing apik saka Adam lan Hawa.​—Purwaning Dumadi 3:2-5.

Hawa percaya karo omongané Sétan. Hawa ndelok nèk buah kuwi kétok énak banget. Akhiré, Hawa njupuk lan mangan buah kuwi. Alkitab kandha, ”Kang lanang kang uga ana ing kono iya diwènèhi lan iya banjur mangan.”​—Purwaning Dumadi 3:6.

Gusti Allah kandha karo Adam, ”Samangsa sira mangan wohé, mesthi sira bakal mati.”​——Purwaning Dumadi 2:17

Piyé perasaané Gusti Allah wektu kuwi? Yéhuwah mesthi sedhih banget merga Adam lan Hawa sengaja ora manut. Yéhuwah kandha nèk Adam bakal dadi lebu. Yéhuwah kandha karo Adam, ”Amarga sira iku lebu, lan sira bakal bali dadi lebu manèh.” (Purwaning Dumadi 3:17-19) Alkitab kandha nèk Adam mati wektu umuré 930 taun. (Purwaning Dumadi 5:5) Mauné, Adam digawé saka lebu. Dadi, wektu mati, Adam dadi lebu manèh. Dhèwèké ora lunga menyang swarga utawa alam roh. Dhèwèké wis ora ana manèh.

MANUNGSA DADI ORA SAMPURNA

Merga ora manut, Adam lan Hawa dadi ora sampurna lan ora isa urip saklawasé. Adam lan Hawa suwé-suwé dadi tuwa lan akhiré mati. Ning, sing éntuk akibaté ora mung Adam lan Hawa thok. Kabèh keturunané ya dadi dosa lan ora sampurna. Ing Roma 5:12, Alkitab kandha, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji [Adam], lan pati mlebu liwat dosa, pati nyebar marang kabèh wong merga kabèh wong wis dosa.”

Alkitab njelaské nèk dosa lan kematian kuwi kaya ”sandhangan bagor kang kaenggokaké marang sakèhing suku bangsa lan kemul kang dikemulaké marang sakèhing para bangsa”. (Yésaya 25:7) Dosa lan kematian nyebar marang kabèh wong kaya gas beracun. Alkitab kandha, ”Kabèh mati merga Adam.” (1 Korintus 15:22) Rasul Paulus tau takon, ”Sapa sing bakal nylametké aku saka badan sing nyebabké aku mati iki?” Dadi, apa awaké dhéwé isa bébas saka kematian?​—Roma 7:24.