Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | CARANÉ ÉNTUK PAÉDAH SAKA MACA ALKITAB

Piyé Carané Mulai?

Piyé Carané Mulai?

Piyé carané bèn panjenengan isa seneng maca Alkitab lan éntuk paédah? Panjenengan isa nyoba limang cara iki.

Nggolèka panggonan sing cocog. Bèn éntuk paédah, panjenengan isa maca ing panggonan sing tenang lan ora akèh gangguan. Luwih pénak manèh nèk macané ing panggonan sing padhang lan hawané seger.

Nduwéa pikiran sing bener. Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah, Bapak kita ing swarga. Bèn éntuk paédah luwih akèh, panjenengan perlu dadi andhap asor kaya bocah cilik sing gelem sinau saka wong tuwané. Bèn isa éntuk piwulang sing bener saka Gusti Allah, panjenengan perlu nyingkirké pikiran sing klèru bab Alkitab.Jabur 25:4.

Ndongaa sakdurungé maca. Alkitab kuwi isiné pikirané Gusti Allah, mula awaké dhéwé perlu ndonga njaluk bantuané Gusti Allah bèn isa ngerti isiné. Gusti Allah janji bakal maringi ”Roh Suci marang kang padha nyenyuwun”. (Lukas 11:13) Roh suciné Gusti Allah isa mbantu panjenengan ngerti pikirané Gusti Allah sarta mbukak pikiran panjenengan bèn isa éntuk pangertèn sing jero bab Gusti Allah.1 Korinta 2:10.

Macaa merga péngin ngerti tenan. Aja mung péngin maca nganti rampung. Coba dipikir tenanan, ’Sipat apa waé sing diduwèni karo wong-wong sing dicritakké ing Alkitab? Piyé aku isa niru sipat-sipat kuwi?’

Nduwéa tujuan. Wektu maca Alkitab, nduwéa tujuan kanggo sinau bab sing isa ditrapké ing urip panjenengan dhéwé. Contoné, ’Aku péngin sinau luwih akèh bab Gusti Allah.’ ’Aku péngin dadi wong sing luwih apik utawa bojo sing luwih apik.’ Banjur, pilihen bagéan ing Alkitab sing cocog karo tujuan kuwi. *

Limang cara kuwi isa mbantu panjenengan seneng maca Alkitab lan éntuk paédah. Ning, piyé carané bèn luwih nyenengké wektu maca Alkitab? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug bab kuwi.

^ par. 8 Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu nemokké bagéan Alkitab sing cocog kanggo panjenengan.