Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Alkitab lan Masa Depan

Alkitab lan Masa Depan

BAYANGNA panjenengan mlaku ing dalan sing peteng ing wayah bengi. Senajan srengéngéné wis angslup, panjenengan ora bakal bingung nggolèki dalan merga nduwé sènter. Panjenengan isa cetha ndelok dalan nèk lampuné diarahké mangisor. Nèk lampuné diarahké mangarep, sinaré isa madhangi dalan nganti jarak sing adoh.

Alkitab isa dipadhakké kaya sènter. Ing artikel-artikel sakdurungé, Alkitab isa mbantu kita ngatasi masalah-masalah saben dina ing ndonya sing bubrah. Ning, Alkitab uga ngandhani bab masa depan bèn kita isa mlaku ing dalan urip sing isa marahi bungah lan marem. (Jabur 119:105) Carané piyé?

Ayo dirembug rong bab sing duduhké nèk Alkitab isa mènèhi pangarep-arep kanggo masa depan: 1 Alkitab isa mbantu kita ngerti tujuan urip, lan 2 Alkitab isa mbantu kita nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah.

1 TUJUAN URIP

Alkitab dudu buku panduan biasa merga isiné mènèhi tuntunan sing migunani kanggo mbantu kita ngadhepi masalah. Alkitab uga mulang bèn kita nggatèkké kebutuhané wong liya. Kuwi isa mbantu kita ngerti tujuan urip.

Contoné, pikirna pathokan Alkitab iki, ”Rahayu wong wèwèh, katimbang karo nampani.” (Para Rasul 20:35) Mbokmenawa panjenengan tau mènèhi bantuan karo wong sing lagi ngalami masalah ékonomi. Utawa, panjenengan ngupaya kanggo ngrungokké tenanan critané wong liya bab masalahé. Panjenengan mesthi ngrasa marem merga isa nggawé wong liya seneng.

Kita isa bungah tenan nèk mènèhi tanpa pamrih. Ana penulis sing kandha, ”Wektu kita tumindak apik marang wong liya, kita mesthi bakal éntuk balesan luwih akèh, nèk kuwi ditindakké tanpa pamrih.” Ning wektu kita tumindak apik karo wong liya, utamané sing ora isa mbales tumindak sing wis kita lakoni, kita mesthi éntuk balesan sing luwih gedhé. Nèk nduduhké sipat loma, kita sakjané lagi ngutangi Gusti Allah. (Wulang Bebasan 19:17) Gusti Allah ngajèni apa sing kita tindakké marang wong-wong sing sengsara lan Gusti Allah janji bakal mènèhi balesan kanggo kita yaiku urip ing firdaus ing bumi. Iki pangarep-arep sing aji banget.—Jabur 37:29; Lukas 14:12-14. *

Sing paling penting, Alkitab mulang nèk kita isa ngerti tujuan urip sing sejati, nèk ngibadah marang Gusti Allah, Yéhuwah. Alkitab uga mulang nèk kita kudu muji, ngluhurké, lan manut marang Gusti Allah. (Kohèlèt 12:13; Wahyu 4:11) Nèk kita nggawé keputusan sing wicaksana, kita isa nyenengké Gusti Allah. Kuwi cocog karo kersané Yéhuwah yaiku tumindak wicaksana lan nyenengké atiné Yéhuwah. (Wulang Bebasan 27:11) Merga Gusti Allah perduli karo kita, kita isa éntuk paédah merga manut tuntunané. (Yésaya 48:17, 18) Dadi, tujuan sing paling unggul yaiku nèk kita isa ngabdi marang Yéhuwah lan nyenengké atiné.

2 KEKANCAN AKRAB KARO GUSTI ALLAH

Alkitab isa mbantu kita nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Alkitab kandha, ”Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowé.” (Yakobus 4:8) Kadhang kala kita ragu apa isa nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah. Ning, Alkitab mènèhi jaminan nèk ”madosi Panjenenganipun”, kita isa ”pinanggih kaliyan Panjenenganipun” merga ”Panjenenganipun punika boten tebih kaliyan kita piyambak-piyambak”. (Para Rasul 17:27) Nèk nduwé hubungan sing akrab karo Gusti Allah, kuwi ana paédahé kanggo urip kita mbésuk. Kok isa?

Pikirna: Kita kabèh mesthi ngalami pati senajan akèh upaya sing ditindakké kanggo tetep urip. (1 Korinta 15:26) Ning, Gusti Allah kuwi langgeng lan péngin kanca akrabé uga urip langgeng. Mula, Alkitab nduduhké nèk Yéhuwah kepéngin wong-wong ’bèn urip salawasé’.—Jabur 22:27.

Piyé carané isa kekancan akrab saklawasé karo Gusti Allah? Terusa sinau bab Yéhuwah saka Alkitab. (Yokanan 17:3; 2 Timotéus 3:16) Njaluka bantuané Yéhuwah bèn paham isiné Alkitab. Alkitab nggawé kita yakin nèk terus nyuwun kawicaksanan, Gusti Allah bakal maringi kuwi. * (Yakobus 1:5) Dadi, coba tindakna apa sing wis panjenengan sinaoni. Dadèkna Alkitab kaya ”dilah wonten ing ngajengipun suku [kita], sarta pepadhanging margi [kita]” kanggo saiki lan saklawasé.—Jabur 119:105.

^ par. 8 Kanggo katrangan luwih akèh bab urip saklawasé ing Firdaus sing dijanjèkké Gusti Allah, deloken bab 3 saka buku Apa Wulangané Alkitab kanggo Panjenengan? sing dicétak karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

^ par. 13 Seksi-Seksi Yéhuwah nawakké sinau Alkitab gratis kanggo mbantu panjenengan ngerti isiné Alkitab. Bèn ngerti carané sinau Alkitab, deloken video Sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah Iku Kaya Apa? ing www.jw.org/jv.

Gusti Allah kuwi langgeng lan péngin kanca akrabé uga urip langgeng