Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Tuntunané Alkitab Migunani kanggo Jaman Saiki?

Apa Tuntunané Alkitab Migunani kanggo Jaman Saiki?

ANA SING KANDHA ORA. Ana salah siji dokter sing madhakké tuntunané Alkitab karo buku pelajaran kimia taun 1920-an. Wong-wong sing ora ngajèni Alkitab uga nduwé pendapat nèk nggunakké Alkitab ing jaman saiki, kuwi padha kaya nggunakké buku panduan komputer sing wis lawas dinggo komputer sing paling anyar. Intiné, akèh wong nganggep nèk Alkitab kuwi wis ketinggalan jaman.

Apa gunané nggunakké tuntunan sing wis kuna kanggo jaman modhèren? Ana akèh situs wèb lan blog sing isiné panduan-panduan sing paling anyar. Akèh acara TV nampilké wong-wong sing ahli ing bidang psikologi lan gaya hidup. Toko-toko buku uga nyedhiakké akèh buku panduan lan kuwi ngasilké keuntungan nganti milyaran dolar kanggo perusahaané.

Saiki gampang banget kanggo éntuk informasi sing paling anyar. Mula, apa gunané nggolèk tuntunan saka Alkitab, buku sing rampung ditulis kira-kira 2.000 taun kepungkur? Wong-wong sing ora ngajèni Alkitab kandha nèk kuwi padha waé kaya nggunakké buku pelajaran kimia utawa buku panduan komputer sing wis kuna. Ning, pandhangan kuwi klèru. Ilmu pengetahuan lan tèknologi pancèn cepet malih, ning apa kebutuhané manungsa uga mèlu malih? Akèh wong isih kepéngin ngerti tujuan urip iki lan carané isa nduwé rasa aman sarta bungah. Akèh wong uga kepéngin nduwé hubungan sing apik karo keluarga lan kanca sing akrab.

Senajan wis kuna, Alkitab ngandhani carané bèn isa nduwèni bab-bab kuwi lan liyané. Alkitab kuwi saka Gusti Allah. Alkitab mènèhi tuntunan urip lan mbantu kita bèn isa siap ngadhepi masalah apa waé. (2 Timotéus 3:16, 17) Sakliyané kuwi, tuntunané ora bakal ketinggalan jaman. Alkitab kandha, ”Pangandikané Gusti Allah iku gesang.”—Ibrani 4:12.

Apa kuwi pancèn bener? Apa Alkitab kuwi ketinggalan jaman utawa cocog dadi tuntunan urip ing jaman saiki? Édhisi kusus Warta Penting iki mbantu panjenengan njawab pitakonan-pitakonan kuwi. Iki édhisi kusus sing kapisan saka édhisi-édhisi kusus liyané.