Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ketinggalan Jaman Apa Ora?

Ketinggalan Jaman Apa Ora?

ILMU PENGETAHUAN

ALKITAB DUDU BUKU ILMIAH, NING ISINÉ KATRANGAN SING LUWIH MAJU ING JAMANÉ. GATÈKNA CONTO-CONTO IKI.

Apa jagad raya iki ana wiwitané?

Mbiyèn para ilmuwan sing kondhang ora setuju karo kuwi. Ning, saiki akèh sing percaya nèk jagat raya iki ana wiwitané. Alkitab wis ngandhani bab kuwi kèt mbiyèn.—Purwaning Dumadi 1:1.

Kaya apa bentuké bumi?

Ing jaman mbiyèn, akèh wong mikir nèk bumi kuwi datar. Ing abad kalima SM, para ilmuwan Yunani kandha nèk bumi kuwi bunder. Ning, abad kawolu SM Yésaya wis nulis nèk bumi kuwi bunder.—Yésaya 40:22.

Apa langit bakal rusak?

Ilmuwan Yunani saka abad kapapat SM, sing jenengé Aristoteles mulang nèk bumi isa owah lan rusak ning langit ora isa rusak. Ning, para ilmuwan abad 19 SM, mulang nèk langit uga isa rusak. Lan ilmuwan sing jenengé Lord kelvin sing uga ngembangké téori kuwi setuju merga cocog karo kandhané Alkitab bab langit lan bumi, ”Sanès-sanèsipun sami lungsed kados panganggé.” (Jabur 102:26, 27) Ning, Kelvin percaya senajan bumi lan langit isa owah lan rusak, ning Gusti Allah isa nyegah bèn bumi lan langit ora rusak.—Kohèlèt 1:4.

Apa ana sing nyangga bumi lan planèt-planèt liyané?

Aristoteles mulang nèk kabèh benda langit dibungkus karo bola kristal. Saben bola kristal kuwi ana ing jeroné bola kristal liyané lan sakterusé. Lan bumi sing dadi pusaté. Ing abad 18 M, para ilmuwan setuju nèk lintang-lintang lan planèt-planèt isa waé ora ana sing nyangga. Ning, buku Ayub sing ditulis abad 15 SM, wis kandha nèk Gusti Allah ”nggantung bumi tanpa canthèlan”.—Ayub 26:7.

 KESÉHATAN

SENAJAN ALKITAB DUDU BUKU MÉDIS, ISINÉ ANA PATHOKAN-PATHOKAN BAB KESÉHATAN SING LUWIH MAJU.

Misahké wong sing lara.

Nurut Hukum Musa wong sing lara kusta kudu dipisahké saka wong sing séhat. Sakwisé ana wabah ing abad pertengahan, para dokter sing ngetrapké pathokan kuwi lagi ngerti nèk kuwi pancèn bener.—Kaimaman, bab 13 lan 14.

Wisuh sakwisé ndemok mayit.

Nganti akir abad 19, para dokter nangani pasièn sing isih urip tanpa wisuh dhisik sakwisé ndemok mayit. Akibaté akèh pasièn sing mati. Ning, Hukum Musa wis nulis nèk sapa waé sing ndemok mayit dadi najis lan wong kuwi kudu wisuh nganggo banyu bèn ora najis. Pathokan iki pancèn migunani kanggo keséhatan.—Wilangan 19:11, 19.

Mbuwang kotoran.

Saben taun luwih saka setengah milyar bocah-bocah kena diaré, biasané merga wong-wong ora mbuwang kotoran kanthi cara sing bener. Nurut Hukum Musa, kotorané manungsa kudu dipendhem adoh saka perkémahan.—Pangandharing Torèt 23:13.

Wektu sing pas kanggo sunat.

Hukum Musa mréntahké cah lanang disunat wektu umuré wolung dina. (Kaimaman 12:3) Ing jaman Alkitab, wektu tèknologi bab mèdis durung maju, nyunat bayi wektu umuré luwih saka seminggu kuwi bab sing wicaksana merga pembekuan darah bayi sing normal butuh wektu luwih saka seminggu.

Hubungané perasaan karo keséhatan jasmani.

Para peneliti keséhatan lan ilmuwan kandha nèk nduwé perasaan sing positif kaya rasa seneng, rasa sokur, nduwé pengarep-arep, lan seneng ngapura nggawé keséhatan jasmani luwih apik. Kuwi cocog karo kandhané Alkitab, ”Ati kang bingar iku minangka obat kang manjur, nanging ilanging semangat iku ngroposaké balung.”—Wulang Bebasan 17:22.