Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kematian Ora Bakal Ana Manèh

Kematian Ora Bakal Ana Manèh

ADAM lan Hawa pancèn wis ora manut karo Gusti Allah. Akibaté, kabèh keturunané ya dadi dosa lan mati. Ning, kepénginané Gusti Allah ora berubah. Gusti Allah bola-bali ngomongké apa sing dadi kepénginané marang manungsa lan kuwi kabèh dicathet ing Alkitab.

  • ”Para wong mursid [utawa, bener] padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.”​Jabur 37:29.

  • ”Panjenengané bakal ngicali pati ing saterusé; tuwin Pangéran Allah bakal ngusapi eluh saka ing sakèhing rai.”​Yésaya 25:8.

  • ”Mungsuh sing pungkasan yaiku pati bakal disirnakké.”​1 Korintus 15:26.

  • ”Pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh.”​Wahyu 21:4.

Piyé carané Gusti Allah ”ngicali pati”, utawa nyirnakké kematian? Alkitab kandha nèk sing isa urip saklawasé kuwi ”wong mursid”, utawa wong sing bener. Ning, Alkitab ya kandha nèk ”ing bumi iki ora ana wong kang mursid: kang nglakoni panggawé becik”. (Kohèlèt 7:20) Apa kuwi berarti pathokané Gusti Allah wis berubah lan wong-wong sing dosa isa urip saklawasé? Ora ngono. Gusti Allah ora mungkin nglanggar pathokané dhéwé, merga ’Gusti Allah ora isa ngapusi’. (Titus 1:2) Dadi, apa sing Gusti Allah tindakké bèn manungsa isa urip saklawasé?

GUSTI ALLAH ”BAKAL NGICALI PATI ING SATERUSÉ”.​—YÉSAYA 25:8

BUTUH TEBUSAN KANGGO NYIRNAKKÉ KEMATIAN

Bèn manungsa isa dibébaské saka kematian, Yéhuwah nyedhiakké tebusan. Nèk nurut Alkitab, sing dimaksud tebusan yaiku rega sing kudu dibayarké kanggo ngganti barang sing rusak utawa bèn isa bébas saka hukuman lan kewajiban. Rega sing kudu dibayarké kuwi kudu padha karo sing dijaluk. Ning, kabèh wong saiki wis dosa lan éntuk hukuman mati. Mula, Alkitab kandha, ”Ora ana wong siji-sijia baé kang bisa ngluwari awaké dhéwé, utawa ngaturi tebusan marang Gusti Allah minangka liruning nyawané. Amarga kelarangen regané pangluwaraning nyawané, lan ora nyukupi ing salawasé.”​—Jabur 49:8, 9.

Wektu manungsa sing ora sampurna mati, dhèwèké pancèn wis bébas saka dosané dhéwé. Ning, dhèwèké ora isa mbayar tebusan kanggo dosané wong liya utawa bèn dhèwèké isa dadi manungsa sing sampurna. (Roma 6:7) Mula, sing dibutuhké yaiku manungsa sing sampurna lan ora nduwé dosa. Dadi, dhèwèké isa ngorbanké nyawané kanggo mbayar tebusan bèn kabèh manungsa isa bébas saka dosa lan kematian.​—Ibrani 10:1-4.

Mula, Gusti Allah ngutus Putrané, yaiku Yésus, saka swarga menyang bumi. Ing bumi, Yésus dilairké dadi manungsa sing sampurna lan ora nduwé dosa. (1 Pétrus 2:22) Yésus kandha nèk dhèwèké teka kanggo ”masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”. (Markus 10:45) Yésus mati bèn kematian isa disirnakké lan akhiré manungsa isa urip saklawasé.​—Yohanes 3:16.

KAPAN MANUNGSA ISA BÉBAS SAKA KEMATIAN?

Kaya sing diramalké Alkitab, keadaan ing jaman saiki ”angèl diadhepi lan mbebayani”. Kuwi mbuktèkké nèk awaké dhéwé pancèn urip ing ”dina-dina pungkasan”. (2 Timotius 3:1) Pas dina-dina pungkasan iki arep rampung, ”bakal ana dina pengadilan lan dina kanggo nyirnakké wong-wong sing ora ngajèni Gusti Allah”. (2 Pétrus 3:3, 7) Ning, wong-wong  sing nresnani Gusti Allah bakal dislametké lan dikèki ”urip langgeng”.​—Matius 25:46.

Yésus teka kanggo ”masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”.​—Markus 10:45

Wong-wong sing saiki wis mati ya bakal diuripké manèh sukmbèn lan isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé. Apa wong mati pancèn isa diuripké manèh? Ya, isa. Mbiyèn, Yésus wis tau nguripké manèh anak lanangé salah siji randha ing kutha Nain. Yésus ”ngrasa mesakké” wektu anaké randha kuwi mati. (Lukas 7:11-15) Rasul Paulus kandha, ”Aku uga nduwé pangarep-arep marang Gusti Allah, . . . nèk Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing bener lan sing ora bener.” Harapan iki isa dipercaya lan dadi bukti nèk Gusti Allah bener-bener nresnani manungsa.​—Kisah 24:15.

Ana milyaran wong sing nduwé harapan kanggo urip saklawasé. Alkitab kandha, ”Para wong mursid [utawa, bener] padha olèh warisan bumi lan tansah manggon ing kono.” (Jabur 37:29) Wektu kuwi, kabèh wong mesthi bakal seneng banget lan isa ngomong kaya kata-katané Rasul Paulus sing ditulis kira-kira 2.000 taun kepungkur iki, ”Pati, ing ngendi kekuwatanmu? Hé pati, ing ngendi entupmu?” (1 Korintus 15:55) Kematian, sing dadi mungsuhé manungsa, ora bakal ana manèh kanggo saklawasé.